Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 8

Tetep Bahagia Senajan Ana Tantangan

Tetep Bahagia Senajan Ana Tantangan

”Sedulur-sedulurku, kowé kudu bahagia nèk kowé ngadhepi akèh kesusahan.”​—YAK. 1:2.

LAGU 111 Bungah Dadi Umaté Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Nurut Matius 5:11, piyé kuduné sikapé awaké dhéwé wektu ana tantangan?

YÉSUS janji nèk murid-muridé bakal bener-bener bahagia. Ning, Yésus ya ngandhani nèk murid-muridé ya bakal ngadhepi tantangan. (Mat. 10:22, 23; Luk. 6:20-23) Pancèn, awaké dhéwé bahagia merga dadi muridé Yésus. Ning, nèk awaké dhéwé ditentang karo keluarga, dianiaya karo pamréntah, utawa dipeksa nindakké apa sing salah karo kanca kerja utawa kanca sekolah, awaké dhéwé isa ngrasa kuwatir utawa wedi.

2 Akèh wong mikir nèk wong sing lagi ngadhepi tantangan ora bakal isa bahagia. Ning, Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu bahagia wektu ngadhepi tantangan. Misalé, Rasul Yakobus nulis nèk awaké dhéwé ora éntuk nyerah lan kudu tetep bahagia wektu ngadhepi tantangan. (Yak. 1:2, 12) Yésus ya kandha nèk awaké dhéwé kuduné tetep bahagia wektu dianiaya. (Wacanen Matius 5:11.) Ning, piyé carané? Awaké dhéwé bakal ngerti jawabané nèk ngrembug beberapa naséhat ing suraté Yakobus kanggo wong-wong Kristen ing jamané para rasul. Saiki, ayo dirembug dhisik tantangan apa waé sing diadhepi wong-wong Kristen kuwi.

TANTANGAN SING DIADHEPI WONG-WONG KRISTEN ING JAMANÉ PARA RASUL

3. Apa sing kelakon sakwisé Yakobus dadi wong Kristen?

3 Wong-wong Kristen ing Yérusalèm mulai dianiaya ora suwé sakwisé Yakobus adhiné Yésus dadi wong Kristen. (Kis. 1:14; 5:17, 18) Terus, sakwisé Stéfanus dipatèni, akèh wong Kristen sing ”mlayu menyang dhaérah Yudéa lan Samaria”. Malah, ana sing nganti tekan Siprus lan Antiokhia. (Kis. 7:58–8:1; 11:19) Senajan ngalami akèh masalah, ning wong-wong Kristen kuwi tetep semangat martakké kabar apik ing endi-endi. Wong-wong kuwi mbantu akèh wong dadi wong Kristen nganti ana jemaat-jemaat ing dhaérah kekuasaané wong Romawi. (1 Ptr. 1:1) Ning, wong-wong Kristen kuwi kudu ngadhepi tantangan liyané manèh.

4. Tantangan apa manèh sing kudu diadhepi wong-wong Kristen ing jamané para rasul?

4 Kira-kira ing taun 50 M, Kaisar Klaudius mréntahké wong Yahudi ninggalké Roma. Akibaté, kabèh wong Yahudi, termasuk sing wis dadi Kristen, kudu ninggalké omahé lan pindhah ing panggonan liya. (Kis. 18:1-3) Terus, kira-kira taun 61 M, Rasul Paulus nulis nèk wong-wong Kristen padha diécé, dipenjara, lan hartané dirampas. (Ibr. 10:32-34) Sakliyané kuwi, wektu kuwi ya ana wong-wong Kristen sing lara utawa mlarat. (Rm. 15:26; Flp. 2:25-27) Dadi, wong-wong Kristen wektu kuwi pancèn ngadhepi akèh tantangan.

5. Pitakonan apa waé sing bakal dijawab?

5 Yakobus nulis suraté sakdurungé taun 62 M. Wektu nulis suraté, Yakobus ngerti tenan kabèh sing wis dialami wong-wong Kristen wektu kuwi. Yéhuwah nuntun Yakobus kanggo ngandhani wong-wong Kristen wektu kuwi carané isa tetep bahagia senajan ngadhepi tantangan. Pas ngrembug suraté Yakobus, awaké dhéwé bakal njawab pitakonan-pitakonan iki: Kenapa wong Kristen isa tetep bahagia senajan ngadhepi tantangan? Apa sing isa nggawé wong Kristen dadi ora bahagia? Apa sebabé awaké dhéwé butuh kawicaksanan, iman, lan sipat kendel bèn isa tetep bahagia?

SING NGGAWÉ WONG KRISTEN BAHAGIA

Kaya geni sing tetep murub ing njeroné lampu téplok, wong Kristen ya isa tetep bahagia senajan ana tantangan (Deloken paragraf 6)

6. Kenapa Lukas 6:22, 23 kandha nèk wong Kristen isa bahagia wektu ngalami tantangan?

6 Akèh wong mikir nèk wong lagi isa bahagia nèk awaké séhat, dhuwité akèh, lan keluargané rukun. Ning ora soal piyé keadaané, awaké dhéwé isa tetep bahagia nèk dituntun roh suci. (Gal. 5:22) Wong Kristen isa bener-bener bahagia merga ngerti nèk dhèwèké wis nyenengké Yéhuwah lan niru Yésus. (Wacanen Lukas 6:22, 23; Kol. 1:10, 11) Wong Kristen sing tetep bahagia kuwi kaya geni sing ana ing njeroné lampu téplok utawa lampu minyak. Geni kuwi tetep murub senajan ana angin utawa udan. Kaya geni kuwi, wong Kristen ya isa tetep bahagia senajan lagi lara, ora nduwé dhuwit, utawa ditentang karo keluargané. Malah, nèk awaké dhéwé disengiti wong liya merga dadi umaté Yéhuwah, awaké dhéwé bakal luwih bahagia merga kuwi bukti nèk awaké dhéwé muridé Yésus sing sejati. (Mat. 10:22; 24:9; Yoh. 15:20) Mula, Yakobus isa kandha, ”Sedulur-sedulurku, kowé kudu bahagia nèk kowé ngadhepi akèh kesusahan.”​—Yak. 1:2.

Kenapa tantangan isa dipadhakké kaya prosès nggawé pedhang? (Deloken paragraf 7) *

7-8. Apa sebabé tantangan isa nggawé iman dadi tambah kuwat?

7 Yakobus ngandhani apa sebabé wong Kristen gelem ngadhepi tantangan. Dhèwèké kandha, ”Imanmu sing wis diuji kuwi isa nggawé kowé dadi sabar.” (Yak. 1:3) Tantangan sing nguji imané awaké dhéwé kuwi isa dipadhakké kaya prosès nggawé pedhang. Wesi isa dadi pedhang sing kuwat sakwisé dipanaské nganggo geni. Imané awaké dhéwé ya isa dadi tambah kuwat sakwisé ngadhepi tantangan. Mula, Yakobus kandha, ”Nèk kowé terus sabar, kowé bakal bener-bener nglatih awakmu dhéwé bèn kowé dadi sampurna lan ora kurang apa-apa.” (Yak. 1:4) Merga ngerti nèk tantangan isa nggawé iman tambah kuwat, awaké dhéwé mesthi bakal tetep sabar lan bahagia wektu ngadhepi tantangan.

8 Ing suraté, Yakobus ya ngandhani nèk ana sing isa nggawé wong Kristen dadi ora bahagia. Apa waé kuwi, lan piyé carané ngatasi?

TANTANGAN SING ISA NGGAWÉ ORA BAHAGIA

9. Apa sebabé awaké dhéwé butuh kawicaksanan?

9 Tantangan: Ora ngerti kudu piyé. Pas ngadhepi tantangan, awaké dhéwé péngin njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa nggawé keputusan sing bener. Hasilé, awaké dhéwé isa tetep setya, nguwatké sedulur-sedulur, lan nyenengké Yéhuwah. (Yér. 10:23) Mula, awaké dhéwé butuh kawicaksanan bèn isa ngerti kudu piyé lan ngerti apa sing kudu diomongké marang wong sing nentang awaké dhéwé. Nèk ora ngerti kudu piyé, awaké dhéwé isa cilik ati lan ora bahagia.

10. Nurut Yakobus 1:5, piyé carané bèn isa éntuk kawicaksanan?

10 Carané ngatasi: Njaluk kawicaksanan saka Yéhuwah. Wektu ngadhepi tantangan, awaké dhéwé kudu ndonga njaluk kawicaksanan bèn isa nggawé keputusan sing apik. (Wacanen Yakobus 1:5.) Hasilé, awaké dhéwé bakal tetep bahagia. Kata ”njaluk” ing ayat kuwi ya isa diterjemahké dadi ”terus njaluk”. Dadi, nèk kétoké dongané awaké dhéwé durung dijawab, awaké dhéwé kudu terus njaluk marang Yéhuwah. Yéhuwah ora bakal nesu lan malah ’murah hati wektu mènèhi’ kawicaksanan. (Mzm. 25:12, 13) Yéhuwah ngerti wektu awaké dhéwé ngadhepi tantangan, lan Yéhuwah sedhih wektu awaké dhéwé susah. Yéhuwah ya péngin mbantu awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi seneng merga Yéhuwah nggatèkké awaké dhéwé. Ning, piyé carané Yéhuwah mènèhi kawicaksanan?

11. Bèn isa éntuk kawicaksanan, apa manèh sing kudu ditindakké?

11 Yéhuwah mènèhi kawicaksanan liwat Alkitab. (WB. 2:6) Mula, bèn isa wicaksana, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab lan bacaan-bacaan saka organisasiné Yéhuwah. Yakobus kandha, ”Tumindakmu kudu sesuai karo omongané Gusti Allah, aja mung ngrungokké thok.” (Yak. 1:22) Dadi, sakwisé sinau, awaké dhéwé ya kudu ngetrapké apa sing wis disinaoni. Hasilé, awaké dhéwé bakal dadi wong sing seneng rukun, seneng ngalah, lan gampang mesakké. (Yak. 3:17) Sipat-sipat kuwi bakal nggawé awaké dhéwé isa tetep bahagia senajan ngadhepi tantangan.

12. Apa manfaaté nèk ngerti tenan soal Alkitab?

12 Ngerti tenan soal Alkitab kuwi akèh manfaaté. Apa sebabé? Wong sing maca Alkitab kuwi isa dipadhakké kaya wong sing lagi ngaca. Dhèwèké dadi ngerti apa sing kudu diupayakké lan sipat-sipat apa sing kudu diubah. (Yak. 1:23-25) Misalé, sakwisé sinau Alkitab, awaké dhéwé mungkin dadi ngerti nèk kudu ngupaya bèn ora gampang nesu. Terus, Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé tetep sabar wektu ana sing nggawé awaké dhéwé nesu. Merga awaké dhéwé sabar, hasilé mesthi dadi luwih apik. Awaké dhéwé ora bakal grusa-grusu lan isa nggawé keputusan sing luwih apik.​—Yak. 3:13.

13. Kenapa awaké dhéwé kudu ngrenungké pengalamané tokoh-tokoh Alkitab?

13 Biasané, awaké dhéwé lagi ngerti apa sing bener sakwisé nggawé kesalahan. Ning, sakjané ana cara sing luwih apik bèn isa dadi wong sing wicaksana, yaiku sinau saka pengalamané wong liya. Kuwi sebabé, Yakobus ngongkon awaké dhéwé ngrenungké pengalamané tokoh-tokoh Alkitab, kaya Abraham, Rahab, Ayub, lan Èlia. (Yak. 2:21-26; 5:10, 11, 17, 18) Wong-wong kuwi wis berhasil ngadhepi tantangan sing isa nggawé ora bahagia. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé bèn berhasil wektu ngadhepi tantangan.

14-15. Kenapa perasaan ragu-ragu kudu dilawan?

14 Tantangan: Perasaan ragu-ragu. Mungkin, awaké dhéwé ngrasa nèk ana ayat-ayat ing Alkitab sing angèl dipahami. Sakliyané kuwi, carané Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé mungkin ora padha kaya sing awaké dhéwé karepké. Nèk kuwi kelakon, kuwi isa nggawé ragu-ragu. Terus, nèk perasaan kuwi ora dilawan, suwé-suwé kuwi isa ngrusak iman lan hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. (Yak. 1:7, 8) Akibaté, awaké dhéwé ya bakal ora nduwé harapan kanggo masa depan.

15 Rasul Paulus madhakké harapan kaya jangkar. (Ibr. 6:19) Pas ana badai, jangkar bakal nggawé kapal ora hanyut lan ora nabrak watu karang. Ning, nèk ranténé pedhot, jangkaré ya ora ana gunané. Kaya karat sing isa ngrusak ranté, perasaan ragu-ragu ya isa ngrusak iman. Wektu ana tantangan, wong sing ragu-ragu bakal ora nduwé iman karo janjiné Yéhuwah. Merga ora nduwé iman, akhiré dhèwèké dadi ora nduwé harapan. Yakobus kandha nèk wong sing ragu-ragu kuwi kaya ”ombaké laut sing mrana-mréné merga diterjang angin”. (Yak. 1:6) Wong sing kaya ngono kuwi mesthi ora bakal bahagia.

16. Apa sing kudu ditindakké nèk ragu-ragu?

16 Carané ngatasi: Nglawan perasaan ragu-ragu lan nguwatké iman. Wong Israèl ing jamané Nabi Èlia ora isa mutuské arep ngabdi marang Yéhuwah apa marang Baal. Mula, Èlia kandha, ”Nganti kapan kowé bakal mlaku pincang? Nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener, etutna Dhèwèké. Ning nèk Baal sing bener, ya etutna Baal!” (1 Raj. 18:21) Kaya sing diomongké Èlia, awaké dhéwé ya kudu cepet-cepet nglawan perasaan ragu-ragu. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu nggolèk katrangan luwih akèh bèn isa yakin nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener, Alkitab kuwi saka Gusti Allah, lan Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi umaté Gusti Allah. (1 Tés. 5:21) Hasilé, awaké dhéwé ora bakal ragu-ragu manèh, lan imané awaké dhéwé bakal dadi saya kuwat. Nèk butuh bantuan kanggo ngatasi perasaan ragu-ragu, njenengan isa njaluk tulung para pinituwa. Dadi, perasaan ragu-ragu kudu cepet-cepet dilawan bèn awaké dhéwé isa tetep bahagia nglayani Yéhuwah.

17. Apa akibaté nèk ora nduwé semangat utawa wedi?

17 Tantangané: Ora semangat utawa wedi. Alkitab kandha, ”Nèk kowé ora nduwé semangat pas ngalami kesusahan, kekuwatanmu bakal entèk.” (WB. 24:10) Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”ora nduwé semangat”, kuwi ya isa berarti ngrasa wedi. Nèk wedi, awaké dhéwé ora bakal isa ngadhepi tantangan, lan kuwi bakal nggawé awaké dhéwé ora bahagia.

18. Sabar kuwi maksudé apa?

18 Carané ngatasi: Njaluk bantuané Yéhuwah bèn kendel lan sabar. Awaké dhéwé kudu kendel bèn isa sabar. (Yak. 5: 11) Kok isa? Kata ”sabar” sing digunakké Yakobus kuwi maksudé ora nyerah wektu ana tantangan. Kuwi isa dipadhakké kaya prajurit sing tetep ngadeg ing panggonané lan ora mlayu wektu diserang mungsuh. Bèn isa kaya ngono, prajurit kuwi kudu kendel. Dadi, awaké dhéwé ya butuh sipat kendel bèn isa tetep sabar wektu ngadhepi tantangan.

19. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Rasul Paulus?

19 Rasul Paulus kuwi conto sing apik kanggo awaké dhéwé merga dhèwèké kuwi kendel lan sabar. Kadhang, Paulus ya isa ngrasa lemah. Ning, Paulus isa sabar wektu ngadhepi tantangan merga njaluk kekuwatan saka Yéhuwah. (2 Kor. 12:8-10; Flp. 4:13) Bèn isa kendel lan sabar kaya Paulus, awaké dhéwé kudu rendah hati lan njaluk kekuwatan saka Yéhuwah.​—Yak. 4:10.

NYEDHAK MARANG GUSTI ALLAH BÈN BAHAGIA

20-21. Awaké dhéwé isa yakin soal apa?

20 Tantangan sing awaké dhéwé adhepi kuwi dudu hukuman saka Yéhuwah. Yakobus ngyakinké awaké dhéwé, ”Wektu ngalami kesusahan, aja kandha, ’Aku lagi diuji karo Gusti Allah.’ Gusti Allah ora isa diuji nganggo apa sing jahat, lan Dhèwèké ya ora nguji sapa waé nganggo apa sing jahat.” (Yak. 1:13) Nèk yakin karo kata-kata kuwi, awaké dhéwé isa saya cedhak karo Yéhuwah.​—Yak. 4:8.

21 Yéhuwah kuwi ”ora berubah”. (Yak. 1:17) Nèk Yéhuwah mbantu wong-wong Kristen ing jamané para rasul bèn isa ngadhepi tantangan, Yéhuwah ya bakal mbantu awaké dhéwé. Awaké dhéwé kudu ndonga marang Yéhuwah bèn isa wicaksana, nduwé iman, lan kendel. Yéhuwah ya bakal njawab dongané awaké dhéwé. Hasilé, awaké dhéwé isa yakin nèk bakal tetep bahagia senajan ana tantangan.

LAGU 128 Setya Nganti Pungkasan

^ par. 5 Ing buku Yakobus, ana akèh naséhat sing isa mbantu awaké dhéwé wektu ngadhepi tantangan. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug beberapa naséhat sing ditulis ing buku Yakobus. Kuwi bakal mbantu awaké dhéwé tetep bahagia senajan ana tantangan.

^ par. 59 GAMBAR: Sedulur lanang sing dicekel polisi pas ing omahé. Ing kono, ana bojoné lan anaké wédok. Pas sedulur kuwi dipenjara, ana sedulur liya sing ngejak anak lan bojoné ngibadah bareng. Bojoné lan anaké wédok kerep ndonga njaluk kekuwatan saka Yéhuwah bèn isa sabar. Yéhuwah mbantu bèn wong loro kuwi isa tetep tenang lan kendel. Hasilé, wong loro kuwi imané dadi luwih kuwat lan tetep bahagia senajan ngadhepi tantangan.