Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 2

Awaké Dhéwé Isa Nguwatké Wong Liya

Awaké Dhéwé Isa Nguwatké Wong Liya

”Sedulur-sedulur kuwi sing nyambut gawé bareng karo aku demi Kratoné Allah, lan sedulur-sedulur kuwi dadi sumber panglipuran kanggoku.”​—KOL. 4:11.

LAGU 90 Nguwatké Siji lan Sijiné

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kesusahan apa waé sing dialami karo para abdiné Yéhuwah?

SAIKI, ana akèh abdiné Yéhuwah sing butuh dikuwatké merga ngalami keadaan sing nggawé sedhih lan susah. Misalé, mungkin ana sing lara parah utawa ditinggal mati karo wong sing ditresnani. Ana sing keluargané utawa kancané wis ora setya manèh marang Yéhuwah. Sakliyané kuwi, ana sing dadi korban bencana alam. Apa ana sedulur-sedulur sing butuh dikuwatké ing jemaaté njenengan? Piyé carané mbantu para sedulur kuwi?

2. Apa sebabé Rasul Paulus kadhang kala ya butuh dikuwatké?

2 Rasul Paulus kerep ngalami keadaan sing berbahaya. (2 Kor. 11:23-28) Paulus ya nduwé ”eri ing njero daging”. Isa waé kuwi maksudé dhèwèké nduwé masalah keséhatan. (2 Kor. 12:7) Paulus ya tau ngrasa kecéwa wektu Démas ninggalké Paulus merga Démas ”nresnani donya iki”. (2 Tim. 4:10) Senajan Paulus kuwi muridé Yésus sing kendel, seneng mbantu wong liya, lan dipilih munggah swarga, ning kadhang kala dhèwèké ya isa ngrasa cilik ati.​—Rm. 9:1, 2.

3. Piyé carané Yéhuwah nguwatké lan mbantu Paulus?

3 Piyé carané Yéhuwah nguwatké lan mbantu Paulus? Sing pertama, Yéhuwah nggunakké roh suciné. (2 Kor. 4:7; Flp. 4:13) Sing keloro, Yéhuwah nggunakké para sedulur seiman. Paulus nyritakké nèk ana sedulur-sedulur sing dadi ”sumber panglipuran” kanggo dhèwèké. (Kol. 4:11) Contoné yaiku Aristarkhus, Tikhikus, lan Markus. Para sedulur kuwi nguwatké Paulus bèn Paulus isa tetep setya. Apa sing isa disinaoni saka para sedulur kuwi? Piyé carané awaké dhéwé isa niru contoné para sedulur kuwi?

ARISTARKHUS—KANCA SING SEJATI

Kaya Aristarkhus, awaké dhéwé isa dadi kanca sing sejati nèk gelem ngancani para sedulur ora mung pas seneng thok, ning ya pas lagi susah (Deloken paragraf 4-5) *

4. Apa buktiné nèk Aristarkhus kuwi kanca sing sejati kanggo Paulus?

4 Aristarkhus kuwi wong Makédonia sing asalé saka Tésalonika. Alkitab nyritakké nèk Aristarkhus ngancani Paulus wektu mara ing Éfésus pas perjalanan utusan injilé Paulus sing ketelu. Ing kono, Aristarkhus dicekel karo wong akèh sing nentang gawéan nginjil. (Kis. 19:29) Sakwisé dibébaské, Aristarkhus ora ninggalké Paulus. Pirang-pirang sasi sakwisé kuwi, Aristarkhus isih ngancani Paulus ing Yunani. Padahal wektu kuwi ana wong-wong sing nggawé rencana jahat kanggo matèni Paulus. (Kis. 20:2-4) Terus, kira-kira ing taun 58 M, Aristarkhus ngancani Paulus sing wektu kuwi dadi tahanan lan digawa menyang Roma. Ing perjalanan, Aristarkhus lan Paulus ngalami karam kapal. (Kis. 27:1, 2, 41) Kétoké sakwisé tekan Roma, Aristarkhus dipenjara bareng karo Paulus. (Kol. 4:10) Paulus mesthi ngrasa dikuwatké merga nduwé kanca sing sejati kaya Aristarkhus.

5. Nurut Wulang Bebasan 17:17, piyé carané bèn awaké dhéwé isa dadi kanca sing sejati?

5 Kaya Aristarkhus, awaké dhéwé ya isa dadi kanca sing sejati kanggo para sedulur. Awaké dhéwé gelem ngancani para sedulur ora mung pas seneng thok, ning ya pas lagi susah. (Wacanen Wulang Bebasan 17:17.) Malah, ana sedulur-sedulur sing isih butuh dikuwatké senajan keadaan sing nggawé sedhih kuwi wis berlalu. Contoné, ana sedulur sing jenengé Fransiska * sing wong tuwané lara kanker. Terus, bapaké mati lan telung sasi sakwisé kuwi ibuné ya mati. Fransiska kandha, ”Senajan wong tuwaku matiné wis suwé, ning aku isih ngrasa sedhih banget. Aku bersyukur merga ana kanca-kanca sejati sing ngertèni perasaanku.”

6. Apa sing bakal ditindakké karo kanca-kanca sing sejati?

6 Kanca-kanca sing sejati ya gelem nggawé pengorbanan bèn isa nguwatké wong liya. Gatèkna pengalamané salah siji sedulur sing jenengé Philip. Dhèwèké lara parah lan dokteré ngomong nèk umuré wis ora suwé manèh. Bojoné, sing jenengé Karina, kandha, ”Wektu bojoku dikandhani dokter soal penyakité, ana pasangan suami istri saka jemaatku sing ngancani aku lan bojoku. Para sedulur kuwi terus ngancani lan siap mbantu wektu aku lan bojoku butuh bantuan.” Awaké dhéwé mesthi bakal ngrasa dikuwatké nèk nduwé kanca-kanca sing kaya ngono.

TIKHIKUS—KANCA SING ISA DIPERCAYA

Kaya Tikhikus, awaké dhéwé isa dadi kanca sing isa dipercaya wektu ana sedulur sing butuh bantuan (Deloken paragraf 7-9) *

7-8. Nurut Kolose 4:7-9, apa buktiné nèk Tikhikus dadi kanca sing isa dipercaya?

7 Tikhikus kuwi asalé saka provinsi Asia. Dhèwèké kuwi kanca sing isa dipercaya karo Paulus. (Kis. 20:4) Kira-kira ing taun 55 M, Paulus ngatur bèn ana sumbangan sing dikumpulké kanggo para sedulur ing Yudéa. Kétoké Tikhikus ya dikèki tugas kanggo mbantu. (2 Kor. 8:18-20) Terus, wektu Paulus pertama kali dipenjara ing Roma, Tikhikus mbantu ngeterké surat-suraté Paulus menyang jemaat-jemaat ing Asia.​—Kol. 4:7-9.

8 Tikhikus bener-bener dadi kanca sing isa dipercaya karo Paulus. (Tit. 3:12) Wektu kuwi, ora kabèh wong Kristen isa dipercaya kaya Tikhikus. Kira-kira ing taun 65 M, pas Paulus dipenjara sing kepindho ing Roma, akèh sedulur saka provinsi Asia ninggalké Paulus, mungkin merga wedi dianiaya. (2 Tim. 1:15) Ning, Paulus isa percaya karo Tikhikus. Mula, Tikhikus diutus Paulus kanggo nindakké tugas-tugas sing penting. (2 Tim. 4:12) Paulus mesthi seneng merga nduwé kanca sing isa dipercaya kaya Tikhikus.

9. Piyé carané awaké dhéwé isa niru Tikhikus?

9 Kaya Tikhikus, awaké dhéwé perlu dadi kanca sing isa dipercaya. Misalé, nèk ana sedulur sing butuh bantuan, aja mung ngomong nèk awaké dhéwé péngin mbantu. Awaké dhéwé ya perlu tumindak kanggo mènèhi bantuan sing dibutuhké. (Mat. 5:37; Luk. 16:10) Para sedulur sing butuh bantuan mesthi bakal ngrasa dikuwatké wektu ngerti nèk awaké dhéwé siap mbantu. Ana sedulur wédok sing kandha, ”Awaké dhéwé isa ngrasa tenang nèk ana sedulur sing siap mbantu, ora mung ngomong nèk dhèwèké arep mbantu.”

10. Nurut Wulang Bebasan 18:24, wong sing lagi susah atiné butuh bantuan saka sapa?

10 Wong-wong sing lagi susah atiné mesthi mbutuhké bantuan saka kanca sing isa dipercaya. (Wacanen Wulang Bebasan 18:24.) Ana sedulur sing jenengé Bobby sing sedhih banget wektu anaké lanang ditokké saka jemaat. Dhèwèké kandha, ”Aku péngin nyritakké perasaanku marang wong sing isa tak percaya.” Ana sedulur liya, sing jenengé Diego, sing tau nindakké kesalahan nganti akhiré ora éntuk tugas istiméwa manèh ing jemaat. Diego kandha, ”Aku péngin crita karo wong sing isa tak percaya lan sing isa ngertèni perasaanku.” Akhiré, Diego nyritakké perasaané marang para pinituwa. Para pinituwa isa mbantu Diego ngatasi masalahé. Diego ya ngrasa tenang merga ngerti nèk para pinituwa kuwi ora bakal nyritak-nyritakké masalahé marang wong liya.

11. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa dadi kanca sing isa dipercaya?

11 Bèn isa dadi kanca sing isa dipercaya awaké dhéwé kudu sabar lan seneng ngrungokké. Ana sedulur wédok sing jenengé Susana sing ditinggal karo bojoné. Susana ngrasa luwih ayem sakwisé nyritakké perasaané marang kanca-kanca cedhaké. Dhèwèké kandha, ”Senajan critaku tak bolan-balèni, ning kanca-kancaku sabar ngrungokké aku.”

MARKUS—KANCA SING SENENG MBANTU

Kaya Markus, awaké dhéwé perlu dadi wong sing seneng mbantu bèn isa nguwatké wong liya (Deloken paragraf 12-14) *

12. Markus kuwi sapa, lan apa buktiné nèk dhèwèké seneng mbantu wong liya?

12 Markus kuwi wong Kristen Yahudi sing asalé saka Yérusalèm. Markus nduwé sepupu sing jenengé Barnabas, sing dikenal dadi utusan injil. (Kol. 4:10) Kétoké keluargané Markus kuwi sugih. Ning, Markus ora ngutamakké bandha lan malah seneng mbantu wong liya. Misalé, Alkitab nyritakké nèk Markus tau nglayani bareng karo Rasul Paulus lan Rasul Pétrus. Mungkin wektu Paulus lan Pétrus nindakké tugasé, Markus sing mbantu nyedhiakké kebutuhané wong loro kuwi. (Kis. 13:2-5; 1 Ptr. 5:13) Paulus ngomong nèk Markus kuwi dadi kanca ”nyambut gawé . . . demi Kratoné Allah” lan dadi ”sumber panglipuran” kanggo dhèwèké.​—Kol. 4:10, 11.

13. Nurut 2 Timotius 4:11, apa buktiné nèk Paulus seneng nduwé kanca kaya Markus?

13 Kèt mbiyèn, Markus wis seneng mbantu Paulus. Dadi, Paulus mesthi seneng merga nduwé kanca kaya Markus. Kira-kira ing taun 65 M, Paulus nulis suraté sing kepindho kanggo Timotius. Ing suraté, Paulus njaluk Timotius teka ing Roma karo ngejak Markus. (2 Tim. 4:11) Wektu kuwi, Paulus lagi dipenjara ing Roma lan arep dihukum mati. Mula, Paulus péngin Markus teka kanggo mbantu dhèwèké. Ing kono, Markus mbantu nyedhiakké apa sing dibutuhké Paulus, misalé mungkin panganan utawa peralatan sing dibutuhké kanggo nulis surat. Paulus mesthi ngrasa dikuwatké merga ana Markus sing mbantu dhèwèké.

14-15. Nurut Matius 7:12, apa sebabé awaké dhéwé perlu mbantu wong liya, lan piyé carané?

14 Wacanen Matius 7:12. Wektu ngadhepi kesusahan, awaké dhéwé mesthi seneng nèk nduwé kanca sing seneng mbantu. Ana sedulur sing jenengé Ryan sing bapaké mati merga kecelakaan. Dhèwèké kandha, ”Wektu lagi sedhih, isa waé awaké dhéwé ngrasa ora sanggup nindakké apa-apa manèh. Dadi, bantuan saka wong liya mesthi bener-bener isa nguwatké senajan bantuané kétok sederhana.”

15 Awaké dhéwé perlu nggatèkké wong liya bèn isa ngerti apa sing dibutuhké. Kuwi sing ditindakké karo salah siji sedulur wédok marang Philip lan Karina, sing dicritakké mau. Sedulur kuwi mbantu bèn Philip lan Karina isa lunga menyang dokter. Philip lan Karina wis ora isa nyetir manèh. Mula, sedulur wédok mau nggawé jadwal bèn ana sedulur-sedulur sing mbantu nyedhiakké transportasi kanggo Philip lan Karina. Apa hasilé? Karina kandha, ”Aku lan bojoku bener-bener ngrasa dikuwatké.” Dadi, bantuané awaké dhéwé isa bener-bener nguwatké para sedulur senajan kétoké mung sederhana.

16. Apa sing isa disinaoni saka contoné Markus?

16 Ana akèh tugas penting sing kudu ditindakké karo Markus, misalé nulis Injil Markus. Senajan sibuk banget, ning Markus gelem nyedhiakké wektu kanggo nguwatké Paulus. Paulus ngerti nèk Markus siap mbantu dhèwèké. Ana sedulur sing jenengé Amelia sing tau ngrasa dikuwatké wektu ana keluargané sing dadi korban pembunuhan. Amelia kandha, ”Wong sing bener-bener tulus mesthi bakal gampang dicedhaki lan siap kanggo mbantu.” Awaké dhéwé isa mikir, ’Piyé pendapaté wong liya soal aku? Apa aku iki wong sing seneng mbantu wong liya?’

NGUPAYA KANGGO NGUWATKÉ WONG LIYA

17. Apa sing isa disinaoni saka 2 Korintus 1:3, 4?

17 Ana akèh sedulur ing sekitaré awaké dhéwé sing butuh dikuwatké. Awaké dhéwé mesthi tau dikuwatké karo sedulur liya. Mula, awaké dhéwé ya perlu ngupaya kanggo nguwatké sedulur liya. Ana sedulur wédok sing jenengé Nina sing ditinggal mati karo mbahé wédok. Dhèwèké kandha, ”Nèk awaké dhéwé gelem, Yéhuwah isa nggunakké awaké dhéwé kanggo nguwatké wong liya.” (Wacanen 2 Korintus 1:3, 4.) Fransiska sing dicritakké mau kandha, ”Ayat ing 2 Korintus 1:4 kuwi pancèn bener. Nèk awaké dhéwé wis ngrasakké bantuané wong liya, awaké dhéwé ya isa nggunakké cara sing padha kanggo nguwatké sing liyané.”

18. (a) Apa sebabé nguwatké wong liya kuwi butuh upaya? (b) Apa sing perlu awaké dhéwé tindakké bèn wong liya isa ngrasa dikuwatké?

18 Nguwatké wong liya kuwi pancèn butuh upaya. Misalé, mungkin awaké dhéwé ora ngerti apa sing kudu diomongké utawa ditindakké kanggo nguwatké sing lagi sedhih. Ana pinituwa sing jenengé Paul sing tau dikuwatké karo para sedulur wektu bapaké mati. Paul kandha, ”Aku ngerti nèk para sedulur kuwi wis ngupaya kanggo nguwatké aku. Para sedulur kuwi mungkin ora ngerti apa sing kudu diomongké. Ning, aku ngajèni upayané para sedulur kanggo mbantu aku.” Ana sedulur liya sing jenengé Joni sing tau dadi korban gempa bumi. Dhèwèké kandha, ”Ana akèh sedulur sing nakoni keadaanku sakwisé gempa bumi kuwi kelakon. Aku ora kèlingan apa waé sing diomongké karo para sedulur kuwi. Ning, aku ngerti nèk para sedulur kuwi bener-bener perduli karo aku.” Wong liya isa ngrasa dikuwatké nèk awaké dhéwé perduli karo dhèwèké.

19. Apa sebabé awaké dhéwé perlu ngupaya kanggo nguwatké para sedulur seiman?

19 Keadaan ing donya iki saya suwé saya susah merga awaké dhéwé urip ing dina-dina pungkasan. (2 Tim. 3:13) Awaké dhéwé ya isa ngalami masalah merga nduwé dosa lan ora sampurna. Mula, awaké dhéwé butuh terus dikuwatké. Rasul Paulus ya kerep dikuwatké karo para sedulur seimané. Hasilé, dhèwèké isa tetep setya nganti akhir. Awaké dhéwé ya isa nguwatké para sedulur, bèn para sedulur kuwi isa tetep setya nganti akhir. Awaké dhéwé perlu ngupaya bèn isa dadi kanca sing sejati kaya Aristarkhus, isa dipercaya kaya Tikhikus, lan seneng mbantu kaya Markus.​—1 Tés. 3:2, 3.

^ par. 5 Rasul Paulus kerep ngalami kesusahan. Ning, Paulus isa ngrasa dikuwatké merga ana sedulur-sedulur sing mbantu dhèwèké. Apa sing perlu ditindakké bèn isa nguwatké wong liya? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau saka para sedulur sing digunakké Yéhuwah kanggo nguwatké Paulus.

^ par. 5 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

LAGU 111 Bungah Dadi Umaté Yéhuwah

^ par. 56 GAMBAR: Aristarkhus lan Paulus ngalami karam kapal.

^ par. 58 GAMBAR: Tikhikus dipercaya kanggo ngeterké suraté Paulus menyang jemaat-jemaat.

^ par. 60 GAMBAR: Markus mbantu nyedhiakké kebutuhané Paulus.