ARTIKEL PELAJARAN 9
Katresnan lan Keadilan ing Jamané Bangsa Israèl
”Panjenengané karenan marang kang bener lan adil; bumi kebak ing sih-kamurahaning Yéhuwah [”katresnané Yéhuwah sing langgeng”, Terjemahan Dunia Baru (NWT)].”—MS. 33:5.
LAGU 3 Kekuwatan, Pangarep-arep, Percayaku
ISINÉ ARTIKEL IKI *
1-2. (a) Apa sing mesthi dipéngini karo kabèh wong? (b) Awaké dhéwé isa yakin soal apa?
KABÈH wong mesthi péngin ditresnani lan nampa tumindak sing adil. Nèk awaké dhéwé ngalami tumindak sing ora adil lan ora ditresnani, awaké dhéwé isa waé dadi rumangsa ora berharga lan putus asa.
2 Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé péngin ditresnani lan nampa tumindak sing adil. (Ms. 33:5) Saka Hukum Musa *, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah nggatèkké lan nresnani awaké dhéwé. Dadi, wektu ngalami tumindak sing ora adil lan rumangsa ora ditresnani, awaké dhéwé isa dikuwatké nèk sinau saka Hukum Musa.
3. (a) Nurut Roma 13:8-10, apa sing isa disinaoni saka Hukum Musa? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?
3 Saka Hukum Musa, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah bener-bener nresnani awaké dhéwé. (Wacanen Roma 13:8-10.) Artikel iki bakal ngrembug conto-conto saka Hukum Musa lan njawab pitakonan-pitakonan iki: Apa buktiné nèk katresnan kuwi sing dadi dhasaré Hukum Taurat? Apa buktiné nèk Hukum Taurat mulang wong-wong bèn dadi adil? Apa sing kudu ditindakké wong-wong sing nduwé wewenang kanggo ngetrapké Hukum Taurat? Wong-wong sing kaya apa sing khususé dilindhungi karo Hukum Taurat? Jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi isa nguwatké, mènèhi harapan, lan nggawé awaké dhéwé saya akrab karo Yéhuwah.—Kis. 17:27; Rm. 15:4.
KATRESNAN SING DADI DHASARÉ
4. (a) Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah nggunakké katresnan kanggo dadi dhasaré Hukum Musa? (b) Rong préntah penting apa sing disebutké Yésus ing Matius 22:36-40?
4 Kabèh tumindaké Yéhuwah kuwi dhasaré katresnan. Mula, Yéhuwah ya nggunakké katresnan kanggo dadi dhasaré Hukum Musa. (1 Yoh. 4:8) Rong préntah penting sing dadi dhasaré Hukum Musa yaiku tresna marang Yéhuwah lan tresna marang wong liya. (Km. 19:18; PT. 6:5; wacanen Matius 22:36-40.) Dadi, awaké dhéwé isa sinau soal katresnané Yéhuwah saka kabèh isiné Hukum Musa. Ayo dirembug conto-contoné.
5-6. Yéhuwah péngin suami lan istri nindakké apa, lan Yéhuwah nggatèkké apa? Wènèhana conto.
5 Kudu setya marang bojo lan ngopèni anak-anak. Yéhuwah péngin suami lan istri padha-padha nresnani nganti saklawasé. (Pd. 2:24; Mat. 19:3-6) Wong sing laku jina kuwi tumindak jahat lan ora nresnani bojoné. Mula, préntah kepitu saka Sepuluh Préntah yaiku aja laku jina. (PT. 5:18) Laku jina kuwi dosa marang Yéhuwah lan tumindak sing kejem marang bojoné. (Pd. 39:7-9) Wong sing bojoné laku jina isa lara ati, mungkin malah nganti suwé banget.
6 Yéhuwah nggatèkké apa sing ditindakké wong lanang utawa wong wédok marang bojoné. Yéhuwah péngin wong lanang Israèl tumindak apik marang bojoné. Wong lanang sing manut karo Hukum Taurat bakal nresnani bojoné lan ora bakal megat bojoné mung merga alesan sing sepélé. (PT. 24:1-4; Mat. 19:3, 8) Ning, nèk ana masalah serius lan nganti kudu pegatan, sing lanang kudu mènèhi surat cerai. Surat kuwi isa nglindhungi wong wédok bèn ora ditudhuh laku jina. Sakliyané kuwi, sakdurungé mènèhké surat kuwi marang sing wédok, wong lanang kuwi kudu nemoni para tuwa-tuwa ing Israèl. Para tuwa-tuwa kuwi isa waé mbantu wong loro kuwi bèn ora sida pegatan. Wektu ana wong lanang Israèl sing megat bojoné merga mentingké kepentingané dhéwé, kadhang kala Yéhuwah ora nyegah. Ning, Yéhuwah nggatèkké wong wédok sing dipegat kuwi, lan mèlu ngrasakké kesusahan lan rasa sedhihé.—Ml. 2:13-16.
7-8. (a) Yéhuwah ngongkon wong tuwa nindakké apa? (Deloken gambar ing halaman 1.) (b) Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni?
7 Awaké dhéwé ya isa sinau saka Hukum Taurat nèk Yéhuwah péngin anak-anak ngrasa bahagia lan aman. Yéhuwah ngongkon wong tuwa nyedhiakké kebutuhané anak-anaké lan mbantu bèn anak-anaké isa akrab karo Yéhuwah. Wong tuwa perlu terus mbantu anak-anaké bèn nresnani Yéhuwah lan manut karo Hukumé. (PT. 6:6-9; 7:13) Yéhuwah ngukum wong-wong Israèl wektu wong-wong kuwi tumindak kejem marang anak-anaké. (Ym. 7:31, 33) Wong tuwa kudu nganggep anak-anak kuwi hadiah sing berharga saka Yéhuwah lan kudu diopèni.—Ms. 127:3.
8 Sing isa disinaoni: Yéhuwah nggatèkké apa sing ditindakké wong lanang utawa wong wédok marang bojoné. Yéhuwah péngin wong tuwa nresnani anak-anaké. Yéhuwah bakal ngukum wong tuwa sing tumindak kejem marang anak-anaké.
9-11. Apa alesané Yéhuwah nyedhiakké hukum sing nglarang umaté nduwé pepénginan marang duwèké wong liya?
9 Aja nduwé pepénginan marang PT. 5:21; Rm. 7:7) Saka préntah kuwi Yéhuwah péngin umaté njaga atiné, yaiku pikiran lan perasaané, merga tumindak sing jahat kuwi asalé saka pikiran lan perasaan sing jahat. (WB. 4:23) Nèk ana wong Israèl sing nduwé pikiran lan pepénginan sing salah, dhèwèké isa waé dadi tumindak jahat karo wong liya. Contoné Raja Daud. Sakjané Daud kuwi wong sing apik. Ning, dhèwèké péngin nduwèni bojoné wong liya lan akhiré nindakké dosa. (Yak. 1:14, 15) Daud laku jina, terus ngapusi lan akhiré matèni bojoné wong wédok kuwi.—2 Sa. 11:2-4; 12:7-11.
duwèké wong liya. Kuwi préntah sing terakhir saka Sepuluh Préntah. (10 Yéhuwah ngerti wektu ana wong Israèl sing nduwé pepénginan marang duwèké wong liya, merga Yéhuwah isa ngerti pikiran lan perasaané manungsa. (1 Bb. 28:9) Hukum sing nglarang pepénginan marang duwèké wong liya isa nyegah umaté Yéhuwah bèn ora nduwé pikiran lan tumindak jahat marang wong liya. Kuwi bukti nèk Yéhuwah Allah sing wicaksana lan apikan.
11 Sing isa disinaoni: Yéhuwah isa ndelok njero atiné manungsa. (1 Sa. 16:7) Yéhuwah isa ngerti apa waé sing awaké dhéwé pikirké, rasakké, lan tindakké. Yéhuwah nggatèkké sipat-sipat apiké awaké dhéwé lan péngin awaké dhéwé terus nindakké sing apik. Terus, Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé nyingkirké pikiran sing salah, bèn ora nganti nindakké dosa.—2 Bb. 16:9; Mat. 5:27-30.
HUKUM TAURAT NGATUR SOAL KEADILAN
12. Saka Hukum Musa, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?
12 Awaké dhéwé isa ngerti saka Hukum Musa nèk Yéhuwah seneng karo tumindak sing adil. (Ms. 37:28; Yé. 61:8) Yéhuwah mènèhi conto sing apik soal carané tumindak adil marang wong liya. Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong Israèl sing manut karo hukumé Yéhuwah sing adil. Ning, wong-wong kuwi bakal sengsara nèk ora manut. Gatèkna rong préntah liya saka Sepuluh Préntah iki.
13-14. Apa isiné rong préntah pertama saka Sepuluh Préntah, lan apa manfaaté nèk wong-wong Israèl manut karo hukum kuwi?
13 Ngabdi mung marang Yéhuwah. Nurut rong préntah pertama saka Sepuluh Préntah, wong-wong Israèl kudu ngabdi mung marang Yéhuwah lan ora éntuk nyembah allah-allah palsu. (Pa. 20:3-6) Hukum-hukum kuwi dudu kanggo kepentingané Yéhuwah, ning kanggo wong-wong Israèl dhéwé. Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong Israèl nèk wong-wong kuwi setya karo Yéhuwah. Ning, wong-wong kuwi bakal sengsara nèk nyembah allah-allah saka bangsa liya.
14 Wong-wong Kanaan ora nyembah Yéhuwah, Allah sing sejati, ning malah nyembah allah-allah palsu. Hasilé, wong-wong kuwi dadi bobrok moralé. (Ms. 115:4-8) Wong-wong kuwi nindakké sèks sing bejat lan ngorbanké anak-anaké wektu ngibadah. Dadi, wektu wong-wong Israèl ora manut karo Yéhuwah lan nyembah allah-allah palsu, moralé dadi bobrok lan keluargané sengsara. (2 Bb. 28:1-4) Wong-wong sing nduwé wewenang, sing kuduné manut karo pathokané Yéhuwah, malah nyalahgunakké wewenangé lan nindhes wong-wong sing lemah. (Yk. 34:1-4) Yéhuwah ngandhani wong-wong Israèl nèk Dhèwèké bakal ngukum wong-wong sing tumindak jahat marang wong wédok lan anak-anak. (PT. 10:17, 18; 27:19) Ning, wong-wong sing setya lan tumindak adil bakal diberkahi karo Yéhuwah.—1 Ra. 10:4-9.
15. Apa sing isa disinaoni soal Yéhuwah?
15 Sing isa disinaoni: Yéhuwah ora isa disalahké nèk ana wong sing ngaku dadi abdiné, ning ora manut karo hukumé lan nggawé umaté sengsara. Yéhuwah tresna lan perduli marang awaké dhéwé. Yéhuwah isa mèlu ngrasakké wektu awaké dhéwé sengsara, ngluwihi perasaané ibu marang bayiné. (Yé. 49:15) Yéhuwah mungkin ora langsung tumindak. Ning, Yéhuwah mesthi bakal ngukum wong jahat sing ora gelem mertobat.
PIYÉ CARANÉ NGETRAPKÉ HUKUM TAURAT?
16-18. Apa waé sing diatur ing Hukum Musa, lan apa sing isa awaké dhéwé sinaoni?
16 Hukum Musa ngatur cara uripé bangsa Israèl. Dadi, para tuwa-tuwa sing wis dilantik Yéhuwah kudu adil wektu ngakimi umaté Yéhuwah. Para tuwa-tuwa kuwi ora mung ngurusi soal ibadah, ning ya nduwé tanggung jawab kanggo ngurusi masalah-masalah liya. Apa waé contoné?
17 Nèk ana sing matèni wong liya, dhèwèké ora langsung dihukum mati. Para tuwa-tuwané Israèl bakal nyelidiki kasusé sakdurungé nemtokké hukuman mati. (PT. 19:2-7, 11-13) Para tuwa-tuwa ya ngurusi perkara-perkara sing liya, contoné sengkéta tanah utawa masalah perkawinan. (Pa. 21:35; PT. 22:13-19) Nèk para tuwa-tuwa adil lan wong-wong Israèl manut karo Hukum Taurat, bangsa kuwi bakal éntuk manfaat lan isa ngluhurké Yéhuwah.—Km. 20:7, 8; Yé. 48:17, 18.
18 Sing isa disinaoni: Yéhuwah nggatèkké cara uripé awaké dhéwé. Yéhuwah péngin awaké dhéwé dadi wong sing adil lan nresnani wong liya. Yéhuwah nggatèkké omongan lan tumindaké awaké dhéwé, senajan ora ana wong liya sing ngerti.—Ibr. 4:13.
19-21. (a) Apa sing kudu ditindakké para tuwa-tuwa lan hakim marang umaté Yéhuwah? (b) Apa buktiné nèk Hukum Musa kuwi isa nglindhungi wong-wong, lan apa sing isa awaké dhéwé sinaoni?
19 Yéhuwah péngin nglindhungi umaté saka pengaruhé bangsa-bangsa liya sing bobrok moralé. Mula, Yéhuwah ngongkon para tuwa-tuwa lan hakim ing Israèl kanggo ngetrapké Hukum Taurat tanpa pilih kasih. Wong-wong kuwi kudu bener-bener tumindak nganggo cara sing adil, ning ora éntuk kaku utawa kejem.—PT. 1:13-17; 16:18-20.
20 Yéhuwah mènèhi hukum sing isa nglindhungi wong-wong saka tumindak ora adil, merga Yéhuwah nresnani umaté. Contoné, Hukum Taurat nglindhungi wong-wong bèn ora kena tudhuhan palsu. Wong sing ditudhuh nduwé hak kanggo ngerti sapa sing nudhuh dhèwèké. (PT. 19:16-19; 25:1) Paling ora kudu ana loro seksi sing isa ngekèki bukti, sakdurungé wong kuwi isa dianggep salah. (PT. 17:6; 19:15) Piyé nèk ana sing nindakké kesalahan, ning mung ana siji seksi? Dhèwèké ora isa ngira nèk ora bakal dihukum. Yéhuwah ngerti apa sing dhèwèké tindakké. Ing keluarga, bapak nduwé wewenang, ning wewenangé kuwi ana batesé. Nèk ana masalah keluarga, kadhang kala sing nduwé tanggung jawab kanggo nggawé keputusan yaiku para tuwa-tuwa.—PT. 21:18-21.
21 Sing isa disinaoni. Kabèh tumindaké Yéhuwah kuwi mesthi adil. (Ms. 89:15) Yéhuwah mberkahi wong sing terus manut karo pathokan-pathokané lan ngukum wong-wong sing nyalahgunakké wewenangé. (2 Sa. 22:21-23; Yk. 9:9, 10) Mungkin ana sing nindakké kejahatan lan mikir nèk ora bakal kena hukuman. Ning, Yéhuwah mesthi bakal ngadili wong kuwi ing wektu sing ditemtokké. (WB. 28:13) Nèk ora mertobat, dhèwèké bakal ngerti nèk ”nampa hukuman saka Gusti Allah sing urip” kuwi ”medèni banget”.—Ibr. 10:30, 31.
SAPA SING KHUSUSÉ DILINDHUNGI KARO HUKUM TAURAT?
22-24. (a) Sapa sing khususé dilindhungi karo Hukum Taurat, lan apa sing isa disinaoni soal Yéhuwah? (b) Préntah apa sing dicathet ing Pangentasan 22:22-24?
22 Hukum Taurat nyebutké wong-wong sing khususé butuh dilindhungi, contoné para randha, anak yatim, lan wong-wong asing. Yéhuwah kandha karo para hakim ing Israèl, ”Kowé aja ngrampas haké PT. 24:17, Basa Jawi Padintenan) Yéhuwah perduli karo wong-wong sing pancèn butuh dilindhungi. Yéhuwah bakal ngukum wong-wong sing tumindak jahat marang wong-wong sing kaya ngono.—Wacanen Pangentasan 22:22-24.
wong manca lan bocah lola; sandhangané randha ora kena kanggo tanggungan.” (23 Hukum Taurat ya nglindhungi anggota keluarga merga hukum kuwi nglarang hubungan sèks karo keluargané dhéwé. (Km. 18:6-30) Bangsa-bangsa liya ngéntukké tumindak sing kaya ngono. Ning, bangsa Israèl kudu nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah, yaiku nganggep tumindak sing kaya ngono kuwi njijiki.
24 Sing isa disinaoni: Yéhuwah péngin wong-wong sing nduwé wewenang perduli lan tresna karo wong liya. Yéhuwah sengit karo tumindak sèks sing bejat. Yéhuwah péngin kabèh wong sing pancèn butuh dilindhungi isa éntuk perlindhungan lan keadilan.
HUKUM TAURAT KUWI ”BAYANGAN SAKA PERKARA-PERKARA APIK SING BAKAL TEKA”
25-26. (a) Apa sebabé katresnan lan keadilan isa diumpamakké kaya urip lan ambegan? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel keloro?
25 Katresnan lan keadilan isa diumpamakké kaya urip lan ambegan, loro-loroné ora isa dipisahké. Awaké dhéwé nresnani Yéhuwah merga yakin nèk Yéhuwah kuwi adil. Terus, nèk awaké dhéwé nresnani Yéhuwah lan pathokan-pathokané, awaké dhéwé ya bakal nresnani lan tumindak adil marang wong liya.
26 Perjanjian Hukum Musa mbantu wong-wong Israèl nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Ning, sakwisé Yésus mati, hukum kuwi diganti nganggo hukum sing luwih apik. (Rm. 10:4) Rasul Paulus kandha nèk Hukum Taurat kuwi ”bayangan saka perkara-perkara apik sing bakal teka”. (Ibr. 10:1) Awaké dhéwé bakal ngrembug artikel keloro saka sèri artikel soal apa buktiné Yéhuwah nggatèkké awaké dhéwé. Artikel kuwi bakal njelaské apa waé sing dimaksud perkara-perkara apik sing bakal teka lan piyé carané katresnan lan keadilan diduduhké ing jemaat Kristen.
LAGU 109 Katresnan sing Sejati saka Ati
^ par. 5 Iki artikel sing pertama saka patang sèri artikel sing ngrembug soal apa buktiné Yéhuwah nggatèkké awaké dhéwé. Telung sèri liyané bakal ana ing Warta Penting sasi Mei 2019. Artikel-artikel kuwi bakal ngrembug piyé carané katresnan lan keadilan diduduhké ing jemaat Kristen, piyé carané sipat-sipat kuwi isa nglindhungi anak-anak saka pelècèhan sèksual, lan piyé carané awaké dhéwé isa nggedhèkké atiné wong-wong sing dadi korban pelècèhan.
^ par. 2 KATRANGAN: Hukum Musa yaiku hukum sing diwènèhké Yéhuwah marang bangsa Israèl liwat Musa. Kuwi jumlahé ana luwih saka 600 lan biasané ya disebut ”Hukum Taurat” utawa ”préntah-préntah”. Sakliyané kuwi, limang bagéan pertama saka Alkitab, yaiku buku Purwaning Dumadi nganti Pangandharing Torèt, ya isa disebut ”Hukum Taurat”. Ning, istilah ”Hukum Taurat” ya isa digunakké kanggo nyebutké kabèh isiné Kitab-Kitab Ibrani.
^ par. 60 GAMBAR HALAMAN 1: Yéhuwah péngin anak-anak isa ngrasa aman, disayangi, lan diwulang karo wong tuwané
GAMBAR: Ana ibu ing Israèl sing omong-omongan karo anaké wédok wektu nyiapké panganan. Ing mburiné, bapaké lagi ngajari anaké lanang carané ngopèni wedhus.
^ par. 64 GAMBAR: Para tuwa-tuwa ing gerbang kutha lagi mbantu randha lan anaké sing ngalami tumindak ora adil saka pedagang ing kono.