Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Nurut Alkitab, paling ora kudu ana seksi loro kanggo mbuktèkké kesalahané salah siji wong. (Wi. 35:30; PT. 17:6; 19:15; Mat. 18:16; 1 Tim. 5:19) Ning, Hukum Musa kandha nèk ana wong wédok sing wis tunangan diperkosa karo wong lanang ”ing ara-ara [utawa, njaba kutha]” lan wong wédok kuwi bengok-bengok, wong wédok kuwi dianggep ora bersalah. Terus, wong lanang sing merkosa kuwi dianggep wis laku jina. Apa sebabé wong lanang kuwi isa dianggep bersalah lan wong wédok kuwi ora, padahal ora ana wong liya sing dadi seksiné?

Pangandharing Torèt 22:25-27 ora nyritakké soal carané mbuktèkké kesalahané wong lanang kuwi merga dhèwèké pancèn wis terbukti salah. Katrangan sing ana ing kono lagi nyritakké soal wong wédok sing dadi korban. Bèn luwih jelas, awaké dhéwé isa ndelok ayat-ayat sing sakdurungé.

Ing Pangandharing Torèt 22:23, 24 dicritakké soal wong lanang sing nindakké hubungan sèks ”ing kutha” karo wong wédok sing wis tunangan. Wong lanang kuwi dianggep wis laku jina, merga wektu kuwi wong sing wis tunangan dianggep kaya wis nikah. Terus, Alkitab kandha nèk wong wédok kuwi ”ora bengok-bengok” senajan ”ana ing kutha”. Nèk dhèwèké bengok-bengok mesthi bakal ana wong liya sing krungu lan nulungi dhèwèké. Ning, merga dhèwèké ora bengok-bengok, dhèwèké lan wong lanang mau dianggep padha-padha wis laku jina.

Ning, kasusé béda karo sing disebutké ing Pangandharing Torèt 22:25-27. Alkitab kandha, ”Nanging manawa wong lanang mau ketemu bocah wadon kang wus pacangan [utawa, tunangan] iku ana ing ara-ara [utawa, njaba kutha], banjur diroda-peksa [utawa, diperkosa] lan dituroni déning wong mau, kang kaukum pati mung wongé lanang dhéwé, kang nuroni mau; bocahé wadon aja kokkapak-kapakaké. Bocah prawan iku ora ana dosané kang laras karo paukuman pati, marga prakara iku padha kaya manawa ana wong dirampog pepadhané lan dipatèni. Sarèhné anggoné ketemu ana ing ara-ara, mulané sanadyan bocah wadon kang wus pacangan mau bengok-bengok, nanging ora ana kang mitulungi.”

Ing kasus kuwi, wong wédok kuwi bakal dianggep ora bersalah merga para hakim percaya nèk dhèwèké wis ”bengok-bengok, nanging ora ana kang mitulungi”. Dadi, wong wédok kuwi ora laku jina. Ning, wong lanang kuwi dianggep bersalah merga wis merkosa lan laku jina karo wong wédok sing wis tunangan.

Dadi, senajan ayat-ayat kuwi lagi nyritakké soal wong wédok sing dadi korban, ning ayat-ayat kuwi ya kandha nèk wong lanang kuwi isa dianggep bersalah merga wis merkosa lan laku jina. Yéhuwah wis bola-bali ngekèki hukum sing jelas soal carané nangani kasus. Dadi, para hakim mesthi wis nliti kasusé lan nggawé keputusan sing cocog karo hukumé Yéhuwah.​—PT. 13:14; 17:4; Pa. 20:14.