Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Yésus Bener-Bener Ngorbanké Uripé kanggo Aku?

Apa Yésus Bener-Bener Ngorbanké Uripé kanggo Aku?

ING Alkitab, awaké dhéwé isa maca kata-katané wong-wong sing ”nduwé perasaan kaya” awaké dhéwé. (Yak. 5:17) Contoné, Paulus tau ngomong, ”Wektu aku péngin nindakké apa sing bener, pepénginan kanggo nindakké apa sing èlèk ana ing awakku. . . . Sengsara tenan aku iki!” (Rm. 7:21-24) Awaké dhéwé mungkin ya tau ngrasa kaya ngono.

Ning, Paulus ya tau ngomong, ”Putrané Gusti Allah . . . nresnani aku lan masrahké uripé kanggo aku.” (Gal. 2:20) Paulus yakin nèk Yésus nresnani dhèwèké lan ngorbanké uripé kanggo dhèwèké. Apa njenengan ya nduwé perasaan sing padha?

Mungkin awaké dhéwé ora isa ngrasa kaya ngono merga isih kèlingan karo kesalahan sing ditindakké mbiyèn. Awaké dhéwé mungkin isih durung percaya nèk Yéhuwah nresnani awaké dhéwé lan wis ngapurani awaké dhéwé. Awaké dhéwé mungkin ya nganggep nèk korban tebusané Yésus kuwi dudu kanggo awaké dhéwé. Akhiré, awaké dhéwé dadi cilik ati. Piyé pandhangané Yésus? Piyé carané bèn awaké dhéwé isa yakin nèk korban tebusan kuwi hadiah kanggo awaké dhéwé?

PANDHANGANÉ YÉSUS

Yésus péngin awaké dhéwé nganggep korban tebusan kuwi hadiah kanggo awaké dhéwé. Apa buktiné? Bayangna kedadéan sing dicathet ing Lukas 23:39-43. Ana wong lanang sing digantung ing cagak cedhaké Yésus. Dhèwèké ngakoni nèk wis nindakké kejahatan sing serius nganti dhèwèké dihukum mati ing cagak. Wong lanang kuwi susah banget atiné lan ngomong karo Yésus, ”Yésus, élinga marang aku wektu kowé mlebu ing Kratonmu.”

Piyé tanggepané Yésus? Karo nahan lara, Yésus nolèh, mèsem, lan ngomong karo wong kuwi, ”Saktenané aku kandha marang kowé dina iki, kowé bakal bebarengan karo aku ing Firdaus.” Yésus sakjané isa waé ngomong nèk ’Putrané manungsa teka kanggo masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh’. (Mat. 20:28) Ning, Yésus péngin wong lanang kuwi ngerti nèk korban tebusané ya isa dadi hadiah kanggo wong lanang kuwi dhéwé. Mula, Yésus nggunakké kata ”kowé” lan ”aku”. Yésus ya ngomong nèk wong lanang kuwi isa nduwé harapan urip ing bumi firdaus.

Wong lanang kuwi wong sing jahat lan durung nduwé kesempatan kanggo ngabdi marang Gusti Allah. Ning, Yésus péngin wong lanang kuwi ngerti nèk korban tebusané ya ana manfaaté kanggo wong lanang kuwi dhéwé. Dadi, Yésus mesthiné ya péngin awaké dhéwé isa ngrasa kaya ngono, merga awaké dhéwé wis dibaptis lan ngabdi marang Gusti Allah. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa yakin nèk korban tebusan kuwi hadiah kanggo awaké dhéwé, senajan awaké dhéwé wis tau nindakké dosa?

APA SING NGGAWÉ PAULUS YAKIN

Tugas pelayanan nggawé Paulus yakin nèk Yésus ngorbanké uripé kanggo dhèwèké. Paulus kandha, ”Aku ngucap sokur marang Kristus Yésus Gusti kita, sing mènèhi aku kuwasa, merga dhèwèké nganggep aku setya nganggo cara mènèhi aku tugas pelayanan iki, senajan ndhisik aku wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan sombong banget.” (1 Tim. 1:12-14) Paulus dadi yakin nèk Yésus wis ngapurani dhèwèké, nresnani dhèwèké, lan percaya karo dhèwèké. Yésus ya ngekèki awaké dhéwé tugas pelayanan. (Mat. 28:19, 20) Apa awaké dhéwé ya isa nduwé perasaan sing padha kaya Paulus?

Ana sedulur sing jenengé Albert, sing tau ditokké saka jemaat nganti kira-kira 34 taun, ning saiki wis bali dadi anggota jemaat manèh. Dhèwèké kandha, ”Aku isih terus-terusan kèlingan karo kesalahanku mbiyèn. Ning, kaya Paulus, wektu nginjil aku isa ngrasa nèk Yésus wis ngekèki tugas pelayanan iki kanggo aku. Aku dadi nduwé pikiran sing positif lan ora cilik ati manèh.”​—Ms. 51:5.

Awaké dhéwé isa mbantu wong-wong sing sinau bèn yakin nèk Yésus nresnani lan gelem ngapurani dhèwèké

Ana manèh sedulur sing jenengé Allan. Sakdurungé sinau Alkitab, dhèwèké kejem lan jahat. Allan ngakoni, ”Nèk kèlingan karo tumindakku mbiyèn, aku dadi sedhih. Ning, aku maturnuwun karo Yéhuwah merga aku isa éntuk tugas kanggo martakké kabar apik. Wektu ndelok tanggepané wong-wong sing dikabari, aku dadi ngerti nèk Yéhuwah apikan banget lan nresnani awaké dhéwé. Aku ngrasa nèk Yéhuwah nggunakké aku kanggo mbantu wong-wong sing ya tau nindakké apa sing jahat.”

Nèk awaké dhéwé nginjil, awaké dhéwé isa nindakké lan mikirké apa sing apik. Awaké dhéwé isa dadi yakin nèk Yésus gelem ngapurani awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yésus nresnani lan percaya karo awaké dhéwé.

YÉHUWAH LUWIH GEDHÉ KETIMBANG ATINÉ AWAKÉ DHÉWÉ

Nèk donya iki durung disingkirké, awaké dhéwé isa waé isih ngrasa cilik ati wektu kèlingan karo kesalahan sing ditindakké mbiyèn. Apa sing isa mbantu awaké dhéwé bèn ora cilik ati manèh?

Ana sedulur wédok sing jenengé Jean, sing isih kerep ngrasa salah merga tumindaké ndhisik. Pas isih enom, dhèwèké nindakké apa sing apik mung ing ngarepé wong tuwané lan sedulur-sedulur seimané. Jean ngomong nèk dhèwèké seneng karo ayat sing kandha, ”Gusti Allah luwih gedhé ketimbang ati kita.” (1 Yoh. 3:19, 20) Awaké dhéwé ya isa ngrasa dikuwatké merga Yéhuwah lan Yésus ngerti nèk awaké dhéwé iki ora sampurna. Yéhuwah lan Yésus nyedhiakké tebusan dudu kanggo manungsa sing sampurna, ning kanggo wong-wong sing dosa lan gelem mertobat.​—1 Tim. 1:15.

Awaké dhéwé perlu ngrenungké tumindaké Yésus marang wong-wong sing ora sampurna. Awaké dhéwé ya kudu ngupaya sak isa-isané kanggo nindakké tugas pelayanan. Kuwi kabèh isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk korban tebusané Yésus pancèn hadiah sing berharga kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé dadi isa nduwé perasaan sing padha karo Paulus, sing kandha, ”[Yésus] nresnani aku lan masrahké uripé kanggo aku.”