Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 51

Apa Njenengan Bener-Bener Kenal karo Yéhuwah?

Apa Njenengan Bener-Bener Kenal karo Yéhuwah?

”Tiyang ingkang wanuh [utawa, kenal] kaliyan asma Paduka, punika sami kumandel dhateng Paduka, amargi Paduka, boten naté négakaken tiyang ingkang ngupadosi Paduka, dhuh Yéhuwah.”​—MS. 9:11.

LAGU 56 Urip Manut Dalan sing Bener

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Angelito?

MUNGKIN wong tuwané njenengan Seksi Yéhuwah. Ning, kuwi ora berarti njenengan otomatis isa cedhak karo Yéhuwah. Saben wong kudu ngupaya bèn isa bener-bener kenal karo Yéhuwah, ora soal wong tuwané Seksi Yéhuwah utawa dudu.

2 Gatèkna pengalamané sedulur lanang sing jenengé Angelito. Pas isih remaja, Angelito ngrasa nèk dhèwèké ora bener-bener cedhak karo Yéhuwah, padahal kabèh keluargané wis dadi Seksi Yéhuwah. Angelito kandha, ”Aku ngabdi marang Yéhuwah mung merga mèlu-mèlu keluargaku thok.” Akhiré, Angelito mulai nyedhiakké wektu kanggo maca Alkitab lan ngrenungké isiné. Dhèwèké ya dadi luwih kerep ndonga marang Yéhuwah. Angelito kandha, ”Nèk aku péngin cedhak karo Yéhuwah, aku dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa bener-bener kenal karo Yéhuwah.” Dadi, apa bédané kenal lan bener-bener kenal karo Yéhuwah? Piyé carané bèn awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah?

3. Apa bédané kenal lan bener-bener kenal karo Yéhuwah?

3 Awaké dhéwé mungkin rumangsa wis kenal karo Yéhuwah merga ngerti jenengé. Saka Alkitab, awaké dhéwé ya isa ngerti tumindak lan omongané Yéhuwah. Ning, nèk awaké dhéwé péngin cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé ya kudu ngerti apa sebabé Yéhuwah tumindak utawa ngomong kaya ngono. Mula, awaké dhéwé kudu nyedhiakké wektu kanggo sinau soal sipat-sipaté Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé dadi ngerti piyé carané bèn pikiran, keputusan, lan tumindaké awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah. Nèk wis ngerti, awaké dhéwé ya kudu nindakké apa sing dipéngini Yéhuwah. Kuwi artiné awaké dhéwé wis bener-bener kenal karo Yéhuwah.

4. Saka pengalamané wong-wong sing dicathet ing Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

4 Mungkin ana wong-wong sing ora seneng utawa ngécé merga awaké dhéwé péngin nyedhak marang Yéhuwah lan umaté. Ning, nèk awaké dhéwé percaya marang Yéhuwah, Yéhuwah ora bakal ninggalké awaké dhéwé. Malah, awaké dhéwé isa dadi kancané Yéhuwah nganti saklawasé. Apa awaké dhéwé bener-bener isa cedhak karo Yéhuwah? Ya, isa. Saka pengalamané wong-wong sing dicathet ing Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk manungsa isa cedhak karo Yéhuwah senajan ora sampurna. Piyé carané? Awaké dhéwé bakal sinau saka pengalamané Musa lan Raja Daud.

MUSA NDELOK ”GUSTI ALLAH SING ORA KÉTOK”

5. Musa nggawé pilihan kanggo nindakké apa?

5 Musa pilih ngabdi marang Yéhuwah. Wektu umuré kira-kira 40 taun, Musa nggawé pilihan kanggo ninggalké kedudukané sing istiméwa ing Mesir. Dhèwèké pilih dadi bagéan saka umaté Yéhuwah, sing wektu kuwi dadi budhak, ketimbang disebut ”anaké putri Firaun”. (Ibr. 11:24) Padahal, Firaun kuwi penguasa sing dianggep déwa karo wong-wong Mesir. Musa mesthi ngerti nèk Firaun bakal nesu merga Musa mbéla wong-wong Israèl. Pilihané Musa kuwi nduduhké nèk dhèwèké bener-bener percaya karo Yéhuwah. Hasilé, Musa isa terus cedhak karo Yéhuwah.​—WB. 3:5.

6. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka pengalamané Musa?

6 Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Kaya Musa, awaké dhéwé ya kudu mutuské apa awaké dhéwé gelem ngabdi marang Yéhuwah bareng karo umaté utawa ora. Awaké dhéwé mungkin kudu nggawé pengorbanan lan ngadhepi tentangan saka wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. Ning, nèk awaké dhéwé percaya marang Yéhuwah, Yéhuwah ya bakal terus ndhukung awaké dhéwé.

7-8. Apa sing terus disinaoni karo Musa?

7 Musa terus sinau soal sipat-sipaté Yéhuwah lan nindakké kepénginané Yéhuwah. Contoné, Musa dikèki tugas kanggo mimpin bangsa Israèl metu saka Mesir. Mauné, Musa ngrasa ora yakin lan bola bali ngomong karo Yéhuwah nèk dhèwèké ora sanggup. Ning, Yéhuwah mbantu Musa. Musa dadi ngerti nèk Yéhuwah nduwé rasa welas asih. (Pa. 4:10-16) Hasilé, Musa dadi kendel wektu nyampèkké berita penghukuman saka Yéhuwah kanggo Firaun. Terus, Yéhuwah ngalahké Firaun lan pasukané ing Laut Merah kanggo nylametké bangsa Israèl. Musa dadi isa ngerti nèk Yéhuwah nduwé kuwasa sing gedhé.​—Pa. 14:24-28; Ms. 136:15.

8 Sakwisé dibébaské saka Mesir, wong-wong Israèl terus-terusan sambat marang Musa lan Yéhuwah. Saka carané Yéhuwah ngadhepi bangsa Israèl, Musa isa ngerti nèk Yéhuwah bener-bener sabar. (Ms. 78:40-43) Terus, Musa ya isa ngerti nèk Yéhuwah bener-bener rendah hati merga gelem ngowahi keputusané sakwisé ngrungokké pendapaté Musa.​—Pa. 32:9-14.

9. Nurut Ibrani 11:27, sepira akrabé Musa karo Yéhuwah?

9 Sakwisé mimpin bangsa Israèl metu saka Mesir, Musa dadi saya cedhak karo Yéhuwah nganti dhèwèké kaya-kayané isa ndelok Gusti Allah. (Wacanen Ibrani 11:27.) Musa bener-bener akrab karo Yéhuwah nganti Alkitab kandha, ”Gusti Allah enggoné ngandikan karo Musa adhep-adhepan, kaya wong omong-omong karo kancané.”​—Pa. 33:11, Basa Jawi Padintenan.

10. Bèn isa cedhak karo Yéhuwah, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké?

10 Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Bèn isa cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé ora mung kudu ngerti sipat-sipaté, ning ya kudu nindakké kepénginané Yéhuwah. Saiki, Yéhuwah péngin bèn ”kabèh wong dislametké lan nduwé pangertèn sing trep bab apa sing bener”. (1 Tim. 2:3, 4) Dadi, salah siji cara kanggo nindakké kepénginané Yéhuwah yaiku mbantu wong liya bèn kenal karo Yéhuwah.

11. Apa sebabé awaké dhéwé isa dadi saya kenal karo Yéhuwah wektu mbantu wong liya sinau soal Yéhuwah?

11 Awaké dhéwé isa dadi saya kenal karo Yéhuwah wektu mbantu wong liya sinau soal Yéhuwah. Contoné, wektu ngrasakké bantuané Yéhuwah kanggo nemokké wong-wong sing tulus atiné, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi nduwé rasa welas asih. (Yoh. 6:44; Kis. 13:48) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa ngerti nèk pathokané Yéhuwah sing ana ing Alkitab nduwé kuwasa sing gedhé. Buktiné, wong-wong sing sinau Alkitab isa dibantu bèn nduwé kepribadian sing anyar lan ora nindakké manèh kebiasaané sing èlèk. (Kol. 3:9, 10) Terus, awaké dhéwé ya isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi sabar merga isih ngekèki kesempatan marang wong-wong bèn isa kenal karo Dhèwèké lan akhiré dislametké.​—Rm. 10:13-15.

12. Kaya sing dicritakké ing Pangentasan 33:13, apa sing ditindakké karo Musa, lan apa sebabé?

12 Musa nganggep nèk hubungané karo Yéhuwah kuwi berharga banget. Musa wis nindakké akèh mukjijat nganggo kuwasané Yéhuwah. Dadi, Musa mesthi wis akrab karo Yéhuwah. Ning, Alkitab kandha nèk Musa njaluk dibantu bèn isa luwih kenal karo Yéhuwah, padahal wektu kuwi umuré Musa wis 80 taun. (Wacanen Pangentasan 33:13.) Apa sebabé Musa nindakké kuwi? Musa ngerti nèk isih ana akèh sing isa disinaoni soal Yéhuwah.

13. Apa buktiné nèk awaké dhéwé nganggep berharga hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah?

13 Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Ora soal sepira suwéné awaké dhéwé dadi abdiné Yéhuwah, awaké dhéwé kudu terus nganggep nèk hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah kuwi berharga banget. Salah siji cara kanggo mbuktèkké nèk awaké dhéwé nganggep berharga hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah yaiku ndonga marang Yéhuwah.

14. Apa sebabé awaké dhéwé isa saya cedhak karo Yéhuwah nèk kerep ndonga?

14 Nèk awaké dhéwé péngin cedhak karo wong liya, awaké dhéwé ya kudu kerep omong-omongan karo wong kuwi. Dadi, bèn isa cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé ya kudu kerep ndonga. Awaké dhéwé isa nyritakké soal apa waé marang Yéhuwah. (Éf. 6:18) Sedulur wédok saka Turki sing jenengé Krista kandha, ”Wektu aku ndonga lan ngrasakké bantuané Yéhuwah, aku dadi luwih sayang lan percaya karo Yéhuwah. Aku dadi ngrasa luwih cedhak karo Yéhuwah wektu ngerti nèk Yéhuwah njawab donga-dongaku. Kanggoku, Yéhuwah kuwi Bapak lan Sahabatku.”

WONG SING NYENENGKÉ ATINÉ YÉHUWAH

15. Piyé pandhangané Yéhuwah marang Raja Daud?

15 Kèt lair, Raja Daud wis dadi bagéan saka umaté Yéhuwah. Ning, Daud dhéwé ya ngupaya bèn isa akrab karo Yéhuwah. Yéhuwah ya sayang banget karo Daud lan kandha nèk Daud kuwi ’wong sing nyenengké atiné’. (Kis. 13:22) Piyé carané Daud isa dadi cedhak karo Yéhuwah?

16. Apa sing disinaoni Daud wektu mikirké ciptaané Yéhuwah?

16 Daud sinau saka ciptaané Yéhuwah. Wektu isih enom, Daud kerep njaga domba-dombané bapaké. Daud dadi nduwé kesempatan kanggo ngrenungké ciptaané Yéhuwah. Misalé, wektu ndelok langit sing akèh bintangé, Daud dadi isa ngerti sipat-sipaté Yéhuwah. Mula, Daud isa kandha, ”Langit nyaritakaké kamulyaning Allah, sarta akasa mratélakaké yeyasaning astané.” (Ms. 19:2, 3) Daud ya mikirké carané manungsa digawé. Hasilé, Daud dadi kagum karo kawicaksanané Yéhuwah sing luar biasa. (Ms. 139:14) Wektu mikirké soal ciptaané Yéhuwah, Daud sadhar nèk dhèwèké ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo Yéhuwah.​—Ms. 139:6.

17. Apa hasilé nèk awaké dhéwé ngrenungké ciptaané Yéhuwah?

17 Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Awaké dhéwé ya perlu ngrenungké ciptaané Yéhuwah. Awaké dhéwé isa dadi kagum nèk ngamati hasil ciptaané Yéhuwah, misalé tanduran, kéwan, lan manungsa. Hasilé, awaké dhéwé dadi isa ngerti sipat-sipaté Yéhuwah. (Rm. 1:20) Awaké dhéwé ya isa dadi saya sayang karo Yéhuwah.

18. Kaya sing dicritakké ing Jabur 18, Daud ngakoni apa?

18 Daud ngrasakké bantuané Yéhuwah. Contoné, Daud isa matèni singa lan beruang sing arep nyerang domba-dombané bapaké. Daud sadhar nèk kuwi merga bantuané Yéhuwah. Terus, Daud ya isa nglawan Goliat, prajurit sing kuwat banget. Daud ngerti nèk dhèwèké isa nindakké kuwi merga dibantu Yéhuwah. (1 Sa. 17:37) Daud ya isa slamet saka Raja Saul sing arep matèni dhèwèké. Daud ngakoni nèk sakjané Yéhuwah sing nylametké dhèwèké wektu kuwi. (Ms. 18) Nèk Daud sombong, isa waé dhèwèké kandha nèk kuwi kabèh isa ditindakké merga upayané dhéwé. Ning, Daud ngakoni nèk kuwi kabèh merga bantuané Yéhuwah.​—Ms. 138:6.

19. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka pengalamané Daud?

19 Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Awaké dhéwé kudu rendah hati lan ngakoni nèk awaké dhéwé butuh bantuané Yéhuwah. Awaké dhéwé ora mung perlu njaluk bantuané Yéhuwah, ning ya kudu ngrenungké carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa dadi saya cedhak karo Yéhuwah wektu ngrasakké bantuané Yéhuwah. Kuwi sing dirasakké karo Isaac, sedulur lanang saka Fiji, sing wis ngabdi marang Yéhuwah nganti pirang-pirang taun. Dhèwèké kandha, ”Aku isa ngrasakké nèk Yéhuwah terus mbantu aku kèt aku pertama kali sinau Alkitab nganti saiki. Aku bener-bener ngrasa cedhak karo Yéhuwah.”

20. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka Daud?

20 Daud niru sipat-sipaté Yéhuwah. Manungsa dikèki kemampuan kanggo niru sipat-sipaté Yéhuwah. (Pd. 1:26) Awaké dhéwé isa niru Yéhuwah nèk sinau luwih akèh soal sipat-sipaté. Kuwi sing ditindakké karo Daud. Dhèwèké ya isa niru Yéhuwah merga wis bener-bener kenal karo Yéhuwah. Misalé, Daud niru Yéhuwah sing seneng ngapurani wong liya. Mula, Yéhuwah ya gelem ngapurani Daud senajan Daud wis laku jina lan matèni bojoné Bat-syéba. (2 Sa. 11:1-4, 15) Merga Daud cedhak karo Yéhuwah, Daud isa dadi raja sing apikan. Yéhuwah ya nganggep nèk Daud isa dadi conto sing apik kanggo raja-raja Israèl sing liyané.​—1 Ra. 15:11; 2 Ra. 14:1-3.

21. Nurut Éfésus 4:24; 5:1, apa hasilé nèk awaké dhéwé niru Yéhuwah?

21 Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ’niru Gusti Allah’. Hasilé, awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah. Nèk awaké dhéwé terus ngupaya niru sipat-sipaté Yéhuwah, awaké dhéwé isa dadi anak-anaké Yéhuwah.​—Wacanen Éfésus 4:24; 5:1.

NGUPAYA BÈN BENER-BENER KENAL KARO YÉHUWAH

22-23. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé ngetrapké apa sing wis disinaoni soal Yéhuwah?

22 Awaké dhéwé isa sinau soal Yéhuwah nèk maca Alkitab lan ngamati ciptaané. Ing Alkitab, awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané abdiné Yéhuwah ing jaman mbiyèn, contoné Musa lan Daud. Dadi, Yéhuwah péngin awaké dhéwé nyedhak marang Dhèwèké. Saiki, apa awaké dhéwé gelem ngupaya bèn isa bener-bener kenal karo Yéhuwah?

23 Awaké dhéwé isa terus sinau soal Yéhuwah. (Ko. 3:11) Awaké dhéwé pancèn kudu ngupaya bèn isa kenal karo Yéhuwah. Ning, awaké dhéwé ya kudu ngetrapké apa sing wis disinaoni. Nèk awaké dhéwé niru sipat-sipaté Yéhuwah, awaké dhéwé isa terus cedhak karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Ing Alkitab, Yéhuwah janji nèk Dhèwèké ora bakal ninggalké wong-wong sing nyedhak marang Dhèwèké.

LAGU 80 Rasakna Kabecikané Yéhuwah

^ par. 5 Ana akèh wong sing percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Ning, wong-wong kuwi ora bener-bener kenal karo Gusti Allah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa artiné kenal karo Yéhuwah lan piyé carané bèn isa terus cedhak karo Yéhuwah. Awaké dhéwé bakal sinau saka pengalamané Musa lan Raja Daud.