Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Carané Nggawé Keputusan Dhéwé

Carané Nggawé Keputusan Dhéwé

”Udinen supaya kowé ngreti, mungguh apa kang dadi karsaning Gusti.”​—ÉF. 5:17.

LAGU: 11, 22

1. Wènèhana conto hukumé Yéhuwah ing Alkitab, lan apa paédahé kanggo awaké dhéwé nèk gelem manut?

ING Alkitab, Yéhuwah ngekèki hukum sing cetha bab apa sing kudu ditindakké. Contoné, aja nyembah patung, nyolong, mabuk, utawa laku jina. (1 Kr. 6:​9, 10) Yésus uga ngekèki préntah kusus kanggo para muridé, ”Sakabèhing bangsa padha dadèkna siswaKu, lan padha baptisen ing asmané Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, apadéné padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhaké marang kowé kabèh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowé, nganti tumeka ing wekasaning jaman.” (Mt. 28:19, 20) Kabèh préntahé Yéhuwah lan Yésus kuwi ana paédahé kanggo awaké dhéwé. Hukum-hukumé Yéhuwah mulang bèn uripé awaké dhéwé lan keluarga isa luwih pénak, séhat, lan ayem tentrem. Sing luwih penting manèh, wektu awaké dhéwé manut karo préntahé Yéhuwah, klebu préntah kanggo nginjil, Yéhuwah seneng lan bakal mberkahi.

2, 3. (a) Apa sebabé Alkitab ora ngekèki hukum kanggo kabèh kahanan ing urip saben dina? (b) Pitakonan-pitakonan apa sing arep dirembug ing artikel iki? (Deloken gambar ing kaca 15.)

2 Ning, Alkitab ora ngekèki hukum kanggo kabèh kahanan ing urip saben dina. Contoné, ora ana hukum ing Alkitab sing kusus ngatur bab modhèl klambi. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah kuwi wicaksana. Senajan modhèl klambi gonta-ganti terus lan wong-wong uga nganggo modhèl klambi sing béda-béda, ning Alkitab ora tau ketinggalan jaman. Uga, ing Alkitab ora ana akèh hukum sing ngatur bab gawéan, hiburan, utawa carané bèn tetep séhat. Yéhuwah ngekèki kebébasan marang awaké dhéwé lan keluarga kanggo nggawé keputusan bab kuwi.

3 Dadi, wektu nggawé keputusan sing penting, sing bakal ana pengaruhé ing urip lan ora ana hukum sing cetha ing Alkitab, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa Yéhuwah nggatèkké keputusanku? Senajan ora nglanggar hukumé, nèk aku sakpénaké dhéwé nggawé keputusan, apa Yéhuwah bakal seneng? Piyé aku isa yakin nèk keputusanku kuwi nyenengké Yéhuwah?’

KEPUTUSAN SING DIGAWÉ ANA PENGARUHÉ KANGGO AWAKÉ DHÉWÉ LAN WONG LIYA

4, 5. Apa sebabé keputusan sing digawé ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé lan wong liya?

4 Ana wong-wong sing rumangsa bébas nindakké kabèh sing dikarepké. Ning, awaké dhéwé péngin nyenengké Yéhuwah. Mula, sakdurungé nggawé keputusan, awaké dhéwé perlu mikirké lan manut karo kandhané Alkitab. Contoné, ing Alkitab ana pathokané Yéhuwah bab nggunakké getih. Awaké dhéwé kudu manut pathokan kuwi. (Pd. 9:4; PR. 15:28, 29) Awaké dhéwé isa ndonga njaluk dibantu nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah.

5 Keputusan sing digawé ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé. Keputusan sing bener isa nggawé awaké dhéwé saya cedhak karo Yéhuwah. Ning, keputusan sing salah isa ngrusak hubungan karo Yéhuwah. Keputusané awaké dhéwé uga ana pengaruhé kanggo wong liya. Awaké dhéwé ora péngin nggawé sedhih sedulur liyané, nggawé masalah, utawa ngganggu hubungané karo Yéhuwah. Mula, nggawé keputusan sing bener kuwi penting banget.​—Wacanen Rum 14:19; Galati 6:7.

6. Apa sing kudu dipikirké wektu nggawé keputusan?

6 Nèk ora ana hukum sing cetha ing Alkitab, piyé carané nggawé keputusan sing bener? Timbang mung nindakké apa sing disenengi, awaké dhéwé kudu mikirké tenanan masalah sing diadhepi, lan nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah. Awaké dhéwé isa percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu bèn isa nggawé keputusan sing bener.—Wacanen Jabur 37:5.

APA KERSANÉ YÉHUWAH?

7. Nèk ora ana hukum sing cetha ing Alkitab, piyé carané bèn isa ngerti kersané Yéhuwah wektu ngadhepi masalah?

7 Piyé carané bèn isa ngerti kersané Yéhuwah? Éfesus 5:​17 kandha, ”Udinen supaya kowé ngreti, mungguh apa kang dadi karsaning Gusti.” Nèk ora ana hukum sing cetha ing Alkitab, piyé carané bèn isa ngerti kersané Yéhuwah wektu ngadhepi masalah? Awaké dhéwé kudu ndonga, lan njaluk roh suciné Yéhuwah nuntun awaké dhéwé.

8. Wènèhana conto nèk Yésus ngerti kersané Yéhuwah.

8 Yésus ngerti kersané Yéhuwah. Contoné, ping pindho Yésus ndonga lan nggawé mukjijat kanggo ngekèki pangan wong akèh. (Mt. 14:17-​20; 15:34-37) Ning, wektu ngelih ing padhang pasir lan diojok-ojoki Iblis kon ndadèkké watu dadi roti, Yésus ora gelem. (Wacanen Matéus 4:​2-4.) Yésus ngerti nèk Yéhuwah ora péngin Yésus nggunakké roh suci kanggo kepentingané dhéwé. Yésus percaya nèk Yéhuwah bakal nuntun lan ngekèki panganan sing dibutuhké.

9, 10. Apa sing isa mbantu nggawé keputusan sing bener? Wènèhana conto.

9 Kaya Yésus, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener nèk ngendelké tuntunané Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah klawan gumolonging atimu, lan aja suméndhé marang pangretènmu dhéwé. Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengané, temah Panjenengané bakal nglencengaké dalanmu. Aja rumangsa pinter dhéwé, wedi lan asiha marang Sang Yéhuwah lan ngedohana piala.” (WB.  3:​5-7) Wektu sinau Alkitab lan ngerti pikirané Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngerti kersané Yéhuwah nèk ngadhepi masalah. Saya ngerti pikirané Yéhuwah, saya gampang nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah. Lan, awaké dhéwé bakal luwih gampang manut saka ati.​—Ym. 31:33.

10 Bayangna wong wédok sing lagi blanja lan ndelok sepatu sing apik, ning regané larang banget. Senajan bojoné ora mèlu blanja, dhèwèké ngerti tanggepané bojoné nèk tuku sepatu kuwi. Kok isa ngerti? Merga wis suwé bebojoan. Mula, dhèwèké ngerti tanggepané bojoné bab nggunakké dhuwit. Semono uga, wektu sinau pikirané Yéhuwah lan tumindaké jaman mbiyèn, awaké dhéwé bakal ngerti kersané Yéhuwah ing kahanan sing béda-béda.

PIYÉ CARANÉ BÈN ISA NGERTI PIKIRANÉ YÉHUWAH?

11. Pitakonan-pitakonan apa sing isa dipikirké wektu maca utawa sinau Alkitab? (Deloken kothak ” Wektu Panjenengan Sinau Alkitab, Coba Dipikir”.)

11 Piyé carané bèn isa ngerti pikirané Yéhuwah? Sing paling penting yaiku ajeg maca lan sinau Alkitab. Wektu kuwi, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa sing isa disinaoni bab Yéhuwah? Apa sebabé Yéhuwah tumindak ngono?’ Kaya Dawud, awaké dhéwé isa uga njaluk dibantu bèn luwih kenal Yéhuwah. Dawud kandha, ”Dhuh Yéhuwah, kawula mugi Paduka paringi sumerep bab margi Paduka, sarta karsaa nedahaken radinan Paduka. Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang, amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula; Paduka ingkang kawula antos-antos sadinten muput.” (Ms. 25:​4, 5) Wektu sinau, awaké dhéwé isa mikirké ing kahanan apa waé katrangan bab Yéhuwah mau isa digunakké. Apa isa digunakké ing keluarga, gawéan, sekolahan, utawa wektu nginjil? Nèk mikirké masalah sing bakal diadhepi, awaké dhéwé dadi luwih gampang ngerti kersané Yéhuwah wektu nggunakké katrangan mau.

Bèn isa ngerti pikirané Yéhuwah, awaké dhéwe kudu ajeg maca lan sinau Alkitab

12. Piyé carané wacan-wacan Alkitab lan pakumpulan ibadah isa mbantu ngerti kersané Yéhuwah, wektu ngadhepi masalah sing béda-béda?

12 Cara liyané bèn isa ngerti kersané Yéhuwah yaiku nggatèkké piwulang saka pakumpulan, sing dhasaré saka Alkitab. Contoné, nèk arep nggawé keputusan, awaké dhéwé isa nggunakké Indeks Publikasi Menara Pengawal lan Panduan Riset untuk Saksi-Saksi Yehuwa bèn isa ngerti kersané Yéhuwah. Awaké dhéwé uga éntuk paédah saka pakumpulan ibadah nèk nggatèkké tenanan, mèlu urun rembug, lan mikirké manèh sing wis disinaoni. Kuwi kabèh mbantu awaké dhéwé ngerti kersané Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé bakal isa nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah lan bakal diberkahi.

MIKIRKÉ DHISIK KERSANÉ YÉHUWAH SAKDURUNGÉ NGGAWÉ KEPUTUSAN

13. Wènèhana conto carané nggawé keputusan sing bener manut kersané Yéhuwah.

13 Gatèkna salah siji conto bab carané nggawé keputusan manut kersané Yéhuwah. Mbokmenawa panjenengan péngin dadi perintis lan wis nggawé akèh owah-owahan ing urip, bèn isa nduwé akèh wektu kanggo nginjil. Ning, panjenengan tetep durung isa percaya nèk bakal seneng senajan dhuwit utawa barangé mung sithik. Pancèn, Alkitab ora kandha kudu dadi perintis bèn isa ngabdi marang Yéhuwah. Awaké dhéwé isa terus setya ngabdi senajan mung dadi penginjil. Ning, Yésus tau kandha nèk Yéhuwah bakal mberkahi wong sing nggawé pangurbanan kanggo Kratoné Gusti Allah. (Wacanen Lukas 18:29, 30.) Alkitab uga kandha nèk Yéhuwah seneng ndelok awaké dhéwé ngupaya tenanan ngluhurké lan ngabdi marang Yéhuwah kanthi bungah. (Ms. 119:108; 2 Kr. 9:7) Nèk ndonga lan mikirké tenanan bab kuwi, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing cocog karo kahanané awaké dhéwé lan uga nyenengké Yéhuwah.

14. Piyé carané nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah bab modhèl klambi?

14 Conto liyané, panjenengan seneng karo salah sijiné modhèl klambi. Ning, panjenengan uga ngerti nèk modhèl klambi kuwi bakal nggawé sedulur ing jemaat tersinggung. Alkitab ora ngatur bab modhèl klambi. Piyé carané panjenengan ngerti kersané Yéhuwah bab kuwi? Alkitab kandha, ”Mangkono uga wong wadon prayoga manganggoa kang pantes, susila lan prasaja, rambuté aja diklabang, aja nganggo mas-masan, mutiara utawa sandhangan kang larang-larang, nanging manganggoa sandhangan panggawé becik, dikaya sapatuté wong wadon kang ngabekti ing Allah.” (1 Tm. 2:​9, 10) Pancèn, kabèh abdiné Yéhuwah, klebu wong lanang, kudu nggatèkké ayat iki. Nèk andhap asor, awaké dhéwé bakal mikirké perasaané sedulur liyané nèk ndelok modhèl klambiné awaké dhéwé. Merga tresna, awaké dhéwé aja nganti nglarani ati utawa nggawé tersinggung. (1 Kr. 10:​23, 24; Fp. 3:​17) Nèk nggatèkké kandhané Alkitab lan pikirané Yéhuwah, awaké dhéwe isa nggawé keputusan sing bakal nyenengké Yéhuwah.

15, 16. (a) Piyé perasaané Yéhuwah nèk ngerti awaké dhéwé terus mikirké sing saru-saru? (b) Wektu milih hiburan, piyé carané awaké dhéwé ngerti nèk kuwi nyenengké Yéhuwah? (c) Nèk nggawé keputusan sing penting banget, apa sing kudu ditindakké?

15 Saka Alkitab, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah lara ati lan sedhih wektu ngerti tumindak lan pikirané manungsa sing jahat. (Wacanen Purwaning Dumadi 6:​5, 6.) Cetha banget nèk Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé mbayangké sing saru-saru. Merga, nèk kuwi terus dipikirké, kuwi bakal ditindakké. Mula, Yéhuwah péngin awaké dhéwé mikirké kabèh sing suci lan bener. Rasul Yakobus nulis nèk kawicaksanané Yéhuwah ”iku kang dhisik dhéwé murni, sabanjuré dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis”. (Yb. 3:​17) Dadi, Alkitab mulang nèk awaké dhéwé aja nganti ndelok utawa ngrungokké hiburan, sing marahi mbayangké utawa péngin nindakké sing salah. Nèk awaké dhéwé ngerti tenan sing disenengi lan disengiti Yéhuwah, kuwi bakal mbantu awaké dhéwé wektu milih buku, film, utawa game. Awaké dhéwé ora perlu takon karo liyané apa sing kudu ditindakké.

16 Wektu nggawé keputusan, senajan ana akèh pilihan sing nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé isa milih salah sijiné. Ning, nèk kuwi keputusan sing penting banget, apiké njaluk saran pinituwa utawa sedulur liyané sing wis pengalaman. (Tt. 2:​3-5; Yb. 5:​13-​15) Pancèn, kuduné awaké dhéwé ora njaluk wong liya nggawé keputusan kanggo awaké dhéwé. Ning, kudu mikirké tenanan pathokané Alkitab banjur nggawé keputusan dhéwé. (Ib. 5:​14) Rasul Paulus kandha, ”Sabab saben wong bakal mikul tetanggungané dhéwé.”​—Gl. 6:5.

17. Apa paédahé nèk nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah?

17 Nèk isa nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé isa saya cedhak karo Yéhuwah, diajèni, lan diberkahi. (Yb. 4:8) Lan, iman marang Yéhuwah isa saya kuwat. Mesthi ana sing anyar sing isa disinaoni bab Yéhuwah. (Ay. 26:14) Mula, awaké dhéwé kudu mikirké tenanan apa sing diwaca ing Alkitab bèn isa ngerti pikirané Yéhuwah. Nèk kuwi ditindakké, awaké dhéwé bakal dadi wicaksana lan isa nggawé keputusan sing bener. (WB. 2:​1-5) Pikiran lan rencanané manungsa isa molah-malih, ning Yéhuwah ora kaya ngono. Sing nulis buku Jabur kandha, ”Nanging karsané Sang Yéhuwah iku tetep ing salawasé, tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.” (Ms. 33:11) Dadi, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener nèk sinau lan nindakké kersané Yéhuwah.