Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 51

Yéhuwah Gelem Mbantu Wong sing Cilik Ati

Yéhuwah Gelem Mbantu Wong sing Cilik Ati

”Pangéran Yéhuwah ana ing sacedhaké para wong kang rempu atiné, sarta para wong kang pepes budiné padha dipitulungi.”​—MS. 34:19.

LAGU 30 Bapakku, Allahku, lan Kancaku

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

AWAKÉ DHÉWÉ mungkin ngrasa nèk urip mung singkat lan ”tuwuk ing kasisahan”. (Ay. 14:1) Mula, wajar nèk awaké dhéwé ngrasa cilik ati. Ana umaté Yéhuwah ing jaman mbiyèn sing ngrasa kaya ngono. Malah, ana sing kepéngin mati waé. (1 Ra. 19:2-4; Ay. 3:1-3, 11; 7:15, 16) Ning, Yéhuwah terus mènèhi penghiburan lan nguwatké wong-wong kuwi. Awaké dhéwé ya isa sinau lan éntuk penghiburan saka pengalamané wong-wong kuwi.​—Rm. 15:4.

2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug umaté Yéhuwah sing terus tekun senajan cilik ati, yaiku Yusuf, Naomi, Rut, salah siji wong Lèwi sing nulis Jabur 73, lan Rasul Pétrus. Piyé carané Yéhuwah nguwatké wong-wong kuwi, lan apa sing awaké dhéwé sinaoni saka pengalamané wong-wong kuwi? Jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi nggawé awaké dhéwé yakin nèk ”Pangéran Yéhuwah ana ing sacedhaké para wong kang rempu atiné” lan ”para wong kang pepes budiné padha dipitulungi”.​—Ms. 34:19.

YUSUF NGALAMI TUMINDAK ORA ADIL

3-4. Apa sing dialami karo Yusuf wektu isih enom?

3 Wektu kira-kira umur 17 taun, Yusuf éntuk mimpi loro saka Gusti Allah. Mimpi-mimpi kuwi nduduhké nèk Yusuf bakal dadi wong penting lan diajèni karo keluargané. (Pd. 37:5-10) Ning sakwisé éntuk mimpi kuwi, uripé Yusuf berubah. Yusuf diedol karo kakang-kakangé lan didadèkké budhak ing omahé pejabat Mesir sing jenengé Potifar. (Pd. 37:21-28) Uripé Yusuf cepet banget berubah. Awalé, dhèwèké disayang karo bapaké, ning saiki dadi budhak ing Mesir.​—Pd. 39:1.

4 Uripé Yusuf dadi tambah susah. Dhèwèké ditudhuh memperkosa bojoné Potifar. Potifar ora mriksa masalah kuwi, ning langsung nglebokké Yusuf ing penjara. Ing kono, dhèwèké diranté. (Pd. 39:14-20; Ms. 105:17, 18) Bayangna perasaané Yusuf wektu ditudhuh sing ora bener. Terus, pikirna pengaruhé kanggo jenengé Yéhuwah. Kuwi kabèh mesthi nggawé Yusuf ngrasa cilik ati.

5. Apa sing ditindakké Yusuf wektu ngrasa cilik ati?

5 Wektu dadi budhak lan akhiré dipenjara, Yusuf ora isa nindakké apa-apa kanggo ngubah keadaané. Apa sing ditindakké Yusuf wektu ngrasa cilik ati? Ketimbang fokus karo apa sing ora isa ditindakké, Yusuf sregep nindakké tugasé. Ning sing paling penting, Yusuf terus fokus kanggo nyenengké Yéhuwah. Merga nindakké kuwi, dhèwèké nampa berkah saka Yéhuwah.​—Pd. 39:21-23.

6. Apa sing nggawé Yusuf ngrasa dikuwatké?

6 Yusuf mungkin ya ngrasa dikuwatké merga mikirké mimpi-mimpiné. Mimpi-mimpi kuwi nduduhké nèk Yusuf isa ketemu manèh karo keluargané lan keadaané bakal berubah dadi luwih apik. Kuwi kabèh kelakon wektu umuré Yusuf 37 taun. Mimpi-mimpi kuwi kelakon nganggo cara sing luar biasa.​—Pd. 37:7, 9, 10; 42:6, 9.

7. Nurut 1 Pétrus 5:10, apa sing isa mbantu awaké dhéwé wektu ngadhepi tantangan?

7 Sing isa disinaoni. Awaké dhéwé ngerti nèk wong-wong ing jaman saiki kuwi jahat lan isa waé tumindak ora adil marang awaké dhéwé. Malah, para sedulur ya isa waé nggawé awaké dhéwé lara ati. Ning nèk percaya karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa tetep semangat lan ora mandheg ngabdi. (Ms. 62:7, 8; wacanen 1 Pétrus 5:10.) Élinga nèk Yusuf mungkin lagi umur 17 taun wektu Yéhuwah nduduhké rasa sayangé marang dhèwèké. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah percaya karo umaté sing isih enom. Jaman saiki, akèh cah enom sing kaya Yusuf. Cah-cah enom kuwi nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah. Ana sing dipenjara merga péngin tetep setya karo Gusti Allah.​—Ms. 110:3.

WONG WÉDOK LORO SING NGRASA SEDHIH BANGET

8. Apa sing dialami Naomi lan Rut?

8 Merga ana bencana kelaparan sing parah, Naomi lan keluargané pindhah saka Yudéa lan manggon ing Moab. Ing Moab, Élimèlèkh bojoné Naomi mati. Terus, anaké lanang loro nikah karo wong wédok Moab sing jenengé Rut lan Orpa. Kira-kira sepuluh taun sakwisé kuwi, bojoné Rut lan Orpa ya mati, padahal durung nduwé anak. (Rt. 1:1-5) Bayangna perasaané wong wédok telu kuwi. Sakjané Rut lan Orpa isa nikah manèh, ning sapa sing bakal ngopèni Naomi? Naomi mesthi ngrasa cilik ati nganti kandha, ”Aku bok aja kokarani Naomi, aranana Mara, amarga kang Mahakuwasa ngganjar pait-getir marang aku.” Bar kuwi, Naomi bali ing Bètléhèm dikancani karo Rut.​—Rt. 1:7, 18-20.

Gusti Allah mbuktèkké marang Naomi lan Rut nèk Dhèwèké isa mbantu umaté sing lagi sedhih lan cilik ati. Gusti Allah ya isa mbantu njenengan (Deloken paragraf 8-13) *

9. Nurut Rut 1:16, 17, 22, piyé carané Rut nguwatké Naomi?

9 Naomi isa ngrasa dikuwatké merga ana sing nduduhké rasa sayang marang dhèwèké. Misalé, Rut tetep ngancani Naomi merga sayang karo dhèwèké. (Wacanen Rut 1:16, 17, 22.) Ing Bètléhèm, Rut kerja njumputi biji-bijian kanggo dhèwèké lan Naomi. Hasilé, Rut dikenal dadi wong wédok sing sregep lan apikan.​—Rt. 3:11; 4:15.

10. Piyé carané Yéhuwah nduduhké rasa sayangé marang Naomi lan Rut?

10 Liwat hukumé, Yéhuwah nduduhké rasa sayangé marang wong-wong miskin kaya Naomi lan Rut. Yéhuwah ngongkon umaté sing lagi manèn kanggo ngejarké bagéan pinggir ladhang sing durung dipanèn bèn isa dijupuk karo wong-wong miskin. (Km. 19:9, 10) Naomi lan Rut ora perlu ngemis bèn éntuk panganan. Dadi, wong loro kuwi isa tetep nduwé harga diri.

11-12. Apa sing ditindakké Boaz sing nggawé Naomi lan Rut bahagia?

11 Rut kerja ing ladhangé Boaz. Boaz kuwi wong sing sugih. Boaz kagum karo Rut merga setya lan sayang karo ibu maratuwané, yaiku Naomi. Dadi, Boaz gelem tuku tanah warisan keluargané Naomi lan ndadèkké Rut bojoné. (Rt. 4:9-13) Rut lan Boaz akhiré nduwé anak sing dijenengi Obèd. Obèd kuwi mbahé Raja Daud.​—Rt. 4:17.

12 Bayangna perasaané Naomi wektu isa nggéndhong Obèd. Dhèwèké mesthi bersyukur banget marang Yéhuwah. Ning, ana berkah sing luwih nyenengké kanggo Naomi lan Rut. Wektu diuripké manèh, wong loro kuwi bakal ngerti nèk Obèd dadi nènèk moyangé Mésias sing Dijanjèkké, yaiku Yésus Kristus.

13. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Naomi lan Rut?

13 Sing isa disinaoni. Wektu ngadhepi masalah, mungkin awaké dhéwé ngrasa sedhih, utawa malah ngrasa cilik ati. Awaké dhéwé mungkin ya ora ngerti kudu piyé. Wektu ngalami kaya ngono, awaké dhéwé kudu percaya karo Yéhuwah lan tetep cedhak karo para sedulur. Pancèn, Yéhuwah durung mesthi ngilangi masalahé awaké dhéwé. Contoné, Yéhuwah ora nguripké manèh bojo lan anak-anaké Naomi. Ning, Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé, mungkin liwat para sedulur sing sayang karo awaké dhéwé.​—WB. 17:17.

WONG LÈWI SING MÈH WAÉ MANDHEG NGABDI

Sing nulis Jabur 73 mèh waé mandheg ngabdi merga iri karo wong-wong sing kétoké uripé kepénak, padahal wong-wong kuwi ora ngutamakké Yéhuwah. Kuwi ya isa awaké dhéwé alami (Deloken paragraf 14-16)

14. Apa sing nggawé salah siji wong Lèwi dadi ngrasa cilik ati?

14 Sing nulis Jabur 73 kuwi wong Lèwi. Dhèwèké nduwé kesempatan kanggo nglayani ing baité Yéhuwah. Ning, dhèwèké ya tau ngrasa cilik ati. Apa sebabé? Dhèwèké iri karo wong-wong sing jahat lan sombong, dudu merga kejahatané, ning merga wong-wong kuwi kétoké isa tetep urip kepénak. (Ms. 73:2-9, 11-14) Wong-wong kuwi kayané uripé nyaman lan ora ngrasa kuwatir. Kuwi nggawé sing nulis Jabur ngrasa cilik ati nganti dhèwèké kandha, ”Rak tanpa guna anggonku njaga resiking atiku, sarta anggonku wisuh tangan, minangka tandhaning tanpa kaluputan.” Kuwi nggawé dhèwèké mèh waé mandheg ngabdi.

15. Nurut Jabur 73:16-19, 22-25, piyé carané wong Lèwi sing nulis Jabur kuwi ora ngrasa cilik ati manèh?

15 Wacanen Jabur 73:16-19, 22-25. Wong Lèwi kuwi ”lumebu marang pasucèning Allah”. Ing kono, dhèwèké isa ngrenungké keadaané lan ndonga marang Gusti Allah, mungkin bareng karo wong-wong liyané sing lagi ngibadah marang Gusti Allah. Hasilé, dhèwèké dadi ngerti nèk sing dipikirké kuwi salah lan isa nggawé dhèwèké mandheg ngabdi. Dhèwèké akhiré ya isa nyimpulké nèk wong jahat kuwi ana ing ”panggènan ingkang lunyu” lan bakal ”tumpes margi saking pagiris”. Bèn ora iri lan cilik ati manèh, wong Lèwi kuwi kudu mikirké pandangané Yéhuwah. Merga nindakké kuwi, dhèwèké isa ngrasa damai lan bahagia. Wong Lèwi kuwi kandha, ”Wonten ing bumi kawula boten mélik [utawa, kepéngin] punapa-punapa kejawi Paduka.”

16. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané salah siji wong Lèwi?

16 Sing isa disinaoni. Aja nganti awaké dhéwé iri karo wong jahat sing uripé kétoké kepénak. Sing dirasakké wong-wong kuwi mung sementara. (Ko. 8:12, 13) Nèk iri karo wong-wong kuwi, awaké dhéwé isa dadi cilik ati lan mandheg ngabdi. Awaké dhéwé isa niru wong Lèwi bèn ora iri karo wong sing jahat. Awaké dhéwé kudu manut karo pathokané Gusti Allah lan tetep cedhak karo para sedulur. Nèk sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal bener-bener ngrasa bahagia lan nduwé harapan kanggo ”urip sing saktenané”.​—1 Tim. 6:19.

PÉTRUS NGRASA CILIK ATI MERGA KELEMAHANÉ

Awaké dhéwé isa éntuk manfaat lan isa mbantu wong liya nèk ngrenungké pengalamané Rasul Pétrus sing ora mandheg ngabdi senajan ngrasa cilik ati (Deloken paragraf 17-19)

17. Apa sebabé Pétrus dadi ngrasa cilik ati?

17 Rasul Pétrus kuwi wong sing semangat. Ning kadhang kala, dhèwèké ngomong utawa tumindak tanpa dipikir. Akibaté, dhèwèké tau gela karo omongan utawa tumindaké. Misalé, wektu Yésus ngomong karo para rasulé nèk dhèwèké bakal mati, Pétrus malah ngomong, ”Panjenengan ora bakal ngalami kuwi kabèh.” (Mat. 16:21-23) Bar kuwi, Pétrus dinaséhati karo Yésus. Wektu ana grombolan wong sing arep nangkep Yésus, Pétrus langsung nyabet kupingé salah siji budhaké imam agung. (Yoh. 18:10, 11) Terus, Pétrus dinaséhati karo Yésus manèh. Sakliyané kuwi, Pétrus ya tau ngomong nèk senajan para rasul liyané ninggalké Yésus, dhèwèké ora bakal nindakké kuwi. (Mat. 26:33) Ning, Pétrus malah ora ngakoni Yésus nganti ping telu merga wedi karo manungsa. Pétrus ngrasa cilik ati. Dhèwèké ”banjur metu lan nangis sesenggukan”. (Mat. 26:69-75) Pétrus mungkin mikir nèk Yésus ora bakal ngapura dhèwèké.

18. Piyé carané Yésus mbantu Pétrus bèn ora cilik ati manèh?

18 Ning, Pétrus ora terus-terusan ngrasa cilik ati. Sakwisé nindakké kesalahan, dhèwèké tetep nglayani Yéhuwah bareng karo para rasul liyané. (Yoh. 21:1-3; Kis. 1:15, 16) Apa sing mbantu Pétrus ora ngrasa cilik ati manèh? Salah sijiné yaiku merga Yésus tau ndongakké Pétrus bèn tetep nduwé iman. Yésus ngongkon Pétrus kanggo mertobat lan nguwatké para sedulur liyané. Yéhuwah njawab dongané Yésus. Terus, Yésus nemoni Pétrus kanggo nguwatké dhèwèké. (Luk. 22:32; 24:33, 34; 1 Kor. 15:5) Yésus ya nemoni para rasul liyané sakwisé para rasul kuwi nggolèk iwak sewengi muput. Wektu kuwi, Pétrus nduwé kesempatan kanggo nduduhké rasa sayangé marang Yésus. Yésus ngapura Pétrus lan mènèhi dhèwèké luwih akèh tugas.​—Yoh. 21:15-17.

19. Piyé Jabur 103:13, 14 mbantu awaké dhéwé bèn nduwé pandangan sing padha karo Gusti Allah soal kesalahan?

19 Sing isa disinaoni. Yésus ngapura Pétrus. Kuwi nduduhké nèk Yésus seneng ngapura kaya sing ditindakké Bapaké. Mula, awaké dhéwé aja mikir nèk ora bakal diapura karo Yéhuwah wektu awaké dhéwé nggawé kesalahan. Sétan péngin awaké dhéwé mikir kaya ngono. Mula, awaké dhéwé kudu nduwé pandangan sing padha karo Gusti Allah wektu awaké dhéwé utawa wong liya nggawé kesalahan.​—Wacanen Jabur 103:13, 14.

20. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

20 Pengalamané Yusuf, Naomi, Rut, salah siji wong Lèwi, lan Rasul Pétrus isa ngyakinké awaké dhéwé nèk ”Pangéran Yéhuwah ana ing sacedhaké para wong kang rempu atiné”. (Ms. 34:19) Kadhang kala, Yéhuwah ngejarké awaké dhéwé ngalami masalah lan ngrasa cilik ati. Ning, imané awaké dhéwé isa dikuwatké nèk ngendelké bantuané Yéhuwah. (1 Ptr. 1:6, 7) Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal sinau cara liyané Yéhuwah ndhukung umaté sing lagi cilik ati, mungkin merga nduwé kelemahan utawa ngadhepi keadaan angèl liyané.

LAGU 7 Yéhuwah Kekuwatanku

^ par. 5 Yusuf, Naomi, Rut, salah siji wong Lèwi, lan Rasul Pétrus tau ngrasa cilik ati. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau piyé carané Yéhuwah mènèhi penghiburan lan nguwatké wong-wong kuwi. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sing isa disinaoni saka pengalamané wong-wong kuwi lan saka carané Gusti Allah mbantu wong-wong kuwi.

^ par. 56 GAMBAR: Naomi, Rut, lan Orpa ngrasa sedhih lan cilik ati wektu ditinggal mati karo bojoné. Terus, Rut, Naomi, lan Boaz ngrasa bahagia wektu Obèd lair.