Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Aja Nganti Ora Ngabdi Manèh Merga Salahé Liyané

Aja Nganti Ora Ngabdi Manèh Merga Salahé Liyané

”Terusa . . . ngapura siji lan sijiné.”​—KL. 3:13, New World Translation (NW).

LAGU: 53, 28

1, 2. Apa ramalané Alkitab bab umaté Yéhuwah sing bakal saya akèh?

ING saklumahing bumi, ana pakumpulan sing mbantu wong-wong nresnani lan péngin ngabdi marang Yéhuwah. Pakumpulan kuwi disebut Seksi-Seksi Yéhuwah. Senajan wong-wongé ora sampurna lan nggawé salah, ning Yéhuwah nuntun umaté nganggo roh suci. Gatèkna carané Yéhuwah mberkahi pakumpulané.

2 Taun 1914, mung sithik sing ngibadah marang Yéhuwah. Ning, Yéhuwah mberkahi tugas nginjil. Hasilé, yutan wong isa sinau Alkitab lan dadi Seksi Yéhuwah. Yéhuwah ngramalké nèk umaté bakal saya akèh, ”Kang cilik dhéwé bakal dadi golongan kang gedhé, tuwin kang ringkih dhéwé bakal dadi bangsa kang santosa; Ingsun, Yéhuwah, bakal énggal nindakaké iku ing wektu kang wus Suntemtokaké.” (Yé. 60:22) Saiki, awaké dhéwé isa ndelok nèk ramalan kuwi kedadéan. Umaté Yéhuwah kaya bangsa sing gedhé. Apa buktiné? Ana akèh negara sing jumlah wongé luwih sithik timbang jumlah umaté Yéhuwah.

3. Apa buktiné nèk abdiné Yéhuwah nresnani wong liya?

3 Ing dina-dina pungkasan, Yéhuwah mbantu umaté bèn saya tresna siji lan sijiné. ”Gusti Allah iku katresnan”, lan kuwi ditiru umaté. (1 Yo. 4:8) Yésus ngongkon para muridé nresnani siji lan sijiné. Yésus kandha, ”Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yèn kowé padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowé padha tresna-tinresnan.” (Yo. 13:34, 35) Jaman saiki, abdiné Yéhuwah nresnani siji lan sijiné, senajan bangsa-bangsa padha perang. Contoné, wektu perang donya kapindho, sing mati kira-kira 55 yuta. Ning, umaté Yéhuwah ora ana sing matèni wong liya ing perang kuwi. (Wacanen Mikha 4:1, 3.) Kuwi nggawé umaté Yéhuwah ora utang nyawa.​—PR. 20:26.

4. Umaté Yéhuwah dadi saya akèh, lan kuwi nggumunké tenan. Apa sebabé?

4 Jumlah umaté Yéhuwah saya akèh, senajan dimungsuhi Iblis, ”allahé jaman iki”. (2 Kr. 4:4) Iblis nguwasani politik ing donya iki, klebu berita-berita ing TV, Internèt, lan liyané. Iblis nggunakké sarana mau, bèn tugas nginjil isa mandheg. Ning, kuwi ora kelakon. Iblis ngerti nèk bakal disingkirké, mula dhèwèké terus ngupaya bèn awaké dhéwé ora ngibadah manèh marang Yéhuwah.​—Wy. 12:12.

APA PANJENENGAN TETEP SETYA WEKTU LIYANÉ NGGAWÉ SALAH?

5. Apa sebabé kadhang kala ana sing nglarani ati? (Deloken gambar ing kaca 21.)

5 Abdiné Gusti Allah ngerti nèk nresnani Yéhuwah lan wong liya kuwi penting. Yésus kandha, ”Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé. Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.” (Mt. 22:35-39) Alkitab nduduhké nèk kabèh manungsa ora sampurna merga dosané Adam. (Wacanen Rum 5:12, 19.) Mula, kadhang kala mbokmenawa ana sedulur sing ngomong utawa tumindak nglarani ati. Nèk ngono, apa sing kudu ditindakké? Apa awaké dhéwé bakal tetep nresnani Yéhuwah, lan terus setya marang Yéhuwah lan umaté? Alkitab crita bab para abdiné Yéhuwah sing ngomong lan tumindak nglarani ati. Coba gatèkna pengalaman kuwi.

Nèk panjenengan urip ing jamané Èli lan anak-anaké, piyé tanggepan panjenengan? (Deloken paragraf 6)

6. Piyé tanggepané Èli marang kelakuané anaké?

6 Contoné, Imam Agung Èli ing Israèl. Anaké lanang loro nglanggar hukumé Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Anadéné putra-putrané Imam Èli iku padha wong dursila, padha ora maèlu marang Sang Yéhuwah.” (1 Sa. 2:12) Èli ngerti nèk kelakuané anaké bejat, ning ora gelem nyenèni. Akhiré, Yéhuwah ngukum Èli lan anak-anaké. Banjur, keturunané Èli ora éntuk dadi imam agung. (1 Sa. 3:10-14) Nèk panjenengan urip ing jaman kuwi, lan ngerti nèk Èli meneng waé wektu anaké tumindak bejat, apa panjenengan dadi gela? Apa kuwi bakal nggawé panjenengan ora percaya manèh marang Yéhuwah, lan ora ngabdi manèh?

7. Apa buktiné nèk dosané Dawud gedhé banget, lan piyé tanggepané Gusti Allah bab kuwi?

7 Dawud nduwé sipat-sipat apik, lan kuwi sing nggawé dhèwèké ditresnani Yéhuwah. (1 Sa. 13:13, 14; PR. 13:22) Ning, Dawud wis tau tumindak jahat. Wektu Uria lunga perang, Dawud laku jina karo bojoné Uria yaiku Bètsyéba. Akhiré Bètsyéba meteng. Dawud ora péngin wong liya ngerti, mula ngongkon Uria ketemu dhèwèké lan meksa Uria kon mulih omahé. Tujuané bèn Uria turu bareng karo bojoné, lan wong-wong percaya nèk Bètsyéba meteng karo bojoné. Ning, Uria ora gelem mulih omahé. Mula, Dawud sengaja nggawé Uria mati ing perang kuwi. Merga tumindak kuwi, Dawud lan keluargané sengsara. (2 Sa. 12:9-12) Ning, Yéhuwah welas asih lan gelem ngapura Dawud. Yéhuwah ngerti nèk sakjané Dawud péngin nindakké sing bener. (1 Ra. 9:4) Nèk panjenengan urip ing jaman kuwi, piyé perasaan panjenengan nèk ndelok tumindaké Dawud? Apa panjenengan bakal ora ngabdi manèh marang Yéhuwah?

8. (a) Apa buktiné nèk rasul Pétrus ora netepi omongané? (b) Senajan nggawé salah, apa sebabé Yéhuwah terus nggunakké Pétrus?

8 Conto liyané yaiku rasul Pétrus. Dhèwèké dipilih Yésus dadi rasul. Ning, kadhang kala Pétrus ngomong lan tumindak salah. Contoné, Pétrus tau kandha nèk ora bakal ninggalké Yésus senajan liyané ninggalké. (Mk. 14:27-31, 50) Ning, sakwisé Yésus dicekel, kabèh rasulé, klebu Pétrus, ninggalké Yésus. Malah, ping telu Pétrus ngomong nèk ora kenal Yésus. (Mk. 14:53, 54, 66-72) Akhiré, Pétrus sedhih banget wis tumindak ngono. Yéhuwah ngapura lan terus nggunakké Pétrus. Nèk wektu kuwi panjenengan dadi muridé Yésus lan weruh sing ditindakké Pétrus, apa panjenengan bakal terus percaya marang Yéhuwah?

Awaké dhéwé isa yakin tenan nèk Yéhuwah bakal terus tumindak bener lan adil

9. Apa sebabé panjenengan isa percaya nèk Gusti Allah mesthi adil?

9 Saka conto-conto kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk ana abdiné Yéhuwah sing tumindak salah lan nglarani ati liyané. Nèk kuwi kelakon saiki, apa sing isa ditindakké? Apa panjenengan bakal ora teka manèh ing pakumpulan ibadah utawa ninggalké Yéhuwah lan pakumpulané? Apa panjenengan bakal percaya nèk Yéhuwah kuwi welas asih lan gelem nunggu wong mertobat? Mbokmenawa ana wong sing nggawé dosa gedhé, ning ora rumangsa salah. Apa panjenengan percaya nèk Yéhuwah ngerti wektu sing cocog kanggo ngrampungi masalahé? Nèk perlu, wong kuwi malah isa ditokké saka jemaat. Apa panjenengan percaya nèk Yéhuwah bakal terus tumindak bener lan adil?

TERUSA SETYA

10. Piyé tanggepané Yésus wektu Yudas Iskariot lan Pétrus nggawé salah?

10 Ing Alkitab ana akèh pengalaman bab wong-wong sing terus setya marang Yéhuwah lan umaté, senajan sakiwa-tengené nggawé dosa. Conto sing sampurna yaiku Yésus. Sakwise ndonga sewengi muput njaluk bantuané Yéhuwah, Yésus banjur milih rasul sing cacahé 12. Ning, ana salah sijiné rasul, yaiku Yudas Iskariot, sing ora setya marang Yésus. Uga, rasul Pétrus sing kandha nèk ora kenal Yésus. (Lk. 6:12-16; 22:2-6, 31, 32) Yésus ora nyalahké Yéhuwah utawa para murid liyané wektu ana sing nglarani ati. Yésus tetep cedhak karo Yéhuwah lan terus setya ngabdi. Akhiré, Yéhuwah mberkahi Yésus. Yésus diuripké manèh lan dilantik dadi Raja ing Kratoné swarga.​—Mt. 28:7, 18-20.

11. Apa ramalané Alkitab bab abdiné Yéhuwah ing jaman saiki?

11 Tuladhané Yésus mbantu awaké dhéwé setya marang Yéhuwah lan umaté. Kuwi ana alesané. Awaké dhéwé ndelok Yéhuwah terus nuntun para abdiné ing dina-dina pungkasan, lan mbantu bèn tugas nginjil isa ditindakké ing saklumahing bumi. Mung umaté Yéhuwah sing isa nindakké tugas kuwi. Umaté Yéhuwah uga isa rukun lan bungah merga Yéhuwah sing ndhidhik. Yéhuwah ngramal, ”Para abdiningSun bakal surak-surak marga saka senenging atiné.”​—Yé. 65:14.

Nèk ninggalké jemaat merga ana sing ngomong utawa tumindak salah, kuwi ora wicaksana lan ora adil

12. Piyé tanggepané awaké dhéwé nèk ana sing tumindak salah?

12 Awaké dhéwé bungah banget merga Yéhuwah nuntun lan mbantu nindakké sing bener. Bandhingna wong-wong ing donya iki sing ora bungah lan ora nduwé pengarep-arep mbésuké. Nèk ninggalké jemaat merga ana sing ngomong utawa tumindak salah, kuwi ora wicaksana lan ora adil. Awaké dhéwé kudu terus setya marang Yéhuwah lan manut tuntunané. Awaké dhéwé uga perlu ngerti carané nanggepi nèk ana sing tumindak salah.

PIYÉ KUDUNÉ TANGGEPAN PANJENENGAN?

13, 14. (a) Apa sebabé perlu sabar marang siji lan sijiné? (b) Janji apa sing perlu diéling-éling?

13 Apa sing kudu ditindakké nèk ana sedulur sing ngomong utawa tumindak nglarani ati? Alkitab ngekèki saran, ”Aja agé-agé nepsu ing sajroning ati, awit nepsu iku lumèngkèt ing atiné wong gemblung.” (Ko. 7:9) Kabèh manungsa ora sampurna lan nggawé salah. Mula, aja nganti nduwé pikiran nèk kabèh sedulur seiman ora tau salah wektu ngomong utawa tumindak. Lan, aja terus mikirké salahé sedulur liya. Nèk terus mikirké sing èlèk, awaké dhéwé isa ora bungah ngabdi marang Yéhuwah. Malah, isa waé ora percaya manèh marang Yéhuwah lan ninggalké pakumpulané Yéhuwah. Akhiré, awaké dhéwé ora isa ngabdi marang Yéhuwah, utawa ora isa urip ing Pirdus.

14 Apa sing isa nggawé tetep bungah senajan ana sing nglarani ati? Élinga terus janji iki, ”Awitdéné lah Ingsun nitahaké langit kang anyar lan bumi kang anyar; bab-bab kang biyèn ora bakal diélingi manèh, lan ora bakal tuwuh manèh ing sajroning ati.” (Yé. 65:17; 2 Pt. 3:13) Yéhuwah bakal ngekèki berkah-berkah kuwi, nèk panjenengan terus setya marang Yéhuwah.

15. Apa kandhané Yésus bab tanggepané awaké dhéwé nèk ana sing nggawé salah?

15 Awaké dhéwé saiki durung urip ing donya anyar. Mula, nèk ana sing nglarani ati, awaké dhéwé perlu mikirké kersané Yéhuwah. Contoné, Yésus kandha, ”Sabab, manawa kowé padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowé. Nanging manawa kowé ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu.” Wektu Pétrus takon karo Yésus apa kudu ngapura nganti ping pitu, Yésus njawab, ”Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu [77, NW].” Yésus mulang nèk awaké dhéwé kudu terus ngapura siji lan sijiné.​—Mt. 6:14, 15; 18:21, 22.

16. Yusuf ngekèki tuladha apa?

16 Conto saka Yusuf uga mbantu awaké dhéwé ngerti carané nanggepi nèk ana sing nglarani ati. Yusuf lan adhiné lanang kuwi anaké Yakub lan Rakhèl. Yakub nduwé anak liya cacahé sepuluh, ning Yakub luwih tresna marang Yusuf timbang liyané. Kuwi nggawé kakang-kakangé mèri karo Yusuf. Akhiré, merga disengiti, Yusuf didol dadi budhak lan digawa menyang Mesir. Sakwisé pirang-pirang taun, raja Mesir nglantik Yusuf dadi pejabat penting, merga seneng karo gawéané. Bar kuwi, kakang-kakangé Yusuf tuku panganan ing Mesir merga ana kelaparan. Wektu ndelok Yusuf, kakang-kakangé ora kenal, ning Yusuf kenal. Senajan wong-wong mau wis njahati dhèwèké, Yusuf ora mbales. Yusuf ngetès kakang-kakangé isih jahat apa ora. Wektu ngerti nèk wis ora jahat manèh, Yusuf banjur ngaku nèk dhèwèké adhiné. Bar kuwi, Yusuf nggedhèkké ati kakang-kakangé lan kandha, ”Aja padha wedi, aku kang bakal nyukupi panganmu lan uga pangané anak-anakmu.”​—Pd. 50:21.

17. Apa sing arep panjenengan tindakké nèk sedulur liya nggawé salah?

17 Élinga nèk kabèh nduwé salah. Panjenengan mbokmenawa uga wis tau nglarani ati liyané. Dadi, nèk panjenengan nglarani ati liyané, manuta sarané Alkitab. Njaluka ngapura marang sedulur kuwi, lan kudu ngupaya bèn isa rukun manèh. (Wacanen Matéus 5:23, 24.) Awaké dhéwé seneng nèk wong liya gelem ngapura. Mula, awaké dhéwé ya kudu tumindak sing padha. Kolosé 3:13 kandha, ”Padha sabar-sinabarana kayadéné Gusti Allah anggoné wus ngapura kowé, kowé iya tumindaka mangkono uga.” Nèk tenanan nresnani sedulur liyané, awaké dhéwé ora bakal nyimpen salahé. (1 Kr. 13:5) Nèk awaké dhéwé ngapura sedulur liyané, Yéhuwah uga bakal ngapura awaké dhéwé. Mula, wektu ana sing nggawé salah, awaké dhéwé kudu gelem ngapura. Kuwi niru Yéhuwah sing seneng ngapura.​—Wacanen Jabur 103:12-14.