Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 21

Aja Niru Cara Mikiré Wong-Wong ing Donya Iki

Aja Niru Cara Mikiré Wong-Wong ing Donya Iki

”Kanggoné Gusti Allah kawicaksanané donya kuwi tanpa guna.”​—1 KOR. 3:19.

LAGU 98 Alkitab—Pangandikané Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Pathokané Alkitab kuwi manfaaté apa kanggo awaké dhéwé?

AWAKÉ DHÉWÉ isa ngerti carané ngatasi masalah merga diwulang karo Yéhuwah. (Yé. 30:20, 21) Pathokané Alkitab isa mbantu awaké dhéwé bèn ”bener-bener sanggup lan siap nindakké saben perkara sing apik”. (2 Tim. 3:17) Nèk awaké dhéwé ngetrapké pathokané Alkitab, uripé awaké dhéwé bakal dadi luwih apik ketimbang wong-wong sing ngunggul-unggulké ”kawicaksanané donya”, utawa nduwé cara mikiré wong-wong ing donya iki.​—1 Kor. 3:19; Ms. 119:97-100.

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Cara mikiré wong-wong ing donya iki isa waé kétok nyenengké kanggo awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé mungkin dadi kepéngin niru cara mikir lan tumindaké wong-wong ing donya iki. Ning, Alkitab wis ngandhani, ”Padha ngati-atia supaya ora ana sing njiret kowé nganggo wulangané manungsa lan cara mikir sing salah sing dhasaré . . . tradhisiné manungsa.” (Kol. 2:8) Artikel iki bakal ngrembug rong conto sing nduduhké nèk cara mikiré wong-wong wis berubah nganti dadi padha kaya cara mikiré Sétan. Saka rong conto kuwi, awaké dhéwé bakal ngerti nèk pathokané Alkitab kuwi luwih unggul lan cara mikiré wong-wong ing donya iki sakjané ora ana gunané.

PANDHANGANÉ WONG-WONG SOAL SÈKS WIS BERUBAH

3-4. Apa buktiné nèk pandhangané wong-wong soal sèks mulai berubah ing taun 1900-an?

3 Mulai taun 1900-an, pandhangané wong-wong soal sèks wis berubah. Sakdurungé kuwi, wong-wong nganggep nèk sèks mung kanggo wong-wong sing wis nikah lan kuwi saru nèk diomong-omongké karo wong liya. Ning, sakwisé taun 1900-an, pandhangané wong-wong wis béda. Wong-wong mikir nèk dhèwèké bébas nindakké apa waé sing dipéngini.

4 Ing taun 1920-an, pandhangané wong-wong soal sèks dadi saya parah. Ana salah siji peneliti sing kandha, ”Topik soal sèks mulai ana ing akèh film, pertunjukan téater, musik, buku, lan iklan.” Ing taun-taun kuwi, mulai ana tarian-tarian sing nggawé wong mikirké soal sèks. Terus, ana akèh wong sing nganggo pakaian sing ora sopan. Kaya sing diramalké ing Alkitab, akèh wong ing dina-dina pungkasan bakal luwih ”nresnani kesenengan”.​—2 Tim. 3:4.

Umaté Yéhuwah ora niru-niru cara mikiré wong-wong ing donya iki sing bobrok moralé (Deloken paragraf 5) *

5. Mulai taun 1960-an, piyé pandhangané wong-wong soal pathokan moral?

5 Ing taun 1960-an, akèh wong sing nganggep nèk homo-sèks, kumpul kebo, lan kawin-cerai kuwi wis lumrah. Akèh hiburan sing cetha-cetha nduduhké hubungan sèks. Wong-wong wis ora nduwé pathokan moral sing bener. Ana salah siji penulis sing kandha nèk moralé wong-wong saiki wis bobrok. Dhèwèké kandha nèk kuwi nyebabké akèh keluarga sing berantakan, akèh wong sing lara ati, kecanduan pornografi, lan nduwé anak ning ora nduwé bojo. Akèh wong ya kena penyakit menular merga hubungan sèks, contoné AIDS. Kuwi kabèh bukti nèk cara mikiré wong-wong ing donya iki ora ana gunané lan nggawé cilaka.​—2 Ptr. 2:19.

6. Apa sebabé cara mikiré wong-wong ing donya iki soal sèks padha kaya sing dikarepké Sétan?

6 Cara mikiré wong-wong ing donya iki soal sèks padha kaya sing dikarepké Sétan. Hubungan sèks kuwi sakjané anugrah saka Yéhuwah kanggo wong-wong sing wis nikah lan isa dadi sarana kanggo ngasilké keturunan. Ning, Sétan péngin wong-wong-wong nduwé cara mikir sing béda karo Yéhuwah. (Éf. 2:2) Dadi, wong-wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah kuwi ora ngajèni Yéhuwah lan akibaté ora isa nduwé harapan urip saklawasé.​—1 Kor. 6:9, 10.

PANDHANGANÉ ALKITAB SOAL SÈKS

7-8. Apa sebabé pandhangané Alkitab soal sèks luwih unggul ketimbang pandhangané wong-wong ing donya iki?

7 Akèh wong ing donya iki padha ngécé lan ngomong nèk pathokané Alkitab ora masuk akal. Wong-wong kuwi mungkin mikir, ’Gusti Allah nggawé awaké dhéwé nduwé kepénginan kanggo nindakké hubungan sèks. Ning, apa sebabé awaké dhéwé malah ora éntuk nindakké kepénginan kuwi?’ Wong sing ngomong kaya ngono kuwi mikir nèk manungsa kuduné isa nindakké apa waé sing dipéngini. Ning, kuwi ora bener. Alkitab kandha nèk ora kabèh kepénginan kuwi kudu dituruti, merga awaké dhéwé sakjané isa ngendhalèni dhiri bèn ora nindakké apa sing salah. (Kol. 3:5) Alkitab ya kandha nèk manungsa isa nindakké hubungan sèks sing nyenengké nèk wis nikah. (1 Kor. 7:8, 9) Nèk wis nikah sah, suami lan istri isa nindakké hubungan sèks tanpa rasa kuwatir.

8 Alkitab mulang awaké dhéwé bèn nduwé pandhangan sing bener soal sèks. Alkitab kandha nèk hubungan sèks kuwi isa nggawé seneng. (WB. 5:18, 19) Ning, Alkitab ya kandha, ”Saben wong ing antaramu kudu ngerti carané ngendhalèni badané dhéwé supaya tetep suci lan aji. Kowé aja nganti niru bangsa-bangsa sing ora kenal Gusti Allah, sing nuruti nafsu sèks sing ora dikendhalèni lan ora tau puas.”​—1 Tés. 4:4, 5.

9. (a) Piyé umaté Allah sing urip ing taun 1900-an dibantu kanggo manut karo pathokané Alkitab? (b) Ana naséhat apa sing dicathet ing 1 Yohanes 2:15, 16? (c) Nurut Roma 1:24-27, tumindak apa waé sing kudu diedohi?

9 Wektu wong-wong sing urip ing taun 1900-an padha ”ora ngerti pathokan moral”, umaté Yéhuwah ora gelem niru-niru. (Éf. 4:19) Umaté Yéhuwah nduwé tékad kanggo manut karo pathokané Yéhuwah. Majalah Watch Tower 15 Mei 1926 ngandhani nèk wong lanang lan wong wédok kudu njaga tumindak lan pikirané marang lawan jenis. Senajan wong-wong ing donya iki nduwé pandhangan sing béda-béda, ning umaté Yéhuwah tetep manut karo pathokané Alkitab sing luwih unggul. (Wacanen 1 Yohanes 2:15, 16.) Awaké dhéwé bersyukur merga dituntun karo Alkitab. Awaké dhéwé ya bersyukur merga ana akèh persediaan sing isa nguwatké iman saka Yéhuwah liwat organisasiné ing wektu sing pas. * Kuwi isa mbantu awaké dhéwé bèn ora kapusan lan niru-niru cara mikiré wong-wong ing donya iki.​—Wacanen Roma 1:24-27.

WONG-WONG SAIKI MUNG NGUTAMAKKÉ KEPENTINGANÉ DHÉWÉ

10-11. Alkitab kandha apa soal dina-dina pungkasan?

10 Alkitab kandha nèk ing dina-dina pungkasan, akèh wong mung ”mikirké kepentingané dhéwé”. (2 Tim. 3:1, 2) Awaké dhéwé ora kagèt nèk saiki ndelok akèh wong sing nduwé cara mikir kaya ngono. Salah siji karya referensi njelaské nèk ing taun 1970-an, ”ana akèh buku sing njelaské soal carané bèn isa suksès”. Ing antarané buku-buku kuwi, ana sing njelaské nèk wong-wong ora perlu berubah lan kudu dadi apa anané. Misalé, salah siji buku kandha, ”Tresnaa karo awakmu dhéwé merga kowé kuwi wong sing paling penting sakdonya.” Buku kuwi ya njelaské nèk wong-wong isa nemtokké dhéwé apa sing bener lan nindakké apa waé sak karepé dhéwé.

11 Cara mikir sing kaya ngono kuwi wis ana kèt mbiyèn, wektu Sétan omong-omongan karo Hawa. Sétan kandha nèk Hawa isa dadi kaya Allah, ngerti soal sing apik lan sing èlèk. (Pd. 3:5) Akèh wong saiki mikir nèk dhèwèké kuwi sing paling penting. Dadi, dhèwèké rumangsa ora butuh sapa-sapa lan ora butuh Gusti Allah kanggo nemtokké pathokan soal apa sing bener lan sing salah. Wong-wong ya nduwé cara mikir sing kaya ngono soal perkawinan.

Wong-wong Kristen ngutamakké kebutuhané wong liya, khususé kebutuhané bojoné (Deloken paragraf 12) *

12. Piyé pandhangané wong-wong ing donya iki soal perkawinan?

12 Alkitab kandha nèk suami lan istri kudu padha-padha ngajèni lan netepi janjiné wektu nikah. Suami lan istri kudu tetep dadi siji nganti saklawasé. Alkitab kandha, ”Mulané wong lanang bakal ninggal bapa-biyungé lan rumaket marang bojoné, sarta sakaroné iku bakal dadi daging siji.” (Pd. 2:24) Ning, akèh wong ing donya iki nduwé cara mikir sing béda. Akèh wong kandha nèk suami lan istri kudu ngutamakké kebutuhané dhéwé. Salah siji buku sing ngrembug soal pegatan njelaské, ”Pas upacara perkawinan, biasané wong-wong ngucapké janji kanggo tetep setya ’saklawasé urip ing bumi’. Ning, saiki wis diganti janjiné dadi tetep setya ’saksuwéné isih padha-padha tresna’.” Merga nduwé pandhangan sing kaya ngono, akèh keluarga sing ora bahagia lan dadi berantakan. Dadi, cetha nèk cara mikiré wong-wong ing donya iki bener-bener ora ana gunané lan nggawé cilaka.

13. Kenapa Yéhuwah sengit karo wong sombong?

13 Alkitab kandha, ”Wong angkuh disengiti déning Allah.” (WB. 16:5, Basa Jawi Padintenan) Kenapa Yéhuwah sengit karo wong-wong sing sombong? Salah siji alesané yaiku merga wong sing sombong kuwi niru sipaté Sétan. Bayangna waé, Sétan ngongkon Yésus nyembah dhèwèké. Padahal Yésus kuwi pribadi sing gedhé kuwasané lan digunakké Yéhuwah kanggo nggawé kabèh. Ning, Sétan nganggep nèk Yésus kuduné sujud lan nyembah dhèwèké. (Mat. 4:8, 9; Kol. 1:15, 16) Dadi, wong-wong sing sombong lan rumangsa pinter kuwi sakjané ora ana gunané kanggo Gusti Allah.

PANDHANGANÉ ALKITAB SOAL SIPAT NGUTAMAKKÉ KEPENTINGANÉ DHÉWÉ

14. Nurut Roma 12:3, awaké dhéwé kudu nduwé pandhangan sing kaya apa soal awaké dhéwé?

14 Alkitab mulang carané bèn isa nduwé pandhangan sing seimbang soal awaké dhéwé. Yésus kandha, ”Tresnaa marang pepadhamu [utawa, wong liya] kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.” Awaké dhéwé pancèn perlu nggatèkké kebutuhané awaké dhéwé. (Mat. 19:19) Ning, Alkitab ya kandha, ”Aja seneng padu utawa sombong. Nanging, kowé kudu kanthi andhap asor nganggep wong liya luwih unggul ketimbang kowé.” (Flp. 2:3) Dadi, aja nganti nganggep nèk awaké dhéwé luwih penting ketimbang wong liya.​—Wacanen Roma 12:3.

15. Apa sebabé njenengan isa yakin nèk pathokané Alkitab kuwi luwih unggul?

15 Saiki, wong-wong sing dianggep pinter malah ngrèmèhké naséhaté Alkitab. Wong-wong kuwi kandha nèk sikap ngutamakké wong liya kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi dirèmèhké lan dimanfaatké karo wong liya. Ning, sakjané apa akibaté nèk wong-wong ngutamakké kepentingané dhéwé kaya Sétan? Apa wong-wong kuwi isa bahagia? Apa keluargané ya bahagia? Apa wong-wong kuwi isa nduwé kanca-kanca sing sejati? Apa wong-wong kuwi isa cedhak karo Gusti Allah? Nurut njenengan, endi sing isa nggawé awaké dhéwé seneng, nuruti cara mikiré wong-wong ing donya iki utawa ngetrapké pathokané Alkitab?

16-17. Awaké dhéwé isa bersyukur merga apa, lan kenapa?

16 Wong-wong sing niru cara mikiré akèh wong ing donya iki isa dipadhakké kaya wong sing takon arah dalan karo wong liya sing padha-padha ora ngerti dalan. Ing jamané Yésus, ana wong-wong sing dianggep pinter. Ning, Yésus kandha, ”Wong-wong kuwi penuntun-penuntun sing wuta. Nèk wong wuta nuntun wong wuta, loro-loroné bakal kecemplung kalèn.” (Mat. 15:14) Dadi, cara mikiré wong-wong sing dianggep pinter ing donya iki bener-bener ora ana gunané kanggo Gusti Allah.

Umaté Yéhuwah isa ngrasa puas merga ngabdi marang Yéhuwah saksuwéné uripé (Deloken paragraf 17) *

17 Naséhat saka Alkitab bener-bener ”migunani kanggo mulang, nduduhké apa sing salah, mbenerké kabèh sing klèru, lan nglatih kita kanggo nindakké apa sing bener”. (2 Tim. 3:16) Awaké dhéwé bersyukur merga Yéhuwah liwat organisasiné wis mulang awaké dhéwé bèn ora kapusan karo cara mikiré wong-wong ing donya iki. (Éf. 4:14) Yéhuwah wis nyedhiakké akèh sarana sing isa nguwatké tékadé awaké dhéwé bèn terus manut karo pathokané Alkitab. Awaké dhéwé bersyukur merga tuntunané Yéhuwah sing ana ing Alkitab bener-bener isa dipercaya.

LAGU 54 ’Iki Dalané’

^ par. 5 Artikel iki bakal mbantu awaké dhéwé bèn saya yakin nèk mung Yéhuwah sing isa mènèhi tuntunan sing paling apik. Artikel iki ya bakal ngrembug apa manfaaté ngetrapké pathokané Alkitab lan apa akibaté nèk manut karo cara mikiré wong-wong ing donya iki.

^ par. 9 Contoné, deloken buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 1, pasal 24, 25, lan 26; Jilid 2, pasal 4-5; lan brosur Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom, pitakonan 7, halaman 21-23.

^ par. 50 GAMBAR: Iki nduduhké uripé salah siji pasangan Seksi Yéhuwah. Wong loro kuwi nginjil bareng ing taun 1960-an.

^ par. 52 GAMBAR: Ing taun 1980-an, sing lanang ngopèni bojoné sing lagi lara lan dikancani karo anaké wédok..

^ par. 54 GAMBAR: Saiki, keluarga kuwi lagi ndelok-ndelok foto kenang-kenangan wektu ngabdi. Anaké wédok wis gedhé lan nduwé keluarga dhéwé, lan mèlu seneng bareng wong tuwané.