Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 19

Katresnan lan Keadilan ing Donya sing Bejat Iki

Katresnan lan Keadilan ing Donya sing Bejat Iki

”Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka, tiyang awon [utawa, wong jahat] boten badhé manggèn wonten ing ngarsa Paduka.”​—MS. 5:5.

LAGU 142 Pangarep-arep sing Nggawé Kuwat

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-3. (a) Nurut Jabur 5:5-7, piyé pandhangané Yéhuwah soal tumindak sing jahat? (b) Apa sebabé pelècèhan sèksual marang anak kuwi nglanggar ”hukum Kristus”?

ALLAH YÉHUWAH sengit karo kabèh tumindak sing jahat. (Wacanen Jabur 5:5-7.) Yéhuwah mesthi sengit banget karo pelècèhan sèksual marang anak-anak merga kuwi tumindak sing bejat. Awaké dhéwé sing dadi Seksi Yéhuwah ya nduwé pandhangan sing padha. Mula, awaké dhéwé bakal langsung tumindak lan ora bakal nutup-nutupi wektu ngerti ana sing nindakké kuwi ing jemaat.​—Rm. 12:9; Ibr. 12:15, 16.

2 Pelècèhan marang anak-anak kuwi nglanggar ”hukum Kristus”. (Gal. 6:2) Kok isa? Kaya sing wis dijelaské ing artikel sakdurungé, hukum Kristus yaiku kabèh sing diwulangké Yésus liwat omongan lan tumindak. Hukum kuwi dhasaré katresnan lan ngatur soal keadilan. Merga manut karo hukum kuwi, wong-wong Kristen bakal ngupaya bèn bocah-bocah rumangsa disayangi lan dilindhungi. Ning, wong-wong sing nindakké pelècèhan marang anak-anak kuwi mung ngutamakké kepentingané dhéwé. Tumindak kuwi isa nggawé bocah-bocah dadi rumangsa ora aman lan ora disayangi.

3 Pelècèhan sèksual marang anak-anak saiki wis umum lan kuwi ya isa kelakon ing jemaat Kristen. Kenapa? Saiki, ana akèh ”wong sing jahat lan tukang ngapusi”, sing mungkin ngupaya kanggo mlebu ing jemaat. (2 Tim. 3:13) Sakliyané kuwi, mungkin ana anggota jemaat sing ora isa ngendhalèni kepénginané sing bejat lan nindakké pelècèhan sèksual marang anak-anak. Awaké dhéwé bakal ngrembug apa sebabé pelècèhan kuwi dosa sing serius. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sing perlu ditindakké para pinituwa kanggo nangani masalah kaya ngono lan piyé para wong tuwa isa nglindhungi anak-anaké. *

DOSA SING SERIUS

4-5. Apa sebabé pelècèhan marang anak kuwi tumindak bejat sing isa ngrusak korbané?

4 Pelècèhan marang anak-anak isa nggawé korbané ngalami trauma nganti suwé. Kuwi ya ana pengaruhé marang keluargané lan sedulur-sedulur seimané. Pelècèhan anak kuwi dosa sing serius.

5 Tumindak bejat sing isa ngrusak korbané. * Anak-anak sing ngalami pelècèhan isa dadi trauma. Kaya sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré, pelècèhan sèksual isa ngrusak uripé anak-anak. Bocah-bocah sing dadi korban isa ngrasa ora aman merga ngalami tumindak sing kuduné ora dhèwèké alami saka wong sing dhèwèké percaya. Mula, anak-anak kudu dilindhungi saka tumindak bejat sing kaya ngono. Terus, wong-wong sing dadi korban ya kudu dibantu lan dikuwatké.​—1 Tés. 5:14.

6-7. Apa sebabé pelècèhan anak kuwi isa disebut tumindak jahat marang para sedulur ing jemaat lan nglanggar hukumé pamréntah?

6 Tumindak jahat marang para sedulur ing jemaat. Nèk ana anggota jemaat sing nindakké pelècèhan anak, kuwi isa nggawé jemaat dièlèk-èlèk. (Mat. 5:16; 1 Ptr. 2:12) Kuwi padha waé ora ngajèni upayané jutaan sedulur liyané sing ”mempeng mbélani iman” lan ngluhurké Yéhuwah. (Yud. 3) Wong-wong sing nindakké kejahatan sing isa ngèlèk-èlèk jemaat lan ora gelem mertobat kudu ditokké saka jemaat.

7 Tumindak sing nglanggar hukumé pamréntah. Wong-wong Kristen kudu ”manut marang pamréntah”. (Rm. 13:1) Mula, awaké dhéwé ya kudu ngajèni lan manut karo hukumé pamréntah. Nèk ana anggota jemaat sing nindakké kejahatan, contoné nindakké pelècèhan anak, kuwi tegesé dhèwèké wis nglanggar hukum. (Bandhingna Kisah 25:8.) Para pinituwa ora nduwé wewenang kanggo ngukum wong sing nglanggar hukum. Ning, para pinituwa ora nglindhungi wong-wong sing nindakké pelècèhan anak nèk dhèwèké pancèn kudu dihukum karo pamréntah. (Rm. 13:4) Wong sing nindakké dosa kuwi kudu nanggung dhéwé akibaté.​—Gal. 6:7.

8. Piyé pandhangané Yéhuwah nèk ana sing nindakké dosa marang wong liya?

8 Sing paling penting, kuwi tumindak bejat sing nglanggar hukumé Yéhuwah. (Ms. 51:6) Nèk ana wong sing nindakké dosa marang wong liya, kuwi ya padha karo dosa marang Allah. Nurut Hukum Musa, wong sing nggawé rugi utawa ngrampas duwèké wong liya kuwi wis tumindak ”ora setya marang Sang Yéhuwah”. (Km. 6:2-4) Dadi, nèk ana anggota jemaat sing nindakké pelècèhan anak, kuwi padha karo nggawé rugi utawa ngrampas haké bocah-bocah. Kuwi artiné dhèwèké ora setya marang Yéhuwah. Wong kuwi isa ngèlèk-èlèk lan ngrusak jenengé Yéhuwah. Mula, pelècèhan anak kuwi dosa sing bejat lan awaké dhéwé kudu sengit karo tumindak kaya ngono.

9. Organisasiné Yéhuwah wis nyedhiakké katrangan apa waé soal pelècèhan anak, lan apa sebabé organisasi ya nyedhiakké petunjuk-petunjuk tambahan kanggo para pinituwa?

9 Kèt mbiyèn, organisasiné Yéhuwah wis nyedhiakké akèh katrangan sing dhasaré Alkitab soal pelècèhan anak. Contoné, ing Warta Penting lan Sadarlah! ana artikel-artikel sing ngrembug soal carané korban pelècèhan isa ngatasi trauma, carané wong liya isa mbantu lan nguwatké korban pelècèhan, lan carané wong tuwa isa nglindhungi anak-anaké. Para pinituwa wis dikèki petunjuk-petunjuk kanggo nangani kasus pelècèhan anak. Nèk dibutuhké, organisasi ya nyedhiakké petunjuk-petunjuk tambahan kanggo para pinituwa. Apa sebabé? Tujuané bèn carané para pinituwa nangani kasus kuwi tetep cocog karo hukum Kristus.

NANGANI KASUS DOSA SERIUS

10-12. (a) Wektu nangani kasus dosa serius, apa sing kudu ditindakké lan dipikirké karo para pinituwa? (b) Nurut Yakobus 5:14, 15, apa sing perlu diupayakké karo para pinituwa?

10 Wektu nangani kasus dosa serius, para pinituwa kudu nduduhké katresnan lan nindakké apa sing bener nurut Gusti Allah bèn isa ngetrapké hukum Kristus. Dadi, apa waé sing isa dipikirké karo para pinituwa wektu ana sing nglaporké dosa serius? Para pinituwa khususé kudu mikirké carané bèn jenengé Yéhuwah tetep isa diluhurké. (Km. 22:31, 32; Mat. 6:9) Para pinituwa ya perlu mikirké carané mbantu para sedulur ing jemaat bèn tetep cedhak karo Yéhuwah lan nguwatké sedulur sing dadi korban saka tumindak dosa.

11 Nèk ana anggota jemaat sing nindakké dosa serius, para pinituwa perlu ngupaya kanggo mastèkké apa wong kuwi mertobat lan mikirké carané mbantu wong kuwi bèn isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah. (Wacanen Yakobus 5:14, 15.) Wong Kristen sing ora isa ngendhalèni kepénginané sing salah lan nindakké dosa serius kuwi kaya wong sing lagi lara. Kuwi nduduhké nèk dhèwèké wis ora nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah. * Para pinituwa isa diumpamakké kaya dokter sing ngupaya bèn ”sing lara mau [maksudé, sing nindakké dosa] dadi mari”. Nèk dhèwèké bener-bener mertobat, para pinituwa isa mènèhi naséhat saka Alkitab kanggo mbantu wong kuwi bèn cedhak manèh karo Yéhuwah.​—Kis. 3:19; 2 Kor. 2:5-10.

12 Dadi, para pinituwa nduwé tanggung jawab sing penting. Yéhuwah péngin para pinituwa ngopèni, nresnani, lan tumindak adil marang umaté. (1 Ptr. 5:1-3) Para pinituwa péngin para sedulur ngrasa aman ing jemaat. Dadi, para pinituwa bakal langsung tumindak nèk ana sing nglaporké dosa serius, contoné pelècèhan sèksual marang anak-anak. Apa waé sing ditindakké karo para pinituwa? Gatèkna pitakonan-pitakonan sing ana ing  paragraf 13,  15, lan  17.

13-14. Apa para pinituwa kudu manut karo hukum pamréntah soal nglaporké kasus pelècèhan anak? Jelasna.

 13 Apa para pinituwa kudu manut karo hukum pamréntah soal nglaporké kasus pelècèhan anak? Ya. Ing negara-negara sing nduwé hukum soal pelècèhan anak, para pinituwa kudu manut karo hukum pamréntah lan nglaporké kasus kuwi menyang polisi. (Rm. 13:1) Hukum kuwi ora nglanggar hukumé Allah. (Kis. 5:28, 29) Dadi, wektu ana kasus pelècèhan anak, para pinituwa kudu langsung njaluk arahané kantor cabang soal nglaporké kuwi menyang polisi.

14 Para pinituwa isa ngandhani bocah sing ngalami pelècèhan lan wong tuwané, utawa wong liya sing ngerti soal kuwi, nèk kasusé isa dilaporké menyang polisi. Ning, piyé nèk sing dilaporké kuwi salah siji anggota jemaat lan akhiré kasusé dingertèni wong akèh? Sedulur sing nglaporké kuwi ora perlu ngrasa nèk dhèwèké bakal ngèlèk-èlèk jenengé Yéhuwah. Sing ngèlèk-èlèk jenengé Yéhuwah kuwi ya wong sing nindakké pelècèhan.

15-16. (a) Nurut 1 Timotius 5:19, apa sebabé paling ora kudu ana saksi loro bèn panitia pengadilan isa dibentuk? (b) Apa sing perlu ditindakké para pinituwa nèk ana anggota jemaat sing ditudhuh nindakké pelècèhan anak?

 15 Apa sebabé paling ora kudu ana saksi loro bèn panitia pengadilan isa dibentuk? Merga pathokané Alkitab soal keadilan pancèn kaya ngono. Nèk sing nindakké dosa kuwi ora ngaku, kudu ana wong loro sing dadi saksi bèn panitia pengadilan isa dibentuk. (PT. 19:15; Mat. 18:16; wacanen 1 Timotius 5:19.) Ning, nèk para pinituwa utawa wong liyané arep nglaporké kasus kejahatan menyang polisi, kasusé tetep isa dilaporké senajan ora ana wong loro sing dadi saksiné.

16 Para pinituwa kudu manut karo hukum pamréntah soal nglaporké kasus pelècèhan anak sing ditindakké karo anggota jemaat. Para pinituwa ya bakal mastèkké kejadiané lan mutuské perlu dibentuk panitia pengadilan utawa ora. Sing pertama, para pinituwa bakal nakoni wong sing ditudhuh kuwi. Nèk dhèwèké ora gelem ngaku, para pinituwa kudu nggolèk katrangan saka wong liya. Paling ora kudu ana wong loro sing dadi saksiné. Saksi sing pertama yaiku wong sing nglaporké. Saksi sing keloro yaiku wong liya sing ngerti kejadiané utawa tumindak liyané sing nduduhké nèk wong sing ditudhuh kuwi pancèn wis nindakké pelècèhan. Nèk wis ana saksi loro, para pinituwa lagi isa mbentuk panitia pengadilan. * Ning, senajan ora ana saksi liyané, kuwi ora berarti wong sing nglaporké dianggep ngapusi. Para pinituwa ngerti nèk sing ditudhuh kuwi mungkin pancèn wis nindakké dosa serius lan nggawé rugi wong liya. Para pinituwa perlu terus nguwatké lan nggedhèkké atiné wong-wong sing dadi korban. Para pinituwa ya perlu terus waspada bèn wong sing ditudhuh kuwi ora nggawé cilaka para sedulur ing jemaat.​—Kis. 20:28.

17-18. Jelasna tugasé panitia pengadilan.

 17 Apa tugasé panitia pengadilan? Panitia pengadilan bakal mutuské apa wong sing nindakké kesalahan serius kuwi isih tetep isa dadi anggota jemaat. Para pinituwa kuwi ora mutuské apa dhèwèké perlu dihukum karo pamréntah. Sing nemtokké hukuman kanggo wong sing nglanggar hukum yaiku pengadilan pamréntah.​—Rm. 13:2-4; Tit. 3:1.

18 Para pinituwa sing dadi anggota panitia pengadilan mung ngurusi perkara sing ana hubungané karo ibadah. Para pinituwa kuwi kudu mastèkké saka Alkitab apa wong kuwi bener-bener wis mertobat. Nèk dhèwèké ora mertobat, dhèwèké kudu dipecat lan diumumké ing jemaat nèk dhèwèké wis dudu Seksi Yéhuwah manèh. (1 Kor. 5:11-13) Nèk dhèwèké mertobat, dhèwèké isa tetep dadi bagéan saka jemaat. Ning, para pinituwa kuwi bakal ngandhani dhèwèké nèk dhèwèké mungkin ora bakal éntuk tugas istiméwa ing jemaat manèh. Para pinituwa ya perduli karo bocah-bocah ing jemaat. Mula, para pinituwa perlu ngandhani para wong tuwa sing nduwé anak cilik ing jemaat bèn padha ngati-ati wektu anak-anaké ana ing cedhaké wong sing tau nindakké kesalahan kuwi. Ning, para pinituwa kudu ngati-ati aja nganti wong-wong ngerti sapa sing wis tau ngalami pelècèhan kuwi.

CARANÉ NGLINDHUNGI ANAK-ANAK

Para wong tuwa perlu nglindhungi anak-anak saka pelècèhan sèksual. Wong tuwa kudu ngandhani anak-anak bèn ngerti sing bener soal sèks. Wong tuwa isa nggunakké sarana sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah. (Deloken paragraf 19-22)

19-22. Piyé carané wong tuwa isa nglindhungi anak-anak? (Deloken gambar ing halaman 1.)

19 Sing khususé nduwé tanggung jawab kanggo nglindhungi anak-anak yaiku wong tuwané. * Anak-anak kuwi hadiah sing berharga saka Gusti Allah, ”pusaka peparingé Sang Yéhuwah”. (Ms. 127:3) Dadi, wong tuwa kudu nglindhungi hadiah saka Yéhuwah iki. Piyé carané wong tuwa isa nglindhungi anak-anak saka pelècèhan sèksual?

20 Pertama, njenengan perlu ngerti akèh soal pelècèhan anak. Njenengan perlu ngerti wong sing kaya apa sing isa waé nduwé niat kanggo nindakké pelècèhan sèksual lan cara apa waé sing biasané digunakké kanggo ngakali bocah-bocah. Awaké dhéwé kudu waspada bèn anak-anak ora ngalami bahaya. (WB. 22:3; 24:3) Élinga nèk sing nindakké pelècèhan sèksual kuwi biasané wong sing wis dikenal lan cedhak karo bocah-bocah.

21 Keloro, njenengan perlu cedhak lan kerep omong-omongan karo anak-anak. (PT. 6:6, 7) Kuwi tegesé njenengan ya kudu seneng ngrungokké. (Yak. 1:19) Élinga nèk bocah-bocah sing ngalami pelècèhan biasané ora wani crita karo sapa-sapa. Mungkin bocah kuwi wedi nèk ora dipercaya, utawa wis diancam karo wong sing nindakké pelècèhan kuwi. Nèk njenengan ngrasa anak njenengan ana masalah, coba takonana lan rungokna apa sing diomongké. Ning, njenengan kudu sabar lan apikan.

22 Ketelu, njenengan perlu ngajari anak-anak. Njenengan kudu ngandhani anak-anak bèn ngerti sing bener soal sèks. Carané ngandhani kudu cocog karo umuré. Kandhanana anak-anak bèn ngerti kudu piyé nèk ana sing arep ndemèk-ndemèk utawa tumindak saru. Gunakna katrangan saka organisasi soal carané nglindhungi anak-anak.​—Deloken kothak ” Katrangan Penting kanggo Wong Tuwa lan Bocah-Bocah”.

23. Piyé pandhangané awaké dhéwé soal pelècèhan anak, lan pitakonan apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

23 Pelècèhan anak kuwi dosa sing serius lan tumindak sing bejat. Merga péngin manut karo hukum Kristus, Seksi-Seksi Yéhuwah ora bakal nglindhungi wong sing nindakké pelècèhan anak. Wong kuwi kudu tanggung jawab karo tumindaké. Ning, nèk ana sedulur sing wis tau ngalami pelècèhan wektu isih cilik, piyé carané awaké dhéwé isa mbantu dhèwèké? Kuwi bakal dirembug ing artikel sakbanjuré.

LAGU 103 Para Pinituwa, Pangon sing Aji

^ par. 5 Artikel iki bakal ngrembug soal carané nglindhungi anak-anak saka pelècèhan sèksual. Awaké dhéwé isa sinau soal apa sing isa ditindakké para pinituwa lan wong tuwa bèn isa nglindhungi anak-anak.

^ par. 3 KATRANGAN: Pelècèhan sèksual marang anak yaiku tumindak nggunakké anak-anak kanggo muaské nafsu sèksual. Contoné, nindakké hubungan sèks karo anak-anak; nindakké hubungan sèks liwat cangkem utawa anus; ndemèk-ndemèk alat kelaminé, payudarané, bokongé; utawa tumindak saru liyané. Sing dadi korban biasané cah wédok, ning cah lanang ya akèh sing dadi korban. Wong sing nindakké pelècèhan anak biasané lanang, ning ya ana wong wédok sing nindakké kuwi.

^ par. 5 KATRANGAN: Ing artikel iki lan sakbanjuré, sing dimaksud ”korban” yaiku wong sing ngalami pelècèhan sèksual wektu isih cilik. Dhèwèké disebut korban merga dhèwèké ora salah lan wis dimanfaatké.

^ par. 11 Nèk ana sing nindakké dosa serius merga wis ora nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah, dhèwèké ya tetep kudu tanggung jawab lan Yéhuwah bakal ngakimi dhèwèké.​—Rm. 14:12.

^ par. 16 Wektu para pinituwa nemoni wong sing ditudhuh nindakké pelècèhan sèksual, bocahé sing dadi korban kuwi ora kudu mèlu nemoni. Wong tuwané utawa wong liyané sing dicritani karo bocah kuwi isa nyritakké kejadiané marang para pinituwa. Dadi, bocah kuwi ora perlu kewedèn.

^ par. 19 Katrangan ing artikel iki ya perlu ditrapké karo wong-wong sing ngopèni utawa nggedhèkké anak-anak, senajan dudu anaké dhéwé.