Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 15

Tirunen Yésus Bèn Isa Tetep Ngrasa Ayem

Tirunen Yésus Bèn Isa Tetep Ngrasa Ayem

”Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa, lan nganggo cara iki, Panjenengané bakal njaga atimu.”​—FLP. 4:7.

LAGU 113 Katentreman Sejati

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa sebabé Yésus ngrasa sedhih banget?

ING dina sakdurungé Yésus mati, dhèwèké ngrasa sedhih banget. Ora suwé manèh dhèwèké bakal disiksa nganti mati karo wong-wong sing jahat. Ning, ora mung kuwi sing nggawé Yésus kuwatir. Yésus nresnani Bapaké lan péngin nyenengké Dhèwèké. Yésus ya nresnani manungsa. Dadi, Yésus ngerti nèk dhèwèké kudu tetep setya nganti mati bèn isa ngluhurké jenengé Yéhuwah lan mènèhi harapan urip saklawasé kanggo manungsa.

2 Yésus isa tetep ngrasa ayem atiné senajan lagi ngadhepi keadaan sing nggawé sedhih. Yésus kandha karo para rasulé, ”Aku mènèhi kowé katentremanku.” (Yoh. 14:27) Yésus nduwé ”katentreman” saka Gusti Allah, yaiku rasa ayem tentrem utawa tenang sing isa dirasakké merga nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Perasaan kaya ngono kuwi sing isa nggawé Yésus ora ngrasa kuwatir.​—Flp. 4:6, 7.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Kabèh muridé Yésus mesthi bakal ngalami tantangan senajan ora kaya sing dialami Yésus. (Mat. 16:24, 25; Yoh. 15:20) Kadhang kala, awaké dhéwé ya isa ngrasa sedhih banget kaya Yésus. Piyé carané bèn awaké dhéwé ora pati kuwatir lan tetep ngrasa ayem? Awaké dhéwé bakal ngrembug telung cara sing ditindakké Yésus wektu ing bumi lan piyé carané awaké dhéwé isa niru Yésus wektu ngadhepi masalah.

YÉSUS KEREP NDONGA

Awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem nèk terus ndonga (Deloken paragraf 4-7)

4. Karo ngrenungké 1 Tésalonika 5:17, wènèhana bukti nèk Yésus luwih kerep ndonga ing dina-dina sakdurungé dhèwèké mati.

4 Wacanen 1 Tésalonika 5:17. Yésus luwih kerep ndonga khususé ing dina-dina sakdurungé dhèwèké mati. Yésus ndonga sakdurungé ngédarké roti lan anggur wektu ngenalké acara kanggo mèngeti kematiané. (1 Kor. 11:23-25) Yésus ya ndonga karo para muridé sakdurungé lunga saka panggonan sing dienggo ngrayakké Paskah. (Yoh. 17:1-26) Sakwisé tekan ing Taman Gètsemani karo para muridé, Yésus bola-bali ndonga manèh. (Mat. 26:36-39, 42, 44) Terus, Yésus ya ndonga persis sakdurungé dhèwèké mati. (Luk. 23:46) Dadi, Yésus bola-bali ndonga kanggo nyritakké kabèh sing dialami ing dina-dina sakdurungé dhèwèké mati.

5. Apa sebabé para rasul dadi ora kendel?

5 Yésus isa tetep tekun wektu ngadhepi tantangan merga dhèwèké kerep ndonga. Kuwi nduduhké nèk dhèwèké percaya tenan karo Bapaké. Ning, para rasulé ora tekun ndonga ing bengi kuwi. Mula, para rasulé dadi ora kendel wektu ana tantangan. (Mat. 26:40, 41, 43, 45, 56) Dadi, awaké dhéwé isa tetep setya wektu ngadhepi tantangan nèk ’terus ndonga’ kaya Yésus. Apa sing isa awaké dhéwé dongakké?

6. Apa sebabé wong sing nduwé iman isa tetep ngrasa ayem senajan ngadhepi tantangan?

6 Awaké dhéwé isa ndonga njaluk ”luwih akèh iman”. (Luk. 17:5; Yoh. 14:1) Awaké dhéwé mbutuhké iman kanggo ngadhepi tantangan saka Sétan. (Luk. 22:31) Apa sebabé? Nduwé iman kuwi artiné yakin nèk Yéhuwah isa nulungi awaké dhéwé. Dadi, sakwisé ngupaya sak isa-isané kanggo ngatasi tantangan, awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem lan ora kuwatir merga masrahké kabèh masalahé marang Yéhuwah.​—1 Ptr. 5:6, 7.

7. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Robert?

7 Ndonga isa mbantu awaké dhéwé ngrasa ayem ora soal masalah apa waé sing lagi diadhepi. Gatèkna pengalamané Robert, salah siji pinituwa sing saiki umuré 80an. Robert kandha, ”Naséhat sing ana ing Filipi 4:6, 7 mbantu aku wektu ngadhepi akèh masalah. Aku nduwé masalah keuangan. Terus, aku ya ora dadi pinituwa manèh.” Ning, Robert isa tetep ngrasa ayem. Apa sebabé? Dhèwèké kandha, ”Wektu ngrasa kuwatir aku langsung ndonga. Aku isa ngrasa luwih ayem nèk luwih kerep lan luwih tenanan ndonga.”

YÉSUS SEMANGAT NGINJIL

Awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem nèk semangat nginjil (Deloken paragraf 8-10)

8. Kaya sing disebutké ing Yohanes 8:29, apa sebabé Yésus isa tetep ngrasa ayem?

8 Wacanen Yohanes 8:29. Senajan dianiaya, Yésus isa tetep ngrasa ayem merga ngerti nèk wis nggawé Bapaké seneng. Yésus tetep manut senajan kuwi ora gampang. Yésus nresnani Yéhuwah lan nganggep nèk ngabdi marang Yéhuwah kuwi sing paling penting ing uripé. Misalé, Yésus kuwi dadi pekerja ahliné Gusti Allah sakdurungé teka ing bumi. (WB. 8:30, Terjemahan Dunia Baru) Terus, Yésus ya semangat kanggo mulang wong-wong soal Bapaké wektu ing bumi. (Mat. 6:9; Yoh. 5:17) Gawéan nginjil bener-bener nggawé Yésus bahagia.​—Yoh. 4:34-36.

9. Apa sebabé awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem nèk nggunakké akèh wektu kanggo nginjil?

9 Awaké dhéwé isa niru Yésus nèk manut karo Yéhuwah lan ”tansah sibuk nindakké akèh gawéan kanggo Gusti”. (1 Kor. 15:58) Awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem wektu ngadhepi masalah nèk awaké dhéwé ’nggunakké akèh wektu’ kanggo nginjil. (Kis. 18:5) Akèh wong sing awaké dhéwé temoni pas nginjil nduwé masalah sing luwih abot ketimbang awaké dhéwé. Ning, sakwisé kenal Yéhuwah lan ngetrapké pathokané Alkitab, uripé wong-wong kuwi dadi luwih apik lan bahagia. Kuwi nggawé awaké dhéwé saya yakin nèk Yéhuwah ya bakal nulungi awaké dhéwé. Hasilé, awaké dhéwé dadi ngrasa ayem. Kuwi sing dirasakké karo sedulur wédok sing ngalami strès lan rumangsa ora berharga. Dhèwèké kandha, ”Aku isa luwih ngendhalèni perasaanku lan luwih bahagia nèk sregep nginjil. Kuwi merga nèk nginjil, aku rumangsa luwih akrab karo Yéhuwah.”

10. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Brenda?

10 Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Brenda. Dhèwèké lan anaké wédok kudu berjuang merga lara parah. Brenda ora isa mlaku lan kudu nganggo kursi roda. Kadhang kala, dhèwèké isa mèlu nginjil ing omah-omah. Ning, dhèwèké luwih kerep nginjil liwat surat. Brenda kandha, ”Aku ngerti nèk penyakitku mung isa dimarèkké ing donya anyar. Mula, aku dadi luwih fokus ing gawéan nginjil. Malah, nèk pas nginjil, aku dadi ora mikirké penyakitku. Aku luwih mikirké carané isa ngekèki kesaksian marang wong liya. Nginjil ya isa ngélingké aku soal harapan ing masa depan.”

YÉSUS NAMPA BANTUAN SAKA KANCA-KANCANÉ

Awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem nèk nduwé kanca-kanca sing apik (Deloken paragraf 11-15)

11-13. (a) Apa buktiné nèk para rasulé Yésus lan wong-wong liyané dadi kanca sejatiné Yésus? (b) Apa sing dirasakké Yésus merga nduwé kanca-kanca sing apik?

11 Wektu Yésus nindakké pelayanané ing bumi, para rasulé sing setya bener-bener dadi kanca sejati kanggo dhèwèké. Para rasul kuwi dadi ”mitra [utawa, kanca] kang rumaketé ngungkuli sadulur”. (WB. 18:24) Yésus nresnani kanca-kancané kuwi. Wektu kuwi, ora ana sedulur kandhungé Yésus sing nduduhké iman marang dhèwèké. (Yoh. 7:3-5) Malah, sedulur-seduluré tau kandha nèk Yésus wis ora waras. (Mrk. 3:21) Ning, para rasulé ora ngono. Ing bengi sakdurungé mati, Yésus kandha soal para rasulé, ”Kowé kabèh kuwi wong-wong sing terus ana bareng karo aku wektu aku ngalami pacoban.”​—Luk. 22:28.

12 Para rasulé ya tau nggawé Yésus kecéwa. Ning, ketimbang nggatèkké kesalahané para rasul, Yésus luwih nggatèkké nèk para rasul nduwé iman marang dhèwèké. (Mat. 26:40; Mrk. 10:13, 14; Yoh. 6:66-69) Ing bengi sakdurungé mati, Yésus kandha karo para rasulé sing setya, ”Aku nyebut kowé sahabat, merga aku wis ngandhani kowé bab kabèh sing wis tak rungokké saka Bapakku.” (Yoh. 15:15) Kanca-kancané Yésus kuwi bener-bener isa nguwatké lan mbantu Yésus ing tugas pelayanané. Kuwi nggawé Yésus bener-bener bahagia.​—Luk. 10:17, 21.

13 Yésus ya nduwé kanca-kanca liya sing mbantu dhèwèké ing gawéan nginjil lan urusan-urusan liyané. Ana sing seneng ngundang Yésus mangan bareng ing omahé. (Luk. 10:38-42; Yoh. 12:1, 2) Sing liyané manèh mèlu ngancani Yésus nginjil lan ngurus kebutuhané Yésus. (Luk. 8:3) Yésus nduwé kanca-kanca sing apik merga Yésus ya apik karo kanca-kancané. Yésus seneng mbantu lan ora nuntut kanca-kancané nindakké apa sing ngluwihi kesanggupané. Yésus manungsa sing sampurna. Ning, Yésus ngajèni kanca-kancané sing ora sampurna sing wis ngupaya mbantu dhèwèké. Kanca-kancané kuwi mesthi isa nggawé Yésus ngrasa ayem.

14-15. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa nduwé kanca-kanca sing apik, lan apa manfaaté kanggo awaké dhéwé?

14 Kanca-kanca sing apik isa mbantu awaké dhéwé tetep setya marang Yéhuwah. Awaké dhéwé isa nduwé kanca sing apik nèk awaké dhéwé ya dadi kanca sing apik. (Mat. 7:12) Contoné, Alkitab ngandhani nèk awaké dhéwé kudu seneng mbantu wong liya, khususé wong ”sing kekurangan”. (Éf. 4:28) Awaké dhéwé isa mikirké sapa waé sedulur sing butuh bantuan ing jemaat. Mungkin awaké dhéwé isa ngéwangi blanja sedulur sing wis tuwa utawa lara. Awaké dhéwé ya isa ngundang mangan keluarga sing kurang mampu. Mungkin awaké dhéwé ya isa nduduhké carané nggunakké situs wèb jw.org® lan aplikasi JW Library®. Awaké dhéwé mesthi bakal seneng nèk mbantu wong liya.​—Kis. 20:35.

15 Wektu awaké dhéwé ngadhepi masalah, kanca-kanca sing apik bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep ngrasa ayem. Kaya Èlihu sing seneng ngrungokké wektu Ayub nyritakké kesusahané, kanca sing apik ya bakal sabar ngrungokké uneg-unegé awaké dhéwé. (Ay. 32:4) Awaké dhéwé perlu ngrungokké naséhat saka kanca-kanca sing dhasaré saka Alkitab. Ning, aja njaluk wong liya sing nggawèkké keputusan kanggo awaké dhéwé. (WB. 15:22) Awaké dhéwé ya perlu niru Raja Daud sing rendah hati lan gelem nampa bantuan saka kanca-kancané. (2 Sa. 17:27-29) Kanca-kanca sing apik kuwi bener-bener anugrah saka Yéhuwah.​—Yak. 1:17.

CARANÉ BÈN ISA TETEP NGRASA AYEM

16. Nurut Filipi 4:6, 7, apa siji-sijiné cara bèn awaké dhéwé isa ngrasa ayem? Jelasna.

16 Wacanen Filipi 4:6, 7Yéhuwah kandha nèk awaké dhéwé isa ngrasa ayem ”liwat Kristus Yésus”. Apa sebabé? Merga siji-sijiné cara bèn awaké dhéwé isa terus ngrasa ayem yaiku nèk ngerti soal Yésus lan nduwé iman marang dhèwèké. Contoné, dosa-dosané awaké dhéwé isa diapura merga ana korban tebusané Yésus. (1 Yoh. 2:12) Kuwi mènèhi penghiburan kanggo awaké dhéwé. Terus, kabèh masalah sing disebabké karo Sétan lan donyané bakal disingkirké karo Yésus sing wis dadi Raja Kratoné Allah. (Yé. 65:17; 1 Yoh. 3:8; Why. 21:3, 4) Kuwi isa dadi harapan sing nggedhèkké ati. Senajan mènèhi tugas sing ora gampang, Yésus bakal ndhukung awaké dhéwé. (Mat. 28:19, 20) Kuwi isa nguwatké awaké dhéwé. Nèk éntuk penghiburan, digedhèkké atiné, lan dikuwatké, awaké dhéwé isa bener-bener ngrasa ayem.

17. (a) Piyé carané awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem wektu ngadhepi akèh masalah? (b) Kaya sing ditulis ing Yohanes 16:33, apa hasilé nèk awaké dhéwé niru Yésus?

17 Dadi, piyé carané awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem wektu ngadhepi akèh masalah? Awaké dhéwé perlu niru Yésus. Pertama, awaké dhéwé kudu terus ndonga. Keloro, awaké dhéwé perlu terus semangat nginjil senajan ora gampang. Ketelu, awaké dhéwé perlu nampa bantuan saka kanca-kanca. Hasilé, katentreman saka Gusti Allah bakal njaga ati lan pikirané awaké dhéwé. Kaya Yésus, awaké dhéwé ya isa berhasil ngadhepi akèh masalah.​—Wacanen Yohanes 16:33.

LAGU 41 Bapa, Mirengna Aku

^ par. 5 Awaké dhéwé isa waé ngrasa kuwatir merga ngadhepi akèh masalah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug telung cara sing ditindakké Yésus bèn isa tetep ngrasa ayem senajan ngadhepi masalah. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug carané isa niru Yésus.