Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Onésime lan Géraldine

Yéhuwah Mberkahi Para Sedulur sing Bali ing Negara Asalé

Yéhuwah Mberkahi Para Sedulur sing Bali ing Negara Asalé

PARA sedulur sing mbiyèné pindhah ing negara liya kanggo nggolèk dhuwit saiki padha bali manèh ing negara asalé. Merga sayang karo Yéhuwah lan wong liya, para sedulur kuwi gelem pindhah ing dhaérah-dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. (Mat. 22:37-39) Pengorbanan apa waé sing ditindakké para sedulur kuwi, lan apa berkahé? Ayo nggatèkké pengalamané para sedulur sing bali manèh ing Kamerun.

”PANGGONAN SING COCOG KANGGO ’NJALA’”

Ing taun 1998, Sedulur Onésime pindhah saka negara asalé yaiku Kamerun. Dhèwèké manggon ing luar negeri nganti 14 taun. Terus pas ing perhimpunan, dhèwèké ngrungokké perumpamaan soal gawéan nginjil. Sing ceramah kandha, ”Nèk ana wong loro sing lagi mancing ing panggonan sing béda, terus salah siji sing mancing kuwi éntuk luwih akèh iwak ketimbang sing sijiné, apa kancané sing éntuk iwak luwih sithik ora bakal pindhah ing panggonan sing luwih akèh iwaké?”

Perumpamaan kuwi nggawé Onésime péngin bali manèh ing Kamerun kanggo mbantu para sedulur ing kono. Ning, akèh sing dikuwatirké Onésime. Dhèwèké mikir, ’Apa aku isa betah manggon ing Kamerun sakwisé pirang-pirang taun manggon ing luar negeri?’ Bèn isa ngerti, Onésime lunga ing Kamerun saksuwéné enem sasi. Terus ing taun 2012, dhèwèké pindhah ing Kamerun.

Onésime crita, ”Aku kudu nyesuaikké karo cuaca sing panas lan keadaan ing kono. Ing Balé Ibadah, aku kudu lungguh ing kursi kayu.” Terus, dhèwèké kandha karo mèsem, ”Ning, nèk aku luwih nggatèkké acara perhimpunan, aku isa lali karo rasané lungguh ing kursi sing empuk.”

Ing taun 2013, Onésime nikah karo Géraldine. Géraldine kuwi tau manggon ing Prancis saksuwéné sangang taun nganti akhiré bali manèh ing Kamerun. Berkah apa sing ditampa wong loro kuwi merga terus ngutamakké pelayanan? Onésime kandha, ”Aku lan bojoku diundang kanggo mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah lan ditugaské ing Bètel. Saksuwéné setaun, ana wong 20 sing sinau Alkitab ing jemaatku sing akhiré dibaptis. Aku ngrasa iki bener-bener panggonan sing cocog kanggo ’njala’.” (Mrk. 1:17, 18) Géraldine kandha, ”Aku nampa akèh berkah sing ora tau tak bayangké.”

BAHAGIA MERGA ISA MBANTU WONG-WONG NGABDI MARANG YÉHUWAH

Judith lan Sam-Castel

Judith wis pindhah ing Amerika Serikat, ning péngin ngluaské pelayanané. Dhèwèké kandha, ”Saben aku bali ing Kamerun, aku mesthi nangis pas arep bali ing Amerika merga kudu ninggalké wong-wong sing tak bantu sinau Alkitab.” Ning, Judith ragu-ragu kanggo pindhah ing Kamerun. Dhèwèké nduwé gawéan sing gajiné gedhé sing isa mbantu dhèwèké mbayar pengobatané bapaké ing Kamerun. Merga percaya karo Yéhuwah, Judith akhiré pindhah. Judith kandha nèk dhèwèké kangen karo apa sing tau dirasakké mbiyèn wektu manggon ing luar negeri. Judith ndonga marang Yéhuwah bèn isa nggawé perubahan. Dhèwèké ya ngrasa dikuwatké wektu nampa bantuan saka pinituwa wilayah lan bojoné.

Wektu ngéling-éling, Judith kandha, ”Saksuwéné telung taun, aku ngrasa bahagia merga isa mbantu wong papat ngabdi marang Yéhuwah.” Sakwisé nikah, Judith mulai nglayani dadi perintis istiméwa. Saiki, dhèwèké nglayani bareng karo bojoné, yaiku Sam-Castel, sing dadi pinituwa wilayah. Ning, bapaké Judith piyé? Judith lan keluargané isa nemokké rumah sakit ing luar negeri sing gelem mbantu mbiayai operasiné bapaké. Judith ngrasa bahagia merga operasiné bapaké lancar.

NGRASAKKÉ DHUKUNGANÉ YÉHUWAH

Caroline lan Victor

Ana sedulur lanang sing jenengé Victor pindhah ing Kanada. Sakwisé maca artikel Warta Penting soal pendidikan tinggi, dhèwèké langsung mikirké sekolahé. Victor mutuské kanggo mandheg kuliah lan milih njupuk kursus bèn isa nggawé usaha dhéwé. Dhèwèké kandha, ”Kuwi nggawé aku dadi luwih cepet éntuk gawéan lan isa nindakké apa sing péngin tak tindakké, yaiku dadi perintis.” Bar kuwi, Victor nikah karo Caroline lan lunga ing Kamerun. Terus, pas ngunjungi kantor cabang, wong loro kuwi diwènèhi saran kanggo nglayani ing Kamerun. Victor kandha, ”Aku lan bojoku ora nduwé alesan kanggo nolak. Merga wis urip sederhana, aku lan bojoku mutuské kanggo nglayani ing Kamerun.” Senajan Caroline nduwé masalah keséhatan, wong loro kuwi tetep pindhah mrono.

Victor lan Caroline mulai nglayani dadi perintis biasa kanggo mbantu sak akèh-akèhé wong bèn isa kenal karo Yéhuwah. Merga wis nduwé tabungan, wong loro kuwi ora perlu kerja kanggo sementara. Ning, sakwisé tabungané wis mèh entèk, wong loro kuwi lunga ing Kanada. Ing kono, wong loro kuwi kerja nganti pirang-pirang sasi bèn isa bali ing Kamerun lan nglanjutké pelayanané. Apa berkah sing ditampa karo Victor lan Caroline? Wong loro kuwi diundang kanggo mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah, ditugaské dadi perintis istiméwa, lan saiki nglayani ing proyèk pembangunan. Victor kandha, ”Merga ninggalké urip sing nyaman, aku dadi luwih ngendelké Yéhuwah lan saiki isa ngrasakké dhukungané Yéhuwah.”

BAHAGIA MERGA ISA MBANTU WONG-WONG KANGGO DIBAPTIS

Stéphanie lan Alain

Ana salah siji sedulur lanang sing jenengé Alain sing kuliah ing Jerman. Ing taun 2002, dhèwèké maca selebaran Kaum Muda—Bagaimana Kalian Akan Menggunakan Kehidupan? Katrangan sing ana ing kono nggawé dhèwèké nduwé cita-cita sing anyar. Ing taun 2006, dhèwèké diundang kanggo mèlu Sekolah Pelatihan Pelayanan lan ditugaské ing Kamerun, negara asalé.

Ing Kamerun, Alain kerja paruh waktu. Sakwisé kuwi, dhèwèké éntuk gawéan sing gajiné luwih akèh. Ning, dhèwèké kuwatir nèk gawéané kuwi nggawé dhèwèké dadi ora isa nindakké luwih akèh kanggo pelayanan. Dadi, wektu dhèwèké diundang dadi perintis istiméwa, dhèwèké langsung nampa tanpa mikir-mikir manèh. Senajan bosé nawani gaji sing luwih akèh, ning Alain ora gelem ngubah keputusané. Bar kuwi, Alain nikah karo Stéphanie sing wis suwé manggon ing Prancis. Tantangan apa sing diadhepi Stéphanie sakwisé pindhah ing Kamerun?

Stéphanie kandha, ”Aku nduwé alèrgi lan beberapa penyakit sing ora parah, dadi aku kudu nggolèk pengobatan lan akhiré ketemu sing cocog.” Kuwi berkah merga wong loro kuwi tetep tekun. Alain kandha, ”Wektu aku lan bojoku nginjil ing désa plosok sing jenengé Katé, aku ketemu karo wong-wong sing gelem sinau Alkitab. Sakwisé kuwi, sinau Alkitabé dilanjutké liwat télépon. Ana wong loro sing dibaptis. Terus, ana kelompok penginjil sing dibentuk sing isiné sedulur lanang loro lan sedulur wédok telu.” Stéphanie kandha, ”Aku seneng banget merga isa mbantu wong-wong ngabdi marang Yéhuwah. Merga nglayani ing kéné, aku dadi nduwé akèh pengalaman sing nyenengké.” Saiki, Stéphanie nglayani karo Alain sing wis dadi pinituwa wilayah.Stéphanie kandha, ”Aku nduwé alèrgi lan beberapa penyakit sing ora parah, dadi aku kudu nggolèk pengobatan lan akhiré ketemu sing cocog.” Kuwi berkah merga wong loro kuwi tetep tekun. Alain kandha, ”Wektu aku lan bojoku nginjil ing désa plosok sing jenengé Katé, aku ketemu karo wong-wong sing gelem sinau Alkitab. Sakwisé kuwi, sinau Alkitabé dilanjutké liwat télépon. Ana wong loro sing dibaptis. Terus, ana kelompok penginjil sing dibentuk sing isiné sedulur lanang loro lan sedulur wédok telu.” Stéphanie kandha, ”Aku seneng banget merga isa mbantu wong-wong ngabdi marang Yéhuwah. Merga nglayani ing kéné, aku dadi nduwé akèh pengalaman sing nyenengké.” Saiki, Stéphanie nglayani karo Alain sing wis dadi pinituwa wilayah.Stéphanie kandha, ”Aku nduwé alèrgi lan beberapa penyakit sing ora parah, dadi aku kudu nggolèk pengobatan lan akhiré ketemu sing cocog.” Kuwi berkah merga wong loro kuwi tetep tekun. Alain kandha, ”Wektu aku lan bojoku nginjil ing désa plosok sing jenengé Katé, aku ketemu karo wong-wong sing gelem sinau Alkitab. Sakwisé kuwi, sinau Alkitabé dilanjutké liwat télépon. Ana wong loro sing dibaptis. Terus, ana kelompok penginjil sing dibentuk sing isiné sedulur lanang loro lan sedulur wédok telu.” Stéphanie kandha, ”Aku seneng banget merga isa mbantu wong-wong ngabdi marang Yéhuwah. Merga nglayani ing kéné, aku dadi nduwé akèh pengalaman sing nyenengké.” Saiki, Stéphanie nglayani karo Alain sing wis dadi pinituwa wilayah.

”NINDAKKÉ APA SING KUDU TAK TINDAKKÉ”

Léonce lan Gisèle

Gisèle dibaptis wektu dhèwèké sekolah ing jurusan keséhatan sing ana ing Italia. Dhèwèké kagum karo pasangan perintis sing mbantu dhèwèké sinau Alkitab merga wong loro kuwi uripé sederhana. Kuwi nggawé dhèwèké péngin nindakké luwih akèh ing pelayanan. Dadi, Gisèle mulai nglayani dadi perintis biasa karo ngrampungké sekolahé.

Gisèle péngin nglayani ing Kamerun, ning akèh sing nggawé dhèwèké kuwatir. Dhèwèké kandha, ”Aku kudu kélangan kewarganegaraanku ing Italia lan pisah karo kanca-kanca lan keluargaku.” Senajan ngono, ing Mei 2016, Gisèle tetep pindhah ing Kamerun. Ora suwé sakwisé kuwi, Gisèle nikah karo Léonce. Kantor cabang ing Kamerun mènèhi wong loro kuwi undangan kanggo pindhah ing Ayos, kutha sing mbutuhké luwih akèh penginjil.

Kaya apa urip ing Ayos kuwi? Gisèle crita, ”Ing kono kerep mati listrik nganti pirang-pirang minggu. Dadi, HP-ku ora isa dinggo merga aku ora isa ngisi baterainé. Aku ajar masak nggunakké kayu bakar. Biasané, ing wayah bengi pas ora ana akèh wong, aku lan bojoku njupuk banyu karo nggawa gerobag lan sènter.” Apa sing mbantu pasangan kuwi isa tetep nglayani ing kono? Gisèle kandha, ”Aku ngrasa dikuwatké merga bantuan saka roh suciné Yéhuwah. Aku ya éntuk bantuan saka bojoku, kanca-kancaku, lan keluargaku. Kadhang kala, kanca-kanca lan keluargaku ngirimi aku dhuwit.”

Apa Gisèle bahagia bali ing negara asalé? Gisèle kandha, ”Iya, aku bahagia banget. Senajan kudu ngadhepi tantangan lan rasa kuwatir, ning sakwisé isa ngadhepi kuwi, aku lan bojoku ngrasa wis nindakké apa sing kudu tak tindakké yaiku percaya karo Yéhuwah lan terus nyedhak marang Dhèwèké.” Léonce lan Gisèle diundang mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah lan saiki ditugaské dadi perintis istiméwa sementara.

Kaya nelayan sing wani ngadhepi keadaan apa waé bèn éntuk akèh iwak, para sedulur sing bali ing negara asalé ya nggawé pengorbanan bèn wong-wong isa ngerti kabar apik. Yéhuwah bakal terus éling karo para sedulur sing kerja keras kanggo ngluhurké jenengé. (Ny. 5:19; Ibr. 6:10) Nèk njenengan lagi manggon ing luar negeri lan negara asalé njenengan mbutuhké akèh penginjil, apa njenengan gelem nggawé pengorbanan? Nèk iya, Yéhuwah bakal mènèhi akèh berkah kanggo njenengan.​—WB. 10:22.