Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngajèni Yéhuwah, Tukang Grabah Agung

Ngajèni Yéhuwah, Tukang Grabah Agung

”Dhuh Yéhuwah, . . . Kawula sadaya punika lempung déné Paduka ingkang mangun kawula, sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.”​—YÉ. 64:8.

LAGU: 11, 26

1. Apa sebabé Yéhuwah disebut Tukang Grabah Agung?

TUKANG grabah isa nggawé lempung biasa dadi vas sing apik lan larang regané. Contoné, ing Inggris, November 2010, ana vas lempung saka Cina dinyang mèh 900 milyar rupiah. Ning, Yéhuwah, Tukang Grabah Agung, luwih nggumunké timbang tukang grabah mau. Alkitab kandha nèk Yéhuwah nggawé manungsa sampurna saka ”lebuning bumi,” utawa lempung. (Pd. 2:7) Adam dadi ”Putraning Allah” lan digawé bèn isa niru sipat-sipaté Yéhuwah.​—Lk. 3:38.

2, 3. Piyé carané niru wong-wong Israèl sing wis mertobat?

2 Wektu mbrontak marang Yéhuwah, Adam dudu putrané Gusti Allah manèh. Ning, keturunané Adam akèh sing milih manut karo Yéhuwah. (Ib. 12:1) Nèk andhap asor manut karo Yéhuwah, wong-wong mau nduduhké nèk péngin Yéhuwah dadi Bapak lan Tukang Grabahé, dudu Iblis. (Yo. 8:44) Rasa setyané wong-wong mau ngélingké awaké dhéwé karo kandhané bangsa Israèl sing wis mertobat, ”Dhuh Yéhuwah, . . . Kawula sadaya punika lempung déné Paduka ingkang mangun kawula, sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.”​—Yé. 64:8.

3 Para abdiné Yéhuwah jaman saiki ngupaya tenanan andhap asor lan manut. Wong-wong mau rumangsa éntuk kaurmatan gedhé nèk ngakoni Yéhuwah dadi Bapak lan Tukang Grabahé. Apa awaké dhéwé gelem dadi lempung empuk sing gampang digawé dadi barang sing aji? Apa awaké dhéwé nggatèkké sedulur liyané sing isih terus dibentuk Yéhuwah? Bèn nduwé pikiran sing bener bab kuwi, awaké dhéwé bakal ngrembug sapa waé sing dibentuk, apa sebabé Yéhuwah mbentuk, lan piyé carané.

YÉHUWAH MILIH WONG-WONG SING AREP DIBENTUK

4. Piyé carané Yéhuwah milih wong-wong dadi abdiné? Wènèhana conto.

4 Yéhuwah ora ndelok njabané, ning ndelok atiné manungsa. (Wacanen 1 Samuèl 16:7b.) Buktiné, wektu nggawé jemaat Kristen, Yéhuwah lan Yésus malah milih wong-wong sing dianggep ora ana gunané. (Yo. 6:44) Contoné, Saul, wong Farisi, seneng ”ngala-ala, nganiaya”, lan ngenyèk wong liya. (1 Tm. 1:13) Ning, Yéhuwah ndelok atiné Saul lan ora nganggep nèk dhèwèké kaya lempung sing ora isa dinggo. (WB. 17:3) Yéhuwah nganggep Saul isa dibentuk dadi ’piranti pilihané kanggo martakaké asmané marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israèl’. (PR. 9:15) Yéhuwah uga milih wong-wong sing isa dibentuk dadi ”barang kang mulya”, klebu sing mbiyèn tukang mabuk, laku jina, lan nyolong. (Rm. 9:21; 1 Kr. 6:9-11) Merga terus sinau Alkitab, wong-wong kuwi saya kuwat imané lan gelem dibentuk Yéhuwah.

Aja mikir èlèk bab wong-wong ing dhaérah nginjil utawa jemaat

5, 6. Apa buktiné nèk awaké dhéwé ngajèni Yéhuwah, Tukang Grabah Agung, (a) ing dhaérah nginjil? (b) wektu hubungan karo para sedulur?

5 Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah milih lan narik wong sing cocog. Dadi, aja mikir èlèk bab wong-wong ing dhaérah nginjil utawa jemaat. Contoné, wektu ditekani Seksi-Seksi Yéhuwah, Michael kandha, ”Aku wegah nemoni lan nganggep wong-wong kuwi ora ana. Tumindakku kasar banget. Bar kuwi, aku ketemu karo keluarga sing tak ajèni merga tumindaké apik. Ning, aku ora nyangka nèk keluarga kuwi jebulé Seksi Yéhuwah. Dadi, aku mikir nèk tanggepanku mbiyèn ora apik merga omongané wong liya, lan sakjané aku ora ngerti saktenané bab Seksi Yéhuwah.” Michael péngin ngerti luwih akèh lan sinau Alkitab. Akhiré, dhèwèké dibaptis lan dadi perintis.

6 Nèk ngajèni Yéhuwah, Tukang Grabah Agung, tumindaké awaké dhéwé marang sedulur liyané uga bakal apik. Yéhuwah ndelok atiné lan ngerti nèk para sedulur kuwi ora sampurna. Yéhuwah ngerti nèk wong-wong kuwi saiki lagi dibentuk, lan mbésuké bakal dadi kaya apa. Mula, awaké dhéwé kudu niru pikirané Yéhuwah mau. (Ms. 130:3) Awaké dhéwé niru Yéhuwah nèk ora mikir sing èlèk marang para sedulur liyané. Awaké dhéwé uga ndhukung Yéhuwah wektu mbantu para sedulur liya nggawé kemajuan. (1 Ts. 5:14, 15) Para pinituwa ing jemaat kudu dadi tuladha sing apik bab kuwi.—Éf. 4:8, 11-13.

APA SEBABÉ YÉHUWAH MBENTUK PARA ABDINÉ?

7. Apa sebabé panjenengan ngajèni dhidhikané Yéhuwah?

7 Ana sing kandha, ’Aku lagi ngerti gunané dhidhikané wong tuwaku, sakwisé aku dhéwé nduwé anak.’ Saya gedhé, awaké dhéwé dadi luwih ngajèni dhidhikan mau merga kuwi bukti tresna. (Wacanen Ibrani 12:5, 6, 11.) Yéhuwah nresnani awaké dhéwé kaya anaké. Mula, Yéhuwah sabar wektu ndhidhik lan mbentuk, bèn awaké dhéwé isa urip seneng, wicaksana, lan nresnani Yéhuwah kaya bapaké. (WB. 23:15) Yéhuwah ora seneng ndélok manungsa urip sengsara lan mati merga ora gelem mertobat.—Éf. 2:2, 3.

Yéhuwah nresnani awaké dhéwé kaya anaké.

8, 9. Saiki piyé carané Yéhuwah ndhidhik para abdiné, lan piyé kuwi bakal terus ditindakké?

8 Sakdurungé kenal Yéhuwah, mbokmenawa awaké dhéwé nduwé sipat-sipat èlèk. Ning, Yéhuwah mbentuk lan mbantu bèn awaké dhéwé ngowahi urip lan nduwé sipat-sipat apik. (Yé. 11:6-8; Kl. 3:9, 10) Awaké dhéwé urip ing kahanan ayem tentrem ing antarané umaté Yéhuwah. Iki kahanan sing paling apik kanggo mbentuk awaké dhéwé. Awaké dhéwé krasa aman lan ayem tentrem, senajan donya iki dikebaki wong jahat. Ana sing ora ditresnani keluargané kèt cilik, ning saiki ngrasakké tresna sejati saka para sedulur seiman, lan krasa tentrem ing antarané umaté Yéhuwah. (Yo. 13:35) Awaké dhéwé wis sinau carané nresnani wong liya. Ning sing paling penting, awaké dhéwé wis kenal Yéhuwah lan saiki ngrasakké tresnané sing kaya bapak.​—Yb. 4:8.

9 Ing Pirdus, kahanan ayem tentrem ing antarané umaté Yéhuwah bakal kelakon saktenané. Awaké dhéwé isa urip seneng ing kono, ing pamréntahané Gusti Allah. Wektu kuwi, Yéhuwah bakal terus mbentuk lan ndhidhik manungsa nganggo cara sing ora isa dibayangké saiki. (Yé. 11:9) Yéhuwah uga bakal nggawé pikiran lan awaké manungsa dadi sampurna, bèn isa luwih gampang ngerti lan manut prentahé. Mula, awaké dhéwé kudu gelem terus dibentuk Yéhuwah, lan nduduhké nèk ngajèni tresnané.​—WB. 3:11, 12.

CARANÉ YÉHUWAH MBENTUK ABDINÉ

10. Apa buktiné nèk Yésus sabar lan trampil kaya Tukang Grabah Agung?

10 Kaya tukang grabah sing trampil, Yéhuwah ngerti awaké dhéwé kaya apa. Yéhuwah ngerti kekurangan lan upayané awaké dhéwé, mula isa mbentuk saben wong cocog karo kahanané dhéwé-dhéwé. (Wacanen Jabur 103:10-14.) Bèn isa ngerti pikirané Yéhuwah bab manungsa, kudu nggatèkké carané Yésus urusan karo para rasulé sing ora sampurna. Para rasul ping bola-bali padu bab sapa sing paling utama. Nèk panjenengan ana ing kono, piyé tanggepan panjenengan bab rasul-rasul kuwi? Panjenengan mbokmenawa mikir rasul-rasul kuwi dudu lempung sing empuk. Ning, kanggoné Yésus, rasul-rasul kuwi isa dibentuk nèk ngrungokké lan niru andhap asoré Yésus. (Mk. 9:33-37; 10:37, 41-45; Lk. 22:24-27) Sakwisé Yésus diuripké manèh, para rasul nampa roh suci lan ora mikirké manèh sapa sing paling utama, malah terus nindakké tugas saka Yésus.​—PR. 5:42.

11. Apa buktiné nèk Dawud kuwi lempung sing empuk, lan piyé carané niru dhèwèké?

11 Saiki, Yéhuwah nggunakké Alkitab, roh suci, lan jemaat kanggo mbentuk awaké dhéwé. Piyé Alkitab isa mbentuk awaké dhéwé? Awaké dhéwé kudu maca, mikirké, lan njaluk tulung Yéhuwah bèn isa ngetrapké sing wis disinaoni. Raja Dawud nulis, ”Manawi kawula wonten ing patileman kèngetan dhumateng Paduka, sadalu muput anggèn kawula semèdi dhumateng Paduka.” (Ms. 63:7) Dawud uga nulis, ”Aku ngalembana marang Sang Yéhuwah, kang paring pitedah marang aku; malah ing wayah bengi aku digegulang déning telenging batinku.” (Ms. 16:7) Dawud mikirké wejangané Yéhuwah. Dawud gelem dibentuk pikiran lan perasaané, senajan kuwi ora gampang. (2 Sa. 12:1-13) Dawud dadi conto sing apik bab sipat andhap asor lan setya marang Yéhuwah. Coba dipikir, ’Wektu maca Alkitab, apa kuwi tak pikirké lan tak lebokké ing ati lan pikiran? Apa kuwi isa luwih kerep tak tindakké?’​—Ms. 1:2, 3.

12, 13. Piyé carané Yéhuwah nggunakké roh suci lan jemaat kanggo mbentuk awaké dhéwé?

12 Roh suci isa mbentuk awaké dhéwé nganggo akèh cara. Contoné, awaké dhéwé dibantu isa niru sipat-sipaté Yésus lan nduduhké wohing roh suci. (Gl. 5:22, 23) Salah sijiné yaiku katresnan. Awaké dhéwé tresna marang Yéhuwah, péngin manut, lan gelem dibentuk merga ngerti nèk tuntunan kuwi ana paédahé. Roh suci isa ngekèki kekuwatan bèn ora dipengaruhi donya sing dikuwasani Iblis. (Éf. 2:2) Wektu rasul Paulus isih enom, dhèwèké dipengaruhi para pemimpin agama Yahudi sing sombong. Ning, roh suci mbantu dhèwèké ngowahi uripé. Rasul Paulus nulis, ”Sakèhing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengané kang paring kakuwatan marang aku.” (Fp. 4:13) Awaké dhéwé uga perlu njaluk roh suci marang Yéhuwah, merga yakin Yéhuwah bakal njawab dongané awaké dhéwé sing tulus.​—Ms. 10:17.

Yéhuwah nggunakké para pinituwa kanggo mbentuk awaké dhéwé, mula awaké dhéwé kudu ngetrapké wejangané (Deloken paragraf 12, 13)

13 Yéhuwah uga nggunakké jemaat lan para pinituwa kanggo mbentuk awaké dhéwé. Contoné, nèk pinituwa ngerti awaké dhéwé salah banjur ngekèki wejangan, kuwi dudu saka pikirané dhèwèké. (Gl. 6:1) Para pinituwa andhap asor ndonga marang Yéhuwah njaluk pangertèn lan kawicaksanan. Banjur, nggolèk katrangan luwih akèh saka Alkitab lan wacan Alkitab sing cocog kanggo mbantu. Nèk para pinituwa nyedhaki panjenengan lan ngekèki wejangan sing apik bab sandhangan, élinga nèk kuwi bukti tresnané Gusti Allah. Wektu ngetrapké wejangan kuwi, panjenengan kaya lempung empuk sing gampang dibentuk Yéhuwah, lan isa éntuk paédah.

14. Senajan nduwé kuwasa, apa buktiné nèk Yéhuwah ngajèni pilihané awaké dhéwé?

14 Nèk ngerti carané Yéhuwah mbentuk para abdiné, awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing apik karo sedulur liyané. Awaké dhéwé uga ora mikir sing èlèk bab wong-wong ing dhaérah nginjil, klebu sing sinau Alkitab. Sakdurungé mbentuk, tukang grabah ngresiki sarta ngilangi krikil lan regedan liyané. Yéhuwah, Tukang Grabah Agung, ngandhani pathokan-pathokané sing luhur marang wong-wong sing gelem dibentuk, ning ora meksa wong-wong kuwi kon ngowahi uripé. Wong-wong kuwi sing kudu mutuské dhéwé arep ngowahi uripé apa ora.

15, 16. Piyé wong sing sinau Alkitab nduduhké nèk péngin dibentuk Yéhuwah? Wènèhana conto.

15 Gatèkna pengalamané Tessie saka Australia. Senajan sinau Alkitab kuwi ora angèl kanggoné Tessie, dhèwèké ora maju-maju, malah ora gelem teka ing pakumpulan ibadah. Guru Alkitabé ndonga lan mutuské mandheg sinau Alkitab karo Tessie. Ning ujug-ujug, Tessie crita alesané ora maju-maju. Tessie rumangsa munafik merga isih seneng judhi. Ning saiki, dhèwèké mutuské mandheg maén judhi.

16 Tessie mulai teka ing pakumpulan ibadah lan ngowahi sipat-sipaté sing èlèk, senajan diécé kanca-kancané. Akhiré, Tessie dibaptis lan dadi perintis senajan anaké isih cilik-cilik. Dadi, nèk wong sing sinau Alkitab ngowahi uripé kanggo nyenengké Yéhuwah, Yéhuwah bakal nyedhaki wong kuwi lan mbentuk dhèwèké dadi grabah sing apik.

17. (a) Wektu mbentuk panjenengan, apa sing panjenengan senengi saka Yéhuwah? (b) Apa sing bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré?

17 Saiki, isih ana tukang grabah sing sabar nggawé grabah nganggo tangan. Semono uga, Yéhuwah sabar mbentuk awaké dhéwé nganggo tuntunané lan nggatèkké tanggepané awaké dhéwé. (Wacanen Jabur 32:8.) Apa panjenengan ngrasakké nèk Yéhuwah perduli karo panjenengan? Apa panjenengan ngrasakké nèk Yéhuwah sabar mbentuk panjenengan? Nèk ngono, sipat apa sing dibutuhké bèn dadi lempung sing empuk, sing gampang dibentuk? Sipat apa sing kudu dibuwang supaya ora dadi lempung sing atos lan ora gampang dibentuk? Lan, piyé wong tuwa njaluk tuntunané Yéhuwah kanggo mbentuk anak-anaké? Iki bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré.