Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 50

”Piyé Wong Mati Bakal Diuripké Manèh?”

”Piyé Wong Mati Bakal Diuripké Manèh?”

”Pati, ing ngendi kekuwatanmu? Hé pati, ing ngendi entupmu?”​—1 KOR. 15:55.

LAGU 141 Mukjijat ing Urip

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa sebabé kabèh wong Kristen kudu sinau soal harapan urip ing swarga?

AKÈH-AKÈHÉ umaté Yéhuwah nduwé harapan urip saklawasé ing bumi. Ning, mung ana sithik sing dipilih Yéhuwah kanggo urip ing swarga. Wong-wong kuwi péngin ngerti kaya apa uripé sukmbèn wektu ing swarga. Ning, apa sebabé wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi kudu sinau soal iki? Kaya sing bakal dirembug, wong-wong sing nduwé harapan urip saklawasé ing bumi bakal isa éntuk akèh berkah liwat wong-wong sing diuripké manèh ing swarga. Mula, awaké dhéwé kudu sinau soal kuwi, ora masalah awaké dhéwé nduwé harapan urip ing bumi utawa ing swarga.

2 Yéhuwah nuntun murid-muridé Yésus ing jaman mbiyèn kanggo nulis soal harapan urip ing swarga. Rasul Yohanes kandha, ”Saiki kita anak-anaké Gusti Allah, nanging kita durung ngerti kaya apa kita sukmbèn. Sing kita ngerti yaiku kita bakal dadi kaya Panjenengané wektu Panjenengané dadi nyata.” (1 Yoh. 3:2) Senajan ora ngerti kaya apa uripé sukmbèn, wong Kristen sing dipilih munggah swarga bakal ndelok Yéhuwah wektu wong-wong kuwi wis ana ing swarga. Pancèn, Alkitab ora mènèhi kabèh perincian soal harapan urip ing swarga. Ning, Rasul Paulus mènèhi beberapa informasi soal kuwi. Wong-wong sing dipilih munggah swarga bakal mréntah bareng Yésus kanggo ”nyirnakké kabèh pamréntahan lan kabèh sing nduwé kuwasa”. Kuwi termasuk ”mungsuh sing pungkasan yaiku pati”. Akhiré, Yésus lan wong-wong sing bakal mréntah bareng dhèwèké bakal manut lan nyerahké pamréntahané marang Yéhuwah. (1 Kor. 15:24-28) Kuwi peristiwa sing luar biasa. *

3. Nurut 1 Korintus 15:30-32, merga percaya nèk wong mati isa diuripké manèh, Paulus isa nindakké apa?

3 Merga percaya nèk wong mati isa diuripké manèh, Paulus isa ngadhepi akèh tantangan. (Wacanen 1 Korintus 15:30-32.) Dhèwèké kandha marang wong-wong Korintus, ”Saben dina aku ngadhepi pati.” Paulus ya nulis, ”Aku tarung karo kéwan-kéwan buas ing Éfésus.” Mungkin Paulus lagi ngomongké soal dhèwèké sing lagi tarung karo kéwan buas ing stadion sing ana ing Éfésus. (2 Kor. 1:8; 4:10; 11:23) Utawa, Paulus mungkin lagi ngomongké soal wong-wong Yahudi lan wong-wong liyané sing nganiaya dhèwèké. Wong-wong kuwi dipadhakké kaya ”kéwan-kéwan buas”. (Kis. 19:26-34; 1 Kor. 16:9) Ora soal apa sing dimaksud Paulus, awaké dhéwé isa yakin nèk dhèwèké mesthi ngadhepi akèh tantangan. Ning, Paulus tetep nduwé pandangan sing positif soal masa depan.​—2 Kor. 4:16-18.

Keluarga sing tetep ngibadah senajan manggon ing negara sing nglarang kegiatané Seksi Yéhuwah merga terus mikirké berkahé Gusti Allah ing masa depan (Deloken artikel pelajaran 50, paragraf 4)

4. Merga ngerti nèk wong mati isa diuripké manèh, apa pengaruhé kanggo wong-wong Kristen ing jaman saiki? (Deloken gambar ing halaman 1.)

4 Jaman saiki, ana akèh wong-wong sing jahat. Mula, ana para sedulur sing dadi korban kejahatan. Sing liyané manggon ing dhaérah sing akèh perang. Terus ya ana para sedulur sing tetep nglayani Yéhuwah senajan isa waé dipenjara utawa dipatèni, merga para sedulur kuwi manggon ing dhaérah sing gawéan nginjilé dibatesi utawa dilarang. Para sedulur kuwi tetep setya nglayani Yéhuwah lan dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé. Para sedulur isa kendel ngadhepi kuwi kabèh merga ngerti nèk Yéhuwah bakal mènèhi masa depan sing luwih apik senajan wong-wong kuwi kudu mati ing jaman saiki.

5. Pandangan apa sing isa nggawé awaké dhéwé ora percaya nèk wong mati isa diuripké manèh?

5 Paulus ngélikké para sedulur soal pandangan sing salah. Ana wong-wong sing ngomong, ”Ayo kita padha mangan lan ngombé, merga sésuk kita bakal mati.” Nèk terus-terusan mikir kaya ngono, wong-wong kuwi isa waé percaya ”nèk wong mati pancèn ora bakal diuripké manèh”. Malah, pandangan kuwi wis ana sakdurungé jamané Rasul Paulus. Paulus mungkin ngutip saka Yésaya 22:13 sing lagi nyritakké soal tumindaké wong-wong Israèl. Wong-wong kuwi ngutamakké kesenengané dhéwé ketimbang ngupaya cedhak marang Gusti Allah. Wong-wong jaman saiki nduwé pandangan sing padha karo wong-wong Israèl jaman mbiyèn. Ning saka Alkitab, awaké dhéwé ngerti nèk hasilé kuwi èlèk.​—2 Bb. 36:15-20.

6. Merga percaya nèk wong mati isa diuripké manèh, apa pengaruhé wektu awaké dhéwé milih kanca?

6 Merga percaya nèk wong mati isa diuripké manèh, kuwi kuduné mengaruhi awaké dhéwé wektu milih kanca. Para sedulur ing Korintus kudu ngedohi wong-wong sing ora percaya nèk wong mati isa diuripké manèh. Mula, awaké dhéwé kuduné ya ora bergaul karo wong sing ora perduli karo masa depan lan mung ngutamakké kesenengané dhéwé, merga hasilé ora bakal apik. Nèk kerep bergaul karo wong sing kaya ngono, kuwi isa ngrusak iman lan kebiasaané awaké dhéwé. Malah, kuwi ya isa nggawé awaké dhéwé nindakké dosa. Mula, Paulus kandha, ”Kowé kudu sadhar lan nindakké apa sing bener, lan aja terus nindakké dosa.”​—1 Kor. 15:33, 34.

BADAN SING KAYA APA?

7. Nurut 1 Korintus 15:35-38, pitakonan apa sing mungkin dipikirké wong-wong?

7 Wacanen 1 Korintus 15:35-38. Ana wong sing péngin nggawé wong liya ora percaya nèk wong mati isa diuripké manèh. Dhèwèké mungkin takon, ”Piyé wong mati bakal diuripké manèh? Badan kaya apa sing bakal diduwèni wong-wong sing diuripké manèh?” Awaké dhéwé isa mikirké jawabané Paulus, merga ana akèh pandangan sing béda-béda soal kuwi. Ning, apa kandhané Alkitab?

Paulus nggunakké perumpamaan soal winih kanggo njelaské nèk Gusti Allah isa mènèhi badan sing luwih apik kanggo wong-wong sing diuripké manèh (Deloken paragraf 8)

8. Perumpamaan apa sing isa mbantu awaké dhéwé ngerti soal keadaané wong-wong sing diuripké manèh ing swarga?

8 Wektu manungsa mati, badané dadi rusak. Ning, Gusti Allah isa nguripké manèh wong sing wis mati lan mènèhi badan sing luwih apik. (Pd. 1:1; 2:7) Paulus mènèhi perumpamaan soal ”winih” sing nduduhké nèk Gusti Allah ora perlu nggunakké badané wong mati sing wis rusak kanggo nguripké manèh wong kuwi. Wektu ditandur ing lemah, winih kuwi thukul lan dadi tanduran sing anyar. Bentuké tanduran kuwi dadi béda karo winih sing ditandur mau. Paulus nggunakké perumpamaan iki kanggo nduduhké nèk Gusti Allah isa nggawé awaké dhéwé nduwé ”[badan] kaya sing dadi kersané”.

9. Piyé 1 Korintus 15:39-41 njelaské soal badan sing béda-béda?

9 Wacanen 1 Korintus 15:39-41. Paulus nyebutké nèk ciptaané Gusti Allah kuwi nduwé bentuk sing béda-béda. Misalé, sapi, manuk, lan iwak kuwi nduwé badan sing béda-béda. Paulus kandha nèk matahari lan bulan kuwi béda. Dhèwèké ngomong nèk ”saben bintang nduwé kamulyané dhéwé-dhéwé”. Pancèn, awaké dhéwé ora isa ndelok langsung perbédaané bintang-bintang kuwi. Ning, para ilmuwan ngandhani awaké dhéwé nèk saben bintang ana bédané. Ana sing gedhé, cilik, werna abang, werna putih, utawa werna kuning kaya matahari. Paulus ya kandha nèk ”ana badan jasmani, ya uga ana badan rohani”. Apa maksudé? Sing manggon ing bumi nggunakké badan jasmani, ning sing manggon ing swarga nggunakké badan rohani, kaya sing diduwèni para malaékat.

10. Wong-wong sing diuripké manèh ing swarga bakal nduwé badan sing kaya apa?

10 Bar kuwi, Paulus kandha, ”Semono uga karo wong mati sing diuripké manèh. Badané sing dikubur isa sirna, nanging badané sing diuripké manèh ora isa sirna.” Wektu manungsa mati, badané dadi rusak lan bali dadi debu. (Pd. 3:19) Mula, apa maksudé wong sing diuripké manèh nduwé badan sing ”ora isa sirna”? Paulus ora lagi ngomongké wong-wong sing diuripké manèh ing bumi, kaya sing diuripké manèh karo Èlia, Èlisa, lan Yésus. Ning, Paulus lagi ngomongké soal wong-wong sing diuripké manèh ing swarga nganggo ”badan rohani”.​—1 Kor. 15:42-44.

11-12. Apa sing dialami Yésus lan wong-wong sing dipilih munggah swarga wektu diuripké manèh?

11 Wektu ing bumi, Yésus nggunakké badan jasmani. Ning wektu diuripké manèh, dhèwèké ”dadi makhluk roh sing mènèhi urip” lan bali ing swarga. Kuwi ya bakal dialami karo wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. Paulus kandha, ”Padha kaya kita mirip dhèwèké sing digawé saka lebu, sukmbèn kita uga bakal mirip karo dhèwèké sing asalé saka swarga.”​—1 Kor. 15:45-49.

12 Awaké dhéwé kudu éling nèk Yésus ora diuripké manèh nggunakké badan jasmani. Mula, ing akhir penjelasané soal harapan kanggo wong sing wis mati, Paulus kandha nèk ”daging lan getih ora isa nampa warisan Kratoné Allah” ing swarga. (1 Kor. 15:50) Dadi, para rasul lan wong-wong sing dipilih munggah swarga ora diuripké manèh nganggo badan sing isa sirna. Terus, kapan wong-wong kuwi bakal diuripké manèh? Paulus nduduhké nèk wong-wong kuwi bakal diuripké manèh ing masa depan, dudu sakwisé wong-wong kuwi mati. Wektu Paulus nulis 1 Korintus, ana murid-murid sing ”wis mati”, contoné Rasul Yakobus. (Kis. 12:1, 2) Terus, para rasul lan wong-wong sing dipilih munggah swarga liyané ya akhiré padha ”mati”.​—1 Kor. 15:6.

BÉBAS SAKA KEMATIAN

13. Apa tandha ”rawuhé” Yésus?

13 Paulus lan Yésus wis ngramalké soal rawuhé Kristus. Tandhané yaiku bakal ana perang, gempa bumi, penyakit, lan peristiwa-peristiwa èlèk sing kelakon ing sak donya. Ramalan kuwi wis kelakon kèt taun 1914. Ning, ana tandha sing luwih penting. Yésus kandha nèk kabar apik soal Kratoné Allah bakal diwartakké ”ing saklumahing bumi, dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa, sakwisé kuwi pungkasané donya bakal teka”. (Mat. 24:3, 7-14) Paulus kandha nèk pas ”rawuhé Gusti”, wong Kristen sing dipilih munggah swarga sing ”wis mati” bakal diuripké manèh.​—1 Tés. 4:14-16; 1 Kor. 15:23.

14. Apa sing bakal dialami karo wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga sing mati ing jaman saiki?

14 Wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga sing mati ing jaman saiki bakal langsung diuripké manèh ing swarga. Paulus kandha ing 1 Korintus 15:51, 52, ”Ora kabèh saka antarané kita bakal mati, nanging kita kabèh bakal digawé malih, ing wektu sing singkat banget, ing sak kedhèpan mata, wektu trompèt sing pungkasan muni.” Kata-katané Paulus kuwi lagi kelakon saiki. Sakwisé diuripké manèh, wong-wong kuwi bakal ngrasa bahagia banget merga wong-wong kuwi ”tansah bareng karo Gusti”.​—1 Tés. 4:17.

Wong-wong sing diubah ”ing sak kedhèpan mata” bakal mréntah bangsa-bangsa bareng karo Yésus (Deloken paragraf 15)

15. Apa sing bakal ditindakké karo wong-wong sing diuripké manèh ing swarga?

15 Alkitab ngandhani awaké dhéwé soal apa sing bakal ditindakké karo wong-wong sing diuripké manèh ing swarga. Yésus ngandhani wong-wong kuwi, ”Marang wong sing menang lan terus nindakké préntahku nganti pungkasan, aku bakal mènèhi wewenang kanggo mréntah bangsa-bangsa, kaya wewenang sing tak tampa saka Bapakku. Lan wong kuwi bakal angon bangsa-bangsa nganggo tongkat wesi, mula bangsa-bangsa bakal dadi kaya grabah sing diremukké.”(Why. 2:26, 27) Wong-wong kuwi bakal mbantu Yésus kanggo mréntah bangsa-bangsa.​—Why. 19:11-15.

16. Piyé carané akèh wong isa bébas saka kematian?

16 Wong-wong sing diuripké manèh ing swarga bakal bébas saka kematian. (1 Kor. 15:54-57) Sakwisé diuripké manèh, wong-wong kuwi bakal nyingkirké kabèh kejahatan pas perang Armagédon. Bar kuwi, ana akèh wong Kristen sing bakal ”slamet ngliwati sengsara gedhé” lan mlebu ing donya anyar. (Why. 7:14) Wong-wong sing slamet kuwi bakal ndelok wong-wong liyané sing dibébaské saka kematian, yaiku wong-wong sing diuripké manèh. Kuwi mesthi nyenengké banget. (Kis. 24:15) Kabèh wong sing terus setya bakal bébas saka kematian lan isa urip saklawasé.

17. Nurut 1 Korintus 15:58, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké saiki?

17 Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga Paulus ngomongké soal harapan kanggo wong mati ing suraté kanggo wong Korintus. Awaké dhéwé mesthi dadi luwih semangat nindakké ”gawéan kanggo Gusti”. (Wacanen 1 Korintus 15:58.) Nèk semangat nindakké kuwi, awaké dhéwé bakal éntuk berkah ing masa depan. Kuwi mesthi bakal nyenengké banget. Kuwi ya mbuktèkké nèk upayané awaké dhéwé kanggo nglayani Gusti Allah ora tanpa guna.

LAGU 140 Urip Saklawasé

^ par. 5 Artikel iki bakal nglanjutké rembugan saka 1 Korintus bab 15 soal wong-wong sing diuripké manèh, khususé wong Kristen sing dipilih munggah swarga. Ning, apa sing ditulis Paulus kuwi ana manfaaté kanggo wong-wong sing nduwé harapan urip saklawasé ing bumi. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa pengaruhé nèk ngerti soal harapan kanggo wong mati kanggo uripé awaké dhéwé saiki lan ing masa depan.

^ par. 2Pitakonané sing Maca” sing dirembug ing majalah iki njelaské soal kata-katané Paulus ing 1 Korintus 15:29.