Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 52

Mbantu Anak-Anak Bèn Dadi Sayang karo Yéhuwah

Mbantu Anak-Anak Bèn Dadi Sayang karo Yéhuwah

”Anak-anak kuwi karunia saka Yéhuwah.”​—MS. 127:3, Terjemahan Dunia Baru (NWT).

LAGU 134 Anak-Anak Pusaka Suci saka Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Para wong tuwa dikèki tanggung jawab karo Yéhuwah kanggo nindakké apa?

WEKTU diciptakké karo Yéhuwah, Adam lan Hawa ya dikèki kepénginan kanggo nduwé anak. Alkitab kandha, ”Anak-anak kuwi karunia saka Yéhuwah.” (Ms. 127:3, NWT) Piyé perasaané njenengan nèk dikèki tanggung jawab sing gedhé? Misalé, mungkin njenengan dititipi dhuwit sing akèh karo kancané njenengan. Njenengan mesthi dadi rumangsa dipercaya. Ning, mungkin njenengan ya kuwatir piyé carané njaga bèn dhuwit kuwi tetep aman. Para wong tuwa ya dikèki tanggung jawab sing gedhé karo Yéhuwah. Para wong tuwa kudu ngopèni lan njaga anak-anaké. Anak-anak kuwi luwih berharga ketimbang dhuwit sing akèh.

2. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

2 Apa wong sing wis nikah kudu nduwé anak? Sapa sing kuduné nggawé keputusan soal arep nduwé anak utawa ora? Apa sing perlu ditindakké para wong tuwa bèn anak-anaké isa urip bahagia? Awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik nèk nggatèkké pathokan sing ana ing Alkitab.

NGAJÈNI KEPUTUSANÉ WONG LIYA

3. (a) Sapa sing kuduné nggawé keputusan soal arep nduwé anak utawa ora? (b) Pathokan Alkitab endi sing kudu diéling-éling karo wong-wong sing mungkin ngoyak-oyak nduwé anak?

3 Wong sing lagi waé nikah biasané dikon cepet-cepet nduwé anak. Sing ngoyak-oyak mungkin keluargané dhéwé utawa wong liya. Ana sedulur lanang ing Asia sing jenengé Jethro * kandha, ”Kadhang kala, sedulur-sedulur sing nduwé anak ya ngoyak-oyak sedulur liya bèn ndang cepet-cepet nduwé anak.” Sedulur lanang liya saka Asia sing jenengé Jefri ya kandha, ”Pasangan sing ora nduwé anak biasané dikon nduwé anak bèn sukmbèn ana sing ngopèni nèk wis tuwa.” Pancèn, keluarga lan kanca-kanca mungkin ngoyak-oyak nduwé anak merga péngin pasangan sing lagi waé nikah kuwi uripé bahagia. Ning, sakjané pasangan kuwi nduwé tanggung jawab kanggo nggawé keputusan dhéwé soal arep nduwé anak utawa ora.​—Gal. 6:5; 1 Tés. 4:11.

4-5. Pitakonan-pitakonan apa sing kudu dirembug karo pasangan sing kepéngin nduwé anak, lan kapan pitakonan-pitakonan kuwi kudu dirembug? Jelasna.

4 Pasangan sing kepéngin nduwé anak perlu ngrembug pitakonan-pitakonan iki: Sing pertama, péngin nduwé anak kapan? Sing keloro, péngin nduwé anak pira? Kapan pitakonan-pitakonan kuwi kudu dirembug lan apa sebabé kuwi penting?

5 Biasané, soal nduwé anak kuwi perlu dirembug sakdurungé nikah. Kenapa? Pasangan sing arep nikah kuwi kudu sepakat lan bener-bener siap merga nduwé anak kuwi tanggung jawab sing gedhé. Ana pasangan-pasangan sing pilih ora langsung nduwé anak merga nèk wis nduwé anak wektu lan tenagané bakal entèk kanggo ngopèni anak. Dadi, pasangan-pasangan kuwi mungkin pilih ngentèni setaun utawa rong taun dhisik bèn nduwé wektu kanggo nggawé penyesuaian sakwisé nikah.—Éf. 5:33.

6. Merga jaman saiki angèl diadhepi, keputusan apa sing digawé karo pasangan-pasangan Kristen?

6 Ana wong-wong Kristen sing niru contoné anak-anaké Nuh. Anaké Nuh ana telu lan wis padha nduwé bojo. Ning, anak-anaké Nuh ora langsung nduwé anak nganti pirang-pirang taun. (Pd. 6:18; 9:18, 19; 10:1; 2 Ptr. 2:5) Yésus kandha nèk jaman saiki isa dipadhakké kaya ”jamané Nuh”. Keadaan ing jaman saiki ”angèl diadhepi lan mbebayani”. (Mat. 24:37; 2 Tim. 3:1) Mula, ana pasangan-pasangan sing pilih ora langsung nduwé anak bèn isa nduwé akèh wektu kanggo pelayanan.

Wektu arep nggawé keputusan soal nduwé anak utawa ora lan soal jumlah anak sing dipéngini, pasangan-pasangan Kristen kudu ”ngétung ragadé” dhisik (Deloken paragraf 7) *

7. Apa sing isa disinaoni karo pasangan-pasangan Kristen saka Lukas 14:28, 29 lan Wulang Bebasan 15:22a?

7 Wektu arep nggawé keputusan soal nduwé anak utawa ora lan soal jumlah anak sing dipéngini, pasangan-pasangan Kristen kudu ”ngétung ragadé” dhisik. (Wacanen Lukas 14:28, 29.) Nggedhèkké anak kuwi butuh biaya, wektu, lan tenaga sing akèh. Mula, pasangan-pasangan Kristen kudu ngetrapké pathokan ing Wulang Bebasan 15:22a. (Wacanen.) Pasangan-pasangan kuwi perlu ngrembug pitakonan-pitakonan iki: ’Apa aku lan pasanganku padha-padha kudu kerja kanggo nyukupi kebutuhan saben dina? Apa aku lan pasanganku wis sepakat soal apa waé sing dibutuhké saben dina? Nèk loro-loroné kudu kerja, sing ngurusi anak-anak sapa? Terus, sapa sing ngajari anak-anak?’

Suami sing perhatian bakal ngéwangi bojoné kanggo ngurusi anak-anaké (Deloken paragraf 8)

8. Tantangan apa waé sing isa diadhepi para wong tuwa, lan apa sing perlu ditindakké karo suami sing perhatian?

8 Anak-anak butuh digatèkké karo bapak lan ibuné. Dadi, nèk anaké luwih saka siji lan kacèké umur ora adoh, wong tuwané isa dadi kewalahan. Apa manèh nèk anaké isih cilik-cilik, ibuné isa dadi kekeselen merga kudu ngurusi anak-anaké. Akhiré, ibuné dadi ora isa ajeg sinau Alkitab pribadi, ndonga, lan nginjil. Terus, dhèwèké ya dadi ora isa konsèntrasi ing perhimpunan. Suami sing perhatian bakal ngéwangi bojoné kanggo ngurusi anak-anaké ing omah lan ing perhimpunan. Dhèwèké ya isa mbantu gawéan ing omah. Terus, dhèwèké ya perlu ngupaya kanggo nganakké Ibadah Keluarga sing teratur lan ajeg nginjil bareng karo keluargané.

MBANTU ANAK-ANAK BÈN SAYANG KARO YÉHUWAH

9-10. Apa sing kudu ditindakké karo para wong tuwa kanggo mbantu anak-anaké?

9 Apa waé sing perlu ditindakké karo wong tuwa bèn anak-anaké isa sayang karo Yéhuwah? Piyé carané wong tuwa isa nglindhungi anak-anak bèn ora kena pengaruh sing èlèk saka wong liya?

10 Ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Gatèkna contoné Manoah lan bojoné, wong tuwané Simson. Wektu Manoah ngerti nèk dhèwèké bakal nduwé anak, dhèwèké njaluk tuntunané Yéhuwah bèn isa ngerti carané nggedhèkké anaké.

11. Piyé carané para wong tuwa isa niru contoné Manoah, kaya sing dicritakké ing Para Hakim 13:8?

11 Ana pasangan saka Bosnia lan Herzegovina, sing jenengé Nihad lan Alma, sing niru contoné Manoah. Sedulur kuwi kandha, ”Kaya Manoah, aku lan bojoku ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah bèn isa dadi wong tuwa sing berhasil. Yéhuwah njawab dongaku nganggo akèh cara, misalé liwat Alkitab, publikasi saka organisasi, acara perhimpunan, lan kebaktian.”​—Wacanen Para Hakim 13:8.

12. Yusuf lan Maria ngekèki conto apa kanggo anak-anaké?

12 Ngekèki conto sing apik. Biasané, apa sing ditindakké wong tuwa biasané luwih gedhé pengaruhé kanggo anak-anaké ketimbang apa sing diomongké. Mbiyèn, wong tuwané Yésus, yaiku Yusuf lan Maria mesthi ya ngekèki conto sing apik kanggo anak-anaké. Yusuf wis kerja keras kanggo nyukupi kebutuhané keluargané. Ning, Yusuf ya ngajari keluargané bèn padha ngutamakké ibadah marang Yéhuwah. (PT. 4:9, 10) Yusuf ngejak keluargané menyang Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah ”saben taun”. (Luk. 2:41, 42) Nurut Hukum Musa, sing wajib ngrayakké Paskah saben taun mung wong-wong lanang. Wong-wong lanang liyané mungkin ora gelem ngejak keluargané merga mesthi bakal dadi répot, ngentèkké wektu, lan ragadé akèh. Ning, Yusuf ngekèki conto marang anak-anaké bèn padha ngutamakké ibadah. Sakliyané kuwi, Maria mesthi ya ngekèki conto sing apik lan ngajari anak-anaké bèn padha seneng sinau Kitab Suci merga Maria dhéwé ya ngerti tenan isiné Kitab Suci.

13. Apa sing ditindakké karo pasangan suami istri sing niru contoné Yusuf lan Maria?

13 Pasangan suami istri sing disebutké mau, yaiku Nihad lan Alma, ya péngin niru contoné Yusuf lan Maria. Apa hasilé? Sedulur kuwi kandha, ”Aku lan bojoku ngupaya kanggo ngekèki conto sing apik bèn anakku lanang ngerti nèk urip manut pathokané Yéhuwah kuwi pancèn sing paling apik.” Nihad ya kandha, ”Nèk njenengan péngin anak-anak sayang karo Yéhuwah, njenengan dhéwé ya kudu sayang karo Yéhuwah.”

14. Apa sebabé wong tuwa kudu ngerti sapa waé kanca-kancané anaké?

14 Mbantu anak-anak bèn isa nduwé kanca-kanca sing apik. Pergaulan kuwi ana pengaruhé kanggo anak-anak. (1 Kor. 15:33) Mula, wong tuwa kudu ngerti sapa waé kanca-kancané anaké lan apa waé sing ditindakké. Wong tuwa ya kudu ngerti anak-anaké bergaul karo sapa waé liwat HP lan média sosial.

15. Apa sing isa disinaoni para wong tuwa saka pengalamané Jessie?

15 Piyé nèk wong tuwa ora pinter nggunakké HP, tablèt, utawa komputer? Ana bapak-bapak ing Filipina sing jenengé Jessie, kandha, ”Aku lan bojoku ora ngerti akèh soal tèknologi. Ning, aku tetep ngupaya kanggo ngajari anak-anakku bèn isa ngati-ati wektu nggunakké perangkat èlèktronik.” Senajan ora ngerti akèh soal tèknologi, Jessie ora nglarang anak-anaké nggunakké perangkat èlèktronik. Jessie kandha, ”Aku ngandhani anak-anakku supaya nggunakké perangkat èlèktronik kanggo sinau basa liya, persiapan perhimpunan, lan maca Alkitab saben dina.” Para wong tuwa isa maca bareng karo anak-anaké lan ngrembug bagéan ”Anak Muda” sing ana ing jw.org®. Ing kono, ana naséhat-naséhat sing apik soal komunikasi liwat HP lan posting foto ing Internèt. Anak-anak ya isa dijak ngrembug vidéo Apa Kowé Kecanduan Dolanan HP? lan Cara Aman Nggunakké Jejaring Sosial. * Para wong tuwa isa nggunakké katrangan-katrangan kuwi kanggo ngajari anak-anaké bèn isa ngati-ati wektu nggunakké HP, tablèt, utawa komputer.​—WB. 13:20.

16. Apa sing ditindakké karo akèh wong tuwa, lan apa hasilé?

16 Ana akèh wong tuwa sing ngatur bèn anak-anaké isa bergaul karo para sedulur sing isa dadi conto sing apik. Misalé, ana pasangan suami istri saka Pantai Gading, sing jenengé Dani lan Bella, sing kerep ngundang pinituwa wilayah nginep ing omahé. Dani nyritakké nèk pergaulan sing kaya ngono kuwi ana pengaruhé kanggo anaké. Anaké lanang akhiré dadi perintis lan saiki dadi pinituwa wilayah pengganti. Mungkin njenengan ya isa ngatur bèn anak-anaké njenengan isa ngrasakké pergaulan sing kaya ngono.

17-18. Kapan wong tuwa kuduné mulai ndhidhik anak-anaké?

17 Ndhidhik anak-anak kèt cilik. Nèk wong tuwa ndhidhik anak-anaké kèt cilik, hasilé mesthi dadi luwih apik. (WB. 22:6) Kuwi kaya pengalamané Timotius, sing tau nglayani bareng karo Rasul Paulus. Timotius didhidhik ”wiwit bayi” karo ibuné, sing jenengé Éunike, lan mbah putriné, sing jenengé Lois.​—2 Tim. 3:15, ctn; 1:5.

18 Ana pasangan liya saka Pantai Gading sing jenengé John lan Paula. Anaké ana enem, lan kabèh wis dadi abdiné Yéhuwah. John lan Paula isa berhasil ndhidhik anak merga niru contoné Éunike lan Lois. John lan Paula kandha, ”Kèt lair, anak-anakku wis tak ajari ping bola-bali bèn padha ngerti isiné Alkitab.”​—PT. 6:6, 7.

19. Nurut Pangandharing Torèt 6:6, 7, apa sing perlu ditindakké wong tuwa kanggo mulang anak-anaké, lan kuwi artiné apa?

19 Kaya sing disebutké ing Pangandharing Torèt 6:6, 7, wong tuwa kudu mulang anak-anaké ping bola-bali. Kuwi artiné wong tuwa perlu bola-bali ngajari lan ngélingké anak-anaké bèn dadi sayang karo Yéhuwah lan péngin ngabdi marang Dhèwèké. Dadi, para wong tuwa perlu nyedhiakké wektu kanggo mulang anak-anaké. Kadhang kala, ngajari anak ping bola-bali kuwi ora gampang. Ning, para wong tuwa perlu ngupaya bèn isa mbantu anak-anak ngerti lan ngetrapké isiné Alkitab.

Para wong tuwa kudu mutuské piyé carané ndhidhik saben anaké (Deloken paragraf 20) *

20. Apa sing isa disinaoni saka Jabur 127:4 soal ndhidhik anak?

20 Ngertèni keadaané saben anak. Alkitab kandha nèk anak-anak isa dipadhakké kaya panah. (Wacanen Jabur 127:4.) Panah kuwi isa digawé saka bahan sing béda-béda lan ukurané ya isa béda-béda. Dadi, saben anak ya ora padha. Wong tuwa kudu ngerti piyé carané ndhidhik saben anaké. Ana suami istri saka Israèl sing berhasil mbantu anaké loro dadi abdiné Yéhuwah. Sedulur kuwi nyritakké pengalamané, ”Sinau Alkitabé anak-anakku ora dibarengké.” Para kepala keluarga isa mutuské apa sinau Alkitabé saben anak perlu dipisah utawa dibarengké.

YÉHUWAH BAKAL MBANTU PARA WONG TUWA

21. Para wong tuwa isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal nindakké apa?

21 Para wong tuwa isa waé ngrasa nèk ndhidhik anak kuwi ora gampang. Ning, Yéhuwah mesthi siap mbantu merga anak-anak kuwi anugrah saka Yéhuwah. Yéhuwah bakal ngrungokké dongané para wong tuwa. Yéhuwah bakal mbantu liwat Alkitab, publikasi saka organisasi, lan para wong tuwa ing jemaat sing isa ngekèki conto lan naséhat.

22. Apa sing isa terus ditindakké wong tuwa kanggo anak-anaké?

22 Ana wong-wong sing kandha nèk nduwé anak kuwi padha karo nduwé proyèk sing suwéné 20 taun. Ning, sakjané para wong tuwa isa terus mbantu anak-anaké bèn ngrasa disayangi, digatèkké, lan éntuk pelatihan saka Alkitab. Pancèn tanggepané saben anak isa waé ora padha. Ning, anak-anak sing digedhèkké karo wong tuwa sing sayang karo Yéhuwah mesthi bakal bersyukur banget. Kuwi kaya sing dirasakké karo Anna, sedulur wédok saka Asia, sing kandha, ”Aku bersyukur banget merga wong tuwaku mbiyèn wis ndhidhik lan ngajari aku. Aku dadi sayang karo Yéhuwah lan urip bahagia.”​—WB. 23:24, 25.

LAGU 59 Ayo Padha Muji Allah

^ par. 5 Apa wong sing wis nikah kudu nduwé anak? Nèk péngin nduwé anak, kudu nduwé anak pira? Piyé carané ndhidhik anak-anak bèn isa sayang karo Yéhuwah lan dadi abdiné? Ing artikel iki, ana pengalamané para sedulur lan pathokané Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé njawab pitakonan-pitakonan kuwi.

^ par. 3 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 15 Deloken buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 1, pasal 36, lan Jilid 2, pasal 11.

^ par. 61 GAMBAR: Pasangan Kristen iki lagi ngomongké soal arep nduwé anak utawa ora, karo mikirké rasa senengé lan tanggung jawabé.

^ par. 65 GAMBAR: Pasangan iki nduwé anak loro sing sinau Alkitabé ora dibarengké merga umur lan kesanggupané béda.