Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 3

Njenengan Berharga kanggo Yéhuwah

Njenengan Berharga kanggo Yéhuwah

”Gusti Allah ngélingi awaké dhéwé pas awaké dhéwé lagi cilik ati.”​—MS. 136:23, Terjemahan Dunia Baru (NWT).

LAGU 33 Pasrahna Kuwatirmu marang Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Situasi apa waé sing isa dialami karo umaté Yéhuwah, lan apa pengaruhé?

GATÈKNA apa sing dialami karo para sedulur iki: Ana sedulur sing kena penyakit sing parah, padahal dhèwèké isih enom. Terus, ana sedulur liya sing ditokké saka gawéané, padahal umuré wis 50 taun punjul. Dhèwèké wis ngupaya nggolèk gawéan liya ning ora éntuk-éntuk. Ana manèh sedulur wédok sing ora isa nindakké akèh kegiatan kanggo Yéhuwah merga wis tuwa.

2 Nèk awaké dhéwé ngalami situasi sing padha kaya para sedulur mau, isa waé awaké dhéwé dadi rumangsa ora berharga. Awaké dhéwé isa dadi cilik ati lan ora semangat. Kuwi ya ana pengaruhé kanggo hubungané awaké dhéwé karo wong liya.

3. Piyé pandhangané Sétan lan akèh wong ing donya iki soal uripé manungsa?

3 Kanggoné Sétan, uripé manungsa kuwi ora berharga. Mula, Sétan ngojok-ojoki Hawa bèn nglanggar préntahé Yéhuwah, padahal Sétan ngerti nèk mbrontak nglawan Yéhuwah kuwi hukumané mati. Akèh wong ya nduwé pandhangan sing padha kaya Sétan merga kabèh sing ana ing donya iki dikuwasani karo Sétan, termasuk sistem perdagangan, politik, lan agama. Mula, ana akèh pengusaha, tokoh politik, lan pemimpin agama sing ora ngajèni wong liya lan ora nganggep nèk urip kuwi berharga.

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Ning, pandhangané Yéhuwah ora kaya ngono. Kanggoné Yéhuwah, awaké dhéwé kuwi berharga. Yéhuwah ya siap mbantu bèn awaké dhéwé ora cilik ati senajan lagi ngadhepi masalah. (Ms. 136:23, NWT; Rm. 12:3) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé wektu: (1) lagi lara, (2) ngadhepi masalah keuangan, utawa (3) ora isa nindakké akèh kegiatan kanggo Yéhuwah merga wis tuwa. Saiki, ayo dirembug dhisik apa buktiné nèk Yéhuwah bener-bener nganggep awaké dhéwé berharga.

YÉHUWAH NGANGGEP AWAKÉ DHÉWÉ BERHARGA

5. Apa buktiné nèk Yéhuwah nganggep manungsa kuwi berharga?

5 Manungsa pancèn digawé saka tanah. (Pd. 2:7) Ning, manungsa digawé luwih unggul ketimbang ciptaan liyané sing ana ing bumi. Manungsa dikèki kemampuan kanggo niru sipat-sipaté Yéhuwah. (Pd. 1:27) Manungsa ya dikèki wewenang kanggo nguwasani bumi lan kéwan-kéwan. (Ms. 8:5-9) Dadi, Yéhuwah nganggep nèk manungsa kuwi bener-bener berharga.

6. Apa bukti liyané sing nduduhké nèk Yéhuwah nganggep manungsa kuwi berharga?

6 Senajan manungsa wis nindakké dosa, ning Yéhuwah tetep nganggep nèk manungsa kuwi berharga. Yéhuwah nganti gelem ngutus Putrané sing paling ditresnani, yaiku Yésus, kanggo nebus manungsa saka dosa. (1 Yoh. 4:9, 10) Merga ana tebusané Yésus, kabèh wong sing wis mati, termasuk ”wong-wong sing bener lan sing ora bener”, isa nduwé harapan kanggo diuripké manèh. (Kis. 24:15) Dadi, senajan awaké dhéwé lagi lara, ngadhepi masalah keuangan, utawa wis tuwa, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah tetep nganggep awaké dhéwé berharga.​—Kis. 10:34, 35.

7. Apa manèh sing isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah nganggep awaké dhéwé berharga?

7 Apa manèh sing isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah nganggep awaké dhéwé berharga? Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé seneng nampa kabar apik. Mula, Yéhuwah narik awaké dhéwé bèn isa cedhak karo Dhèwèké. (Yoh. 6:44) Wektu awaké dhéwé nyedhak marang Yéhuwah, Yéhuwah ya nyedhak marang awaké dhéwé. (Yak. 4:8) Yéhuwah ya gelem mulang awaké dhéwé. Yéhuwah ngertèni keadaané awaké dhéwé lan ngerti carané mbantu awaké dhéwé bèn isa dadi luwih apik manèh. Pancèn, kadhang kala Yéhuwah ya ndisiplin awaké dhéwé. Ning, kuwi merga Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. (WB. 3:11, 12) Kuwi kabèh dadi bukti nèk Yéhuwah nganggep awaké dhéwé berharga.

8. Wektu ngadhepi masalah, apa manfaaté nèk awaké dhéwé ngrenungké kata-kata ing Jabur 18:28-30?

8 Gatèkna pengalamané Raja Daud. Daud yakin nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké. Dadi, wektu ana wong-wong sing ora ngajèni dhèwèké, Daud tetep isa nduwé pandhangan sing bener lan isa ngatasi masalahé. (2 Sa. 16:5-7) Mungkin, saiki awaké dhéwé ya lagi ngadhepi masalah utawa ngrasa cilik ati. Ning, Yéhuwah isa mbantu bèn awaké dhéwé nduwé pandhangan sing bener lan isa ngatasi masalah sing lagi diadhepi. (Wacanen Jabur 18:28-30) Hasilé, awaké dhéwé isa tetep semangat ngabdi ora soal apa waé sing lagi diadhepi. (Rm. 8:31) Saiki, ayo dirembug telung situasi sing isa nggawé cilik ati lan piyé carané bèn awaké dhéwé tetep semangat wektu ngadhepi situasi-situasi kuwi.

WEKTU LAGI LARA

Wektu lagi lara, awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké nèk maca Alkitab (Deloken paragraf 9-12)

9. Wektu lagi lara, apa sing isa waé awaké dhéwé rasakké?

9 Wektu lagi lara, awaké dhéwé isa waé dadi sedhih lan cilik ati. Awaké dhéwé mungkin dadi rumangsa ora ana gunané manèh merga kudu bergantung karo wong liya. Senajan wong liya ora ngerti nèk awaké dhéwé lagi lara, awaké dhéwé ya tetep isa sedhih merga mungkin wis ora isa nindakké kegiatan kaya biasané. Wektu ngalami situasi kaya ngono, Yéhuwah isa nguwatké awaké dhéwé. Piyé carané?

10. Nurut Wulang Bebasan 12:25, apa sing isa nguwatké awaké dhéwé wektu lagi lara?

10 Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah nganggep awaké dhéwé iki berharga. (Ms. 31:20; 41:4) Apa sing ditulis ing Alkitab kuwi isa dadi ”pitembungan kang becik” sing isa nguwatké awaké dhéwé, senajan awaké dhéwé lagi lara. (Wacanen Wulang Bebasan 12:25.) Dadi, bèn awaké dhéwé ora ngrasa cilik ati, awaké dhéwé perlu maca Alkitab. Nèk perlu, ayat-ayat sing nguwatké isa diwaca ping bola-bali.

11. Piyé carané Yéhuwah mbantu Julio?

11 Gatèkna pengalamané Julio. * Dhèwèké kena penyakit sing parah padahal isih enom. Saya suwé penyakité dadi saya parah lan dhèwèké dadi rumangsa ora berharga. Julio kandha, ”Aku ora nyangka nèk bakal lara kaya ngéné. Aku ya isin merga wong-wong padha ngerti penyakitku. Aku sedhih banget merga keadaanku saya suwé dadi saya parah. Aku mung isa ndonga marang Yéhuwah.” Apa Yéhuwah mbantu Julio? Julio kandha, ”Aku ngrasa dikuwatké wektu maca ayat-ayat ing buku Jabur sing njelaské nèk Yéhuwah perduli karo umaté. Merga aku susah konsèntrasi, aku mung isa maca beberapa ayat thok. Ning, kuwi waé wis isa nguwatké aku. Malah, ana ayat-ayat sing tak waca ping bola-bali saben dina. Aku dadi ora cilik ati manèh. Wong-wong ngomong nèk aku saiki kétok luwih sumringah. Wong-wong kuwi dadi ngrasa dikuwatké. Yéhuwah bener-bener njawab dongaku lan mbantu aku bèn nduwé pikiran sing positif. Aku dadi ora terus-terusan mikirké penyakitku manèh merga aku luwih mikirké pandhangané Yéhuwah.”

12. Wektu lagi lara, apa sing isa awaké dhéwé tindakké bèn ora cilik ati?

12 Nèk njenengan saiki lagi lara, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ngerti apa sing njenengan alami. Njenengan isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn ora cilik ati lan isa nduwé pandhangan sing bener. Terus, njenengan ya isa maca ayat-ayat sing nguwatké, khususé ayat-ayat sing njelaské pandhangané Yéhuwah marang umaté. Njenengan isa dadi yakin nèk Yéhuwah bener-bener perduli karo umaté.​—Ms. 84:12.

WEKTU NGADHEPI MASALAH KEUANGAN

Wektu kélangan gawéan, awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké nèk ngrenungké janji-janjiné Yéhuwah (Deloken paragraf 13-15)

13. Apa sing isa waé dirasakké karo para kepala keluarga sing kélangan gawéané?

13 Para kepala keluarga mesthi péngin nyukupi kebutuhané keluargané. Ning, mungkin ana sing kélangan gawéané senajan ora nindakké kesalahan. Dhèwèké mungkin ya wis ngupaya nggolèk gawéan liya, ning ora éntuk-éntuk. Akhiré, dhèwèké dadi cilik ati lan rumangsa ora berharga. Nèk awaké dhéwé ngalami situasi sing kaya ngono, awaké dhéwé perlu ngrenungké janji-janjiné Yéhuwah. Apa sebabé?

14. Apa sebabé Yéhuwah mesthi nepati janjiné?

14 Kabèh janjiné Yéhuwah mesthi ditepati. (Ys. 21:45; 23:14) Apa sebabé? Sing pertama, Yéhuwah ngrasa wajib kanggo nepati janji-janjiné merga kuwi ana pengaruhé kanggo réputasiné. (Ms. 31:2-4) Sing keloro, awaké dhéwé iki anggota keluargané Yéhuwah. Dadi, Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé bakal sedhih lan kecéwa nèk ditelantarké karo Yéhuwah. Yéhuwah wis janji nèk Dhèwèké bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé lan ora bakal ana sing isa ngalang-ngalangi Dhèwèké kanggo nepati janjiné.​—Mat. 6:30-33; 24:45.

15. (a) Apa sing dialami karo wong-wong Kristen ing jamané para rasul? (b) Jaminan apa sing ana ing Jabur 37:18, 19?

15 Awaké dhéwé perlu terus ngrenungké apa sebabé Yéhuwah mesthi nepati janji-janjiné. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu wektu awaké dhéwé ngadhepi masalah keuangan. Gatèkna pengalamané wong-wong Kristen ing jamané para rasul. Wektu ana penganiayaan ing Yérusalèm, kabèh murid sing ana ing kono padha mencar, kecuali para rasul. (Kis. 8:1) Isa waé para murid kuwi dadi kélangan omah lan gawéané. Akhiré, para murid kuwi ngalami masalah keuangan. Ning, para murid isa tetep semangat merga éntuk bantuan saka Yéhuwah. (Kis. 8:4; Ibr. 13:5, 6; Yak. 1:2, 3) Yéhuwah saiki ya mesthi bakal mbantu awaké dhéwé, kaya mbiyèn Yéhuwah mbantu para murid sing setya.​—Wacanen Jabur 37:18, 19.

WEKTU CILIK ATI MERGA WIS TUWA

Senajan wis tuwa, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah nganggep awaké dhéwé berharga lan isih ana sing isa awaké dhéwé tindakké (Deloken paragraf 16-18)

16. Apa manèh sing isa nggawé awaké dhéwé cilik ati?

16 Wektu awaké dhéwé dadi tambah tuwa, isa waé awaké dhéwé dadi cilik ati merga ora isa nindakké akèh kegiatan manèh kanggo Yéhuwah. Kuwi ya tau dirasakké karo Raja Daud. (Ms. 71:9) Piyé carané Yéhuwah isa nguwatké awaké dhéwé?

17. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Joanna?

17 Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Joanna. Dhèwèké tau diundang kanggo mèlu pelatihan pemeliharaan sing dianakké ing Balé Ibadah. Ning, Joanna kandha, ”Aku iki wis tuwa, wis ora nduwé bojo, lan ora nduwé ketrampilan apa-apa. Aku iki ora ana gunané kanggo Yéhuwah.” Ing bengi sakdurungé pelatihan, Joanna ndonga kanggo nyritakké perasaané marang Yéhuwah. Sésuké pas teka ing Balé Ibadah, Joanna isih ragu-ragu. Ning, pas acara pelatihan, salah siji instrukturé njelaské nèk kanggoné Yéhuwah sing penting kuwi awaké dhéwé gelem dilatih karo Yéhuwah. Joanna dadi ngrasa dikuwatké. Dhèwèké kandha, ”Aku dadi terharu merga Yéhuwah njawab dongaku. Yéhuwah nggawé aku yakin nèk ana sing isa tak tindakké kanggo Yéhuwah lan Yéhuwah gelem nglatih aku.” Joanna kandha nèk mauné dhèwèké ragu-ragu, cilik ati, lan rumangsa ora berharga. Ning, sakwisé pelatihan kuwi, dhèwèké dadi semangat lan ngrasa dikuwatké.

18. Ayat-ayat apa waé sing nduduhké nèk Yéhuwah tetep nganggep awaké dhéwé berharga senajan awaké dhéwé wis tuwa?

18 Senajan awaké dhéwé mungkin wis tambah tuwa, Yéhuwah isih isa nggunakké awaké dhéwé kanggo nindakké kepénginané. (Ms. 92:13-16) Awaké dhéwé mungkin wis ora isa nindakké akèh kegiatan manèh kanggo Yéhuwah. Ning, Yésus kandha nèk Yéhuwah tetep nganggep awaké dhéwé berharga. (Luk. 21:2-4) Mesthi isih ana sing isa awaké dhéwé tindakké, misalé ngandhani wong liya soal Yéhuwah, ndongakké para sedulur, lan nyemangati wong liya bèn tetep setya. Ora soal apa sing isa awaké dhéwé tindakké, Yéhuwah tetep nganggep awaké dhéwé iki kanca nyambut gawéné. Sing penting awaké dhéwé gelem manut karo Yéhuwah.​—1 Kor. 3:5-9.

19. Jaminan apa sing ana ing Roma 8:38, 39?

19 Yéhuwah bener-bener nganggep umaté berharga. Awaké dhéwé pancèn wis dirancang bèn isa nindakké kepénginané Yéhuwah lan awaké dhéwé isa bahagia nèk dadi abdiné. (Why. 4:11) Senajan wong-wong mungkin nganggep awaké dhéwé ora berharga, ning Yéhuwah ora kaya ngono. (Ibr. 11:16, 38) Awaké dhéwé ora perlu cilik ati senajan lagi lara, nduwé masalah keuangan, utawa wis tuwa merga awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé.​—Wacanen Roma 8:38, 39.

^ par. 5 Apa njenengan tau rumangsa ora berharga? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau piyé carané bèn isa tetep semangat lan ora cilik ati senajan ngadhepi masalah. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah nganggep awaké dhéwé berharga.

^ par. 11 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

LAGU 30 Bapakku, Allahku, lan Kancaku