Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Pangéran Yéhuwah Iku Siji”

”Pangéran Yéhuwah Iku Siji”

”Hé Israèl, ngrungokna, Pangéran Yéhuwah iku Gusti Allah kita, Pangéran Yéhuwah iku siji.”​—PT. 6:4.

LAGU: 138, 2

1, 2. (a) Apa sebabé Pangandharing Torèt 6:4 terkenal banget? (b) Apa sebabé Musa ngomong ngono?

WIS atusan taun, wong-wong Yahudi nggunakké ukara ing Pangandharing Torèt 6:4 wektu ndonga. Donga kuwi disebut Syéma. Syéma kuwi tembung sing sepisanan metu ing ayat mau. Akèh wong Yahudi nyebutké donga kuwi ésuk soré saben dina, kanggo nduduhké nèk ngabdi mung marang Gusti Allah.

2 Ukara-ukara kuwi dadi bagéan saka ceramah terakhiré Musa kanggo bangsa Israèl. Taun 1473 SM, bangsa kuwi ana ing negara Moab, siap-siap nyebrangi Kali Yardèn lan ngalahké bangsa Kanaan. (PT. 6:1) Musa wis 40 taun mimpin bangsa Israèl, lan péngin nguwatké bangsa kuwi bèn isa ngadhepi masalah mbésuké. Bangsa kuwi kudu percaya lan setya marang Yéhuwah. Mula, ceramah terakhiré Musa kuwi nguwatké tenan. Sakwisé Musa nyebutké Sepuluh Hukum lan hukum liyané, Musa banjur ngongkon bangsa kuwi ngéling-éling Pangandharing Torèt 6:4, 5. (Wacanen.)

3. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing wulangan iki?

3 Bangsa Israèl percaya nèk ”Pangéran Yéhuwah iku siji”. Wong-wong Israèl sing setya nyembah Gusti Allah siji, yaiku Gusti Allahé mbah-mbahé. Apa sebabé Musa ngélingké nèk ”Yéhuwah iku siji”? Apa hubungané bab kuwi karo nresnani Yéhuwah sakgumolonging ati, nyawa, lan kekuwatan? Saiki, piyé carané ngetrapké Pangandharing Torèt 6:4, 5?

”YÉHUWAH IKU SIJI”

4, 5. (a) Apa maksudé ”Yéhuwah iku siji”? (b) Apa sebabé Yéhuwah béda karo déwané bangsa-bangsa?

4 Ora ana liyané. Tembung ”Yéhuwah iku siji” maksudé Yéhuwah kuwi ora ana liyané, ora ana sing madhani. Apa sebabé Musa kandha kaya ngono? Musa ora lagi ngrembug nèk Tritunggal kuwi salah. Yéhuwah kuwi sing nggawé swarga lan bumi lan sing nguwasani jagat iki. Mung Yéhuwah Gusti Allah sing sejati lan ora ana liyané. (2 Sa. 7:22) Dadi, Musa ngélingké bangsa Israèl nèk mung Yéhuwah sing kudu disembah. Bangsa Israèl ora éntuk nyembah allah-allah palsu lan déwa-déwa kaya sing disembah bangsa-bangsa ing sakiwa-tengené. Bangsa-bangsa kuwi percaya nèk déwa-déwané isa ngatur kekuwatan alam.

5 Contoné, wong-wong Mesir nyembah déwa srengéngé Ra, déwa langit Nut, déwa bumi Geb, déwa kali Nil yaiku Hapi, sing wujudé kéwan-kéwan. Yéhuwah nduduhké nèk kuwasané luwih gedhé timbang déwa-déwa mau wektu ngekèki sepuluh musibah. Déwa utamané wong Kanaan kuwi Baal, sing dianggep isa nggawé urip. Uga dianggep déwa langit, udan, lan angin gedhé. Ing dhaérah liya, Baal dianggep isa ngayomi. (Wi. 25:3) Bangsa Israèl ngerti nèk mung Yéhuwah, Gusti Allah sing sejati. ”Yéhuwah iku siji”, ora ana liyané.​—PT. 4:35, 39.

Yéhuwah dudu Gusti Allah sing tumindak sakgelemé dhéwé, ning mesthi tetep padha, setya, lan bener

6, 7. Apa maksud liyané ”Ingsun iki tetep Panjenengané”, lan apa buktiné?

6 Tetep Padha lan Setya. Tembung ”siji” ing ukara ”Yéhuwah iku siji”, maksudé janji lan tumindaké Yéhuwah mesthi isa dipercaya. Yéhuwah dudu Gusti Allah sing tumindak sakgelemé dhéwé, ning mesthi tetep padha, setya, lan sejati. Contoné, Yéhuwah janji marang Abraham lan keturunané nèk bakal manggon ing negara Kanaan. Yéhuwah nduduhké kuwasané nganggo mukjijat bèn janjiné kelakon. Senajan wis 430 taun, kersané Yéhuwah tetep padha.​—Pd. 12:1, 2, 7; Pa. 12:40, 41.

7 Atusan taun sakwisé, Yéhuwah nyebut bangsa Israèl seksi-seksiné lan kandha, ”Ingsun iki tetep Panjenengané. Sadurungé Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawusé Ingsun bakal ora ana liyané manèh.” Yéhuwah uga njamin nèk kersané tetep padha wektu kandha, ”Ingsun iki tetep Panjenengané.” (Yé. 43:10, 13; 44:6; 48:12) Kaurmatan gedhé kanggo bangsa Israèl isa ngabdi marang Gusti Allah sing tetep padha lan mesthi setya. Saiki, awaké dhéwé uga éntuk kaurmatan gedhé sing padha.​—Ml. 3:6; Yb. 1:17.

8, 9. (a) Apa kersané Yéhuwah kanggo abdiné? (b) Apa kandhané Yésus bab omongané Musa?

8 Musa ngélingké nèk Yéhuwah tetep nresnani lan nggatèkké bangsa Israèl. Mula, Yéhuwah péngin bangsa Israèl nresnani lan ngabdi mung marang Yéhuwah sakgumolonging ati, nyawa, lan kekuwatané. Wong tuwa isa ndhidhik anak-anaké kèt cilik bab Yéhuwah saben ana kesempatan, bèn mbésuké bocah kuwi ngabdi mung marang Yéhuwah.​—PT. 6:6-9.

9 Kersané Yéhuwah tetep padha, mula syarat utama bèn dadi abdiné uga mesthi padha. Nèk péngin nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé kudu tresna lan ngabdi mung marang Yéhuwah sakgumolonging ati, pikiran, lan kekuwatan. Yésus kandha nèk kuwi préntah sing paling penting. (Wacanen Markus 12:28-31.) Saiki, awaké dhéwé arep ngrembug carané nduduhké nèk percaya ”Yéhuwah iku siji”.

NGABDIA MUNG MARANG YÉHUWAH

10, 11. (a) Apa maksudé ngabdi mung marang Yéhuwah? (b) Apa buktiné cah-cah enom Ibrani ing Babil nduduhké nèk ngabdi mung marang Yéhuwah?

10 Mung Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé ngabdi mung marang Yéhuwah. Wektu ngibadah, awaké dhéwé ora isa nyembah allah liya, utawa nggawa wulangan lan kebiasaan agama palsu. Yéhuwah ora mung luwih kuwasa utawa luwih luhur timbang allah-allah liya, ning Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing sejati. Mula, awaké dhéwé kudu ngibadah mung marang Yéhuwah.​—Wacanen Wahyu 4:11.

11 Ana pengalamané cah-cah enom Ibrani yaiku Dhanièl, Hananya, Misaèl, lan Azarya ing buku Dhanièl. Bocah-bocah kuwi nduduhké nèk ngibadah mung marang Yéhuwah. Buktiné, ora gelem mangan panganan sing dilarang kanggo abdiné Yéhuwah, lan ora gelem nyembah recané Nebukadnézar sing digawé saka emas. Bocah-bocah kuwi terus setya, lan nganggep Yéhuwah sing paling utama.​—Dn. 1:1–3:30.

Yéhuwah kudu dadi sing nomer siji

12. Awaké dhéwé aja nganti ngapa?

12 Yéhuwah kudu dadi sing nomer siji, mula awaké dhéwé aja nganti nyembah allah liya utawa brahala. Apa sebabé? Ing Sepuluh Hukum, Yéhuwah nglarang umaté aja nganti nyembah allah liya lan brahala. (PT. 5:6-10) Saiki, sing dimaksud brahala kuwi werna-werna lan mbokmenawa angèl dititèni. Ning, pathokané Yéhuwah bab kuwi tetep padha. Yéhuwah iku ”siji”. Coba gatèkna carané bèn aja nganti nyembah brahala.

13. Apa sing isa luwih ditresnani timbang Yéhuwah?

13 Ing Kolosé 3:5 (wacanen), ana bab-bab sing isa ngrusak hubungan karo Yéhuwah. Contoné, sipat srakah sing dianggep nyembah brahala. Kok isa? Nèk srakah péngin nduwé dhuwit utawa bandha akèh, kuwi isa dadi sing paling utama ing urip, kaya brahala sing disembah. Kabèh sing disebutké ing Kolosé 3:5 ana hubungané karo sipat srakah, sing padha karo nyembah brahala. Dadi, nèk nduwé sipat srakah, awaké dhéwé isa luwih nresnani bandha lan dhuwit timbang Yéhuwah. Akhiré, Yéhuwah ora dadi sing nomer siji kanggo awaké dhéwé. Mesthiné, awaké dhéwé ora gelem kaya ngono, ta?

14. Apa kandhané rasul Yokanan bab tresnané awaké dhéwé marang Gusti Allah?

14 Rasul Yokanan uga kandha bab sing padha. Dhèwèké kandha nèk wong-wong sing nresnani ”pepénginaning daging lan pepénginaning mripat tuwin digunging ngaurip” ora bakal ”kadunungan katresnan marang Sang Rama”. (1 Yo. 2:15, 16) Dadi, kudu ajeg mriksa apa awaké dhéwé wis dipengaruhi wong-wong donya iki. Contoné, apa awaké dhéwé wis mulai seneng tontonan, wong-wong, modhèl klambi, lan dandanan saka donya iki? Utawa, apa awaké dhéwé péngin nggolèk ”prakara kang muluk-muluk” yaiku sekolah sing dhuwur? (Ym. 45:4, 5) Donya anyar wis cedhak banget. Dadi, awaké dhéwé kudu ngéling-éling omongané Musa. Nèk ngerti lan percaya ”Yéhuwah iku siji”, awaké dhéwé ngabdi mung marang Yéhuwah, lan nindakké sing cocog karo kersané.​—Ib. 12:28, 29.

NGUPAYAA TETEP RUKUN

15. Apa sebabé Paulus ngélingké nèk ”Yéhuwah iku siji”?

15 Ukara ”Yéhuwah iku siji” mbantu awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah péngin para abdiné rukun lan nduwé tujuan urip sing padha. Anggotané jemaat Kristen abad kapisan kuwi wong Yahudi, Yunani, Rum, lan bangsa liya, sing nduwé budaya lan kebiasaan sing béda-béda. Mula, ana sing angèl nampa cara ibadah sing anyar utawa ninggalké kebiasaan sing mbiyèn. Dadi, Paulus perlu ngélingké nèk wong-wong Kristen nduwé Gusti Allah siji, yaiku Yéhuwah.​—Wacanen 1 Korinta 8:5, 6.

Yéhuwah péngin para abdiné rukun lan nduwé tujuan urip sing padha

16, 17. (a) Saiki, ramalan apa sing wis kedadéan, lan apa hasilé? (b) Apa sing isa nggawé ora rukun?

16 Ning, saiki piyé? Nabi Yésaya kandha ”ing wekasané jaman” wong-wong saka bangsa-bangsa bakal ngibadah bareng marang Yéhuwah. Yésaya uga kandha, ”Panjenengané paring piwulang marang kita bab margi-marginé lan supaya kita padha lumaku ing kono.” (Yé. 2: 2, 3) Saiki, ramalan kuwi kedadéan. Senajan asal, basa, lan budayané para sedulur béda-béda, ning tetep rukun ngibadah marang Yéhuwah. Merga béda-béda, kadhang kala rukun kuwi ora gampang.

Apa panjenengan ngupaya tenanan bèn jemaat tetep rukun? (Deloken paragraf 16-19)

17 Contoné, piyé tanggepan panjenengan marang para sedulur sing budayané béda? Basa, klambi, kebiasaan, lan panganané béda banget karo panjenengan. Apa panjenengan ngedohi? Apa panjenengan mung gelem kekancan karo sing asal, basa, utawa budayané padha? Piyé tanggepan panjenengan marang para pinituwa ing jemaat sing luwih enom utawa sing budaya lan bangsané béda? Nèk ora ati-ati, kuwi isa nggawé awaké dhéwé ora rukun karo para sedulur.

18, 19. (a) Saran apa sing disebutké ing Éfesus 4:1-3? (b) Apa sing isa diupayakké bèn jemaat tetep rukun?

18 Piyé carané bèn isa tetep rukun? Paulus ngekèki saran kanggo wong-wong Kristen ing kutha Éfesus sing makmur, lan dinggoni wong-wong sing asalé béda-béda. (Wacanen Éfesus 4:1-3.) Paulus nyebutké sipat-sipat kaya andhap asor, apikan, sabar, lan tresna. Sipat-sipat kuwi kaya cagak sing nggawé omah tetep kuwat. Kudu ngupaya tenanan bèn omah kuwi tetep kuwat. Paulus péngin wong-wong Kristen ing Éfesus ’ngudi lestariné anggoné tetunggalan ing Roh’.

19 Kabèh kudu ngupaya tenanan bèn jemaat tetep rukun. Piyé carané? Siji, perlu ngupaya lan ngetrapké sipat andhap asor, apikan, sabar, lan tresna. Loro, bèn tetep rukun, kuwi butuh upaya sing gedhé. Contoné, mbokmenawa ana sedulur sing salah tampa. Kuwi kayané sepélé, ning isa nggawé ora rukun. Mula, kuwi kudu dirampungi, bèn tetep rukun lan tentrem.

20. Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé percaya ”Yéhuwah iku siji”?

20 ”Pangéran Yéhuwah iku Gusti Allah kita, Pangéran Yéhuwah iku siji”. Ukara sing nggedhèkké ati tenan. Isa nguwatké bangsa Israèl bèn isa ngadhepi akèh masalah wektu mlebu lan ngalahké bangsa Kanaan. Kuwi uga isa nguwatké awaké dhéwé wektu sengsara gedhé teka lan isa mlebu Pirdus. Terusa ngabdi mung marang Yéhuwah. Awaké dhéwé perlu tresna lan ngabdi marang Yéhuwah sakgumolonging ati, pikiran, lan kekuwatan. Awaké dhéwé uga perlu terus ngupaya rukun karo para sedulur. Nèk kuwi terus ditindakké, janjiné Yésus sing arep misahké wedhus gèmbèl karo wedhus jawa bakal kelakon, ”Héh, para kang binerkahan déning RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisaké marang sira wiwit dumadining jagad.”​—Mt. 25:34.