Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Njenengan Kèlingan?

Apa Njenengan Kèlingan?

Apa njenengan isih kèlingan karo topik-topik sing dirembug ing majalah Warta Penting taun 2019 iki?

Apa maksudé wektu Yéhuwah janji, ”Saben gegaman kang digemblèng arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama”? (Yé. 54:17)

Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal nglindhungi awaké dhéwé saka para mungsuh. (Yé. 25:4, 5) Para mungsuh ora bakal isa nggawé awaké dhéwé ngalami kesusahan kanggo sakterusé.​—w19.01, hlm. 6-7.

Saka tumindaké Yéhuwah marang wong-wong Kanaan lan Israèl sing ora manut, apa sing isa disinaoni soal keadilané Yéhuwah?

Yéhuwah bakal ngukum wong-wong sing nindakké sèks sing bejat utawa sing tumindak jahat marang wong wédok lan anak-anak. Ning, wong-wong sing setya lan tumindak adil bakal diberkahi karo Yéhuwah.​—w19.02, hlm. 22-23.

Apa sing kudu ditindakké nèk awaké dhéwé lagi ngumpul karo wong sing dudu abdiné Yéhuwah lan dhèwèké ngejak ndonga bareng?

Awaké dhéwé ora perlu mèlu ngomong ”amin” utawa gandhèngan tangan karo liyané. Awaké dhéwé isa meneng waé lan tetep ngajèni, terus ndonga dhéwé ing njero ati.​—w19.03, hlm. 31.

Apa sebabé pelècèhan anak kuwi dosa sing serius?

Pelècèhan anak kuwi tumindak bejat sing isa ngrusak korbané lan tumindak jahat marang para sedulur ing jemaat. Pelècèhan anak ya termasuk tumindak bejat sing nglanggar hukumé pamréntah lan hukumé Yéhuwah. Para pinituwa kudu manut karo hukumé pamréntah soal nglaporké kasus pelècèhan anak.​—w19.05, hlm. 9-10.

Piyé carané awaké dhéwé isa ngowahi pikiran lan sikap?

Carané yaiku: Ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Ngrenungké Alkitab bèn ngerti pikiran lan sikap apa waé sing perlu diowahi. Milih kanca sing apik.​—w19.06, hlm. 11.

Apa sing perlu awaké dhéwé tindakké bèn isa siap ngadhepi penganiayaan?

Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn saya akrab karo Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé lan ora bakal ninggalké awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya kudu maca Alkitab saben dina lan kerep ndonga. Terus, awaké dhéwé ya kudu yakin nèk janji-janjiné Kratoné Allah mesthi bakal kelakon. Awaké dhéwé ya perlu ngapalké ayat-ayat sing disenengi lan lagu-lagu sing ngluhurké Yéhuwah.​—w19.07, hlm. 2-4.

Piyé carané mbantu keluargané awaké dhéwé bèn isa dislametké?

Awaké dhéwé kudu ngertèni perasaané, nindakké apa sing apik, sabar, lan apikan.​—w19.08, hlm. 15-17.

Apa sebabé nindakké tugas saka Yésus isa nggawé awaké dhéwé seneng? (Mat. 11:28)

Awaké dhéwé nduwé pengawas-pengawas sing paling apik, kanca-kanca kerja sing paling apik, lan tugas sing paling apik.​—w19.09, hlm. 23.

Piyé carané Yéhuwah mbantu bèn awaké dhéwé nduwé kepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké apa sing Yéhuwah senengi? (Flp. 2:13)

Pas awaké dhéwé maca Alkitab lan ngrenungké isiné, Yéhuwah isa ngekèki kepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké apa sing Yéhuwah senengi. Yéhuwah ya bakal ngekèki roh suci bèn awaké dhéwé isa dadi luwih trampil.​—w19.10, hlm. 21.

Apa sing kudu ditindakké sakdurungé nggawé keputusan?

Ana lima sing kudu ditindakké: Ndonga njaluk kawicaksanan. Nggolèk katrangan sing luwih akèh. Mikirké apa alesané awaké dhéwé nggawé keputusan kuwi. Nduwé tujuan sing jelas. Kudu masuk akal.​—w19.11, hlm. 27-29.

Pas Sétan omong-omongan karo Hawa ing Èden, apa dhèwèké lagi ngajarké soal jiwa sing ora isa mati?

Kétoké ora. Wektu kuwi Sétan mung ngomong nèk Hawa ora bakal mati. Sétan ora ngomong nèk rohé Hawa bakal isih urip wektu ragané mati. Terus, kabèh ibadah palsu wis disirnakké pas Banjir Gedhé. Ajaran kuwi mungkin mulai ana sakdurungé Yéhuwah nggawé wong-wong sing mbangun menara Babèl dadi nyebar ing ngendi-endi.​—w19.12, hlm. 15.