Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 49

Ana Wektu kanggo Kerja lan kanggo Istirahat

Ana Wektu kanggo Kerja lan kanggo Istirahat

”Ayo, . . . lunga menyang panggonan sing sepi lan ngaso sedhéla.”​—MRK. 6:31.

LAGU 143 Terus Entènana kanthi Setya

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Piyé pandhangané wong-wong saiki soal nyambut gawé?

PIYÉ pandhangané wong-wong saiki soal nyambut gawé? Ana wong-wong sing kerja keras nganti ora nduwé wektu kanggo keluarga, istirahat, utawa ngibadah. (Ko. 2:23) Sakliyané kuwi, ana wong-wong sing ora seneng nyambut gawé lan malah nggolèk-nggolèk alesan bèn ora usah nyambut gawé.​—WB. 26:13, 14.

2-3. Piyé pandhangané Yéhuwah lan Yésus soal nyambut gawé?

2 Pandhangané Yéhuwah lan Yésus soal nyambut gawé béda karo wong-wong ing donya iki. Yéhuwah seneng nyambut gawé. Mula, Yésus kandha, ”Bapakku terus nyambut gawé nganti saiki, mula aku uga terus nyambut gawé.” (Yoh. 5:17) Yéhuwah mbiyèn wis nyiptakké akèh malaékat, bintang, lan planèt. Awaké dhéwé ya isa ndelok hasil karyané Yéhuwah sing apik banget ing bumi iki. Mula, ana abdiné Yéhuwah sing nulis buku Jabur sing kandha, ”Saèstu kathah sanget yeyasan [utawa, hasil karya] Paduka punika, dhuh Yéhuwah, sadaya wau sami Paduka titahaken klayan kawicaksanan; saindenging bumi kebak ing titah [utawa, ciptaan] Paduka.”​—Ms. 104:24.

3 Yésus ya seneng nyambut gawé, padha kaya Bapaké. Yésus dadi pekerja ahli lan mèlu mbantu wektu Yéhuwah ”ngrancang langit”. (WB. 8:27-31, Terjemahan Dunia Baru) Terus, Yésus ya seneng nyambut gawé wektu ing bumi. Gawéané Yésus yaiku nindakké tugas saka Bapaké. Yésus nganggep nèk gawéan saka Bapaké kuwi dadi kaya panganané. Apa sing ditindakké Yésus kuwi ya dadi bukti nèk Yésus pancèn diutus karo Yéhuwah.​—Yoh. 4:34; 5:36; 14:10.

4. Yéhuwah lan Yésus ngekèki conto apa soal istirahat?

4 Dadi, Yéhuwah lan Yésus seneng nyambut gawé. Apa kuwi artiné awaké dhéwé ya kudu nyambut gawé terus tanpa istirahat? Ora ngono. Yéhuwah pancèn ora isa kesel lan ora butuh istirahat. Ning, Alkitab kandha nèk Yéhuwah ”lèrèn lan ngaso” sakwisé nyiptakké langit lan bumi. (Pa. 31:17, Basa Jawi Padintenan) Dadi, Yéhuwah kaya-kayané mandheg nyambut gawé sedhéla kanggo ndeloki hasil karyané lan kuwi nggawé Dhèwèké ngrasa puas. Yésus ya seneng nyambut gawé wektu ing bumi. Ning, dhèwèké ya nyedhiakké wektu kanggo istirahat lan mangan bareng karo kanca-kancané.​—Mat. 14:13; Luk. 7:34.

5. Tantangan apa sing isa waé dirasakké karo umaté Yéhuwah?

5 Alkitab ngandhani nèk umaté Yéhuwah kudu sregep nyambut gawé lan ora éntuk males-malesan. (WB. 15:19) Awaké dhéwé mungkin nduwé tanggung jawab kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. Sakliyané kuwi, kabèh sing dadi muridé Yésus ya nduwé tanggung jawab kanggo nginjil. Ning, awaké dhéwé ya butuh istirahat. Apa njenengan ngrasa nèk ngatur wektu kanggo kerja, nginjil, lan istirahat kuwi ora gampang? Piyé carané bèn awaké dhéwé isa nduwé pandhangan sing bener soal nyambut gawé lan istirahat?

NDUWÉ PANDHANGAN SING BENER

6. Kaya sing dicritakké ing Markus 6:30-34, apa buktiné nèk Yésus nduwé pandhangan sing bener soal nyambut gawé lan istirahat?

6 Piyé kuduné pandhangané awaké dhéwé soal nyambut gawé lan istirahat? Mbiyèn, Raja Salomo kandha, ”Samubarang kabèh iku ana wayahé.” Misalé, dhèwèké nyebutké nèk ana wektu kanggo nandur, mbangun, nangis, ngguyu, njogèd, lan nindakké kegiatan liyané. (Ko. 3:1-8) Dadi, awaké dhéwé ya kudu nyedhiakké wektu kanggo nyambut gawé lan istirahat, merga kuwi padha-padha pentingé. Yésus ya nduwé pandhangan sing bener soal nyambut gawé lan istirahat. Yésus lan para muridé tau nginjil nganti ”ora kober mangan”. Ning, sakwisé kuwi Yésus kandha, ”Ayo, awaké dhéwé lunga menyang panggonan sing sepi lan ngaso sedhéla.” (Wacanen Markus 6:30-34.) Yésus ngerti nèk dhèwèké lan para muridé butuh istirahat, senajan kadhang kala ya tetep ora isa nduwé wektu kanggo istirahat.

7. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé sinau saka hukum sing ngatur soal Sabat?

7 Awaké dhéwé isa sinau saka hukum sing ngatur soal Sabat, sing diwènèhké Yéhuwah marang wong-wong Israèl ing jaman mbiyèn. Pancèn, Hukum Musa kuwi dudu kanggo wong Kristen. Ning, saka hukum kuwi awaké dhéwé isa ngerti nèk awaké dhéwé pancèn butuh istirahat. Awaké dhéwé dadi ngerti piyé carané nduwé pandhangan sing bener soal nyambut gawé lan istirahat.

SABAT KUWI WEKTUNÉ ISTIRAHAT LAN NGIBADAH

8. Nurut Pangentasan 31:12-15, apa tujuané Yéhuwah ngekèki hukum sing ngatur soal Sabat?

8 Yéhuwah pancèn seneng nyambut gawé. Malah, Alkitab kandha nèk Yéhuwah ”terus nyambut gawé”. (Yoh. 5:17) Ning, Alkitab ya kandha nèk Yéhuwah istirahat ing dina kepitu sakwisé nyiptakké langit lan bumi saksuwéné enem ”dina”. (Pd. 2:2) Mula, Yéhuwah ya ngatur bèn wong-wong Israèl nyedhiakké wektu kanggo istirahat ing dina kepitu, yaiku ing dina Sabat. Hukum soal Sabat mingguan dijelaské ing buku Purwaning Dumadi. Yéhuwah kandha nèk Sabat kuwi dadi tandha nèk wong-wong Israèl nduwé hubungan sing istiméwa karo Yéhuwah. Dina Sabat kuwi dadi ”dina ngaso babarpisan, dina suci kagem Pangéran Yéhuwah”. (Wacanen Pangentasan 31:12-15.) Pas dina kuwi, kabèh sing ana ing Israèl ora éntuk kerja, termasuk anak-anak, budhak, lan kéwan. (Pa. 20:10) Ing dina kuwi, wong-wong dadi nduwé wektu kanggo ngibadah.

9. Para pemimpin agama ing jamané Yésus nduwé pandhangan sing kaya apa soal Sabat?

9 Wong-wong sing dadi umaté Allah isa éntuk manfaat saka hukum sing ngatur soal Sabat. Ning, para pemimpin agama ing jamané Yésus nduwé pandhangan sing klèru lan nggawé aturan sing kaku soal Sabat. Nurut para pemimpin agama, methik gandum utawa marèkké wong lara pas dina Sabat kuwi ora éntuk. (Mrk. 2:23-27; 3:2-5) Yésus kandha nèk aturan sing kaya ngono kuwi ora nyenengké Yéhuwah.

Yésus lan keluargané ngibadah ing dina Sabat (Deloken paragraf 10) *

10. Nurut Matius 12:9-12, piyé pandhangané Yésus soal Sabat?

10 Yésus lan para muridé ora nyambut gawé wektu dina Sabat merga manut karo Hukum Musa. * Ning, apa kuwi artiné wong-wong ya ora éntuk nindakké apa sing apik lan mbantu wong liya pas dina Sabat? Ora ngono. Yésus kandha, ”Miturut hukum ora apa-apa nindakké bab sing becik ing dina Sabat.” (Wacanen Matius 12:9-12.) Dadi, Yésus ngajari para muridé nèk nindakké apa sing apik lan mbantu wong liya pas dina Sabat kuwi ora salah. Yésus ngerti nèk dina Sabat kuwi digawé bèn umaté Yéhuwah isa mandheg nyambut gawé kanggo ngibadah. Kuwi sing ditindakké karo Yésus lan keluargané. Misalé, pas lagi ana ing Nazarèt, Yésus lunga menyang sinagogé lan ”ngadeg kanggo maca” Kitab Suci. Alkitab kandha nèk Yésus ”gedhéné ing kutha kuwi” lan kuwi ”sing biasa ditindakké [Yésus] pas dina Sabat”.​—Luk. 4:15-19.

PIYÉ PANDHANGANÉ AWAKÉ DHÉWÉ SOAL NYAMBUT GAWÉ?

11. Yésus isa ngerti soal uripé wong sing kerja keras merga ndelok contoné sapa?

11 Yusuf, bapak angkaté Yésus, nduwé pandhangan sing bener soal nyambut gawé lan dadi tukang kayu sing sregep. Yusuf mesthi ya ngajari Yésus. (Mat. 13:55, 56) Yésus isa ndelok nèk bapaké kerja keras saben dina kanggo nyukupi kebutuhan keluargané. Dadi, Yésus mesthi ngerti tenan uripé wong sing kerja keras. Mula, Yésus ngandhani murid-muridé, ”Wong sing nyambut gawé pantes nampa opahé.”​—Luk. 10:7.

12. Ayat-ayat endi sing isa mbantu awaké dhéwé nduwé pandhangan sing bener soal kerja keras?

12 Rasul Paulus ya seneng kerja keras. Gawéané sing utama yaiku ngandhani wong-wong soal Yésus lan ajarané. Sakliyané kuwi, Paulus ya nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhané. Misalé, Paulus ngomong karo wong-wong ing Tésalonika nèk dhèwèké ”mempeng nyambut gawé lan ngupaya kanthi tenanan awan lan bengi supaya . . . ora mbebani sapa waé”. (2 Tés. 3:8; Kis. 20:34, 35) Wektu kuwi, isa waé Paulus lagi ngomongké soal gawéané dadi tukang nggawé kémah. Terus, wektu ing Korintus Paulus manggon ing omahé Akuila lan Priskila, lan ”kerja bareng [karo] wong loro kuwi” nggawé kémah. Alkitab kandha nèk Paulus nyambut gawé ”awan lan bengi”. Ning, apa kuwi artiné Paulus terus nyambut gawé tanpa lèrèn? Ora ngono. Paulus ya tetep istirahat, misalé pas dina Sabat. Ing dina kuwi, Paulus nyedhiakké wektu kanggo nginjil marang wong-wong Yahudi, sing ya ora kerja pas dina Sabat.​—Kis. 13:14-16, 42-44; 16:13; 18:1-4.

13. Apa sing isa disinaoni saka contoné Paulus?

13 Paulus isa dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé. Sakliyané kerja kanggo nyukupi kebutuhané, Paulus ya terus ”nindakké gawéan sing suci”, yaiku ”ngumumké kabar apik”. (Rm. 15:16; 2 Kor. 11:23) Kanca-kancané Paulus ya dikandhani bèn padha ngutamakké gawéan nginjil. Contoné, Alkitab nyebutké nèk Akuila lan Priskila kuwi ”nyambut gawé bebarengan karo [Paulus] kanggo Kristus Yésus”. (Rm. 12:11; 16:3) Terus, Paulus ngandhani wong-wong ing Korintus bèn padha ”nindakké akèh gawéan kanggo Gusti”. (1 Kor. 15:58; 2 Kor. 9:8) Yéhuwah ya ngarahké Paulus kanggo nulis, ”Wong sing ora gelem nyambut gawé, ora usah mangan.”​—2 Tés. 3:10.

14. Apa artiné kata-katané Yésus sing dicathet ing Yohanes 14:12?

14 Ing dina-dina pungkasan iki, gawéan sing paling penting yaiku gawéan nginjil lan ndadèkké murid. Malah, Yésus kandha nèk murid-muridé bakal nindakké gawéan sing luwih gedhé ketimbang Yésus. (Wacanen Yohanes 14:12.) Apa kuwi artiné awaké dhéwé bakal nggawé mukjijat kaya sing mbiyèn ditindakké Yésus? Ora ngono. Kuwi artiné murid-muridé Yésus bakal nggunakké luwih akèh wektu kanggo nginjil lan mulang. Terus, murid-murid ya bakal nginjil ing luwih akèh panggonan lan marang luwih akèh wong ketimbang Yésus mbiyèn.

15. Pitakonan-pitakonan apa waé sing perlu awaké dhéwé pikirké, lan apa sebabé?

15 Nèk awaké dhéwé nduwé gawéan kanggo nyukupi kebutuhan urip, awaké dhéwé isa mikirké pitakonan-pitakonan iki: ’Apa aku sregep nyambut gawé? Apa aku nindakké gawéan sak isa-isané lan mesthi rampung tepat waktu?’ Nèk jawabané iya, awaké dhéwé mesthi dadi wong sing isa dipercaya. Kuwi ya isa nggawé wong-wong dadi gelem ngrungokké kabar apik sing awaké dhéwé wartakké. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya perlu mikirké soal gawéan nginjil lan mulang. Awaké dhéwé isa mikirké pitakonan-pitakonan iki: ’Apa aku sregep nginjil? Apa aku ya persiapan sakdurungé ngabar? Apa aku ngupaya kanggo ndang marani manèh wong-wong sing gelem ngrungokké? Apa aku ya seneng mèlu nindakké kegiatan nginjil sakliyané ngabar lan marani manèh?’ Nèk jawabané iya, awaké dhéwé mesthi isa ngrasa puas lan seneng wektu nginjil.

PIYÉ PANDHANGANÉ AWAKÉ DHÉWÉ SOAL ISTIRAHAT?

16. Apa bédané pandhangané Yésus lan para muridé karo pandhangané wong-wong soal istirahat?

16 Yésus ngerti nèk dhèwèké lan para muridé pancèn butuh istirahat. Ning, akèh wong nduwé pandhangan sing ora bener soal istirahat. Misalé, ana wong sugih sing dicritakké ing perumpamaané Yésus sing kandha marang dhèwèké dhéwé, ”Saiki kowé isa lèrèn, mangan, ngombé, lan seneng-seneng.” (Luk. 12:19; 2 Tim. 3:4) Kaya wong lanang kuwi, akèh wong sing nganggep nèk istirahat lan seneng-seneng kuwi sing paling penting ing uripé. Ning, Yésus lan para muridé ora kaya ngono.

Awaké dhéwé perlu nduwé pandhangan sing bener soal nyambut gawé lan istirahat bèn isa ngutamakké ibadah lan ngrasa seneng (Deloken paragraf 17) *

17. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké wektu lagi ora nyambut gawé?

17 Awaké dhéwé perlu ngupaya kanggo niru Yésus. Wektu lagi ora nyambut gawé, awaké dhéwé pancèn perlu istirahat. Ning, awaké dhéwé ya kudu nyedhiakké wektu kanggo berhimpun lan nginjil. Awaké dhéwé kudu ngupaya sak isa-isané kanggo nindakké kuwi bèn isa nyenengké Yéhuwah. (Ibr. 10:24, 25) Nèk awaké dhéwé lagi liburan, awaké dhéwé ya kudu tetep ngupaya kanggo berhimpun. Awaké dhéwé ya perlu terus nggolèk kesempatan kanggo martakké kabar apik marang wong-wong sing awaké dhéwé temoni.​—2 Tim. 4:2.

18. Yésus péngin awaké dhéwé nindakké apa?

18 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga nduwé Raja sing kaya Yésus Kristus. Dhèwèké ngerti kesanggupané awaké dhéwé lan mbantu awaké dhéwé bèn nduwé pandhangan sing bener soal nyambut gawé lan istirahat. (Ibr. 4:15) Yésus ngerti nèk awaké dhéwé butuh istirahat. Yésus ya péngin awaké dhéwé isa nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhan urip lan mèlu nindakké gawéan nginjil sing nyenengké. Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing ditindakké Yésus kanggo mbébaské awaké dhéwé saka dosa.

LAGU 38 Yéhuwah sing Bakal Nguwatké

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau soal Sabat mingguan sing ana ing Israèl jaman mbiyèn. Kuwi isa mbantu awaké dhéwé bèn nduwé pandhangan sing bener soal nyambut gawé lan istirahat.

^ par. 10 Murid-muridé Yésus mbiyèn manut karo hukum soal Sabat. Mula, murid-murid ora nglanjutké kegiatané kanggo nyiapké rempah-rempah lan lenga wangi kanggo mayaté Yésus ing dina Sabat.​—Luk. 23:55, 56.

^ par. 55 GAMBAR: Yusuf nggawa keluargané menyang sinagogé pas dina Sabat.

^ par. 57 GAMBAR: Wong lanang iki kerja kanggo nyukupi kebutuhan keluargané, ning dhèwèké ya nyedhiakké wektu kanggo berhimpun lan nginjil. Dhèwèké lan keluargané ya nindakké kuwi pas lagi liburan.