Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 48

Nindakké Keputusan-Keputusan sing Wis Digawé

Nindakké Keputusan-Keputusan sing Wis Digawé

”Rampungna apa sing wis kok wiwiti.”​—2 KOR. 8:11.

LAGU 35 Ngerti lan Nindakké bab sing Luwih Penting

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Yéhuwah ngekèki awaké dhéwé kebébasan kanggo nindakké apa?

YÉHUWAH ngekèki awaké dhéwé kebébasan kanggo nggawé keputusan. Yéhuwah ya mbantu bèn awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik lan nindakké keputusan kuwi. (Ms. 119:173) Nèk awaké dhéwé ngetrapké pathokané Alkitab, awaké dhéwé bakal isa nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah.​—Ibr. 5:14.

2. Apa sing mungkin awaké dhéwé rasakké sakwisé nggawé keputusan?

2 Mungkin awaké dhéwé wis nggawé keputusan sing apik. Ning, sakwisé kuwi awaké dhéwé ngrasa nèk nindakké keputusan kuwi ora gampang. Gatèkna conto-conto iki: (1) Ana sedulur enom sing mutuské kanggo maca Alkitab saben dina. Mungkin dhèwèké wis berhasil nindakké kuwi pirang-pirang minggu. Ning, bar kuwi dhèwèké ora nindakké kuwi manèh. (2) Ana sedulur wédok sing mutuské kanggo merintis biasa. Ning, dhèwèké ora ndang ndaftar dadi perintis biasa. (3) Badan pinituwa wis mutuské kanggo nggembalakké para sedulur ing jemaat. Ning, nganti pirang-pirang sasi rencana kuwi ora kelakon. Para sedulur kuwi padha-padha wis nggawé keputusan sing apik. Ning, para sedulur kuwi ora nindakké keputusan sing wis digawé. Para sedulur ing Korintus jaman mbiyèn ya ngalami situasi sing kaya ngono. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka pengalamané para sedulur ing Korintus?

3. Apa keputusan penting sing digawé karo para sedulur ing Korintus, ning apa sing kelakon sakwisé kuwi?

3 Kira-kira ing taun 55 M, para sedulur ing Korintus nggawé keputusan sing penting. Wektu kuwi, jemaat ing Yérusalèm lan Yudéa lagi ngalami kesusahan lan butuh dhuwit. Mula, para sedulur ing jemaat-jemaat sekitaré ngumpulké sumbangan kanggo mbantu jemaat ing Yérusalèm. Para sedulur ing Korintus ya péngin mbantu. Para sedulur kuwi takon marang Paulus piyé carané mbantu. Dadi, Paulus ngirim surat lan ngongkon Titus kanggo ngumpulké dhuwit sumbangané. (1 Kor. 16:1; 2 Kor. 8:6) Ning, nganti pirang-pirang sasi sakwisé kuwi, para sedulur ing Korintus durung ngumpulké sumbangané. Nèk ngono, sumbangané dadi ora isa mèlu digawa menyang Yérusalèm bareng karo sumbangan saka jemaat liyané.​—2 Kor. 9:4, 5.

4. Nurut 2 Korintus 8:7, 10, 11, Paulus ngandhani para sedulur ing Korintus soal apa?

4 Para sedulur ing Korintus wis nggawé keputusan sing apik. Para sedulur kuwi imané kuwat lan péngin nindakké apa sing apik. Mula, Paulus ngalem para sedulur kuwi. Ning, Paulus ya kudu ngandhani para sedulur kuwi bèn padha nindakké apa sing wis diputuské. (Wacanen 2 Korintus 8:7, 10, 11.) Dadi, wong-wong Kristen sing setya waé ya ngrasa nèk nindakké keputusan sing apik kuwi ora gampang.

5. Pitakonan apa waé sing bakal awaké dhéwé rembug?

5 Kaya para sedulur ing Korintus, awaké dhéwé mungkin ya ngrasa nèk nindakké keputusan sing apik kuwi ora gampang. Kenapa? Merga ora sampurna, mungkin awaké dhéwé dadi seneng nundha-nundha. Utawa, mungkin awaké dhéwé pancèn ora isa nindakké keputusan sing wis digawé merga ana kedadéan sing ora dinyana-nyana. (Ko. 9:11; Rm. 7:18) Dadi, piyé carané nggawé keputusan sing apik? Apa sing kudu ditindakké nèk ana keputusan sing perlu diowahi? Piyé carané bèn awaké dhéwé isa nindakké keputusan sing wis digawé?

SAKDURUNGÉ NGGAWÉ KEPUTUSAN

6. Apa sebabé ana keputusan-keputusan sing mungkin perlu diowahi?

6 Ana keputusan-keputusan penting sing pancèn ora isa diowahi. Contoné, awaké dhéwé ora bakal ngowahi keputusané awaké dhéwé kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Nèk wis nikah, awaké dhéwé ya bakal terus setya karo bojoné awaké dhéwé. (Mat. 16:24; 19:6) Ning, ana keputusan-keputusan liya sing mungkin perlu diowahi merga keadaan isa berubah. Dadi, apa sing kudu ditindakké bèn awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik?

7. Awaké dhéwé kudu ndongakké apa, lan apa sebabé?

7 Ndonga njaluk kawicaksanan. Yéhuwah ngarahké Yakobus kanggo nulis naséhat iki, ”Nèk ing antaramu ana sing kekurangan kawicaksanan, terusa nyuwun marang Gusti Allah, . . . merga Panjenengané bakal maringi kuwi kanthi loma.” (Yak. 1:5) Awaké dhéwé isa waé ”kekurangan kawicaksanan”. Mula, awaké dhéwé kudu ngendelké Yéhuwah wektu arep nggawé keputusan lan wektu mikirké manèh soal keputusan sing wis digawé. Yéhuwah mesthi bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa nggawé keputusan sing apik.

8. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké sakdurungé nggawé keputusan?

8 Nggolèk katrangan sing luwih akèh. Awaké dhéwé mungkin kudu nggawé keputusan-keputusan sing penting. Misalé, awaké dhéwé mungkin arep nggolèk gawéan sing anyar, pindhah menyang panggonan liya, utawa milih pendidikan sing cocog kanggo ndhukung pelayanané awaké dhéwé. Sakdurungé nggawé keputusan, awaké dhéwé kudu nggolèk katrangan saka Alkitab lan publikasi-publikasi sing disedhiakké karo organisasiné Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa takon karo wong sing isa ngekèki saran sing apik.​—WB. 20:18.

9. Apa sebabé awaké dhéwé perlu mikirké alesané awaké dhéwé nggawé keputusan?

9 Mikirké apa alesané awaké dhéwé nggawé keputusan kuwi. Yéhuwah nggatèkké tumindaké awaké dhéwé lan apa alesané awaké dhéwé nindakké kuwi. (WB. 16:2) Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé nduwé motif sing tulus wektu nggawé keputusan. Nèk motifé awaké dhéwé ora tulus, awaké dhéwé isa ngrasa nèk nindakké keputusan kuwi ora gampang. Misalé, ana sedulur enom sing mutuské kanggo dadi perintis biasa. Ning, suwé-suwé dhèwèké ora isa nutup jam dinasé lan dadi ora semangat wektu nginjil. Kira-kira apa sebabé dhèwèké ngrasa kaya ngono? Mungkin dhèwèké ngomong nèk dhèwèké merintis merga péngin nyenengké Yéhuwah. Ning, isa waé sakjané dhèwèké merintis merga mung arep nyenengké wong tuwané utawa wong liya.

10. Apa sing isa nggawé awaké dhéwé bener-bener berubah?

10 Gatèkna conto iki: Ana wong sing lagi sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Dhèwèké mutuské kanggo mandheg ngrokok. Awalé, dhèwèké isa mandheg ngrokok nganti seminggu utawa rong minggu. Ning, bar kuwi dhèwèké ngrokok manèh. Suwé-suwé dhèwèké akhiré isa bener-bener mandheg ngrokok. Kenapa? Dhèwèké isa berubah merga bener-bener sayang karo Yéhuwah lan péngin nyenengké Yéhuwah.​—Kol. 1:10; 3:23.

11. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nduwé tujuan sing jelas?

11 Nduwé tujuan sing jelas. Nèk tujuané awaké dhéwé jelas, awaké dhéwé isa nindakké apa sing wis diputuské. Contoné, awaké dhéwé mungkin mutuské kanggo maca Alkitab saben dina. Ning, kuwi ora isa kelakon nèk awaké dhéwé ora nggawé jadwal sing jelas. * Conto liyané, badan pinituwa mungkin wis mutuské kanggo luwih kerep nggembalakké para sedulur ing jemaat. Ning, rencana kuwi isa kelakon nèk para pinituwa nduwé tujuan sing jelas. Misalé, para pinituwa isa nemtokké sapa waé sing khususé perlu digembalakké lan kapan wektu sing pasti kanggo ngunjungi para sedulur kuwi.

12. Apa sing mungkin perlu awaké dhéwé tindakké, lan apa sebabé?

12 Kudu masuk akal. Awaké dhéwé kudu masuk akal. Mungkin ana sing ora isa awaké dhéwé tindakké merga wektu, tenaga, lan bandhané awaké dhéwé ana batesé. Mula, isa waé ana keputusan sing perlu awaké dhéwé owahi. (Ko. 3:6) Dadi, nèk misalé awaké dhéwé wis mikirké manèh keputusan sing digawé lan mutuské kanggo ngowahi keputusan kuwi, apa sing perlu awaké dhéwé tindakké? Gatèkna limang cara sing dirembug ing paragraf-paragraf sakbanjuré.

SAKWISÉ NGGAWÉ KEPUTUSAN

13. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa éntuk kekuwatan kanggo nindakké keputusan?

13 Ndonga njaluk kekuwatan. Yéhuwah isa ngekèki ”kekuwatan kanggo nindakké” keputusan sing wis awaké dhéwé gawé. (Flp. 2:13) Dadi, awaké dhéwé isa ndonga kanggo njaluk roh suciné Yéhuwah. Senajan kaya-kayané dongané awaké dhéwé durung dijawab, awaké dhéwé isa nindakké apa sing diomongké Yésus, ”Terusa njaluk [roh suci] lan kowé bakal diwènèhi.”​—Luk. 11:9, 13.

14. Apa sing isa disinaoni saka pathokan ing Wulang Bebasan 21:5?

14 Nggawé rencana. (Wacanen Wulang Bebasan 21:5.) Biasané, wong sing arep nindakké proyèk kudu nggawé rencana dhisik bèn proyèké isa berhasil. Terus, rencana kuwi ya kudu ditindakké. Dadi, bèn keputusané awaké dhéwé isa berhasil, awaké dhéwé ya perlu nggawé rencana soal apa waé sing perlu ditindakké. Nèk ana keputusan sing kaya-kayané angèl kanggo ditindakké, awaké dhéwé isa nindakké langkah-langkah sing sederhana dhisik bèn keputusan kuwi isa berhasil. Paulus ngandhani para sedulur ing Korintus supaya nyisihké dhuwit ”ing dina kapisan saben minggu” ketimbang langsung nglumpukké dhuwit sumbangan pas Paulus teka. (1 Kor. 16:2) Nèk wis nindakké langkah-langkah sing luwih sederhana, awaké dhéwé isa ngrasa luwih yakin kanggo nindakké keputusan sing wis digawé.

15. Apa sing perlu awaké dhéwé tindakké sakwisé nggawé rencana?

15 Biasané, rencana-rencana isa luwih gampang ditindakké nèk ditulis. (1 Kor. 14:40) Misalé, badan pinituwa dikèki petunjuk kanggo milih salah siji pinituwa kanggo nyatheti saben keputusan sing digawé karo badan pinituwa. Kuwi termasuk nyatheti sapa waé sing ditugaské kanggo nindakké keputusan kuwi lan kapan keputusan kuwi kudu ditindakké. Para pinituwa isa berhasil nindakké keputusan-keputusané nèk ngetrapké petunjuk kuwi. (1 Kor. 9:26) Awaké dhéwé ya isa nindakké sing padha. Misalé, awaké dhéwé isa nggawé daftar soal apa waé sing arep ditindakké saben dina. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé isa berhasil nindakké rencana-rencana sing wis digawé.

16. Nurut Roma 12:11, apa sing kudu ditindakké bèn rencanané awaké dhéwé isa berhasil?

16 Ngupaya tenanan. Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan kanggo nindakké rencana-rencana sing wis digawé. (Wacanen Roma 12:11.) Paulus ngandhani Timotius supaya ’terus ngupaya tenanan’ lan ”tekun” bèn isa dadi guru sing luwih trampil. Awaké dhéwé ya kudu ngetrapké naséhat kuwi bèn isa berhasil nindakké apa waé sing nyenengké Yéhuwah.​—1 Tim. 4:13, 16.

17. Piyé carané ngetrapké Éfésus 5:15, 16 wektu nindakké keputusan sing wis digawé?

17 Nggunakké wektu nganggo cara sing apik. (Wacanen Éfésus 5:15, 16.) Aja mung ngentèni nganti situasiné cocog lagi nindakké keputusan sing wis digawé, merga nèk ngono isa waé awaké dhéwé dadi ora sida nindakké keputusan kuwi. Awaké dhéwé kudu nemtokké kapan awaké dhéwé arep nindakké keputusan sing wis digawé. (Ko. 11:4) Awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora ngentèkké wektu lan tenaga kanggo perkara-perkara sing kurang penting. (Flp. 1:10) Mungkin awaké dhéwé perlu nemtokké wektu sing cocog kanggo nindakké kegiatan tanpa diganggu wong liya. Awaké dhéwé isa ngandhani wong liya nèk awaké dhéwé arep nindakké kegiatan sing penting. Nèk perlu HP-né isa dipatèni dhisik bèn awaké dhéwé isa fokus. *

18-19. Apa sing perlu awaké dhéwé tindakké bèn ora gampang nyerah wektu nindakké keputusan sing wis digawé?

18 Terus mikirké hasil-hasil apiké. Wektu awaké dhéwé lunga, awaké dhéwé mesthi wis nduwé tujuan. Nèk awaké dhéwé bener-bener péngin tekan ing panggonan sing dituju, awaké dhéwé bakal ngupaya bèn isa tekan panggonan kuwi. Senajan ana dalan sing ditutup, awaké dhéwé mesthi bakal nggolèk dalan liya. Dadi, wektu nggawé keputusan, awaké dhéwé mesthi ya péngin éntuk hasil sing apik. Nèk awaké dhéwé terus mikirké hasil-hasil apiké, awaké dhéwé bakal terus ngupaya kanggo nindakké keputusan kuwi. Senajan ana tantangan, awaké dhéwé mesthi ora bakal nyerah.​—Gal. 6:9.

19 Nggawé keputusan sing apik lan nindakké kuwi pancèn ora gampang. Ning, awaké dhéwé isa éntuk kekuwatan lan kawicaksanan saka Yéhuwah bèn isa berhasil nindakké keputusan-keputusan sing wis awaké dhéwé gawé.

LAGU 65 Majua!

^ par. 5 Apa njenengan tau nggawé keputusan, terus ngrasa nèk keputusan kuwi kudu diowahi? Apa waé sing perlu ditindakké bèn isa nggawé keputusan sing apik lan nindakké keputusan kuwi? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi.

^ par. 11 Misalé, awaké dhéwé isa nggunakké ”Jadwal Pembacaan Alkitab” sing ana ing jw.org®.

^ par. 17 Ana saran-saran soal carané ngatur wektu ing artikel ”20 Cara Menciptakan Lebih Banyak Waktu” ing Sedarlah! April 2010.