Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Watu sing ana tulisané: ”Muga-muga Hagaf anaké Hagav dikutuk Yahweh Sabaot”

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Piyé tulisan kuna mbuktèkké nèk Alkitab kuwi bener?

ING Bible Lands Museum ing Yérusalèm, ana watu sing ditemokké ing cedhak Hébron ing Israèl, ing guwa sing digunakké dadi kuburan. Ing watu kuwi ana tulisan: ”Muga-muga Hagaf anaké Hagav dikutuk Yahweh Sabaot.” Watu sing ana tulisané kuwi kétoké digawé antarané taun 700-600 SM. Ing tulisan kuwi ana jenengé Gusti Allah sing ditulis nganggo papat huruf Ibrani kuna yaiku YHWH. Malah, tulisan YHWH ora mung ana ing watu kuwi thok, ning ya ana ing témbok guwa panggonané watu kuwi ditemokké. Mbiyèn, wong-wong sing ngumpet ing guwa kuwi kerep nulis jeneng Yéhuwah lan jeneng-jeneng sing ana hubungané karo jeneng Yéhuwah. Iki nduduhké nèk wong-wong ing jamané Alkitab ngerti lan nggunakké jeneng Yéhuwah. Dadi, tulisan-tulisan kuna kuwi mbuktèkké nèk apa sing ditulis ing Alkitab pancèn bener.

Dr. Rachel Nabulsi saka University of Georgia kandha, ”Jeneng YHWH kerep digunakké ing tulisan-tulisan kuna kuwi. Iki nduduhké nèk wong Israèl lan wong Yéhuda nganggep Gusti Allah sing jenengé YHWH kuwi penting.” Ing Alkitab, jenengé Gusti Allah, yaiku YHWH, sing ditulis nganggo huruf Ibrani kuna disebutké nganti ping éwonan. Sakliyané kuwi, Alkitab ya nyathet jeneng-jeneng sing ana hubungané karo jeneng Yéhuwah. Dadi, kata-katané Dr. Rachel kuwi cocog karo apa sing ditulis ing Alkitab.

Istilah ”Yahweh Sabaot” sing diukir ing watu mau artiné ”Yéhuwah pemimpiné pasukan”. Iki nduduhké nèk wong-wong ing jaman Alkitab ora mung nggunakké jeneng Yéhuwah, ning ya kerep nggunakké sebutan ”Yéhuwah pemimpiné pasukan”. Dadi wajar nèk sebutan kuwi dienggo ing Kitab-kitab Ibrani nganti kira-kira ping 250, termasuk ing tulisané nabi Yésaya, Yérémia, lan Zakharia.