Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 45

Éntuk Bantuan saka Roh Suci

Éntuk Bantuan saka Roh Suci

”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé merga Gusti Allah sing maringi aku kuwasa.”​—FLP. 4:13.

LAGU 104 Roh Suci Peparingé Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Apa sing isa mbantu awaké dhéwé kanggo ngadhepi masalah saben dina? Terangna. (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

AWAKÉ DHÉWÉ mungkin tau ngadhepi masalah sing abot, misalé lara parah utawa ditinggal mati karo wong sing ditresnani. Wektu ngadhepi situasi sing kaya ngono, mungkin awaké dhéwé ngrasa ora bakal isa ngatasi masalah kuwi nèk ora dibantu karo roh suci. Awaké dhéwé butuh bantuan roh suciné Yéhuwah bèn isa nduwé ”kesanggupan sing nggumunké” kanggo ngadhepi masalah-masalah kuwi.​—2 Kor. 4:7-9.

2 Awaké dhéwé ya mbutuhké bantuané roh suci bèn ora kena pengaruh saka donya sing dikuwasani Sétan iki. (1 Yoh. 5:19) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya butuh bantuan bèn isa nglawan ”roh-roh jahat”. (Éf. 6:12) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé manfaaté roh suci kanggo awaké dhéwé lan apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa bener-bener éntuk manfaat saka roh suci.

ROH SUCI ISA NGEKÈKI KEKUWATAN

3. Apa salah siji manfaaté roh suci kanggo awaké dhéwé?

3 Roh suciné Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé bèn nduwé kekuwatan kanggo nindakké tanggung jawabé awaké dhéwé. Kuwi sing dirasakké karo Rasul Paulus. Merga ngendelké ”kuwasané Kristus”, Paulus isa terus nindakké tugas pelayanan senajan kuwi ora gampang. (2 Kor. 12:9) Wektu nganakké perjalanan utusan injilé sing keloro, Paulus manggon ing Korintus bareng karo Akuila lan Priskila. Wektu kuwi, Paulus kudu nyukupi kebutuhané dhéwé. Mula, Paulus dadi tukang nggawé kémah bareng karo Akuila lan Priskila, senajan nyambut gawéné ora saben dina. (Kis. 18:1-4) Merga éntuk kekuwatan saka roh suciné Yéhuwah, Paulus dadi isa nindakké tanggung jawabé, yaiku kanggo nyukupi kebutuhané dhéwé lan nindakké tugas pelayanané.

4. Nurut 2 Korintus 12:7b-9, Paulus nduwé masalah apa?

4 Wacanen 2 Korintus 12:7b-9. Ing ayat-ayat kuwi, Paulus nyebutké soal ”eri ing njero daging”. Piyé rasané nèk ana eri ing njero badané awaké dhéwé? Mesthi rasané lara banget lan awaké dhéwé dadi sengsara. Dadi, Paulus lagi ngomongké soal masalah sing nggawé dhèwèké dadi sengsara. Paulus kandha nèk dhèwèké kaya lagi ’dikamplengi’ (’digebugi’, ctn.) karo ”malaékaté Sétan”. Masalah sing dialami karo Paulus kuwi isa waé ora langsung saka Sétan utawa roh-roh jahat. Ning, wektu ngerti nèk Paulus nduwé ’eri ing njero dagingé’, Sétan lan para malaékaté isa nggunakké kuwi kanggo nggawé Paulus dadi saya sengsara. Apa sing Paulus tindakké?

5. Piyé carané Yéhuwah njawab dongané Paulus?

5 Awalé, Paulus ndonga lan njaluk tulung bèn Yéhuwah nyingkirké ”eri” kuwi. Paulus kandha, ”Wis ping telu aku nyuwun marang Gusti [Yéhuwah] supaya eri kuwi disingkirké saka aku.” Ning, eri kuwi isih tetep ana ing njero dagingé. Apa kuwi artiné Yéhuwah ora njawab dongané Paulus? Ora ngono. Yéhuwah njawab dongané Paulus. Yéhuwah pancèn ora nyingkirké masalahé. Ning, Yéhuwah ngekèki kekuwatan marang Paulus. Yéhuwah kandha, ”Wektu kowé tanpa daya, kuwasa-Ku dadi nyata.” (2 Kor. 12:8, 9) Dadi, Paulus isa tetep ayem lan tenang merga bantuané Yéhuwah.​—Flp. 4:4-7.

6. (a) Piyé carané Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé? (b) Sebutna janjiné Yéhuwah sing dicathet ing ayat-ayat sing ana ing paragraf iki.

6 Apa njenengan tau ndonga lan njaluk bèn Yéhuwah nyingkirké masalah sing lagi njenengan adhepi? Bar kuwi, mungkin masalahé isih tetep ana utawa malah tambah parah. Apa njenengan dadi ngrasa nèk Yéhuwah wis ora sayang karo njenengan? Wektu ngalami situasi sing kaya ngono, awaké dhéwé isa ngéling-éling pengalamané Paulus. Yéhuwah mungkin ora nyingkirké masalahé awaké dhéwé. Ning, Yéhuwah isa ngekèki roh suciné bèn awaké dhéwé nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi masalah kuwi. (Ms. 61:4, 5) Senajan awaké dhéwé mungkin ngrasa kaya lagi ”diantemi nganti tiba”, ning Yéhuwah ora bakal ninggalké awaké dhéwé.​—2 Kor. 4:8, 9; Flp. 4:13.

ROH SUCI ISA NGARAHKÉ

7-8. (a) Apa sebabé roh suci isa dipadhakké kaya angin? (b) Piyé carané Pétrus njelaské soal roh suci?

7 Apa manèh manfaaté roh suci kanggo awaké dhéwé? Roh suci kuwi isa dipadhakké kaya angin sing ngarahké kapal bèn isa slamet tekan tujuan senajan lagi ana badai. Dadi, roh suci ya isa mbantu awaké dhéwé bèn isa terus ngabdi tekan donya anyar senajan saiki ana akèh tantangan.

8 Rasul Pétrus tau kandha, ”Ramalan ora tau diomongké miturut karepé manungsa. Nanging, apa sing diomongké manungsa kuwi asalé saka Gusti Allah, merga wong-wong kuwi dituntun roh suci.” (2 Ptr. 1:21) Wektu njelaské soal roh suciné Yéhuwah, Pétrus nggunakké kata-kata sing kétoké ana hubungané karo kapal layar. Pétrus mesthi ngerti tenan soal kapal layar merga dhèwèké nyambut gawé dadi nelayan.

9. Apa sing dibayangké Pétrus wektu nyebutké soal wong-wong sing ”dituntun” roh suci?

9 Apa sing dibayangké Pétrus wektu nyebutké soal wong-wong sing ”dituntun” roh suci? Kata Yunani sing digunakké Pétrus wektu kuwi mèh padha karo sing digunakké Lukas wektu nulis soal kapal sing ”ngetutké” arah angin. (Kis. 27:15) Ana salah siji pakar Alkitab sing kandha nèk kata-kata sing digunakké Pétrus kuwi ana hubungané karo kapal layar. Dadi, wektu Pétrus ngomong nèk para nabi lan wong-wong sing nulis Alkitab ”dituntun roh suci”, kuwi isa dipadhakké kaya kapal layar sing diarahké angin. Pakar kuwi kandha nèk para penulis Alkitab kuwi kaya kapal sing ”layaré dibukak”. Kuwi artiné para penulis Alkitab siap kanggo tumindak. Terus, Yéhuwah ngekèki ”angin”, yaiku roh suciné kanggo ngarahké para penulis Alkitab kuwi.

CARA 1: Nindakké kegiatan sing diarahké karo roh suciné Yéhuwah

CARA 2: Ngupaya sak isa-isané kanggo nindakké kegiatan sing diarahké karo roh suciné Yéhuwah (Deloken paragraf 11) *

10-11. Apa waé sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa dituntun roh suci? Critakna ilustrasiné.

10 Saiki, Yéhuwah ya isih nggunakké roh suciné kanggo nuntun umaté, senajan dudu kanggo nulis Alkitab. Ning, ana sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa dituntun roh suci. Apa sing perlu awaké dhéwé tindakké?

11 Coba bayangna apa sing ditindakké karo pelaut wektu arep berlayar. Sing pertama, pelaut kuwi kudu nggawa kapalé menyang dhaérah sing ana anginé. Nèk kapalé tetep ana ing pelabuhan, kapalé ora bakal isa mlaku. Sing keloro, dhèwèké kudu mbukak layar sak amba-ambané. Nèk layaré ora dibukak, kapalé ya ora isa mlaku senajan ana angin sing akèh. Dadi, roh suci ya isa mbantu awaké dhéwé bèn terus ngabdi marang Yéhuwah. Ning, ana sing kudu awaké dhéwé tindakké. Sing pertama, awaké dhéwé kudu nindakké kabèh kegiatan sing diarahké karo roh suciné Yéhuwah. Sing keloro, awaké dhéwé ya kudu ”mbukak layar” sak amba-ambané. Kuwi artiné awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan kanggo nindakké kegiatan-kegiatan kuwi sak isa-isané. (Ms. 119:32) Nèk wis nindakké kuwi kabèh, roh suci bakal ngarahké awaké dhéwé bèn isa terus setya ngabdi tekan donya anyar senajan saiki ana akèh masalah lan tantangan.

12. Apa sing bakal dirembug ing paragraf-paragraf sakbanjuré?

12 Dadi, awaké dhéwé wis sinau nèk roh suci isa ngekèki kekuwatan bèn awaké dhéwé isa nindakké tanggung jawabé awaké dhéwé senajan kuwi ora gampang. Roh suci ya isa ngarahké lan mbantu awaké dhéwé bèn isa terus ngabdi nganti akhiré awaké dhéwé isa urip saklawasé ing donya anyar. Ing paragraf-paragraf sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing perlu ditindakké bèn isa bener-bener éntuk manfaat saka roh suci.

PIYÉ CARANÉ BÈN ISA BENER-BENER ÉNTUK MANFAAT SAKA ROH SUCI?

13. Nurut 2 Timotius 3:16, 17, apa manfaaté Alkitab kanggo awaké dhéwé, lan apa sing kudu awaké dhéwé tindakké?

13 Pertama, sinau Alkitab. (Wacanen 2 Timotius 3:16, 17.) Awaké dhéwé ngerti nèk Alkitab kuwi ”asalé saka Gusti Allah”. Dadi, Yéhuwah nggunakké roh suciné kanggo nuntun wong-wong sing nulis Alkitab, bèn wong-wong kuwi isa nuliské pikirané Yéhuwah. Mula, nèk awaké dhéwé maca lan ngrenungké Alkitab, awaké dhéwé dadi isa ngerti pikirané Yéhuwah. Awaké dhéwé ya dadi isa nindakké apa sing disenengi Yéhuwah. (Ibr. 4:12) Ning, bèn isa bener-bener éntuk manfaat saka roh suci, awaké dhéwé kudu nyedhiakké wektu kanggo sinau Alkitab lan ngrenungké isiné saben dina. Hasilé, kabèh tumindak lan omongané awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah.

14. (a) Apa sebabé awaké dhéwé isa éntuk roh suciné Yéhuwah ing perhimpunan? (b) Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa bener-bener éntuk manfaat saka roh suci?

14 Keloro, berhimpun. (Ms. 22:23) Awaké dhéwé isa éntuk roh suciné Yéhuwah wektu teka ing perhimpunan. (Why. 2:29) Apa sebabé? Ing perhimpunan, awaké dhéwé ndonga njaluk roh suci, nyanyèkké lagu-lagu sing dhasaré saka Alkitab, lan ngrungokké naséhat saka Alkitab sing disampèkké karo para sedulur sing dilantik roh suci. Sakliyané kuwi, para sedulur wédok sing éntuk bagéan ing perhimpunan ya dibantu roh suci wektu persiapan lan wektu nyampèkké bagéané. Ning, bèn isa bener-bener éntuk manfaat saka roh suci, awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo persiapan lan ngekèki koméntar ing perhimpunan. Kuwi artiné awaké dhéwé ”mbukak layar” sak amba-ambané.

15. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa éntuk bantuané roh suci wektu nginjil?

15 Ketelu, nginjil. Wektu nginjil lan mulang, awaké dhéwé isa éntuk bantuané roh suci nèk awaké dhéwé nggunakké Alkitab. (Rm. 15:18, 19) Ning, bèn isa bener-bener éntuk manfaat saka roh suci, awaké dhéwé kudu sregep nginjil lan ngupaya kanggo nggunakké Alkitab saben nginjil. Salah siji cara bèn awaké dhéwé isa luwih trampil wektu nginjil yaiku nggunakké conto carané ngomong sing ana ing Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil.

16. Cara langsung apa sing isa awaké dhéwé tindakké bèn isa éntuk roh suci?

16 Kepapat, ndonga. (Mat. 7:7-11; Luk. 11:13) Nèk awaké dhéwé ndonga njaluk roh suci, Yéhuwah mesthi bakal ngekèki. Ora ana sing isa ngalangi awaké dhéwé kanggo njaluk roh suci marang Yéhuwah. Senajan awaké dhéwé lagi dipenjara, awaké dhéwé ya tetep isa ndonga njaluk roh suci. Malah, Sétan ya ora isa ngalangi Yéhuwah kanggo ngekèki roh suci marang awaké dhéwé. (Yak. 1:17) Dongané awaké dhéwé kudu piyé bèn isa éntuk roh suciné Yéhuwah? Bèn isa ngerti jawabané, awaké dhéwé isa sinau saka perumpamaan soal donga sing ditulis ing Injil Lukas. *

TERUS NDONGA NJALUK ROH SUCI

17. Apa sing isa disinaoni saka perumpamaané Yésus ing Lukas 11:5-9, 13?

17 Wacanen Lukas 11:5-9, 13. Yésus nyritakké perumpamaan sing njelaské soal piyé kuduné dongané awaké dhéwé wektu njaluk roh suci. Wong lanang sing dicritakké ing perumpamaan kuwi isa éntuk apa sing dhèwèké péngini ”merga [dhèwèké] terus ngotot”. Dhèwèké ora isin kanggo njaluk tulung marang kancané senajan wektu kuwi wis tengah wengi. * (Luk. 11:8) Apa sing dimaksud Yésus wektu nyritakké perumpamaan kuwi? Yésus kandha, ”Terusa njaluk lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog lan kowé bakal dibukakké lawang.” Dadi, apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Bèn isa éntuk roh suciné Yéhuwah, awaké dhéwé kudu terus ndonga njaluk roh suci.

18. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal ngekèki roh suci?

18 Yésus ya nggunakké perumpamaan kuwi kanggo mbantu awaké dhéwé bèn isa yakin nèk Yéhuwah bakal ngekèki roh suci marang awaké dhéwé. Wong lanang sing dicritakké ing perumpamaan kuwi péngin nyedhiakké panganan kanggo tamuné sing teka bengi-bengi. Ning, dhèwèké ora nduwé apa-apa. Dadi, dhèwèké njaluk roti marang kancané. Akhiré kancané gelem ngekèki merga wong kuwi terus njaluk. Apa sing isa disinaoni saka perumpamaan kuwi? Nèk wong sing ora sampurna waé gelem mbantu kancané sing terus njaluk tulung marang dhèwèké, apa manèh Yéhuwah. Dadi, nèk awaké dhéwé terus ndonga njaluk roh suci, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal ngekèki.​—Ms. 10:17; 66:19.

19. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk awaké dhéwé isa ngadhepi serangané Sétan?

19 Awaké dhéwé isa yakin nèk roh suci bakal mbantu awaké dhéwé kanggo ngadhepi serangané Sétan. Roh suciné Yéhuwah isa ngekèki kekuwatan bèn awaké dhéwé isa tetep setya senajan ana tantangan. Roh suci ya isa ngarahké lan mbantu awaké dhéwé bèn isa terus ngabdi nganti akhiré awaké dhéwé isa urip saklawasé. Mula, awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn isa bener-bener éntuk manfaat saka roh suci.

LAGU 41 Bapa, Mirengna Aku

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug carané Yéhuwah nggunakké roh suci kanggo mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep setya senajan ngadhepi masalah. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa bener-bener éntuk manfaat saka roh suci.

^ par. 16 Wektu ing bumi, Yésus kerep ndonga. Kuwi akèh dicritakké ing Injil Lukas, luwih akèh ketimbang ing Injil liyané.​—Luk. 3:21; 5:16; 6:12; 9:18, 28, 29; 18:1; 22:41, 44.

^ par. 17 Bèn isa éntuk katrangan sing luwih akèh soal ”terus ngotot”, deloken katrangan kanggo sinau ing Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil sasi Juli 2018, halaman 8.

^ par. 60 GAMBAR: CARA 1: Nindakké kegiatan sing diarahké karo roh suciné Yéhuwah. Sedulur lanang lan wédok iki berhimpun ing Balé Ibadah. CARA 2: Ngupaya sak isa-isané kanggo nindakké kegiatan-kegiatan sing diarahké karo roh suciné Yéhuwah. Sedulur loro kuwi wis persiapan kanggo ngekèki koméntar ing perhimpunan. Rong cara kuwi ya kudu ditrapké wektu sinau Alkitab, nginjil, lan ndonga.