Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 1

”Padha Lungaa lan Dadèkna Wong-Wong . . . Muridku”

”Padha Lungaa lan Dadèkna Wong-Wong . . . Muridku”

AYAT TAUNAN 2020: ”Padha lungaa lan dadèkna wong-wong . . . muridku, baptisen wong-wong kuwi.”​—MAT. 28:19.

LAGU 79 Tulungana sing Sinau Bèn Isa Setya

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa sing disampèkké malaékat marang wong-wong wédok sing mara ing kuburané Yésus, lan apa sing disampèkké Yésus?

YÉSUS mati ing tanggal 14 Nisan taun 33 M. Rong dina sakwisé kuwi, ana wong-wong wédok sing mara ing kuburané Yésus karo nggawa rempah-rempah lan lenga wangi. Wong-wong wédok kuwi sedhih banget merga Yésus wis mati. Ning, wektu tekan kuburan, jebulé kuburané wis kosong. Terus, ana malaékat sing ngandhani nèk Yésus wis diuripké manèh. Malaékat kuwi ya kandha, ”Dhèwèké lagi lunga ndhisiki kowé menyang Galiléa, lan kowé kabèh bakal ketemu karo dhèwèké ing kana.”​—Mat. 28:1-7; Luk. 23:56; 24:10.

2 Sakwisé wong-wong wédok kuwi lunga saka kuburan, Yésus dhéwé nemoni wong-wong wédok kuwi lan kandha, ”Lungaa lan kandhanana sedulur-sedulurku supaya padha lunga menyang Galiléa, lan ing kana bakal ketemu karo aku.” (Mat. 28:10) Sakwisé diuripké manèh, Yésus péngin ngumpulké murid-muridé merga arep ngekèki tugas sing penting banget.

PRÉNTAH KANGGO SAPA?

Wektu ketemu karo murid-muridé ing Galiléa, Yésus ngekèki tugas kanggo ’lunga lan ndadèkké wong-wong dadi muridé’ (Deloken paragraf 3-4)

3-4. Apa buktiné nèk tugas sing disebutké ing Matius 28:19, 20 ora mung kanggo 11 rasulé Yésus? (Deloken gambar ing halaman 1.)

3 Wacanen Matius 28:16-20. Pas ketemu karo murid-muridé ing Galiléa, Yésus ngekèki tugas penting sing kudu ditindakké karo murid-muridé wektu kuwi. Tugas kuwi ya ditindakké karo murid-muridé Yésus saiki. Yésus kandha, ”Mula, padha lungaa lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku, . . . wulangen wong-wong kuwi supaya nindakké kabèh sing tak préntahké marang kowé.”

4 Yésus péngin kabèh muridé padha nginjil. Tugas kuwi ora mung kanggo 11 rasulé. Apa buktiné? Kaya sing dicritakké mau, malaékat sing ketemu karo wong-wong wédok mau kandha, ”Kowé kabèh bakal ketemu karo [Yésus] ing [Galiléa].” Dadi, pas Yésus ngekèki tugas kuwi, Yésus ora mung ketemu karo 11 rasulé. Wektu kuwi, mesthiné wong-wong wédok mau ya ana ing kono. Terus, Rasul Paulus ya kandha nèk Yésus tau ”nemoni luwih saka 500 sedulur ing sak panggonan”. (1 Kor. 15:6) Peristiwa apa sing dimaksud Paulus?

5. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk peristiwa ing 1 Korintus 15:6 kuwi padha karo peristiwa sing dicritakké ing Matius 28?

5 Peristiwa sing diomongké Paulus ing 1 Korintus 15:6 kuwi mesthiné padha karo peristiwa sing dicritakké ing Matius 28. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin soal kuwi? Sing pertama, muridé Yésus akèh-akèhé ana ing Galiléa. Dadi, mesthiné luwih gampang nèk arep nglumpukké akèh wong ing gunung ing Galiléa, ketimbang ing omahé salah siji murid ing Yérusalèm. Sing keloro, sakdurungé peristiwa ing Galiléa, Yésus wis ketemu karo 11 rasulé ing Yérusalèm. Dadi, nèk préntahé Yésus kuwi pancèn mung kanggo 11 rasul, Yésus mesthiné ora perlu nglumpukké akèh wong ing Galiléa manèh.​—Luk. 24:33, 36.

6. Nurut Matius 28:20, apa buktiné nèk tugas saka Yésus ora mung kanggo wong-wong Kristen ing jamané para rasul, lan apa sing ditindakké karo wong-wong Kristen saiki?

6 Awaké dhéwé ya isa yakin nèk tugas kuwi ora mung kanggo wong-wong Kristen ing jamané para rasul. Apa sebabé? Sakwisé ngekèki tugas kuwi, Yésus kandha, ”Aku terus ngancani kowé nganti pungkasané jaman iki.” (Mat. 28:20) Saiki, wong-wong Kristen ya nindakké gawéan nginjil lan mbantu wong-wong bèn dadi muridé Yésus. Hasilé, saben taun ana kira-kira 300.000 wong sing dibaptis dadi Seksi Yéhuwah. Kuwi bener-bener luar biasa.

7. Apa sing bakal awaké dhéwé rembug ing artikel iki, lan apa sebabé?

7 Ana akèh wong sing sinau Alkitab lan akhiré gelem dibaptis. Ning, ana sing ragu-ragu kanggo dadi muridé Yésus. Mungkin, dhèwèké seneng sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah, ning ora gelem dibaptis. Mula, ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané mbantu sing sinau bèn isa sayang karo Yéhuwah lan nggawé kemajuan. Apa sebabé kuwi perlu dirembug? Merga kadhang kala awaké dhéwé kudu mutuské apa perlu ngendhegké PAR sing ora nggawé kemajuan.

MBANTU SING SINAU ALKITAB BÈN ISA SAYANG KARO YÉHUWAH

8. Apa sebabé mbantu sing sinau bèn isa sayang karo Yéhuwah kuwi kadhang kala ora gampang?

8 Yéhuwah seneng nèk wong-wong gelem ngabdi merga nresnani Yéhuwah. Alkitab kandha nèk Yéhuwah kuwi ”ramané [utawa, bapaké] para bocah lola lan pangayomané para randha”. (Ms. 68:6) Dadi, awaké dhéwé ya péngin mbantu sing sinau bèn isa yakin nèk Yéhuwah perduli karo dhèwèké, kaya bapak sing sayang karo anaké. Nèk wis ngono, dhèwèké ya bakal dadi sayang karo Yéhuwah. Ning, mungkin ana sing ora yakin nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké merga bapaké dhéwé ora sayang karo dhèwèké. (2 Tim. 3:1, 3) Mula, wektu mandhu PAR, awaké dhéwé perlu mbantu bèn sing sinau isa ngerti tenan soal sipat-sipaté Yéhuwah. Awaké dhéwé ya perlu mbantu dhèwèké bèn ngerti nèk Yéhuwah péngin dhèwèké urip saklawasé lan Yéhuwah siap mbantu dhèwèké. Apa manèh sing perlu awaké dhéwé tindakké?

9-10. Wektu mandhu PAR, awaké dhéwé disaranké kanggo nggunakké buku apa waé, lan apa sebabé?

9 Nggunakké buku ”Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?” lan ”Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah”. Rong buku kuwi pancèn dirancang kanggo mbantu sing sinau Alkitab bèn isa sayang karo Yéhuwah. Misalé, ing bab 1 saka buku Wulangan Alkitab, ana jawaban kanggo pitakonan-pitakonan iki: Apa Gusti Allah perduli karo awaké dhéwé?, Piyé perasaané Gusti Allah pas ngerti kasusahané manungsa?, lan Apa panjenengan isa dadi kancané Yéhuwah? Terus, buku Tetep Ditresnani Gusti Allah dirancang kanggo mbantu sing sinau bèn isa ngetrapké pathokané Alkitab lan nyedhak marang Yéhuwah. Mungkin, awaké dhéwé wis tau mandhu PAR nganggo rong buku kuwi. Ning, nèk arep mandhu PAR, awaké dhéwé tetep kudu persiapan lan mikirké kebutuhané sing sinau Alkitab.

10 Lha terus, piyé nèk sing sinau Alkitab péngin ngerti soal topik liya sing dirembug ing publikasi sakliyané rong buku kuwi? Awaké dhéwé isa ngandhani bèn dhèwèké maca dhéwé publikasi kuwi. Dadi, awaké dhéwé isa tetep neruské sinauné nggunakké buku Wulangan Alkitab utawa buku Tetep Ditresnani Gusti Allah.

Ndonga sakdurungé sinau (Deloken paragraf 11)

11. Kapan awaké dhéwé isa mulai ngejak sing sinau kanggo ndonga bareng, lan piyé carané mbantu sing sinau ngerti apa sebabé perlu ndonga wektu sinau?

11 Ndonga sakdurungé sinau. Awaké dhéwé perlu ngandhani sing sinau nèk sinauné kudu dibukak lan ditutup nganggo donga. Kapan awaké dhéwé isa mulai ngejak ndonga bareng? Nèk isa, ora suwé sakwisé sinau Alkitabé mulai teratur. Sing sinau kudu dibantu bèn ngerti nèk awaké dhéwé butuh bantuan saka roh suciné Yéhuwah bèn isa ngerti isiné Alkitab. Ana penginjil sing nggunakké Yakobus 1:5 kanggo njelaské soal apa sebabé awaké dhéwé perlu ndonga wektu sinau. Ayat kuwi kandha, ”Nèk ing antaramu ana sing kekurangan kawicaksanan, terusa nyuwun marang Gusti Allah.” Terus, dhèwèké takon karo sing sinau, ”Piyé carané njaluk kawicaksanan marang Gusti Allah?” Sing sinau mesthi setuju nèk awaké dhéwé kudu ndonga bèn isa éntuk kawicaksanan saka Yéhuwah.

12. Piyé carané nggunakké Jabur 139:2-4 kanggo mbantu sing sinau bèn isa nyritakké perasaané liwat donga marang Yéhuwah?

12 Ngajari sing sinau bèn isa ndonga dhéwé. Awaké dhéwé isa njelaské nèk Yéhuwah péngin ngrungokké donga-dongané. Awaké dhéwé isa ngandhani nèk dhèwèké isa nyritakké apa waé marang Yéhuwah, termasuk perasaan sing ora isa dicritakké marang wong liya. Sakjané, Yéhuwah ya wis ngerti apa waé sing awaké dhéwé pikirké lan rasakké. (Wacanen Jabur 139:2-4.) Awaké dhéwé ya isa ngandhani sing sinau nèk dhèwèké isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa ngowahi pikirané sing salah lan kebiasaané sing èlèk. Misalé, mungkin dhèwèké isih mèlu ngrayakké salah siji perayaan agama palsu. Senajan wis ngerti nèk kuwi salah, ning dhèwèké mungkin isih seneng nindakké kuwi. Mula, awaké dhéwé isa ngandhani dhèwèké bèn nyritakké perasaané marang Yéhuwah. Dhèwèké ya isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa nindakké apa sing nyenengké Yéhuwah.​—Ms. 97:10.

Ngejak sing sinau teka ing perhimpunan (Deloken paragraf 13)

13. (a) Apa sebabé awaké dhéwé ora perlu ragu-ragu kanggo ngejak sing sinau teka ing perhimpunan? (b) Piyé carané bèn sing sinau isa ngrasa luwih nyaman wektu teka ing perhimpunan?

13 Aja ragu-ragu kanggo ngejak sing sinau teka ing perhimpunan. Apa sing dirembug ing perhimpunan isa mbantu sing sinau Alkitab bèn isa nggawé kemajuan lan nduwé kepénginan kanggo dadi abdiné Yéhuwah. Awaké dhéwé isa ngejak dhèwèké nonton vidéo Ana Acara Apa Waé ing Balé Ibadah?, terus awaké dhéwé isa ngundang dhèwèké kanggo teka berhimpun. Nèk perlu, awaké dhéwé isa mbantu nyedhiakké transportasi kanggo dhèwèké. Wektu mandhu PAR, awaké dhéwé isa ngejak sedulur sing béda-béda. Dadi, pas sing sinau kuwi teka ing perhimpunan, dhèwèké isa ngrasa luwih nyaman merga wis kenal karo para sedulur.

MBANTU SING SINAU BÈN ISA NGGAWÉ KEMAJUAN

14. Apa salah siji bukti sing nduduhké nèk sing sinau Alkitab mulai gelem nggawé kemajuan?

14 Awaké dhéwé péngin mbantu sing sinau bèn dhèwèké isa nggawé kemajuan. (Éf. 4:13) Mungkin awalé dhèwèké gelem sinau mung merga péngin éntuk manfaat saka sinau Alkitab. Ning, nèk dhèwèké wis tambah sayang karo Yéhuwah, kuwi artiné dhèwèké wis mulai nggawé kemajuan. Hasilé, dhèwèké mungkin dadi mulai péngin mbantu wong liya, termasuk para sedulur ing jemaat. (Mat. 22:37-39) Nèk wektuné wis cocog, awaké dhéwé ya isa njelaské soal carané mènèhi sumbangan kanggo ndhukung gawéan nginjil.

Mbantu sing sinau bèn isa ngatasi masalah sing lagi diadhepi (Deloken paragraf 15)

15. Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu sing sinau bèn isa ngatasi masalah sing lagi diadhepi?

15 Mbantu sing sinau bèn isa ngatasi masalah sing lagi diadhepi. Misalé, dhèwèké wis dadi penginjil sing durung dibaptis. Terus, dhèwèké crita nèk ana sedulur sing nggawé dhèwèké lara ati. Ketimbang nggolèki sapa sing bener lan sapa sing salah, awaké dhéwé isa nduduhké pathokané Alkitab soal masalah kuwi. Contoné, dhèwèké isa ngapurani sedulur kuwi lan ora ngéling-éling masalahé manèh. Nèk dhèwèké ora isa nindakké kuwi, dhèwèké isa nemoni sedulur kuwi lan ngrembug masalahé apik-apik. Tujuané, bèn dhèwèké isa ’mbantu seduluré nindakké manèh apa sing bener’. (Bandhingna Matius 18:15.) Awaké dhéwé isa mbantu dhèwèké bèn ngerti carané ngomong karo sedulur kuwi. Terus, awaké dhéwé isa ngandhani carané nggunakké aplikasi JW Library®, buku Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah, lan situs wèb jw.org®. Ing kono, dhèwèké isa nemokké katrangan-katrangan sing cocog kanggo ngatasi masalahé. Dadi, wektu ana masalah karo sedulur seiman, dhèwèké isa ngatasi masalah kuwi senajan dhèwèké durung dibaptis. Hasilé, dhèwèké isa nduwé hubungan sing apik karo para sedulur.

16. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé ngejak sedulur liya kanggo mèlu PAR?

16 Ngejak sedulur liya utawa pinituwa wilayah kanggo mèlu PAR. Apa manfaaté? Salah sijiné wis disebutké mau ing paragraf 13. Sakliyané kuwi, sedulur liya mungkin nduwé pengalaman sing isa digunakké kanggo mbantu sing sinau Alkitab. Misalé, mungkin sing sinau Alkitab wis ngupaya kanggo mandheg ngrokok, ning isih gagal. Awaké dhéwé isa ngejak sedulur liya sing mungkin nduwé pengalaman sing padha, ning wis berhasil ngatasi kebiasaan kuwi. Sedulur kuwi isa waé nduwé saran-saran sing apik kanggo sing sinau Alkitab. Wektu awaké dhéwé ngejak sedulur sing luwih trampil mulang, isa waé awaké dhéwé dadi ngrasa minder. Nèk ngono, awaké dhéwé isa njaluk tulung bèn sedulur kuwi waé sing mandhu PAR. Dadi, sing sinau Alkitab isa éntuk manfaat saka pengalamané sedulur-sedulur liya. Kuwi isa mbantu dhèwèké kanggo nggawé kemajuan.

APA SINAUNÉ PERLU DIENDHEGKÉ?

17-18. Sakdurungé nggawé keputusan kanggo ngendhegké PAR, apa sing perlu awaké dhéwé pikirké?

17 Nèk sing sinau Alkitab ora nggawé kemajuan, awaké dhéwé mungkin mikir, ’Apa sinauné perlu diendhegké?’ Sakdurungé nggawé keputusan, awaké dhéwé perlu mikirké keadaané wong sing sinau kuwi. Ana wong-wong sing isa langsung nggawé kemajuan, ning ya ana sing ora. Mula, awaké dhéwé isa mikirké, ’Apa dhèwèké gelem ngupaya kanggo ”nindakké” apa sing wis dhèwèké sinaoni? Apa upayané kuwi cocog karo keadaané?’ (Mat. 28:20) Pancèn ana sing butuh wektu sing suwé kanggo nggawé kemajuan. Ning, paling ora dhèwèké wis ngupaya bèn isa terus nggawé perubahan.

18 Ning, piyé nèk dhèwèké wis suwé sinau Alkitabé, ning ora ana bukti sing nduduhké nèk dhèwèké nganggep sinau Alkitab kuwi penting? Misalé, mungkin dhèwèké wis ngrampungké buku Wulangan Alkitab, malah mungkin ya wis mulai sinau nganggo buku Tetep Ditresnani Gusti Allah. Ning, dhèwèké blas durung tau teka ing perhimpunan utawa acara Pèngetan. Mungkin dhèwèké malah kerep mbatalké sinau Alkitab merga alesan sing sepélé. Nèk ngono, awaké dhéwé kudu ngomong terus terang karo dhèwèké. *

19. Nèk ana PAR sing ora nggawé kemajuan, awaké dhéwé isa ngomong apa marang dhèwèké, lan apa waé sing perlu awaké dhéwé pikirké?

19 Awaké dhéwé mungkin isa takon, ’Kira-kira, apa sing ngalang-alangi njenengan kanggo dadi Seksi Yéhuwah?’ Dhèwèké mungkin njawab, ’Aku pancèn seneng sinau Alkitab, ning aku ora péngin dadi Seksi Yéhuwah.’ Nèk dhèwèké ngomong kaya ngono, mungkin luwih apik nèk sinauné ora perlu diteruské manèh. Utawa, mungkin sing sinau akhiré dadi gelem nyritakké apa sing ngalang-alangi dhèwèké kanggo dadi Seksi Yéhuwah. Misalé, dhèwèké mungkin wedi nginjil ing omah-omah. Nèk awaké dhéwé wis ngerti apa sing dirasakké, awaké dhéwé isa mbantu dhèwèké.

Ngendhegké PAR nèk wongé ora gelem nggawé kemajuan (Deloken paragraf 20)

20. Nurut Kisah 13:48, awaké dhéwé kuduné nggunakké wektu kanggo mbantu wong-wong sing kaya apa?

20 Sayangé, ana wong-wong sing nduwé sikap sing padha karo wong-wong Israèl ing jamané Yèhèzkièl. Yéhuwah ngomong karo Yèhèzkièl, ”Sira iku nyata kayadéné wong kang nglagokaké kidung katresnan kalawan swara arum tumrap wong-wong iku, sarta kang pinter nylempung; padha krungu apa kang sira ucapaké, nanging babar pisan ora padha tumindak mangkono.” (Yk. 33:32) Nèk sing sinau pancèn ora gelem nggawé kemajuan, awaké dhéwé mungkin mutuské kanggo ngandhani dhèwèké nèk sinau Alkitabé ora perlu diteruské manèh. Mungkin awaké dhéwé ngrasa abot kanggo nindakké kuwi. Ning, Alkitab kandha nèk ”wektuné mung kari sathithik”. (1 Kor. 7:29) Awaké dhéwé kuduné nggunakké wektu kanggo nggolèki wong-wong sing ”nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé”.​—Wacanen Kisah 13:48.

Isa waé ana wong liya sing lagi ndonga lan perlu dibantu bèn isa dadi muridé Yésus (Deloken paragraf 20)

21. Ayat apa sing dipilih kanggo dadi ayat taunan 2020, lan apa pengaruhé ayat kuwi kanggo awaké dhéwé?

21 Kaya sing disampèkké Yésus marang murid-muridé ing Galiléa, awaké dhéwé nduwé tugas kanggo mbantu wong-wong bèn dadi muridé Yésus. Awaké dhéwé mesthi péngin ngupaya bèn dadi luwih trampil nindakké tugas kuwi. Mula, ayat taunan 2020 sing dipilih kanggo nyemangati awaké dhéwé yaiku: ”Padha lungaa lan dadèkna wong-wong . . . muridku, baptisen wong-wong kuwi.”​Mat. 28:19.

Awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo mbantu wong-wong bèn dadi muridé Yésus lan akhiré dibaptis (Deloken paragraf 21)

LAGU 70 Nggolèka sing Gelem Nampa

^ par. 5 Kabèh umaté Yéhuwah dikèki tugas kanggo ndadèkké ’wong-wong dadi muridé’ Yésus. Préntah kuwi ditulis ing ayat sing dadi ayat taunan kanggo 2020. Piyé carané mbantu wong-wong sing sinau Alkitab bèn isa dadi muridé Yésus? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau piyé carané mbantu wong sing sinau Alkitab bèn isa cedhak karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya bakal sinau soal apa waé sing kudu dipikirké sakdurungé mutuské kanggo ngendhegké PAR sing ora nggawé kemajuan.

^ par. 18 Deloken vidéo Ngendhegké PAR sing Ora Nggawé Kemajuan sing ana ing JW Broadcasting®.