Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 22

Carané Bèn Sinauné Isa Nyenengké lan Ana Manfaaté

Carané Bèn Sinauné Isa Nyenengké lan Ana Manfaaté

”Mastèkké perkara-perkara endi sing luwih penting.”​—FLP. 1:10.

LAGU 35 Ngerti lan Nindakké bab sing Luwih Penting

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sebabé ana wong-wong sing ora seneng sinau?

URIP ing jaman saiki pancèn angèl banget. Wong-wong kudu kerja keras bèn isa nyukupi kebutuhané keluargané. Umaté Yéhuwah ya ngalami sing padha. Akèh wektu sing dientèkké kanggo kerja, utawa mangkat mulih nyambut gawé. Sing liyané kudu nyambut gawé nggunakké akèh tenaga, dadi mulih kerja wis kesel banget. Nèk wis ngono, para sedulur kuwi mungkin rumangsa ora nduwé wektu lan tenaga manèh kanggo sinau.

2. Kapan biasané njenengan sinau?

2 Sinau kuwi penting banget. Awaké dhéwé kudu sinau Alkitab lan publikasi-publikasi Kristen nèk péngin cedhak karo Yéhuwah lan urip saklawasé. (1 Tim. 4:15) Ana sing tangi luwih gasik saben ésuk bèn isa sinau, merga ora ana sing ngganggu lan pikirané isih seger. Sing liyané mungkin pilih sinau lan ngrenungké ing wayah bengi pas keadaané tenang.

3-4. Perubahan apa waé sing ana ing organisasi, lan apa sebabé?

3 Njenengan mesthi setuju nèk sinau kuwi penting. Ning, bahan apa waé sing isa awaké dhéwé sinaoni? Mungkin njenengan mikir nèk bahan sing kudu diwaca ana akèh banget. Ana sing nduwé wektu kanggo sinau lan maca kabèh bahan saka organisasi. Ning, akèh sing rumangsa nèk kuwi ora gampang. Pengurus Pusat ngerti soal kuwi. Mula, saiki bahan-bahan sinau sing dicétak lan sing ana ing situs web lan aplikasi wis dikurangi jumlahé.

4 Contoné, Buku Tahunan Saksi-Saksi Yehuwa wis ora diterbitké manèh, merga pengalaman-pengalaman sing apik isa diwaca lan ditonton ing jw.org® lan JW Broadcasting® saben sasi. Majalah Warta Penting édhisi umum lan Sadarlah! saiki mung diterbitké setaun ping telu. Tujuané dudu bèn awaké dhéwé isa nduwé wektu luwih akèh kanggo kegiatan liya, ning bèn awaké dhéwé isa luwih ngutamakké ’perkara-perkara sing luwih penting’. (Flp. 1:10) Dadi, piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngutamakké sing luwih penting lan éntuk manfaat saka sinau Alkitab pribadi?

NGUTAMAKKÉ SING LUWIH PENTING

5-6. Bahan apa waé sing kudu disinaoni tenanan?

5 Sing kuduné awaké dhéwé utamakké yaiku maca lan sinau Alkitab saben dina. Ayat-ayat sing dijadwalké kanggo diwaca saben minggu lan dirembug ing perhimpunan saiki wis dikurangi jumlahé. Dadi, awaké dhéwé isa nduwé luwih akèh wektu kanggo ngrenungké lan nggolèk katrangan sing luwih akèh. Tujuané ora mung maca thok, ning ya dipikirké tenanan bèn isa tekan ati lan nggawé awaké dhéwé luwih akrab karo Yéhuwah.​—Ms. 19:15.

6 Apa manèh sing kudu disinaoni tenanan? Awaké dhéwé perlu persiapan kanggo Sinau Warta Penting, Sinau Alkitab Jemaat, lan bahan liyané sing dirembug ing perhimpunan tengah pekan. Awaké dhéwé ya perlu maca saben majalah Warta Penting lan Sadarlah! sing anyar.

7. Nèk awaké dhéwé ora isa maca utawa nonton kabèh bahan sinau sing ana ing jw.org lan JW Broadcasting, apa awaké dhéwé perlu cilik ati?

7 Mungkin njenengan mikir, ’Lha terus artikel-artikel lan video sing ana ing jw.org lan JW Broadcasting piyé? Kuwi ana akèh banget.’ Bayangna perumpamaan iki: Umpamané awaké dhéwé mlebu ing rèstoran lan ing kono ana akèh banget panganan sing énak ing méja prasmanan. Mungkin ora kabèh panganan sing ana ing kono isa awaké dhéwé pangan. Awaké dhéwé mungkin mung njupuk sebagéan waé. Kaya perumpamaan kuwi, mungkin awaké dhéwé ya ora isa maca utawa nonton kabèh bahan sinau sing ana ing jw.org lan JW Broadcasting. Ning, awaké dhéwé ora perlu cilik ati. Awaké dhéwé isa milih bahan endi sing arep disinaoni. Saiki ayo dirembug apa tujuané sinau lan piyé carané bèn isa éntuk manfaat sing akèh wektu sinau.

KUDU NGUPAYA TENANAN KANGGO SINAU

8. Apa waé sing perlu awaké dhéwé tindakké wektu persiapan Warta Penting, lan apa manfaaté kanggo njenengan?

8 Bèn isa éntuk manfaat, awaké dhéwé kudu tenanan wektu maca lan sinau. Dadi, aja maca cepet-cepet lan nggolèki jawabané thok. Misalé, wektu persiapan Warta Penting, pertama-tama awaké dhéwé perlu maca katrangan ing awal artikel sing nduduhké isiné artikel. Terus, awaké dhéwé perlu maca lan mikirké judhulé, subjudhul-subjudhulé, lan pitakonan ing akhir artikel. Bar kuwi, awaké dhéwé kudu maca artikelé. Macané aja kesusu lan kudu tenanan, karo nggatèkké kalimat-kalimat sing dadi topik utamané, sing biasané ana ing bagéan awal saben paragraf. Saka kalimat-kalimat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa sing dadi intiné paragraf. Pas maca paragraf-paragrafé, awaké dhéwé perlu mikirké apa hubungané saben paragraf karo subjudhulé lan judhul utamané. Awaké dhéwé ya isa nyatheti kata-kata lan katrangan sing durung dipahami bèn mengkoné isa disinaoni luwih akèh.

9. (a) Kenapa awaké dhéwé khususé kudu nggatèkké ayat-ayat Alkitab wektu persiapan Warta Penting, lan piyé carané? (b) Kaya sing dijelaské ing Yusak 1:8, apa manèh sing perlu ditindakké wektu maca ayat-ayat Alkitab?

9 Awaké dhéwé isa ngerti akèh soal Alkitab wektu sinau Warta Penting ing perhimpunan. Dadi, awaké dhéwé perlu nggatèkké ayat-ayat sing ana ing kono, khususé sing dicétak kandel lan bakal diwaca pas artikelé dirembug ing perhimpunan. Awaké dhéwé perlu nggatèkké kata-kata endi saka ayat kuwi sing ana hubungané karo topik utama paragrafé. Terus, awaké dhéwé ya perlu ngrenungké ayat-ayat sing diwaca lan mikirké carané ngetrapké.​—Wacanen Yusak 1:8.

Wong tuwa kudu ngajari anak-anaké bèn ngerti carané sinau (Deloken paragraf 10) *

10. Nurut Ibrani 5:14, apa sebabé wong tuwa perlu ngajari anak-anaké carané sinau lan riset wektu ibadah keluarga?

10 Para wong tuwa mesthi péngin anak-anaké seneng wektu acara Ibadah Keluarga. Wong tuwa kudu nggawé rencana bèn ngerti apa sing arep dirembug ing ibadah keluarga saben minggu. Misalé, bèn ibadah keluarga dadi nyenengké, wong tuwa isa ngejak anak-anaké nonton acara JW Broadcasting utawa nggawé proyèk-proyèk khusus, contoné nggawé tiruan bahtera Nuh. Ning, saben minggu ora kudu nggawé proyèk-proyèk sing kaya ngono. Wong tuwa ya perlu ngajari anak-anaké bèn ngerti carané sinau. Kuwi penting banget. Contoné, anak-anak perlu ngerti carané persiapan perhimpunan utawa riset kanggo nggolèk katrangan luwih akèh soal masalah sing diadhepi ing sekolah. (Wacanen Ibrani 5:14.) Anak-anak biasané luwih seneng lan luwih nggatèkké nèk ndelok video. Ning, nèk wis biasa sinau ing omah, anak-anak bakal luwih nggatèkké acara perhimpunan lan kebaktian senajan ora ana videoné. Wong tuwa ya perlu ndelok umur lan kesanggupané anak-anaké kanggo nemtokké sepira suwéné sinau.

11. Kenapa awaké dhéwé perlu ngajari wong sing sinau Alkitab carané sinau pribadi?

11 Wong-wong sing sinau Alkitab karo awaké dhéwé ya perlu ngerti carané sinau. Pas awal-awal sinau Alkitab, awaké dhéwé mesthi seneng nèk wong kuwi persiapan lan nggarisi jawaban kanggo sinau Alkitab utawa perhimpunan. Ning, awaké dhéwé ya perlu ngajari dhèwèké bèn ngerti carané sinau Alkitab pribadi. Dadi wektu ana masalah, dhèwèké isa riset dhéwé saka publikasi ketimbang langsung takon karo sedulur liya ing jemaat.

TUJUANÉ SINAU

12. Apa waé tujuané sinau?

12 Awaké dhéwé mungkin dudu wong sing seneng sinau. Dadi, piyé carané bèn sinauné nyenengké? Awalé, mungkin awaké dhéwé isa sinau mung sedhéla. Ning, suwé-suwé wektuné isa ditambahi. Terus, pikirna apa tujuané sinau. Tujuan utamané yaiku bèn isa luwih cedhak karo Yéhuwah. Tujuan liyané yaiku bèn isa njawab pitakonané wong liya utawa bèn éntuk katrangan luwih akèh soal masalah sing lagi diadhepi.

13. (a) Terangna apa waé sing isa ditindakké cah enom nèk dhèwèké kudu njelaské ajarané Alkitab ing sekolah. (b) Piyé carané ngetrapké Kolose 4:6?

13 Misalé, nèk kowé isih sekolah, kanca-kancamu mungkin percaya karo téori evolusi. Kowé mungkin péngin njelaské ajarané Alkitab, ning kowé rumangsa ora isa. Dadi, kowé perlu sinau luwih akèh. Tujuanmu sinau ana loro: (1) bèn kowé dhéwé saya yakin nèk Gusti Allah sing nggawé kabèh lan (2) bèn isa ngerti carané njelaské ajarané Alkitab. (Rm. 1:20; 1 Ptr. 3:15) Pertama-tama, kowé isa mikirké apa sebabé kanca-kancamu percaya karo téori evolusi. Terus, kowé isa nggolèk katrangan luwih akèh saka publikasi. Sakjané njelaské ajarané Alkitab kuwi ora angèl. Akèh-akèhé wong percaya evolusi merga ngrungokké wong sing dianggep luwih pinter. Kowé mungkin mung butuh katrangan sing sederhana kanggo mbantu wong-wong sing péngin ngerti ajaran sing bener.​—Wacanen Kolose 4:6.

CARANÉ BÈN SINAUNÉ LUWIH NYENENGKÉ

14-16. (a) Piyé carané bèn isa sinau luwih akèh soal salah siji kitab sing ora awaké dhéwé ngertèni? (b) Jelasna soal kitab Amos nganggo ayat-ayat sing dikutip ing kéné. (Deloken kothak ” Sinau Luwih Akèh soal Tokoh Alkitab”.)

14 Misalé, nèk ana jadwal kanggo ngrembug tulisané salah siji nabi sing disebut nabi-nabi cilik * ing acara perhimpunan, mungkin awaké dhéwé ora pati ngerti soal nabi kuwi. Dadi, awaké dhéwé perlu sinau luwih akèh soal tulisané nabi kuwi. Piyé carané?

15 Pertama, awaké dhéwé isa mikirké, ’Sing nulis kitab kuwi sapa? Dhèwèké manggon ing endi? Nyambut gawéné apa?’ Katrangan-katrangan kuwi ana gunané wektu awaké dhéwé maca tulisan utawa perumpamaan sing ditulis nabi kuwi. Awaké dhéwé isa ngerti apa sebabé dhèwèké nulis kaya ngono utawa nggunakké perumpamaan kuwi. Wektu maca Alkitab, coba golèkana kata-kata endi sing nggambarké sipaté wong sing nulis kitab kuwi.

16 Terus, awaké dhéwé isa sinau luwih akèh soal kapan kitab kuwi ditulis. Awaké dhéwé isa ndelok ”Daftar Buku-Buku Alkitab” ing halaman 1862-1863 saka Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru. Awaké dhéwé ya isa ndelok bagéan katrangan para nabi lan para raja ing buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab halaman 14-17. Nèk lagi maca kitabé para nabi, awaké dhéwé isa mikirké, ’Piyé keadaan ing jaman kuwi? Nabi kuwi diutus kanggo ngandhani wong-wong bèn ngedohi tumindak apa? Sapa waé sing urip ing jamané nabi kuwi?’ Bèn isa ngerti luwih akèh, awaké dhéwé isa nggolèk katrangan saka kitab-kitab liyané. Misalé, nèk péngin ngerti soal jamané Nabi Amos, awaké dhéwé isa maca referensi silang ing Amos 1:1, sing ngarahké menyang kitab 2 Para Raja lan 2 Babad. Awaké dhéwé ya isa ndelok tulisané Nabi Hoséa, sing urip ing jamané Nabi Amos. Kuwi kabèh isa mbantu awaké dhéwé ngerti luwih akèh soal keadaan ing jamané Nabi Amos.​—2 Ra. 14:25-28; 2 Bb. 26:1-15; Hs. 1:1-11; As. 1:1.

 

NGGATÈKKÉ RINCIANÉ

17-18. Saka katrangan ing paragraf-paragraf iki utawa saka pengalamané njenengan dhéwé, jelasna apa sebabé sinauné isa luwih nyenengké nèk awaké dhéwé nggatèkké rincian sing kétoké ora pati penting.

17 Nèk pas maca Alkitab, apik nèk awaké dhéwé nduwé rasa péngin ngerti luwih akèh. Misalé, awaké dhéwé lagi maca kitab Zakharia pasal 12, sing isiné ramalan soal kematiané Mésias. (Za. 12:10) Pas tekan ayat 12, ing kono disebutké nèk ”sagolongané turuné Natan” bakal nangis wektu Mésias mati. Coba digatèkké sedhéla, ’Apa hubungané keturunané Natan karo Mésias? Apa ana katrangan luwih akèh soal iki?’ Awaké dhéwé éthok-éthoké isa dadi kaya ”detektif”. Nèk maca ing Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru, ing kono ana referensi silang sing ngarahké menyang 2 Samuèl 5:13, 14. Ing kono disebutké nèk Natan kuwi salah siji anaké Raja Daud. Referensi silang liyané ngarahké menyang Lukas 3:23, 31, sing nyebutké nèk Yésus kuwi anaké Maria, keturunané Natan. (Deloken Warta Penting Agustus 2017, halaman 32 paragraf 4.) Awaké dhéwé mesthi wis ngerti soal ramalan sing nyebutké nèk Yésus kuwi keturunané Daud. (Mat. 22:42) Ning, Daud nduwé anak lanang luwih saka 20. Mula, iki nggumunké banget merga Zakharia isa nyebutké nèk sing mèlu sedhih wektu Yésus mati yaiku keturunané Natan.

18 Conto liyané, ing Lukas pasal 1 dicritakké nèk malaékat Gabrièl nemoni Maria lan ngandhani soal anak sing bakal dilairké Maria. Gabrièl kandha, ”Dhèwèké bakal dadi wong sing penting lan bakal disebut Putrané Sing Mahaluhur. Gusti Allah Yéhuwah bakal maringké tahtané Daud, leluhuré, lan dhèwèké bakal mréntah dadi Raja kanggo keturunané Yakub nganti saklawasé.” (Luk. 1:32, 33) Biasané awaké dhéwé mung nggatèkké kata-katané Gabrièl sing nyebutké nèk Yésus bakal disebut ”Putrané Sing Mahaluhur”. Ning, Gabrièl ya kandha nèk Yésus bakal ”mréntah dadi Raja”. Awaké dhéwé isa mikirké apa sing kira-kira dipikirké Maria wektu krungu soal kuwi. Apa Maria mikir nèk Yésus bakal dadi raja ing Israèl nggentèni Hérodès utawa raja-raja liyané sakwisé Hérodès? Nèk Yésus bakal dadi raja, Maria bakal dadi ibuné raja, lan keluargané bakal manggon ing istana. Ning, Alkitab ora nyritakké nèk Maria nduwé pikiran sing kaya ngono. Alkitab ya ora nyritakké nèk Maria nduwé kepénginan sing padha kaya loro muridé Yésus sing péngin éntuk kedudukan ing Kratoné Allah. (Mat. 20:20-23) Katrangan iki njelaské nèk Maria kuwi bener-bener rendah hati.

19-20. Kaya sing dijelaské ing Yakobus 1:22-25 lan 4:8, apa tujuané sinau?

19 Awaké dhéwé perlu éling nèk tujuan utamané sinau Alkitab lan publikasi Kristen yaiku bèn awaké dhéwé saya akrab karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya sinau Alkitab bèn ngerti apa sing perlu ditindakké supaya isa nyenengké Yéhuwah. (Wacanen Yakobus 1:22-25; 4:8.) Saben arep sinau, awaké dhéwé kudu ndonga njaluk roh suci. Awaké dhéwé ya kudu njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa éntuk manfaat lan ngerti apa sing perlu ditindakké.

20 Awaké dhéwé isa dadi kaya wong sing dijelaské ing kitab Jabur, ”Kang karem [utawa, seneng] marang angger-anggeré Sang Yéhuwah, lan digilut-gilut [utawa, direnungké] rina wengi. . . . Apa baé kang ditandangi mesthi lestari [utawa, suksès].”​—Ms. 1:2, 3.

LAGU 88 Ajarana Aku

^ par. 5 Yéhuwah wis nyedhiakké akèh bahan sing isa ditonton, diwaca, lan disinaoni. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug bahan apa waé sing isa disinaoni lan piyé carané bèn isa éntuk manfaat saka sinau Alkitab pribadi.

^ par. 14 Sing dimaksud nabi-nabi cilik yaiku para nabi sing nulis kitab Hoséa nganti tekan Maléakhi.

^ par. 62 GAMBAR: Wong tuwa ngajari anaké carané persiapan Warta Penting.

^ par. 64 GAMBAR: Sedulur lanang lagi riset soal Nabi Amos. Gambar-gambar ing mburiné nduduhké apa sing dibayangké karo sedulur kuwi wektu maca lan ngrenungké Alkitab.