Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Gelem Dibentuk Tukang Grabah Agung?

Apa Panjenengan Gelem Dibentuk Tukang Grabah Agung?

”Lah kayadéné lempung kang ana ing tangané si kundhi [tukang grabah] iku, mangkono uga sira ana ing astaningSun.”​—YM. 18:6.

LAGU: 23, 22

1, 2. Apa sebabé Gusti Allah nganggep Dhanièl ”wong kang kinasihan”, lan piyé carané bèn tetep setya kaya Dhanièl?

WONG Yahudi digawa ing Babil, kutha sing kebak brahala lan wongé nyembah déwa-déwa. Ning, wong Yahudi sing setya, kaya Dhanièl lan kancané telu, ora gelem dipengaruhi wong-wong ing Babil. (Dn. 1:6, 8, 12; 3:16-18) Dhanièl lan kanca-kancané gelem dibentuk lan ngabdi marang Yéhuwah, Tukang Grabah Agung. Senajan terus urip karo wong-wong jahat, malaékaté Gusti Allah kandha nèk Dhanièl kuwi ”wong kang kinasihan”.​—Dn. 10:11, 19.

2 Tukang grabah mbentuk lempung dadi grabah sing bentuké werna-werna. Para abdiné Yéhuwah ngerti nèk Yéhuwah kuwi sing nguwasani jagat lan nduwé kuwasa mbentuk bangsa-bangsa. (Wacanen Yérémia 18:6.) Yéhuwah uga nduwé kuwasa mbentuk saben wong. Ning, Yéhuwah ora meksa wong kuwi ngowahi uripé. Yéhuwah péngin awaké dhéwé lila dibentuk. Wulangan iki bakal ngrembug carané bèn dadi lempung sing empuk, sing gampang dibentuk. Awaké dhéwé bakal ngrembug: (1) Carané mbuwang sipat-sipat èlèk sing marahi ora gelem nampa dhidhikané Yéhuwah lan dadi lempung sing atos. (2) Carané nduwé sipat-sipat apik sing mbantu tetep setya lan dadi lempung sing empuk. (3) Carané wong tuwa Kristen manut tuntunané Gusti Allah wektu ndhidhik anak.

MBUWANG SIPAT-SIPAT SING MARAHI ATI ANGÈL DIBENTUK

3. Apa sing isa marahi ati angèl dibentuk? Wènèhana conto.

3 Wulang Bebasan 4:23 kandha, ”Atimu reksanen kanthi waspada, awit iku etuking panguripan.” Bèn ati gampang dibentuk, awaké dhéwé kudu mbuwang sipat-sipat sing èlèk kaya sombong, seneng nindakké dosa, lan ora nduwé iman. Nèk ora ati-ati, kuwi isa nyebabké awaké dhéwé ora manut lan mbrontak. (Dn. 5:1, 20; Ib. 3:13, 18, 19) Kuwi sing dialami Raja Uzia saka Yudéa. (Wacanen 2 Babad 26:3-5, 16-21.) Mauné, Uzia manut lan akrab karo Gusti Allah, mula dhèwèké diberkahi. Ning, ”bareng Sang Nata wus santosa, banjur gumunggung [sombong]”. Dhèwèké dadi sombong lan arep nindakké tugasé para imam, yaiku mbakar dupa ing omahé Yéhuwah. Wektu para imam ngandhani nèk kuwi salah, dhèwèké nesu banget. Yéhuwah ngukum Uzia lara kusta nganti matiné.​—WB. 16:18.

4, 5. Apa akibaté nèk ora cepet-cepet nyingkirké sipat sombong? Wènèhana conto.

4 Nèk sipat sombong ora dibuwang, awaké dhéwé isa mulai mikir nèk awaké dhéwé luwih apik timbang liyané, lan ora gelem nampa tuntunané Alkitab. (WB. 29:1; Rm. 12:3) Kuwi dialami pinituwa sing jenengé Jim. Dhèwèké wis tau ora setuju karo para pinituwa liyané wektu rapat. Jim ngomong, ”Aku kandha karo para pinituwa kuwi, nèk wong-wong mau ora nduwèni rasa tresna, banjur aku lunga saka rapat kuwi.” Kira-kira nem sasi sakwisé, Jim pindhah menyang jemaat liya, ning ora diangkat dadi pinituwa ing kono. Jim mangkel banget. Dhèwèké rumangsa sing paling bener. Jim ora gelem ngibadah marang Yéhuwah manèh, lan sepuluh taun ora mèlu kagiyatané jemaat. Jim kandha nèk dhèwèké sombong lan rumangsa kabèh kuwi salahé Yéhuwah. Pirang-pirang taun, para sedulur liyané nekani dhèwèké lan péngin mbantu, ning Jim ora gelem.

5 Jim kandha, ”Mbiyèn, aku rumangsa nèk para sedulur kuwi sing salah.” Pengalaman iki nduduhké nèk sipat sombong isa nggawé awaké dhéwé mbenerké tumindak salah, lan ora dadi lempung sing empuk manèh. (Ym. 17:9) Apa panjenengan tau dilarani sedulur liyané? Apa wis tau sedhih merga ora éntuk tugas manèh? Apa tanggepan panjenengan? Apa panjenengan dadi sombong? Utawa, apa panjenengan nganggep nèk rukun karo sedulur liyané lan setya marang Yéhuwah kuwi sing paling penting?​—Wacanen Jabur 119:165; Kolosé 3:13.

6. Nèk terus nindakké dosa, apa akibate?

6 Wong sing terus nindakké lan ora gelem ngakoni dosané, angèl nampa tuntunané Alkitab. Lan, dadi biasa nindakké dosa. Ana sedulur lanang kandha, suwé-suwé dhèwèké blas ora rumangsa salah wektu nindakké dosa. (Ko. 8:11) Sedulur liya sing seneng ndelok sing saru-saru kandha, ”Akhiré aku seneng ngèlèk-èlèk pinituwa.” Merga seneng ndelok sing saru-saru, hubungané karo Yéhuwah rusak. Wektu konangan, dhèwèké dibantu para pinituwa. Awaké dhéwé pancèn ora sampurna. Atiné awaké dhéwé isa atos nèk ora gelem dikandhani pinituwa, utawa mbenerké tumindak salah. Nèk salah, awaké dhéwé kudu njaluk ngapura marang Yéhuwah.

Wong-wong Israèl sing ora setya mati ing padhang pasir, merga ora nduwé iman lan atiné atos

7, 8. (a) Apa buktiné nèk wong-wong Israèl ora nduwé iman? (b) Apa sing isa disinaoni?

7 Wektu Yéhuwah mbébaské bangsa Israèl saka Mesir, wong Israèl ndelok akèh mukjijat sing nggumunké. Ning, wektu wis cedhak negara Kanaan, atiné wong Israèl malah dadi atos. Apa sebabé? Merga ora nduwé iman marang Gusti Allah. Wong-wong kuwi ora percaya marang Yéhuwah, malah nglawan Musa lan wedi karo mungsuhé. Uga, péngin bali menyang Mesir padhahal ing kono wong Israèl dadi budhak. Yéhuwah lara ati lan kandha, ”Bakal nganti pira lawasé bangsa iku anggoné ngrèmèhaké marang Ingsun.” (Wi. 14:1-4, 11; Ms. 78:40, 41) Wong-wong Israèl kuwi mati ing padhang pasir merga ora nduwé iman lan atiné atos.

8 Pirdus ora suwé manèh. Awaké dhéwé kudu mriksa apa imané awaké dhéwé isih tetep kuwat. Apa buktiné nèk imané awaké dhéwé tetep kuwat? Wektu maca Matéus 6:33, coba dipikir, ’Apa cita-cita lan keputusanku nduduhké nèk aku percaya kandhané Yésus? Apa aku ora teka ing pakumpulan ibadah lan ora mèlu nginjil merga nggolèk dhuwit? Apa sing kudu tak tindakké nèk aku kudu nggunakké luwih akèh wektu lan tenaga kanggo nyambut gawé? Apa donya iki mbentuk aku lan nggawé aku ora ngabdi manèh marang Yéhuwah?’

9. Apa sebabé kudu mriksa imané awaké dhéwé? Piyé carané?

9 Atiné awaké dhéwé dadi atos nèk ora manut tuntunané Alkitab bab tontonan, lan kekancan karo wong sing bejat lan sing ditokké saka jemaat. Nèk kaya ngono, apa sing kudu ditindakké? Kudu cepet-cepet mriksa iman. Alkitab kandha, ”Dadaren [priksanen] awakmu dhéwé, apa kowé padha lestari dumunung ing pracaya. Titinen awakmu!” (2 Kr. 13:5) Awaké dhéwé kudu jujur lan ndandani pikiran nganggo Alkitab.

KUDU GAMPANG DIBENTUK

10. Apa sing kudu ditindakké bèn dadi lempung sing empuk, sing gampang dibentuk Yéhuwah?

10 Bèn terus isa dadi lempung sing empuk, Yéhuwah nyedhiyakké Alkitab, jemaat, lan tugas nginjil. Nèk maca lan mikirké Alkitab saben dina, kuwi mbantu awaké dhéwé dadi lempung sing empuk, sing gampang dibentuk. Yéhuwah ngandhani raja Israèl kon nulis manèh Hukumé Gusti Allah lan diwaca saben dina. (PT. 17:18, 19) Para rasul ngerti nèk maca lan mikirké Alkitab kuwi penting banget kanggo nginjil. Para rasul ping bola-bali nyuplik kitab-kitab Ibrani wektu nulis buku-buku ing Alkitab. Wektu nginjil para rasul ngandhani wong-wong kon maca lan mikirké Alkitab. (PR. 17:11) Awaké dhéwé uga ngerti nèk maca lan mikirké Alkitab saben dina kuwi penting. (1 Tm. 4:15) Nèk kuwi ditindakké, awaké dhéwé isa tetep andhap asor lan gampang dibentuk Yéhuwah.

Gunakna kabèh sing disedhiyakké Yéhuwah, bèn panjenengan tetep isa dibentuk (Deloken paragraf 10-13)

11, 12. Piyé carané Yéhuwah nggunakké jemaat Kristen kanggo mbentuk saben wong cocog karo kebutuhané dhéwé-dhéwé? Wènèhana conto.

11 Yéhuwah nyedhiyakké jemaat Kristen kanggo mbentuk saben wong nurut kebutuhané dhéwé-dhéwé. Jim, sing dicritakké mau, mulai ngowahi tumindaké wektu ana pinituwa sing nggatèkké. Jim kandha, ”Pinituwa kuwi ora tau nyalahké utawa ngèlèk-èlèk aku. Malah, tetep nduwé pikiran sing apik lan bener-bener péngin mbantu aku.” Kira-kira telung sasi sakwisé, pinituwa kuwi ngundang Jim teka ing pakumpulan ibadah. Jim kandha nèk para sedulur ing jemaat seneng ketemu manèh karo dhèwèké, lan nduduhké katresnan sing mbantu Jim ngowahi pikirané. Jim mulai ngerti nèk perasaané dudu sing paling penting. Bojoné Jim lan para pinituwa terus nggedhèkké atiné, lan akhiré Jim ngabdi manèh marang Yéhuwah. Jim uga éntuk paédah saka artikel ”Yehuwa Tidak Dapat Dipersalahkan” lan ”Melayani Yehuwa dengan Loyal” ing Menara Pengawal 15 November 1992.

12 Akhiré, Jim dadi pinituwa manèh. Mulai wektu kuwi, dhèwèké mbantu lan nguwatké imané para sedulur liya sing nduwé masalah sing padha. Jim kandha, mbiyèn dhèwèké ngira nèk cedhak karo Yéhuwah, padhahal ora. Jim getun merga mbiyèn sombong lan luwih mikirké salahé wong liya timbang bab sing luwih penting.​—1 Kr. 10:12.

Nèk niru Yésus, isa waé wong-wong gelem nampa kabar apik lan ngowahi tumindaké

13. Wektu nginjil, awaké dhéwé kudu nduwé sipat apa, lan apa paédahé?

13 Tugas nginjil uga isa mbentuk awaké dhéwe dadi luwih apik. Kok isa? Wektu martakké kabar apik, awaké dhéwé kudu nduduhké sipat-sipat kaya andhap asor lan sipat-sipat saka wohing roh suci. (Gl. 5:22, 23) Pikiren sipat-sipat sing apik sing wis diduwèni merga nginjil. Nèk niru Yésus, isa waé wong-wong gelem nampa kabar apik lan ngowahi tumindaké. Contoné, Seksi Yéhuwah loro ing Australia nginjil karo wong wédok ing omahé, ning wong wédok kuwi nesu banget lan tumindak kasar. Ning, para Seksi Yéhuwah gelem ngrungokké lan ora malah nesu. Bar kuwi, wong wédok mau getun karo tumindaké, banjur nulis surat ing kantor cabang lan njaluk ngapura. Dhèwèké kandha, ”Aku rumangsa salah merga ngusir wong loro sing martakké kabar apik.” Pengalaman iki nduduhké pentingé sipat apikan wektu nginjil. Pancèn, tugas nginjil ana paédahé kanggo wong liya, ning kuwi uga mbantu awaké dhéwé nduwé sipat-sipat sing luwih apik.

MANUTA TUNTUNANÉ GUSTI ALLAH WEKTU NDHIDHIK ANAK

14. Apa sing kudu ditindakké wong tuwa wektu ndhidhik anak?

14 Akèh-akèhé cah cilik andhap asor lan gampang dikandhani. (Mt. 18:1-4) Dadi, wong tuwa kudu mbantu anaké kèt cilik bèn seneng sinau Alkitab. (2 Tm. 3:14, 15) Ning, wong tuwa kuwi dhéwé kudu seneng sinau Alkitab lan ngetrapké ing uripé saben dina. Nèk kuwi ditindakké, anak-anaké dadi luwih gampang seneng sinau Alkitab. Bocah-bocah uga bakal ngerti nèk dhidhikan mau bukti tresnané wong tuwa lan Yéhuwah.

15, 16. Nèk anaké ditokké saka jemaat, piyé wong tuwa isa nduduhké iman marang Yéhuwah?

15 Senajan wong tuwa wis mulang bab sing bener saka Alkitab, ning tetep waé ana anak sing ninggalké Yéhuwah utawa ditokké saka jemaat. Nèk kuwi kedadéan, keluarga mesthi sedhih banget. Sedulur wédok saka Afrika Selatan kandha, ”Wektu kakangku ditokké saka jemaat, dhèwèké kaya wis mati. Atiku lara banget.” Ning, apa sing ditindakké sedulur kuwi lan wong tuwané? Terus manut tuntunané Alkitab. (Wacanen 1 Korinta 5:11, 13.) Wong tuwané ngerti nèk manut préntahé Gusti Allah kuwi ana paédahé, lan ngerti nèk ditokké saka jemaat kuwi bukti tresnané Yéhuwah. Dadi, wong tuwané hubungan karo anaké lanang mung nèk ana urusan keluarga sing penting banget.

16 Piyé perasaané anaké lanang? Dhèwèké kandha, ”Aku ngerti nèk keluargaku ora nyengiti aku, ning manut Yéhuwah lan pakumpulané.” Dhèwèké uga kandha, ”Wektu ora ana dalan liya kejaba njaluk bantuan lan pangapurané Yéhuwah, aku lagi ngerti nèk sakjané butuh banget Yéhuwah.” Bayangna senengé keluargané wektu anaké lanang bali manèh ngabdi marang Yéhuwah. Awaké dhéwé ya bakal seneng lan éntuk paédah nèk terus manut Yéhuwah.​—WB. 3:5, 6; 28:26.

Nèk andhap asor lan manut karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ditresnani

17. Apa sebabé kudu terus manut karo Yéhuwah, lan apa paédahé?

17 Nabi Yésaya ngramalké nèk wong-wong Yahudi ing Babil sing mertobat bakal kandha, ”Dhuh Yéhuwah, Paduka punika Rama kawula sadaya! Kawula sadaya punika lempung déné Paduka ingkang mangun kawula, sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.” (Yé. 64:8, 9) Nèk andhap asor lan manut Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ditresnani kaya Dhanièl. Yéhuwah bakal terus mbentuk awaké dhéwé nganggo Alkitab, roh suci, lan pakumpulan bèn mbésuk dadi ”para putrané Gusti Allah”.​—Rm. 8:21.