Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sipat sing Luwih Aji Timbang Berlian

Sipat sing Luwih Aji Timbang Berlian

Berlian dianggep perhiasan sing larang banget regané. Ning, kanggoné Gusti Allah, ana sing luwih aji timbang berlian. Apa kuwi?

Haykanush, penginjil wédok sing durung baptis ing Armenia, nemu paspor ing cedhak omahé. Ing njeroné paspor ana kertu debit lan dhuwit akèh. Dhèwèké crita bab kuwi karo bojoné sing uga penginjil durung baptis.

Senajan Haykanush lan bojoné lagi nduwé masalah keuangan lan utang, paspor kuwi tetep dibalèkké marang sing nduwé. Wong lanang sing nduwé paspor lan keluargané kagèt banget. Haykanush lan bojoné nerangké alesané gelem mbalèkké paspor kuwi, yaiku merga ngetrapké pathokané Alkitab. Haykanush uga crita bab Seksi-Seksi Yéhuwah lan ngekèki wacan.

Sing nduwé paspor arep ngekèki dhuwit, ning Haykanush ora gelem. Sésuké, bojoné sing nduwé paspor marani Haykanush lan bojoné, lan meksa kon nampa hadiah cincin berlian.

Kaya keluarga kuwi, akèh wong gumun karo sipat jujuré Haykanush lan bojoné. Ning, apa Yéhuwah ya gumun? Piyé perasaané Yéhuwah bab sipat jujur mau? Apa sipat kuwi ana gunané?

SIPAT-SIPAT SING LUWIH AJI TIMBANG BANDHA

Ora angèl njawab pitakonan-pitakonan mau. Apa sebabé? Merga abdiné Gusti Allah ngerti nèk kanggoné Yéhuwah, niru sipat-sipaté Yéhuwah kuwi luwih penting timbang berlian, emas, utawa bandha liyané. Dadi, sing dianggep aji Yéhuwah ora padha karo sing dianggep aji manungsa. (Yé. 55:8, 9) Para abdiné Yéhuwah rumangsa nèk niru sipat-sipaté Yéhuwah kuwi penting banget.

Yéhuwah luwih ngajèni kawicaksanan lan kapinteran timbang bandha. Wulang Bebasan 3:13-15 kandha, ”Rahayu wong kang tampa kawicaksanan, wong kang olèh kapinteran, awitdéné olèh-olèhané kawicaksanan iku ngluwihi olèh-olèhané salaka, lan pikolèhé ngungkuli emas. Ajiné ngluwihi raja-pèni, apa baé kang kokkarepaké ora bisa madhani.”

Piyé tanggepané Yéhuwah bab sipat jujur?

Yéhuwah kuwi jujur lan ”ora dora [ngapusi]”. (Tt. 1:2) Yéhuwah ngongkon rasul Paulus nulis marang wong Kristen Ibrani ing abad kapisan, ”Aku padha tansah dongakna, jalaran aku padha mesthèkaké, manawa aku padha duwé rumangsaning ati kang becik, amarga aku padha ngarah supaya satindak-tandukku bisaa utama [jujur, NW].”​—Ib. 13:18.

Yésus Kristus ngekèki conto sipat jujur. Yésus ngaku nèk dhèwèké Sang Mèsih wektu Imam Agung Kayafas takon, ”Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabèh, Kowé iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?” Yésus njawab jujur senajan ngerti nèk Sanhèdrin isa nudhuh dhèwèké ngenyèk Gusti Allah lan isa dihukum mati.​—Mt. 26:63-67.

Nèk awaké dhéwé piyé? Nèk ana kesempatan éntuk dhuwit utawa bandha ning kudu ngapusi utawa ora ngomong saktenané, apa kuwi tetep dilakoni?

TUMINDAK JUJUR KUWI ORA GAMPANG

Ing dina-dina pungkasan, akèh wong ”mung mikir marang awaké dhéwé lan karem bandha”. (2 Tm. 3:2) Wektu ana krisis ékonomi lan angèl golèk gawéan, wong-wong rumangsa ora masalah nèk nyolong, ngapusi, lan tumindak ora jujur. Kuwi wis umum dipikirké wong-wong. Akèh sing mikir, wong lagi isa éntuk bandha utawa dhuwit nèk ora jujur. Malah, wong Kristen ya ana sing ora jujur nganti jenengé èlèk ing jemaat.​—1 Tm. 3:8; Tt. 1:7.

Ning, akèh-akèhé wong Kristen niru Yésus. Wong-wong kuwi ngerti nèk niru sipat-sipaté Gusti Allah kuwi luwih penting timbang dhuwit lan bandha apa waé. Wong Kristen sing isih sekolah ora nyontèk bèn éntuk biji apik ing sekolahan. (WB. 20:23) Nèk awaké dhéwé jujur, ora mesthi éntuk hadiah kaya Haykanush. Ning, Yéhuwah péngin awaké dhéwé jujur bèn ati krasa pénak, lan kuwi sing aji banget.

Gagik nyritakké pengalamané. Dhèwèké kandha, ”Sakdurungé dadi Seksi Yéhuwah, aku dirèktur ing perusahaan gedhé. Sing nduwé perusahaan senengé ngapusi wektu nggawé laporan keuangan, bèn mbayar pajegé ora akèh. Aku kudu ’gelem’ mèlu-mèlu ora jujur lan nyogok petugas pajeg. Hasilé, wong-wong nganggep aku ora jujur. Sakwisé sinau Alkitab, aku ora gelem tumindak ngono manèh senajan gajiné gedhé. Aku mbukak usaha dhéwé, ndaftarké usahaku, lan kabèh pajegé tak bayar.”​—2 Kr. 8:21.

Gagik kandha, ”Aku éntuk dhuwit separoné mbiyèn. Dadi, ora gampang nyukupi kebutuhan keluargaku. Ning, saiki aku seneng merga atiku krasa pénak, lan ora rumangsa salah marang Yéhuwah. Aku dadi conto kanggo anakku lanang loro. Aku uga dadi tuladha lan dikèki akèh tugas ing jemaat. Saiki, aku dianggep jujur karo petugas pajeg lan wong-wong sing nduwé hubungan kerja karo aku.”

YÉHUWAH MESTHI MBANTU

Yéhuwah nresnani wong-wong sing niru sipat-sipaté, klebu jujur. Kuwi ngluhurké Yéhuwah. (Tt. 2:10) Nèk awaké dhéwé jujur, Yéhuwah janji bakal mbantu. Yéhuwah ngongkon Raja Dawud kandha, ”Wiwit aku isih enom nganti saiki wis tuwa, aku durung tau nyumurupi wong mursid katégakaké, utawa anak-putuné padha luru-luru pangan.”​—Ms. 37:25.

Pengalamané Rut mbuktèkké nèk ayat mau bener. Rut setya marang Naomi, maratuwané. Dhèwèké ora ninggal Naomi sing wis tuwa. Rut pindhah menyang Israèl lan ngibadah marang Yéhuwah. (Rt. 1:16, 17) Dhèwèké jujur lan sregep njupuki turahan panèn, kaya sing diatur ing Hukum Musa bab wong mlarat. Yéhuwah ora tau ninggalké Rut lan Naomi, kaya Yéhuwah ora ninggalké Dawud. (Rt. 2:2-18) Yéhuwah ora mung nyukupi kebutuhané Rut saben dina, ning uga milih Rut dadi mbahé Raja Dawud lan Sang Mèsih.​—Rt. 4:13-17; Mt. 1:5, 16.

Mbokmenawa ana abdiné Yéhuwah sing angèl nyukupi kebutuhan urip saben dina. Wong-wong kuwi ora nggolèk gampangé nganti nindakké sing ora jujur, ning malah sregep nyambut gawé. Kuwi bukti nèk wong-wong mau niru sipat-sipaté Gusti Allah, klebu jujur, sing luwih aji timbang dhuwit lan bandha.​—WB. 12:24; Éf. 4:28.

Kaya Rut, para abdiné Yéhuwah sakdonya percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu. Wong-wong kuwi percaya tenan karo Yéhuwah sing wis janji, ”Ingsun ora bakal négakaké sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.” (Ib. 13:5) Yéhuwah wis ping bola-bali nduduhké nèk péngin lan isa mbantu wong-wong sing jujur. Yéhuwah mesthi netepi janjiné kanggo nyukupi kebutuhan para abdiné saben dina.​—Mt. 6:33.

Manungsa nganggep nèk berlian lan bandha kuwi aji banget. Ning, awaké dhéwé percaya Yéhuwah ngajèni sipat jujur lan sipat-sipat liyané, sing luwih aji timbang berlian.

 

Nèk jujur, atiné awaké dhéwé krasa pénak lan isa diajèni karo sing dikabari