Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Padha Lungaa, Sakabèhing Bangsa Dadèkna SiswaKu”

”Padha Lungaa, Sakabèhing Bangsa Dadèkna SiswaKu”

”Padha lungaa, sakabèhing bangsa padha dadèkna siswaKu, lan padha baptisen . . .  padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhaké marang kowé kabèh.”​—MT. 28:19, 20.

LAGU: 141, 17

1, 2. Nèk nggatèkké Matéus 24:14, pitakonan-pitakonan apa sing isa dipikirké?

YÉSUS ngramal nèk ing dina-dina pungkasan, kabar apik bab Kratoning Gusti Allah bakal diwartakké marang kabèh bangsa. (Mt. 24:14) Seksi-Seksi Yéhuwah dikenal merga nindakké gawéan nginjil sak donya. Ana wong-wong sing seneng karo kabar sing diwartakké, ning liyané ora. Senajan ora seneng, ana wong-wong sing tetep ngajèni gawéan nginjilé awaké dhéwé. Awaké dhéwé ngaku nindakké ramalané Yésus. Apa awaké dhéwé nduwé hak ngaku kaya ngono? Apa buktiné nèk gawéan nginjilé awaké dhéwé cocog karo ramalané Yésus?

2 Akèh jemaat geréja ngaku martakké Injil. Ning, kuwi ditindakké mung wektu ceramah ing geréja, TV, Internèt, utawa mung crita karo liyané carané wong-wong mau sinau bab Yésus. Liyané, nginjil nganggo cara mbantu wong-wong sing mbutuhké, utawa mèlu kagiyatan amal dadi dokter, suster, lan guru. Apa kuwi gawéan nginjil sing dikarepké Yésus?

3. Nurut Matéus 28:19, 20, apa waé sing kudu ditindakké para muridé Yésus?

3 Apa Yésus péngin para muridé nunggu diparani wong-wong? Ora. Bar diuripké manèh, Yésus kandha karo atusan muridé, ”Padha lungaa, sakabèhing bangsa padha dadèkna siswaKu, lan padha baptisen . . .  padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhaké marang kowé kabèh.” (Mt. 28:19, 20) Nèk dadi muridé Yésus, awaké dhéwé kudu nindakké patang bab iki yaiku lunga marani, ndadèkké murid, mbaptis, lan mulang wong-wong. Salah sijiné ahli Alkitab kandha, ”Saben murid nduwé tugas ’lunga’, senajan kudu nyebrang dalan utawa laut.”​—Mt. 10:7; Lk. 10:3.

4. Apa sing klebu dadi tukang njala wong?

4 Yésus péngin para muridé nindakké apa? Nginjil dhéwé-dhéwé, utawa ditata lan diatur dadi kelompok? Ora mungkin wong siji isa martakké Injil marang ”sakabèhing bangsa,” mula gawéan nginjil kuwi perlu diatur dadi kelompok. Kuwi sing dimaksudké Yésus wektu ngajak para muridé dadi tukang njala wong. (Wacanen Matéus 4:​18-​22.) Maksudé Yésus dudu nggolèk iwak nggunakké pancing lan umpan, banjur nunggu iwaké nyaplok umpané. Ning, nggolèk iwak nggunakké jala utawa jaring. Cara kaya ngono butuh upaya tenanan, diatur, lan kerja bareng.​—Lk. 5:​1-​11.

5. Pitakonan-pitakonan apa sing kudu dijawab, lan apa sebabé?

5 Bèn ngerti sapa sing martakké kabar apik ing jaman saiki, awaké dhéwé perlu njawab pitakonan-pitakonan iki:

  • Apa sing kudu diwartakké?

  • Apa alesané martakké?

  • Piyé carané martakké?

  • Tekan endi dhaérahé, lan nganti kapan ditindakké?

Jawaban saka pitakonan-pitakonan mau, mbantu awaké dhéwé ngerti sapa sing nindakké tugas kuwi, lan isa luwih nyemangati awaké dhéwé bèn terus nginjil.​—1 Tm. 4:​16.

APA SING KUDU DIWARTAKKÉ?

6. Apa alesané panjenengan percaya nèk kabar sing diwartakké Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi bener?

6 Wacanen Lukas 4:​43. Yésus martakké ”Injilé Kratoning Allah,” lan péngin para muridé nindakké sing padha. Kelompok endi sing martakké kabar kuwi marang kabèh bangsa? Mung Seksi-Seksi Yéhuwah. Wong-wong sing ora seneng karo Seksi-Seksi Yéhuwah uga gelem ngakoni. Contoné, salah sijiné pemimpin agama sing dadi utusan Injil, sing wis manggon ing akèh negara kandha karo salah sijiné Seksi Yéhuwah. Ing saben negara dhèwèké takon karo Seksi-Seksi Yéhuwah kabar apa sing diwartakké. Pemimpin agama kuwi kandha, ”Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi bodho banget, merga jawabané padha, ’Kabar apik bab Kratoné Gusti Allah.’” Kandhané pemimpin agama mau mbuktèkké nèk Seksi Yéhuwah ora bodho, ning umat Kristen sejati sing rukun. (1 Kr. 1:​10) Kratoné Gusti Allah uga dadi sing utama dirembug ing Warta Penting bab Kratoné Yéhuwah. Majalah iki dicétak kira-kira 59.000.000 saben sasi ing 254 basa. Majalah iki paling akèh disebarké sak donya.

Seksi-Seksi Yéhuwah sing martakké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah

7. Apa buktiné nèk para pemimpin agama Kristen palsu ora martakké kabar sing bener?

7 Para pemimpin agama Kristen palsu ora martakké kabar bab Kratoné Gusti Allah. Wektu crita bab Kratoné Gusti Allah, akèh sing kandha nèk kuwi mung ana ing njero ati. (Lk. 17:21) Wong-wong mau ora mulang nèk Kratoné Gusti Allah kuwi pamréntahan ing swarga sing dipréntah Yésus. Wong-wong kuwi ngomongké Yésus mung nèk pas Natalan utawa Paskahan, lan ora tau ngrembug nèk Kratoné Gusti Allah isa ngrampungi kabèh masalahé manungsa lan bakal nyingkirké kabèh sing jahat saka bumi. (Wy. 19:11-​21) Dadi, para pemimpin agama Kristen palsu ora ngerti apa sing bakal ditindakké Yésus wektu dadi Raja Kratoné Gusti Allah. Merga ora ngerti kabar sing kudu diwartakké, wong-wong mau ora ngerti alesané kudu martakké.

APA ALESANÉ MARTAKKÉ?

8. Apa alesan sing ora bener wektu nginjil?

8 Para muridé Yésus ora nginjil bèn éntuk dhuwit utawa mbangun gedhong sing magrong-magrong. Yésus kandha, ”Kowé padha olèh . . . tanpa nganggo mbayar apa-apa. Dadi . . . gunakna tanpa nganggo bayaran.” (Mt. 10:8, Basa Jawi Padintenan) Dadi, gawéan nginjil ora dinggo nggolèk dhuwit. (2 Kr. 2:17) Para muridé Yésus kuduné ora njaluk bayaran wektu nginjil. (Wacanen Lelakoné Para Rasul 20:33-​35.) Senajan préntahé Yésus kuwi cetha, ning geréja-geréja malah njaluk kolèkte kanggo nyukupi kebutuhan geréjané, uga mbayar para pemimpin agama lan pegawé liyané. Mula, akèh pemimpin agama Kristen palsu sing sugih banget.​—Wy. 17:​4, 5.

Gawéan nginjil kuduné ora dinggo nggolèk dhuwit

9. Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil merga alesan sing bener?

9 Apa Seksi-Seksi Yéhuwah njaluk kolèkte ing Balé Ibadah lan kebaktian? Ora. Tugas nginjilé didhukung sumbangan saka lilaning ati. (2 Kr. 9:7) Taun wingi, Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakké wektu mèh 2 milyar jam kanggo nginjil lan mulang Alkitab. Saben sasiné, sing sinau Alkitab ana luwih saka 9 yuta. Kabèh ora dibayar, ning malah seneng nggunakké dhuwité dhéwé kanggo nginjil. Salah sijiné ahli kandha bab tugasé Seksi-Seksi Yéhuwah, ”Tujuan utamané yaiku nginjil lan mulang.” Dhèwèké uga kandha nèk Seksi-Seksi Yéhuwah ora perlu mbayar pemimpin agama. Nèk ora merga nggolèk dhuwit, terus apa alesané awaké dhéwé nginjil? Awaké dhéwé lila nginjil merga tresna marang Yéhuwah lan wong-wong. Gawéan kuwi cocog karo ramalan ing Jabur 110:3. (Wacanen.)

PIYÉ CARANÉ MARTAKKÉ?

Awaké dhéwé nginjil karo kabèh sing ditemoni (Deloken paragraf 10)

10. Piyé carané Yésus lan para muridé martakké Injil?

10 Piyé carané Yésus lan para muridé martakké Injil? Yésus lan para muridé marani wong-wong. Contoné, nginjil ing dalan lan pasar. Uga marani wong-wong ing omahé. (Mt. 10:11; Lk. 8:1; PR. 5:​42; 20:20) Nginjil ing omah-omah kuwi cara utama marani wong-wong.

11, 12. Apa bédané wong-wong Kristen palsu karo umaté Yéhuwah wektu nginjil?

11 Apa wong-wong Kristen palsu martakké kabar apik kaya sing ditindakké Yésus? Biasané, para pemimpin agama dibayar bèn ceramah kanggo jemaat. Wong-wong kuwi ora nggolèk murid anyar, ning mung njaga bèn anggota geréjané ora metu. Kadhang kala, anggota geréjané disemangati bèn gelem nginjil. Contoné, taun 2001, Paus Yohanes Paulus II nulis surat sing isiné ngongkon jemaat geréja bèn nginjil, lan nduwé semangat kaya rasul Paulus sing kandha, ”Cilakané awakku, saupama aku ora ngabaraké Injil kuwi.” Dhèwèké uga kandha nèk tugas nginjil kuwi kuduné ora mung ditindakké wong-wong sing wis dilatih, ning ditindakké kabèh anggota jemaat. Ning nyatané, mung sithik sing gelem manut.

12 Nèk Seksi-Seksi Yéhuwah piyé? Mung Seksi-Seksi Yéhuwah sing martakké nèk Yésus wis dadi Raja kèt taun 1914. Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo Yésus, lan nganggep nèk nginjil kuwi sing paling utama ing uripé. (Mk. 13:10) Buku Pillars of Faith​—American Congregations and Their Partners kandha nèk nginjil kuwi tugas sing paling penting kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah. Buku kuwi uga kandha senajan Seksi-Seksi Yéhuwah mbantu wong-wong sing ngelih, susah, lan lara, ning tujuan utamané tetep nginjil bab akhir donya iki lan mulang carané urip saklawasé. Seksi-Seksi Yéhuwah terus martakké kabar kuwi, lan niru carané Yésus lan para muridé nginjil.

TEKAN ENDI DHAÉRAHÉ, LAN NGANTI KAPAN DITINDAKKÉ?

13. Kabar apik kudu diwartakké tekan endi?

13 Yésus kandha nèk para muridé bakal martakké lan mulang bab kabar apik ”ing saindenging jagad”. Para muridé uga dikon ndadèkké murid wong-wong saka ”sakabèhing bangsa”. (Mt. 24:14; 28:19, 20) Kuwi maksudé kabar apik bakal diwartakké ing saklumahing bumi.

14, 15. Apa buktiné nèk gawéan nginjilé Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya cocog karo ramalané Yésus? (Deloken gambar ing kaca 9.)

14 Mung Seksi-Seksi Yéhuwah sing martakké kabar apik saklumahing bumi, lan kuwi cocog karo ramalané Yésus. Apa buktiné? Ing Amerika Serikat, ana kira-kira 600.000 pendhéta. Ning, cacahé Seksi-Seksi Yéhuwah ing negara kuwi ana kira-kira 1.200.000. Ing saklumahing bumi ana kira-kira 400.000 pastor Katolik, ning cacahé Seksi-Seksi Yéhuwah ana luwih saka 8 yuta, sing nginjil ing 240 negara. Pancèn, mung Seksi-Seksi Yéhuwah sing martakké kabar apik saklumahing bumi. Kuwi ngluhurké asmané Yéhuwah.​—Ms. 34:2; 51:17.

15 Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya tenanan martakké kabar apik marang sak akèh-akèhé wong, sakdurungé Armagédhon teka. Bèn isa ngono, dibutuhké upaya kanggo nerjemahké lan nyétak buku, wacan, selebaran, lan undangan kebaktian sarta acara Pèngetan ing luwih saka 700 basa. Kabèh kuwi ora mbayar. Taun wingi, Seksi-Seksi Yéhuwah nyétak 4,5 milyar wacan Alkitab. Alkitab Terjemahan Dunia Baru uga wis dicétak luwih saka 200 yuta ing luwih saka 130 basa. Saiki, situs wèb resminé Seksi-Seksi Yéhuwah wis ana ing luwih saka 750 basa. Mung Seksi-Seksi Yéhuwah sing nindakké gawéan sing nggumunké tenan.

16. Apa buktiné Seksi-Seksi Yéhuwah dikèki roh suciné Gusti Allah?

16 Nganti kapan tugas nginjil kuwi ditindakké? Yésus kandha nèk kabar apik kuwi bakal diwartakké nganti Armagédhon teka. Seksi-Seksi Yéhuwah isa terus nindakké kuwi nganti saiki, merga dikèki roh suciné Yéhuwah. (PR. 1:8; 1 Pt. 4:​14) Mbokmenawa ana wong-wong sing sregep ngibadah kandha, ”Aku ya nduwé roh suci.” Ning, apa wong-wong kuwi isa nindakké sing padha kaya Seksi-Seksi Yéhuwah nganti saiki? Ana kelompok-kelompok agama sing nyoba niru cara nginjilé Seksi-Seksi Yéhuwah, ning ora isa. Liyané gelem nginjil, ning mung sedhéla. Ana uga sing nginjil ing omah-omah, ning ora martakké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah. Dadi, wong-wong kuwi ora isa nindakké tugas sing wis dimulai Yésus.

SAPA SING SAIKI BENER-BENER MARTAKKÉ KABAR APIK?

17, 18. (a) Apa buktiné nèk saiki mung Seksi-Seksi Yéhuwah sing martakké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah? (b) Apa sebabé awaké dhéwé isa terus nindakké tugas kuwi?

17 Sapa sing saiki martakké kabar apik? Mung Seksi-Seksi Yéhuwah. Apa buktiné? Merga awaké dhéwé martakké kabar sing bener, yaiku kabar apik bab Kratoné Gusti Allah. Awaké dhéwé nggunakké cara sing bener, yaiku marani wong-wong wektu nginjil. Awaké dhéwé uga nduwé alesan sing bener, yaiku nresnani Yéhuwah lan wong liya. Gawéan nginjil wis tekan endi-endi merga awaké dhéwé nginjil marang wong ing kabèh bangsa lan basa. Awaké dhéwé uga bakal terus martakké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah nganti Armagédhon teka.

18 Gawéan nginjil sing ditindakké umaté Yéhuwah ing pungkasané jaman pancèn nggumunké tenan. Piyé kabèh gawéan kuwi isa ditindakké? Rasul Paulus kandha, ”Awit iya Gusti Allah kang manut sakeparengé, nuwuhaké iya kekarepan, iya panggawé ana ing kowé.” (Fp. 2:13) Muga-muga Yéhuwah terus ngekèki kekuwatan bèn awaké dhéwé isa terus ngupaya tenanan kanggo nginjil.​—2 Tm. 4:5.