WARTA PENTING—ÉDHISI WULANGAN November 2019

Artikel pelajaran sing disinaoni saka 30 Desember 2019–2 Februari 2020.

Terus Akrab karo Para Sedulur

Awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané Yérémia, sing éntuk bantuan saka kanca-kanca cedhaké pas Yérusalèm arep dihancurké.

Éntuk Bantuan saka Roh Suci

Yéhuwah isa nggunakké roh suciné kanggo mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep setya senajan ngadhepi masalah. Apa waé sing perlu ditindakké bèn isa bener-bener éntuk manfaat saka roh suci?

Terus Njaga ”Tamèng” Imané Awaké Dhéwé

Imané awaké dhéwé isa dipadhakké kaya tamèng sing isa nglindhungi. Apa sing perlu ditindakké kanggo njaga imané awaké dhéwé bèn tetep kuwat?

Sing Isa Disinaoni saka Buku Kaimaman

Buku Kaimaman kuwi isiné hukumé Yéhuwah kanggo wong-wong Israèl. Wong-wong Kristen ora kudu manut karo hukum kuwi. Ning, hukum kuwi isih ana manfaaté kanggo awaké dhéwé.

Nindakké Keputusan-Keputusan sing Wis Digawé

Senajan awaké dhéwé wis nggawé keputusan sing apik, ning mungkin awaké dhéwé ngrasa nèk nindakké keputusan kuwi ora gampang. Apa waé sing perlu ditindakké bèn isa nindakké keputusan sing wis digawé?

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa tugasé para pengurus ing jaman Alkitab?