Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 6

”Kepalané Saben Wong Wédok Kuwi Wong Lanang”

”Kepalané Saben Wong Wédok Kuwi Wong Lanang”

”Kepalané saben wong wédok kuwi wong lanang.”​—1 KOR. 11:3.

LAGU 13 Niru Tuladhané Yésus

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing kudu dipikirké sedulur wédok wektu milih pasangan?

WONG Kristen nduwé kepala utawa pemimpin sing sampurna, yaiku Yésus. Ning, sedulur wédok sing wis nikah dadi nduwé kepala utawa pemimpin sing ora sampurna, yaiku bojoné. Iki isa dadi tantangan. Mula, sedulur wédok sing péngin nikah isa mikirké iki, ’Apa wong lanang sing tak senengi kuwi isa dadi kepala keluarga sing apik? Apa dhèwèké ngutamakké ibadahé marang Yéhuwah? Nèk ora, apa sukmbèn dhèwèké bakal isa mbantu keluargané bèn cedhak karo Yéhuwah?’ Ning, ora mung kuwi sing kudu dipikirké. Dhèwèké ya kudu mikirké iki, ’Lha nèk aku dhéwé wongé piyé? Apa aku sabar lan apikan? Apa aku cedhak karo Yéhuwah?’ (Pkh. 4:9, 12) Nèk wong wédok nggawé keputusan sing bener wektu milih pasangan, sukmbèn dhèwèké isa bahagia wektu wis nikah.

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Sedulur-sedulur wédok sing manut lan ngajèni bojoné kuwi pantes dialem. Awaké dhéwé mesthi seneng merga isa nglayani Yéhuwah bareng karo sedulur-sedulur wédok sing kaya ngono. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug (1) Kenapa manut lan ngajèni suami isa waé angèl? (2) Kenapa istri kudu manut lan ngajèni bojoné? (3) Suami istri isa sinau apa saka Yésus, Abigail, lan Maria ibuné Yésus?

KENAPA MANUT LAN NGAJÈNI SUAMI ISA WAÉ ANGÈL?

3. Apa sebabé wong sing nikah bakal ngalami akèh kesusahan?

3 Perkawinan kuwi hadiah sing sampurna saka Gusti Allah. Ning merga manungsa ora sampurna, Alkitab kandha nèk wong sing nikah bakal ”ngalami akèh kesusahan”. (1 Yoh. 1:8; 1 Kor. 7:28) Saiki, gatèkna kenapa istri isa waé ngrasa nèk manut lan ngajèni bojoné kuwi angèl.

4. Apa sebabé ana istri sing ngrasa nèk dhèwèké bakal dirèmèhké nèk manut karo bojoné?

4 Merga latar belakangé, ana istri sing ngrasa nèk dhèwèké manut karo bojoné, dhèwèké bakal dirèmèhké. Marisol, sing manggon ing Amerika Serikat, kandha, ”Wong-wong ing dhaérah asalku kerep kandha nèk wong wédok kudu nduwé hak sing padha karo wong lanang. Pancèn, Yéhuwah ora seneng nèk wong lanang sak pénaké dhéwé karo bojoné. Ning, aku ya ngerti nèk Yéhuwah wis mènèhi wong lanang wewenang kanggo dadi kepala keluarga lan péngin bèn istri manut lan ngajèni bojoné. Kanggoku kuwi ora gampang, merga akèh wong ora nindakké kuwi.”

5. Pandhangan apa soal wong wédok sing ora cocog karo Alkitab?

5 Sakliyané kuwi, ana suami sing nganggep nèk wong wédok kuwi luwih rendah timbang wong lanang. Sedulur Ivon saka salah siji dhaérah ing Amerika Selatan kandha, ”Ing kéné, sing mangan sik kuwi wong lanang, bar kuwi lagi wong wédok. Biasané, cah-cah wédok bakal dikongkon masak lan resik-resik. Ning, cah-cah lanang bakal dianggep kaya raja lan dilayani karo ibuné lan mbakyu utawa adhiné wédok.” Sedulur Yingling saka Asia kandha, ”Ing kéné, ana peribahasa sing artiné wong wédok ora perlu pinter utawa nduwé ketrampilan. Tugasé wong wédok kuwi mung ngrampungké gawéan omah, lan wong wédok ya ora éntuk nyampèkké pendapaté marang bojoné.” Pandhangan sing kaya ngono kuwi ora cocog karo pathokané Alkitab. Nèk suami nduwé pandhangan kaya ngono, kuwi berarti dhèwèké ora sayang karo bojoné lan nggawé bojoné ora bahagia. Dhèwèké ya ora niru Yésus lan ora isa nyenengké Yéhuwah.—Éf. 5:28, 29; 1 Ptr. 3:7.

6. Piyé carané bèn para istri nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah?

6 Kaya sing wis disebutké ing artikel sakdurungé, Yéhuwah wis mènèhi tanggung jawab marang suami kanggo nyukupi kebutuhan keluargané, nggawé keluargané ngrasa disayangi, lan mbantu keluargané bèn nduwé iman sing kuwat. (1 Tim. 5:8) Senajan ngono, istri ya kudu sinau Alkitab lan ndonga saben dina. Iki isa waé ora gampang, merga istri biasané sibuk. Para istri mungkin ngrasa nèk wis kesel lan ora nduwé wektu manèh. Ning, para istri kudu tetep ngupaya kanggo sinau Alkitab lan ndonga, merga Yéhuwah péngin bèn saben wong, termasuk para istri, nduwé hubungan sing akrab karo Dhèwèké.​—Kis. 17:27.

7. Piyé bèn para istri isa luwih gampang manut lan ngajèni bojoné?

7 Pancèn, para istri kudu ngupaya tenanan bèn isa manut lan ngajèni bojoné. Kuwi bakal luwih gampang nèk para istri ngerti apa sebabé dhèwèké kudu manut lan ngajèni bojoné.

KENAPA ISTRI KUDU MANUT LAN NGAJÈNI BOJONÉ?

8. Nurut Éfésus 5:22-24, kenapa istri gelem manut lan ngajèni bojoné?

8 Istri gelem manut lan ngajèni bojoné merga kuwi préntahé Yéhuwah. (Wacanen Éfésus 5:22-24.) Dhèwèké percaya nèk kabèh préntahé Yéhuwah kuwi dhasaré katresnan lan mesthi ana manfaat kanggo dhèwèké.​—PT. 6:24; 1 Yoh. 5:3.

9. Apa manfaaté nèk sedulur wédok manut lan ngajèni bojoné?

9 Merga kepengaruh karo pandhangané wong-wong sing ora kenal karo Gusti Allah, ana wong-wong wédok sing ora gelem manut karo pathokané Yéhuwah. Wong-wong wédok kuwi ngrasa bakal dirèmèhké nèk manut karo bojoné. Ning, kaya bapak sing sayang karo anaké wédok, Yéhuwah ora bakal mènèhi préntah sing nggawé wong wédok dadi ngrasa dirèmèhké. Nèk sedulur wédok ngupaya tenanan bèn isa manut karo bojoné kaya sing dipréntahké Yéhuwah, keluargané bakal ayem. (Mzm. 119:165) Dadi, sing éntuk manfaat kuwi ora mung dhèwèké, ning ya bojoné lan anak-anaké.

10. Saka kata-katané Carol, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

10 Sing mènèhi wewenang marang suami bèn dadi kepala keluarga kuwi Yéhuwah. Dadi, istri sing manut lan ngajèni bojoné kuwi nduduhké nèk dhèwèké sayang lan ngajèni Yéhuwah. Carol saka Amerika Selatan kandha, ”Aku ngerti nèk bojoku isa nggawé kesalahan. Ning, merga aku sayang karo Yéhuwah, aku bakal tetep ngajèni bojoku senajan dhèwèké nggawé kesalahan. Dadi, aku ngupaya tetep manut lan ngajèni bojoku merga aku péngin nyenengké Yéhuwah.”

11. Kenapa Anis gelem ngapura bojoné, lan saka kata-katané Anis, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

11 Istri isa waé ngrasa nèk bojoné ora perduli karo perasaané. Nèk dhèwèké ngrasa kaya ngono, dhèwèké isa nganggep nèk manut lan ngajèni bojoné kuwi angèl. Sedulur wédok sing jenengé Anis ya tau ngrasa kaya ngono. Piyé carané dhèwèké isa ngatasi perasaané? Dhèwèké kandha, ”Aku ngupaya bèn ora gampang nesu. Aku ngerti nèk kabèh wong isa nggawé kesalahan. Aku péngin niru Yéhuwah sing seneng ngapura. Nèk aku wis ngapura bojoku, atiku dadi luwih ayem.” (Mzm. 86:5) Saka kata-katané Anis, awaké dhéwé isa ngerti nèk wong wédok sing seneng ngapura biasané luwih gampang manut lan ngajèni bojoné.

SINAU SAKA KISAH-KISAH SING DICATHET ING ALKITAB

12. Ing Alkitab ana akèh conto soal apa?

12 Ana sing nganggep nèk wong sing manut kuwi wong sing lemah. Ning kuwi ora bener. Ing Alkitab, ana akèh conto sing nduduhké nèk wong sing manut kuwi ora berarti dhèwèké wong sing lemah. Saiki, ayo ngrembug kisahé Yésus, Abigail, lan Maria.

13. Apa Yésus manut karo Yéhuwah merga dhèwèké ora pinter? Jelasna.

13 Yésus manut karo Yéhuwah. Ning, kuwi ora berarti nèk Yésus kuwi ora pinter utawa kurang trampil. Yésus kuwi pinter banget merga pas mulang, Yésus isa mbantu wong liya bèn isa paham karo apa sing diwulangké. (Yoh. 7:45, 46) Merga ngerti nèk Yésus pinter, mula Yéhuwah gelem kerja sama karo Yésus wektu nyiptakké kabèh sing ana ing swarga lan ing bumi. (WB. 8:30; Ibr. 1:2-4) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya wis masrahké ”kabèh wewenang ing swarga lan ing bumi” marang Yésus sakwisé Yésus diuripké manèh. (Mat. 28:18) Dadi senajan pinter, Yésus tetep manut karo Yéhuwah merga dhèwèké nresnani Bapaké.​—Yoh. 14:31.

14. Apa sing isa disinaoni suami saka (a) pandhangané Yéhuwah soal wong wédok? (b) Wulang Bebasan 31?

14 Pelajarané kanggo suami. Wektu Yéhuwah ngongkon istri manut karo suami, kuwi ora berarti Yéhuwah nganggep nèk wong wédok luwih rendah timbang wong lanang. Buktiné, sing dipilih bèn mréntah bareng Yésus kuwi ora mung wong lanang, ning ya wong wédok. (Gal. 3:26-29) Yéhuwah percaya karo Yésus lan mènèhi Yésus tugas-tugas sing penting. Kaya Yéhuwah, suami kudu percaya karo bojoné lan isa masrahké tugas-tugas sing penting marang bojoné. Misalé, Alkitab nyebutké nèk istri sing trampil isa diwènèhi tugas kanggo ngawasi gawéan omah, jual-beli tanah, utawa malah nduwé bisnis dhéwé. (Wacanen Wulang Bebasan 31:15, 16, 18.) Istri kuwi dudu budhak sing ora nduwé hak kanggo nyampèkké pendapaté. Suami kudu percaya lan gelem ngrungokké pendapaté bojoné. (Wacanen Wulang Bebasan 31:11, 26, 27.) Suami sing ora ngrèmèhké bojoné bakal nggawé bojoné luwih gampang manut karo dhèwèké.

Kaya Yésus sing manut karo Yéhuwah, istri sing trampil kudu tetep manut lan ngajèni bojoné (Deloken paragraf 15)

15. Piyé istri isa niru Yésus?

15 Pelajarané kanggo istri. Pancèn, Yésus wis berhasil nindakké akèh tugas sing penting. Ning, Yésus ora tau nganggep nèk manut karo Yéhuwah kuwi nggawé dhèwèké dadi nduwé kedudukan sing rendah. (1 Kor. 15:28; Flp. 2:5, 6) Kaya Yésus, istri sing trampil ya ora nganggep nèk manut karo bojoné kuwi berarti dhèwèké luwih rendah timbang bojoné. Istri gelem ndhukung bojoné dudu mung merga sayang karo bojoné, ning ya merga dhèwèké sayang lan ngajèni Yéhuwah.

Sakwisé mènèhi panganan kanggo Daud lan anak buahé, Abigail sujud lan njaluk bèn Daud ora balas dendam (Deloken artikel pelajaran 6, paragraf 16)

16. Nurut 1 Samuèl 25:3, 23-28, tantangan apa waé sing kudu diadhepi Abigail? (Deloken gambar ing halaman 1.)

16 Abigail nduwé bojo sing jenengé Nabal. Nabal kuwi wongé égois, sombong, lan ora nduwé rasa maturnuwun. Sakjané, Abigail nduwé kesempatan bèn isa bébas saka bojoné. Nèk gelem, Abigail isa waé ora nyegah wektu Daud lan anak buahé arep matèni Nabal. Ning, Abigail ora kaya ngono. Dhèwèké malah nglindhungi Nabal lan kabèh wong sing ana ing omahé. Pas nemoni Daud lan 400 anak buahé sing nggawa senjata, Abigail njaluk bèn Daud ora matèni Nabal lan kandha nèk dhèwèké waé sing tanggung jawab merga kesalahané bojoné. Kuwi bukti nèk Abigail wong wédok sing kendel. (Wacanen 1 Samuèl 25:3, 23-28.) Daud ngerti nèk Yéhuwah wis nggunakké Abigail kanggo mènèhi saran lan nyegah dhèwèké bèn ora nindakké kesalahan sing gedhé.

17. Saka kisahé Daud lan Abigail, apa pelajarané kanggo suami?

17 Pelajarané kanggo suami. Abigail kuwi wong wédok sing wicaksana. Merga ngrungokké sarané Abigail, Daud ora sida matèni wong-wong sing ora salah. Kaya Daud, suami ya kudu mikirké tenanan pendapaté bojoné sakdurungé nggawé keputusan sing penting. Pendapaté bojoné kuwi isa waé mbantu suami bèn ora nggawé keputusan sing salah.

18. Piyé istri isa niru Abigail?

18 Pelajarané kanggo istri. Nèk istri sayang lan ngajèni Yéhuwah, kuwi akèh manfaaté, termasuk nèk bojoné ora nglayani Yéhuwah utawa ora manut pathokané Alkitab. Dhèwèké ora bakal golèk-golèk cara bèn isa bébas saka bojoné. Malah, nèk dhèwèké tetep manut lan ngajèni bojoné, isa waé bojoné dadi gelem sinau soal Yéhuwah. (1 Ptr. 3:1, 2) Ning nèk akhiré bojoné tetep ora gelem nglayani Yéhuwah, istri sing ngupaya manut lan setya karo bojoné bakal nggawé Yéhuwah seneng.

19. Istri ora bakal manut karo bojoné nèk dikongkon apa?

19 Senajan péngin manut karo bojoné, ning istri ora bakal gelem nèk dikongkon bojoné nglanggar pathokané Alkitab. Misalé, nèk sedulur wédok nduwé bojo sing ora nglayani Yéhuwah lan bojoné ngongkon dhèwèké ngapusi, nyolong, utawa nglanggar pathokan Alkitab sing liyané, dhèwèké ora perlu manut bojoné. Kabèh wong Kristen, termasuk sedulur wédok sing bojoné ora nglayani Yéhuwah, kudu luwih manut karo Yéhuwah. Wektu njelaské karo bojoné kenapa kok dhèwèké ora gelem nglanggar pathokané Alkitab, istri kudu tegas ning ya tetep alus lan apikan.​—Kis. 5:29.

Deloken paragraf 20 *

20. Apa buktiné nèk Maria nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah?

20 Maria nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah. Buktiné, pas omong-omongan karo Èlisabèt ibuné Yohanes Pembaptis, Maria ngutip luwih saka 20 ayat saka Kitab-Kitab Ibrani. (Luk. 1:46-55) Iki nduduhké nèk Maria ngerti tenan isiné Kitab Suci. Sakliyané kuwi, pas arep ngandhani nèk Maria bakal nglairké Anaké Gusti Allah, malaékaté Yéhuwah ora nemoni Yusuf sik, ning langsung ngomong karo Maria. (Luk. 1:26-33) Yéhuwah mesthi bener-bener kenal karo Maria lan yakin nèk Maria bakal sayang lan ngopèni Anaké. Senajan Yésus wis mati lan wis diuripké manèh ing swarga, Maria ngupaya bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah.​—Kis. 1:14.

21. Saka kisahé Maria, apa pelajarané kanggo suami?

21 Pelajarané kanggo suami. Suami mesthi seneng nèk bojoné ngerti tenan isiné Alkitab. Wektu bojoné ngélingké soal pathokané Alkitab, dhèwèké ora bakal tersinggung utawa ngrasa nèk bojoné ora ngajèni dhèwèké. Sakjané, nèk istri ngerti tenan soal pathokané Alkitab, kuwi malah akèh manfaaté kanggo keluargané. Ning senajan istriné luwih pinter utawa pendidikané luwih dhuwur, sing nduwé tanggung jawab mbantu keluargané nduwé iman sing kuwat kuwi tetep suami.—Éf. 6:4.

Kaya Maria, istri ya kudu nyedhiakké wektu kanggo sinau Alkitab (Deloken paragraf 22) *

22. Piyé istri isa niru Maria?

22 Pelajarané kanggo istri. Senajan mbantu keluarga bèn cedhak karo Yéhuwah kuwi tugasé suami, ning istri ya perlu ngupaya bèn cedhak karo Yéhuwah lan nduwé iman sing kuwat. (Gal. 6:5) Mula, istri kudu nyedhiakké wektu kanggo sinau Alkitab. Hasilé, dhèwèké bakal luwih sayang lan ngajèni Yéhuwah. Dhèwèké ya bakal luwih gampang manut lan ngajèni bojoné.

23. Apa waé manfaaté nèk istri manut lan ngajèni bojoné?

23 Istri sing manut lan ngajèni bojoné bakal luwih puas lan bahagia. Istri sing kaya ngono ya dadi conto sing apik kanggo cah-cah enom. Sakliyané kuwi, dhèwèké isa nggawé keluargané dadi ayem lan jemaat ya isa rukun. (Tit. 2:3-5) Saiki, umaté Yéhuwah kuwi akèh-akèhé wong wédok. (Mzm. 68:11) Ning, ora soal lanang utawa wédok, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn jemaat isa tetep rukun. Piyé carané? Artikel kanggo minggu ngarep bakal ngrembug soal kuwi.

LAGU 131 Sing Yah Dadèkké Siji

^ par. 5 Yéhuwah péngin bèn istri manut lan ngajèni bojoné. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané istri isa manut lan ngajèni bojoné. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé suami istri isa sinau saka Yésus lan wong-wong wédok sing kisahé dicathet ing Alkitab.

^ par. 68 GAMBAR: Pas omong-omongan karo Èlisabèt ibuné Yohanes Pembaptis, Maria ngutip ayat-ayat saka Kitab-Kitab Ibrani.

^ par. 70 GAMBAR: Istri nyedhiakké wektu kanggo sinau Alkitab bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah.