Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Terusa Bersyukur

Terusa Bersyukur

AWAKÉ DHÉWÉ perlu mikirké pitakonan iki: ’Apa aku iki wong sing seneng bersyukur?’ Alkitab ngramalké nèk ing dina-dina pungkasan bakal ana akèh wong sing ”ora nduwé rasa matur nuwun”. (2 Tim. 3:2) Ana wong-wong sing nduwé akèh kepénginan lan kaya-kayané ora tau ngrasa puas. Wong sing kaya ngono kuwi ora seneng bersyukur. Awaké dhéwé mesthi ora seneng cedhak karo wong sing kaya ngono.

Mula, Alkitab ngandhani awaké dhéwé, ”Terusa ngucap sokur.” Alkitab ya kandha, ”Ngucapa sokur ing bab apa waé.” (Kol. 3:15; 1 Tés. 5:18) Apa waé manfaaté nèk awaké dhéwé dadi wong sing seneng bersyukur?

DADI RUMANGSA BERHARGA

Nèk awaké dhéwé seneng bersyukur, sing seneng ora mung wong liya. Awaké dhéwé ya isa seneng. Apa sebabé? Nèk awaké dhéwé seneng bersyukur, awaké dhéwé bakal dadi rumangsa berharga. Contoné, nèk ana wong sing apikan karo awaké dhéwé, kuwi mesthi merga dhèwèké perduli lan nganggep nèk awaké dhéwé iki berharga. Dadi, awaké dhéwé isa seneng merga ngerti nèk awaké dhéwé iki dianggep berharga karo wong liya. Kuwi sing dialami karo Rut. Merga Boaz wis apikan karo Rut, Rut dadi ngrasa seneng merga rumangsa digatèkké.​—Rt. 2:10-13.

Awaké dhéwé kudu bersyukur marang Yéhuwah merga Dhèwèké terus ngekèki berkah marang awaké dhéwé. (PT. 8:17, 18; Kis. 14:17) Dadi, awaké dhéwé perlu mikirké tenanan berkah apa waé sing wis Yéhuwah wènèhké kanggo awaké dhéwé lan keluarga. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih sayang karo Yéhuwah lan yakin nèk Yéhuwah bener-bener nggatèkké awaké dhéwé.​—1 Yoh. 4:9.

Sakliyané nduwé rasa syukur, awaké dhéwé ya perlu ngucapké rasa syukur kuwi. Ana salah siji buku sing kandha nèk ”ngucapké rasa syukur kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih bahagia.” Mula, sakwisé mikirké tenanan berkah-berkah saka Yéhuwah, awaké dhéwé perlu ngucapké syukur marang Yéhuwah.​—Ms. 100:4, 5.

DADI LUWIH AKRAB KARO WONG LIYA

Awaké dhéwé ya kudu seneng bersyukur merga kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih akrab karo wong liya. Kabèh wong mesthi seneng nèk diajèni karo wong liya. Dadi, nèk awaké dhéwé ngajèni lan nduduhké rasa maturnuwun marang wong liya, hubungané awaké dhéwé karo wong kuwi bakal dadi luwih akrab. (Rm. 16:3, 4) Sakliyané kuwi, wong sing seneng bersyukur biasané ya seneng mbantu wong liya. Nèk awaké dhéwé ngrasa wis digatèkké karo wong liya, awaké dhéwé ya dadi péngin nggatèkké wong liya. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi bahagia. Yésus kandha, ”Luwih bungah mènèhi ketimbang nampani.”​—Kis. 20:35.

Ana salah siji profésor ing University of California, sing jenengé Robert Emmons, sing kandha, ”Bèn isa dadi wong sing seneng bersyukur, awaké dhéwé kudu ngrumangsani nèk awaké dhéwé ora isa urip dhéwé tanpa wong liya.” Apa sing diomongké karo profésor kuwi pancèn bener. Misalé, awaké dhéwé mbutuhké bantuané wong liya sing nyedhiakké panganan utawa perawatan keséhatan. (1 Kor. 12:21) Wong sing seneng bersyukur mesthi bakal ngajèni apa sing ditindakké wong liya kanggo dhèwèké. Dadi, apa njenengan seneng ngucapké maturnuwun marang wong-wong sing wis mbantu njenengan?

DADI NDUWÉ PIKIRAN SING POSITIF

Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu seneng bersyukur merga kuwi isa mbantu awaké dhéwé bèn nduwé pikiran sing positif. Pikirané manungsa kuwi isa milah-milah endi sing arep dipikirké lan endi sing ora dipikirké. Dadi, nèk awaké dhéwé mikirké sing positif, awaké dhéwé dadi ora fokus karo masalah sing lagi diadhepi. Nèk awaké dhéwé seneng bersyukur, pikirané awaké dhéwé bakal dadi saya positif, lan kuwi nggawé awaké dhéwé dadi saya bersyukur manèh. Hasilé, awaké dhéwé isa ngrasakké apa sing diomongké Rasul Paulus, yaiku: ”Terusa bungah merga Gusti.”​—Flp. 4:4.

Nèk awaké dhéwé seneng bersyukur, awaké dhéwé ora mungkin nduwé rasa iri, sedhih, jèngkèl, utawa perasaan négatif liyané. Awaké dhéwé ya bakal ngrasa puas karo apa sing wis diduwèni lan ora péngin mburu bandha sing luwih akèh manèh.​—Flp. 4:12.

NGÉLING-ÉLING KABÈH BERKAH SING WIS DITAMPA

Ana akèh masalah sing diadhepi karo wong-wong Kristen ing dina-dina pungkasan. Sétan péngin awaké dhéwé dadi cilik ati lan ora semangat. Sétan seneng nèk awaké dhéwé nduwé pikiran sing négatif lan seneng sambat. Akhiré, awaké dhéwé ya dadi ora semangat wektu nginjil. Sakjané awaké dhéwé isa dadi luwih seneng bersyukur nèk nduwé woh sing dihasilké roh suci. Misalé, awaké dhéwé isa nduwé rasa bungah merga éntuk berkah-berkah saka Yéhuwah lan iman marang janji-janjiné Yéhuwah.​—Gal. 5:22, 23.

Awaké dhéwé mesthi setuju karo apa sing dirembug ing artikel iki soal manfaat sing isa dirasakké karo wong sing seneng bersyukur. Pancèn kuwi ora gampang. Ning, awaké dhéwé isa ngupaya bèn dadi wong sing seneng bersyukur. Piyé carané? Saben dina awaké dhéwé isa mikirké utawa mungkin nulis apa waé sing isa disyukuri ing dina kuwi. Nèk awaké dhéwé kerep mikirké kuwi, suwé-suwé awaké dhéwé isa dadi wong sing seneng bersyukur. Awaké dhéwé isa dadi luwih bahagia nèk dibandhingké karo wong sing mung mikirké masalahé thok. Awaké dhéwé ya isa dadi luwih semangat nèk terus mikirké berkah saka Yéhuwah lan tumindak apiké wong liya.

Ana para ahli sing kandha nèk kerep ngucapké maturnuwun kuwi ana pengaruhé kanggo saraf-saraf ing otaké awaké dhéwé sing isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih bahagia. Dadi, awaké dhéwé isa terus ngéling-éling berkah-berkah sing wis ditampa, pengalaman-pengalaman sing nyenengké, lan apa waé sing isa disyukuri. Kaya kandhané Alkitab, awaké dhéwé kudu terus ’ngucap sokur ing bab apa waé’ lan ’ngunjukké pamuji sokur marang Pangéran Yéhuwah, awit Panjenengané iku saé’.​—1 Tés. 5:18; 1 Bb. 16:34.