Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngrampungi Masalah nganggo Katresnan

Ngrampungi Masalah nganggo Katresnan

”Padha tansah rukuna.”​—MK. 9:50.

LAGU: 39, 35

1, 2. Crita-crita bab wong padu apa sing ditulis ing buku Purwaning Dumadi, lan apa sebabé crita-crita mau ditulis ing Alkitab?

APA panjenengan wis tau maca crita bab wong padu sing ditulis ing Alkitab? Contoné, ing bab-bab wiwitan buku Purwaning Dumadi, awaké dhéwé maca crita bab Kain sing matèni Abèl (Pd. 4:​3-8); Lamèkh sing matèni cah enom sing ngantem dhèwèké (Pd. 4:​23); tukang angon wedhusé Abraham sing padu karo tukang angon wedhusé Lut (Pd. 13:​5-7); Hagar sing ngrèmèhké Sara, lan Sara dadi nesu karo Abraham (Pd. 16:​3-6); Ismaèl sing mungsuhi saben wong, lan saben wong sing uga mungsuhi dhèwèké.​—Pd. 16:12.

2 Apa sebabé crita-crita mau ditulis ing Alkitab? Bèn isa dadi conto kanggo awaké dhéwé sing ora sampurna, wektu ngadhepi masalah sing padha ing urip saben dina. Awaké dhéwé isa niru conto-conto sing apik lan ora niru sing èlèk. (Rm. 15:4) Awaké dhéwé isa sinau carané bèn tetep rukun karo sedulur liyané.

3. Apa sing bakal disinaoni ing wulangan iki?

3 Ing wulangan iki, awaké dhéwé bakal sinau alesané lan carané ngrampungi masalah. Awaké dhéwé uga arep sinau pathokan-pathokané Alkitab sing isa mbantu ngrampungi masalah, lan tetep rukun karo Yéhuwah lan liyané.

ALESANÉ KUDU CEPET NGRAMPUNGI MASALAH

4. Apa sing umumé ditindakké wong sak donya, lan apa akibaté?

4 Iblis sing utama nggawé manungsa ora rukun lan kerep padu. Kok isa? Ing Èden, Iblis kandha nèk manungsa isa lan kuduné mutuské dhéwé sing apik lan èlèk tanpa manut karo Gusti Allah. (Pd. 3:​1-5) Ning, nèk awaké dhéwé ndelok kahanan donya saiki, pikiran lan tumindak mau malah nggawé akèh masalah. Akèh wong rumangsa nduwé hak mutuské dhéwé sing apik lan èlèk. Mula, wong-wong dadi sombong, mentingké awaké dhéwé, seneng saingan, lan ora perduli nèk keputusané nggawé sengsara wong liya. Kuwi sing marahi ribut lan padu. Alkitab ngélingké, nèk gampang nesu, awaké dhéwé bakal kerep padu karo liyané lan nindakké akèh dosa.​—WB. 29:22.

5. Apa piwulangé Yésus bab cara ngrampungi masalah?

5 Wektu Ceramah ing Gunung, Yésus mulang bèn tetep rukun lan aja padu, senajan kuwi ora gampang ditindakké para muridé. Contoné, muridé kudu apikan, rukun karo liyané, ora gampang nesu, cepet ngrampungi masalah, lan nresnani mungsuhé.​—Mt. 5:​5, 9, 22, 25, 44.

6, 7. (a) Apa sebabé cepet ngrampungi masalah kuwi penting? (b) Pitakonan-pitakonan apa sing perlu dipikirké?

6 Saiki, awaké dhéwé ngibadah karo Yéhuwah wektu ndonga, nginjil, lan teka ing pakumpulan ibadah. Nèk ora rukun karo sedulur liyané, Yéhuwah ora gelem nampa ibadahé awaké dhéwé. (Mk. 11:25) Bèn dadi kanca akrabé Yéhuwah, kudu gelem ngapura salahé wong liya.​—Wacanen Lukas 11:4; Éfesus 4:​32.

Apa panjenengan gampang ngapura sedulur liyané?

7 Yéhuwah péngin para abdiné gampang ngapura lan tetep rukun karo liyané. Coba dipikir, ’Apa aku gampang ngapura sedulur liyané? Apa isih ana ganjelan ing ati karo sedulur liyané?’ Nèk panjenengan rumangsa isih perlu ngupaya tenanan kanggo ngapura, ndongaa lan njaluka bantuané Yéhuwah. Yéhuwah bakal ngrungokké lan njawab dongané wong sing andhap asor.​—1 Yo. 5:​14, 15.

NGLALÈKKÉ MASALAHÉ

8, 9. Apa sing kudu ditindakké nèk ana sing nggawé lara ati?

8 Merga ora sampurna, wong liya mesthi bakal ngomong utawa tumindak sing nggawé lara ati awaké dhéwé. (Ko. 7:​20; Mt. 18:7) Piyé tanggepan panjenengan? Gatèkna pengalaman iki: Ana sedulur wédok sing nyalami sedulur lanang loro wektu acara ramah-tamah. Salah sijiné sedulur lanang mau lara ati merga carané sedulur wédok mau nyalami. Wektu kari wong loro thok, sedulur lanang sing lara ati mau mulai ngrasani sedulur wédok kuwi. Ning, sedulur lanang sijiné ngélingké nèk sedulur wédok mau wis 40 taun setya ngabdi marang Yéhuwah, senajan ngadhepi akèh masalah. Dhèwèké percaya nèk sedulur wédok mau ora nduwé maksud nglarani ati. Piyé tanggepané sedulur lanang sing lara ati mau? Dhèwèké kandha, ”Iya, bener,” banjur mutuské nglalèkké masalah kuwi.

9 Apa sing isa disinaoni? Wektu ana sing nggawé lara ati, awaké dhéwé isa milih arep nglalèkké apa ora. Ning, wong sing nduwé rasa tresna bakal gelem ngapura. (Wacanen Wulang Bebasan 10:12; 1 Pétrus 4:8.) Nèk awaké dhéwé ”ngapura wong sing gawé kaluputan,” kuwi nyenengké atiné Yéhuwah. (WB. 19:11, Basa Jawi Padintenan (BJP); Ko. 7:9) Mula, nèk ana sedulur sing ngomong lan tumindak sing nggawé lara ati, coba dipikir, ’Masalah kuwi arep tak lalèkké apa malah terus tak pikirké?’

10. (a) Piyé tanggepané Menik wektu pisanan krungu omongan sing èlèk? (b) Ayat Alkitab endi sing mbantu dhèwèké tetep ayem pikiran lan atiné?

10 Wektu sedulur liya ngrasani awaké dhéwé, mbokmenawa angèl nglalèkké omongan kuwi. Gatèkna pengalamané perintis wédok sing jenengé Menik. [1] (Deloken katrangan ing kaca 8.) Ana sedulur-sedulur ing jemaat sing ngrasani bab cara nginjilé lan carané nggunakké wektu. Dhèwèké lara ati banget, banjur njaluk saran karo para sedulur lanang sing mateng rohaniné. Apa hasilé? Menik kandha nèk para sedulur mau nggunakké Alkitab kanggo mbantu dhèwèké bèn ora terus mikirké omongan sing èlèk mau, lan luwih mikirké Yéhuwah. Dhèwèké dikuwatké wektu maca Matéus 6:​1-4. (Wacanen.) Ayat-ayat kuwi ngélingké dhèwèké nèk sing paling penting kuwi nyenengké Yéhuwah. Mula, dhèwèké milih nglalèkké omongan sing èlèk mau. Saiki, senajan mbokmenawa ana manèh sing ngrasani bab nginjilé, Menik tetep seneng merga ngerti nèk wis ngupaya nyenengké Yéhuwah.

NÈK ORA ISA NGLALÈKKÉ MASALAHÉ

11, 12. (a) Apa sing kudu ditindakké nèk awaké dhéwé nglarani ati sedulur liyané? (b) Apa sing isa ditiru saka carané Abraham ngrampungi masalah? (Deloken gambar kaca 3.)

11 ”Kita kabèh padha kaluputan ing prakara akèh.” (Yb. 3:2, BJP) Kadhang kala, awaké dhéwé ngomong utawa tumindak sing nglarani ati sedulur liyané. Apa sing kudu ditindakké? Yésus kandha nèk ”kowé nggawa pisungsung menyang misbyah, mangka banjur kèlingan yèn sadulurmu lagi sengit karo kowé, pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepé misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawusé banjur balia, nyaosna pisungsungmu”. (Mt. 5:​23, 24) Awaké dhéwé kudu ngomong langsung karo sedulur mau. Tujuané yaiku ngupaya rukun karo sedulur kuwi. Awaké dhéwé kudu ngakoni salah lan aja nyalahké dhèwèké. Rukun karo sedulur kuwi sing paling penting.

Tujuané yaiku ngupaya rukun karo para sedulur

12 Alkitab nyritakké pengalamané para abdiné Gusti Allah sing ngupaya rukun wektu ana masalah. Contoné, Abraham lan ponakané, Lut, sing nduwé akèh ingon-ingon. Tukang angon wedhusé Abraham lan Lut padu merga rebutan dhaérah. Merga Abraham péngin tetep rukun, dhèwèké ngongkon Lut milih dhaérah sing disenengi. (Pd. 13:​1, 2, 5-9) Kuwi pancèn conto sing apik. Apa Abraham rugi merga gelem ngalah? Ora. Bar kuwi, Yéhuwah janji bakal ngekèki dhaérah sing luwih jembar timbang sing dikèkké Abraham marang Lut. (Pd. 13:14-​17) Apa piwulangé? Senajan mbokmenawa awaké dhéwé rugi, Yéhuwah bakal mberkahi nèk awaké dhéwé ngrampungi masalah nganggo katresnan. [2]​—Deloken katrangan ing kaca 8.

13. Piyé tanggepané salah sijiné pengawas wektu ngadhepi omongan sing ora nyenengké, lan apa sing isa ditiru?

13 Gatèkna conto jaman saiki. Pengawas anyar departemèn ing kebaktian, ngajak salah sijiné sedulur lanang kanggo mbantu ing departemèn kuwi. Ning, jawabané sedulur lanang mau ora nyenengké lan nutup tilpuné merga isih nesu karo pengawas departemèn sing mbiyèn. Pengawas anyar kuwi ora nesu, ning ora nganggep sepélé kedadéan kuwi. Sakwisé sak jam, pengawas mau nilpun manèh sedulur kuwi lan janjian arep ketemu. Minggu ngarepé, wong loro kuwi ketemu ing Balé Ibadah, banjur sak jam omong-omongan sakwisé ndonga marang Yéhuwah. Sedulur lanang mau crita nèk dhèwèké wis tau nduwé masalah karo pengawas sing mbiyèn. Pengawas sing anyar kuwi ngrungokké tenanan, banjur ngrembug ayat-ayat sing isa mbantu. Hasilé, wong loro mau isa rukun manèh lan kerja bebarengan ing kebaktian. Sedulur lanang mau seneng banget merga pengawas kuwi ngomong nganggo cara sing nyenengké.

APA KUDU NJALUK TULUNG PINITUWA?

14, 15. (a) Kapan Matéus 18:15-​17 kudu ditrapké? (b) Telung cara apa sing disebutké Yésus, lan apa tujuané?

14 Masalah karo sedulur seiman akèh-akèhé isa dirampungi dhéwé. Ning, kadhang kala ora isa. Ana masalah sing ora isa dirampungi dhéwé, lan kudu njaluk tulung sedulur liyané kaya kandhané Matéus 18:15-​17. (Wacanen.) Sing klebu ”kaluputan [dosa, Terjemahan Dunia Baru]” ing kéné yaiku penipuan utawa fitnah. Kanggoné Yésus, kuwi dudu masalah sepélé. Apa sebabé? Yésus kandha nèk sakwisé ngomong karo sedulur sing nduwé masalah, para seksi, lan para pinituwa, ning wongé isih ora gelem mertobat, wong kuwi kudu dianggep kaya ”wong kapir utawa juru-mupu-beya”. Nèk saiki, kuwi maksudé ditokké saka jemaat. Ning, kaluputan sing dimaksud Yésus ora klebu laku jina, seneng padha lanangé utawa padha wédoké, murtad, utawa nyembah brahala. Masalah-masalah kaya ngono kudu langsung diurus para pinituwa.

Mbokmenawa kudu ngomong ping bola-bali, bèn isa rukun manèh (Deloken paragraf 15)

15 Tujuan piwulangé Yésus yaiku nduduhké carané ngrampungi masalah nganggo katresnan. (Mt. 18:12-​14) Piyé carané ngetrapké? (1) Kudu ngupaya ngrampungi masalahé dhisik tanpa njaluk tulung liyané. Mbokmenawa kudu ngomong ping bola-bali. Ning, piyé nèk durung isa rampung? (2) Kudu ngajak sedulur liyané sing ngerti masalahé utawa sing ngerti nèk ana tumindak salah. Nèk masalahé wis rampung, isa dadi rukun manèh. Ning, piyé nèk kuwi isih tetep durung rampung? (3) Masalah kuwi kudu dilaporké pinituwa.

16. Apa sebabé piwulangé Yésus kuwi gampang ditrapké lan bukti katresnan?

16 Akèh-akèhé masalah isa dirampungké tanpa nggunakké telung cara ing Matéus 18:15-​17. Apa sebabé? Akèh-akèhé wong sing nggawé salah gelem ngakoni salahé lan ngrampungi masalahé, mula ora nganti ditokké saka jemaat. Wong sing lara atiné kuduné gelem ngapura sedulur sing nggawé salah mau, bèn tetep rukun. Dadi, Yésus mulang nèk awaké dhéwé ana masalah, aja kesusu lapor pinituwa. Awaké dhéwé nglaporké mung nèk cara kapisan lan kapindho wis ditindakké, lan bener-bener ana bukti sing nyata nèk ana tumindak salah.

17. Apa berkahé nèk awaké dhéwé ngupaya rukun karo sedulur liyané?

17 Nèk isih durung sampurna, awaké dhéwé mesthi bakal tetep nggawé lara ati sedulur liyané. Rasul Yakobus kandha, ”Wong sing ora tau gawé keluputan srana tembung kuwi wong sing sampurna, lan bisa ngendhalèni badané sekojur temenan.” (Yb. 3:2, BJP) Wektu ngrampungi masalah, awaké dhéwé kudu ’ngudi marang karukunan lan ngarah nganti kacekel’. (Ms. 34:15) Nèk ngupaya rukun, awaké dhéwé bakal dadi saya akrab karo sedulur liyané. (Ms. 133:​1-3) Sing paling penting yaiku awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah, ”Gusti Allah, etuking tentrem-rahayu”. (Rm. 15:33) Awaké dhéwé bakal éntuk akèh berkah nèk ngrampungi masalah nganggo katresnan.

^ [1] (paragraf 10) Dudu jenengé asli.

^ [2] (paragraf 12) Conto liyané sing ngrampungi masalah nganggo katresnan yaiku Yakub karo Ésau (Pd. 27:41-​45; 33:​1-​11); Yusuf karo kakang-kakangé (Pd. 45:​1-​15); lan Gidhéon karo wong-wong Éfraim (PH. 8:​1-3). Mbokmenawa panjenengan isa nggolèk conto-conto liyané ing Alkitab.