Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

”Yéhuwah Terus Éling karo Aku”

”Yéhuwah Terus Éling karo Aku”

AKU manggon ing Orealla. Orealla kuwi désané wong Indian sing jumlah penduduké kira-kira 2.000 wong. Désa Orealla ana ing Guyana, Amerika Selatan. Désa kuwi ana ing dhaérah plosok. Nèk péngin mrono, njenengan kudu numpak pesawat cilik utawa prau.

Aku lair taun 1983. Pas cilik, aku normal kaya bocah-bocah umumé. Ning pas umur sepuluh taun, aku mulai ngrasakké nèk awakku lara kabèh. Kira-kira rong taun sakwisé kuwi, wektu aku tangi turu, aku ora isa obah. Aku nyoba ngobahké sikilku, ning ora isa. Kèt dina kuwi, aku ora isa mlaku manèh. Penyakitku nggawé pertumbuhanku mandheg. Nganti saiki, awakku ora isa gedhé lan tetep kaya bocah.

Aku ora éntuk ing endi-endi lan kudu ing omah terus saksuwéné pirang-pirang sasi. Terus, ana Seksi Yéhuwah loro sing teka. Wektu ana tamu, biasané aku ndelik. Ning dina kuwi, aku gelem nampa Seksi Yéhuwah loro kuwi. Wektu wong loro kuwi ngomongké soal Firdaus, aku dadi kèlingan apa sing tak rungokké wektu umurku kira-kira limang taun. Wektu kuwi, ana utusan injil sing jenengé Jethro sing manggon ing Suriname. Dhèwèké marani désaku sesasi pisan kanggo sinau Alkitab karo bapakku. Jethro kuwi wongé apikan banget. Aku seneng dadi kancané. Mbahkung lan mbahtiku kerep teka ing pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah sing dianakké ing désaku, lan aku kadhang kala ya dijak. Mula, wektu Florence, salah siji Seksi Yéhuwah loro kuwi nawani aku sinau Alkitab, aku gelem.

Florence teka manèh karo bojoné, yaiku Justus, kanggo sinau Alkitab bareng karo aku. Wektu wong loro kuwi ngerti nèk aku ora isa maca, wong loro kuwi ngajari aku maca. Akhiré, aku isa maca dhéwé. Ning, Florence lan Justus ngandhani aku nèk wong loro kuwi ditugaské kanggo nglayani ing Suriname. Dadi, aku bingung merga ora ana sing nglanjutké sinau Alkitab bareng karo aku. Ning, Yéhuwah terus éling karo aku.

Ora suwé sakwisé kuwi, ana perintis sing jenengé Floyd teka ing Orealla, lan aku ketemu dhèwèké wektu dhèwèké lagi nginjil saka omah menyang omah. Wektu dhèwèké nawani sinau Alkitab, aku mung mèsem. Dhèwèké takon, ”Kenapa kok mèsem?” Aku ngandhani dhèwèké nèk aku wis rampung sinau nganggo buku Apa yang Allah Tuntut dari Kita? lan wis mulai nggunakké buku Pengetahuan yang Membimbing kepada Kehidupan Abadi. * Aku njelaské kenapa sinau Alkitabé ora dilanjutké. Terus, aku ngrampungké sinau Alkitabku nganggo buku Pengetahuan karo Floyd. Ning, akhiré dhèwèké ya ditugaské ing dhaérah liya. Dadi, sinau Alkitabku mandheg manèh.

Ning, ing taun 2004, ana perintis istiméwa loro sing jenengé Granville lan Joshua sing ditugaské ing Orealla. Wong loro kuwi nginjil saka omah menyang omah terus ketemu karo aku. Wektu wong loro kuwi nawani aku sinau Alkitab, aku mèsem manèh. Aku njaluk sinauné dibalèni saka awal nganggo buku Pengetahuan. Aku péngin ngerti apa wulangané padha karo wulangan sing tak sinaoni sakdurungé. Granville ngandhani aku nèk pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah dianakké ing désa. Senajan aku mèh sepuluh taun ora metu omah, aku tetep péngin teka. Mula, Granville methuk aku lan nggawakké kursi roda bèn aku isa teka ing Balé Ibadah.

Granville ngongkon aku mèlu Sekolah Pelayanan Teokratis. Dhèwèké kandha, ”Senajan kowé cacad, ning kowé isa ngomong. Mbésuk, kowé mesthi bakal isa mènèhi ceramah umum.” Kata-kata kuwi nggawé aku percaya diri.

Aku mulai nginjil karo Granville. Ning, akèh dalan ing désaku ora rata lan bahaya nèk nganggo kursi roda. Mula, aku njaluk Granville nggawakké gerobag bèn aku isa disurung nganggo kuwi. Nganggo cara kuwi, aku isa terus nginjil. Akhiré, aku dibaptis ing April 2005. Ora suwé sakwisé kuwi, para sedulur nglatih aku kanggo ngurusi lèktur lan tata suara ing Balé Ibadah.

Ning, taun 2007, bapakku mati merga kecelakaan prau. Wektu krungu kuwi, keluargaku sedhih banget. Granville teka kanggo ndonga bareng karo keluargaku lan macakké ayat-ayat sing nguwatké saka Alkitab. Rong taun sakwisé kuwi, Granville ya mati merga kecelakaan prau.

Merga peristiwa kuwi, ing jemaatku ora ana pinituwa lan mung ana abdiné jemaat siji. Aku sedhih wektu ditinggal mati karo Granville. Dhèwèké kuwi sahabatku. Dhèwèké wis mbantu aku isa cedhak karo Yéhuwah lan nyedhiakké apa waé sing tak butuhké. Dina minggu sakwisé dhèwèké mati, aku éntuk bagéan macakké paragraf-paragraf ing acara Sinau Warta Penting. Sakwisé macakké rong paragraf, aku mulai nangis lan ora isa mandheg. Dadi, aku kudu mudhun saka panggung.

Aku seneng wektu ana sedulur-sedulur saka jemaat liya sing teka kanggo mbantu ing Orealla. Kantor cabang ya ngirim Sedulur Kojo kanggo dadi perintis istiméwa. Aku ya seneng merga ibuku lan adhiku lanang akhiré sinau Alkitab lan dibaptis. Terus ing Maret 2015, aku dilantik dadi abdiné jemaat. Sakwisé kuwi, aku nyampèkké ceramah umumku sing pertama. Dina kuwi, aku terharu merga kèlingan karo apa sing tau diomongké Granville pirang-pirang taun sakdurungé, ”Mbésuk, kowé mesthi bakal isa mènèhi ceramah umum.”

Saka acara JW Broadcasting®, aku dadi ngerti nèk ana Seksi-Seksi Yéhuwah sing keadaané padha kaya aku. Senajan nduwé keterbatasan, wong-wong kuwi isa nglayani Yéhuwah lan tetep bahagia. Aku ya péngin nindakké sing padha. Merga péngin nindakké sing paling apik kanggo Yéhuwah, aku ndaftar dadi perintis biasa. Ing sasi September 2019, aku dilantik dadi pinituwa ing jemaatku sing penginjilé kira-kira ana 40 wong.

Aku péngin ngucapké maturnuwun kanggo para sedulur sing mbantu aku sinau Alkitab lan akhiré isa nglayani Yéhuwah. Aku ya bersyukur banget merga Yéhuwah terus éling karo aku.

^ par. 8 Dicétak karo Seksi-Seksi Yéhuwah ning saiki wis ora dicétak manèh.