Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Njenengan Kèlingan?

Apa Njenengan Kèlingan?

Apa njenengan isih kèlingan karo topik-topik ing majalah Warta Penting taun iki? Ayo njawab pitakonan-pitakonan iki:

Piyé kuduné sikapé awaké dhéwé marang wong-wong sing diurapi?

Awaké dhéwé ngajèni wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi nduwé iman sing kuwat. Ning, awaké dhéwé aja nganti muja-muja utawa ngunggul-unggulké wong-wong kuwi. Aja takon-takon piyé critané kok wong-wong kuwi isa ngerti nèk dipilih Yéhuwah.​—w20.01, hlm. 29.

Apa sebabé njenengan isa yakin nèk Yéhuwah nggatèkké njenengan?

Alkitab nduduhké nèk Yéhuwah wis nggatèkké njenengan sakdurungé njenengan lair. Yéhuwah nggatèkké dongané njenengan. Yéhuwah ngerti pikiran lan perasaané njenengan, lan tumindaké njenengan kuwi ana pengaruhé karo perasaané Yéhuwah. (1 Bb. 28:9; WB. 27:11) Dhèwèké ya sing narik njenengan kanggo dadi umaté.​—w20.02, hlm. 12.

Kapan awaké dhéwé kudu ngomong lan kapan awaké dhéwé kudu meneng?

Awaké dhéwé kudu siap ngomongké soal Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu wani ngomong wektu ana wong sing mulai nindakké apa sing salah. Para pinituwa kudu wani mènèhi naséhat nèk ana sedulur sing mulai nindakké apa sing salah. Awaké dhéwé ora takon-takon utawa nyritak-nyritakké soal carané gawéan nginjil isa ditindakké ing dhaérah sing gawéan nginjilé dilarang karo pamréntah. Awaké dhéwé ya ora nyritak-nyritakké informasi sing rahasia soal jemaat.​—w20.03, hlm. 20-21.

Apa bédané antarané walang-walang sing disebutké Yoèl karo walang-walang sing disebutké Yohanes?

Yoèl 2:20-29 kandha nèk Gusti Allah nyingkirké walang-walang lan janji bakal mènèhi ganti rugi kanggo kabèh sing wis dirusak karo walang-walang kuwi. Sakwisé kuwi, Yéhuwah bakal mènèhi roh suciné. Kuwi nggambarké peristiwa wektu wong Babilon nyerang Israèl lan wektu Yéhuwah mènèhi roh suciné pas dina Péntakosta. Wahyu 9:1-11 nyebutké soal walang-walang sing nggambarké umaté Yéhuwah sing diurapi roh suci sing nyampèkké berita saka Yéhuwah, lan berita kuwi nggawé wong-wong sing ndhukung donya iki ngrasa ora seneng.​—w20.04, hlm. 3-6.

Sapa sing dadi raja utara saiki?

Rusia lan negara-negara sing dadi balané. Pamréntah Rusia nglarang Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo nindakké gawéan nginjil ing kono lan nganiaya umaté Yéhuwah. Raja utara lan raja selatan terus mungsuhan.​—w20.05, hlm. 13.

Apa sipat-sipat sing dihasilké roh suci kuwi mung ”woh sing dihasilké roh suci” sing dicathet ing Galatia 5:22, 23?

Ora. Roh suci isa mbantu awaké dhéwé bèn nduwé sipat-sipat apik liyané, misalé ketekunan. (1 Tim. 6:11)—w20.06, hlm. 17.

Apa bahayané nggunakké média sosial?

Foto, vidéo, lan koméntar sing dibagèkké isa nduduhké nèk awaké dhéwé seneng pamèr lan ora rendah hati.​—w20.07, hlm. 6-7.

Apa sing isa disinaoni saka nelayan?

Nelayan ngerti kapan wektu sing cocog kanggo njala iwak lan ngerti ing endi panggonan sing ana iwaké. Nelayan nduwé lan ngerti carané nggunakké peralatan sing cocog. Senajan cuacané ora pasti, ning nelayan kuwi kendel. Kuwi kabèh isa awaké dhéwé tiru wektu nginjil.​—w20.09, hlm. 5.

Piyé carané bèn sing sinau luwih sayang karo Gusti Allah?

Awaké dhéwé isa nyemangati sing sinau kanggo maca Alkitab saben dina lan ngrenungké isiné. Awaké dhéwé ya isa mulang sing sinau kanggo ndonga.​—w20.11, hlm. 4.

Sapa sing dimaksud ing kata-kata, ”Kabèh bakal diuripké merga Kristus”?​—1 Kor. 15:22.

Rasul Paulus ora lagi ngomongké nèk kabèh wong bakal diuripké manèh. Ning, Paulus lagi ngomongké soal wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga, yaiku wong-wong sing ”wis disucèkké kanggo nyawiji karo Kristus Yésus”. (1 Kor. 1:2; 15:18)—w20.12, hlm. 5-6.

Apa sing bakal ditindakké karo wong-wong sing dipilih munggah swarga sakwisé diubah ”ing sak kedhèpan mata, wektu trompèt sing pungkasan muni”?​—1 Kor. 15:51-53.

Wong-wong kuwi bakal mbantu Yésus kanggo mréntah bangsa-bangsa. (Why. 2:26, 27)—w20.12, hlm. 12-13.