Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sedulur Rutherford kotbah ing kebaktian ing Cedar Point, Ohio, taun 1919

1919​—⁠Satus Taun Kepungkur

1919​—⁠Satus Taun Kepungkur

ING taun 1919, Perang Donya I sing wis kelakon luwih saka patang taun akhiré rampung. Bangsa-bangsa wis ora perang manèh kèt akhir taun 1918 lan akhiré nganakké Konferensi Perdamaian Paris ing tanggal 18 Januari 1919. Terus, bangsa-bangsa kuwi nandhatangani Perjanjian Versailles ing tanggal 28 Juni 1919. Kuwi dadi tandha nèk perang antarané Sekutu lan Jerman wis rampung.

Sakwisé kuwi, ana organisasi anyar sing dibentuk, sing disebut Liga Bangsa-Bangsa (LBB). Organisasi kuwi nduwé tujuan kanggo nganakké kerjasama internasional lan nggawé donya iki bèn isa aman lan damai. Ana akèh bagéan saka Gréja-Gréja Kristen sing ndhukung LBB. Misalé, Dewan Federal Gereja-Gereja Kristus ing Amerika kandha nèk LBB kuwi ”organisasi politik sing dadi wakilé Kratoné Gusti Allah”. Déwan kuwi ya ngutus wakil-wakilé kanggo mèlu Konferensi Perdamaian Paris. Salah siji wakil saka déwan kuwi kandha nèk ana akèh perubahan sing bakal kelakon ing donya sakwisé konferénsi kuwi.

Ing taun 1919 pancèn ana perubahan gedhé sing kelakon. Perubahan kuwi dialami karo umaté Yéhuwah, ning kuwi ora ana hubungané karo bangsa-bangsa sing mèlu konferénsi. Ing taun kuwi, para sedulur dadi luwih semangat nginjil manèh merga bantuané Yéhuwah. Ning, Siswa-Siswa Alkitab kudu nggawé keputusan sing penting dhisik.

KEPUTUSAN SING PENTING

Joseph F. Rutherford

Ing dina Setu, 4 Januari 1919, ana pertemuan taunan sing dijadwalké kanggo milih déwan dirèksi Lembaga Alkitab dan Risalah Menara Pengawal. Wektu kuwi, Joseph F. Rutherford, sing dadi présidèné Lembaga, lagi dipenjara ing Atlanta, Georgia, AS, bareng karo anggota déwan dirèksi liyané sing jumlahé pitu. Dadi, apa para sedulur kuwi isa dipilih manèh kanggo dadi déwan dirèksi utawa kudu diganti?

Evander J. Coward

Ing penjara, Sedulur Rutherford mikirké soal apa sing bakal kelakon ing organisasi. Dhèwèké ngerti nèk ing pertemuan kuwi bakal ana sedulur-sedulur sing péngin présidèné Lembaga diganti. Mula, dhèwèké nulis surat kanggo ngusulké Evander J. Coward kanggo dadi présidèn Lembaga sing anyar. Sedulur Rutherford kandha nèk Coward kuwi wongé ”kalem”, ”nduwé pertimbangan sing apik”, lan ”setya karo Gusti”. Ning, pas pertemuan kuwi ana akèh sedulur sing ora setuju, termasuk para pengacarané sedulur-sedulur sing dipenjara mau. Wong-wong kuwi ngusulké supaya pemilihané ditunda nganti enem sasi. Akhiré, pertemuan kuwi suasanané malah dadi panas.

Richard H. Barber

Terus, ana salah siji sedulur sing kandha, ”Aku pancèn ora ngerti soal hukum. Ning, paling ora aku ngerti nèk sing penting kanggo Yéhuwah kuwi awaké dhéwé kudu setya. Nurutku, salah siji cara sing paling apik kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé setya karo Yéhuwah yaiku milih Sedulur Rutherford dadi présidèn manèh.” (Ms. 18:26) Richard H. Barber kandha nèk suasanané dadi luwih tenang sakwisé padha ngrungokké omongané sedulur kuwi mau.

Alexander H. Macmillan

A. H. Macmillan nyritakké nèk sésuké témbok ruangan penjarané didhodhogi karo Sedulur Rutherford. Terus, Sedulur Rutherford ngekèki surat sing isiné ngandhani soal hasil pertemuan kuwi. Sakwisé maca surat kuwi, Macmillan langsung ngerti nèk kabèh sedulur sing lagi dipenjara dipilih manèh kanggo dadi anggota déwan dirèksi. Terus, Joseph Rutherford lan William Van Amburgh dipilih dadi pengawas. Sedulur Rutherford ya tetep dadi présidèné Lembaga.

DIBÉBASKÉ

Pas wolung sedulur kuwi isih dipenjara, para Siswa Alkitab nulis surat resmi lan ngumpulké tanda tangané wong-wong, sing isiné njaluk pamréntah mbébaské wolung sedulur kuwi. Ana luwih saka 700.000 wong sing gelem tanda tangan. Ning, sakdurungé surat kuwi dikirim menyang pamréntah, wolung sedulur kuwi malah wis dibébaské ing dina Rebo, 26 Maret 1919.

Bar dibébaské, Sedulur Rutherford nyampèkké kotbah marang para sedulur. Sedulur Rutherford kandha, ”Aku yakin nèk pengalaman iki isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih siap ngadhepi keadaan-keadaan sing luwih angèl. Perjuangan sing wis njenengan tindakké kuwi tujuané ora mung kanggo mbébaské para sedulur saka penjara. . . . Perjuangané njenengan kuwi sakjané tujuané kanggo ngluhurké Yéhuwah, lan wong-wong sing nindakké kuwi bener-bener éntuk berkah sing luar biasa.”

Para sedulur kuwi isa ngrasakké bantuané Yéhuwah wektu ana pengadilan banding. Ing tanggal 14 Mei 1919, pengadilan kuwi nggawé keputusan, ”Wong-wong sing ditudhuh iki ora diadili nganggo cara sing . . . adil, padahal kuwi sakjané haké wong-wong iki. Mula, tudhuhan marang wong-wong iki dibatalké.” Iki keputusan sing apik banget. Senajan wis dibébaské, para sedulur kuwi isih nduwé catatan kriminal merga wis ditudhuh nindakké kejahatan sing serius. Ning, merga tudhuhané dibatalké lan ora ana tudhuhan liyané manèh, para sedulur kuwi dadi ora nduwé catatan kriminal manèh. Hasilé, Sedulur Rutherford * tetep isa dadi pengacara lan isa mbéla umaté Yéhuwah ing pengadilan Mahkamah Agung Amerika Serikat. Kuwi ditindakké ping bola-bali karo Sedulur Rutherford sakwisé dhèwèké dibébaské.

TERUS SEMANGAT NGINJIL

Sedulur Macmillan kandha, ”Awaké dhéwé ora mung arep thenguk-thenguk karo ngentèni diangkat munggah swarga. Awaké dhéwé kudu tumindak bèn isa ngerti apa sing dipéngini karo Gusti.”

Ning, para sedulur ing kantor pusat sing tugasé nyétak publikasi wis ora isa nglanjutké gawéané. Kenapa? Merga kabèh plat cétak sing dienggo nyétak publikasi wis dihancurké wektu para sedulur dipenjara. Para sedulur dadi cilik ati lan mikir nèk gawéan nginjil wis ora isa ditindakké manèh.

Apa isih ana wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik sing diwartakké karo Siswa-Siswa Alkitab? Bèn isa ngerti jawabané, Sedulur Rutherford ngundang wong-wong kanggo ngrungokké kotbahé. Sedulur Macmillan kandha, ”Nèk ora ana sing teka, berarti gawéan nginjil pancèn wis ora perlu ditindakké manèh.”

Iklan koran kanggo kotbahé Sedulur Rutherford sing judhulé ”The Hope for Distressed Humanity” (”Harapan kanggo Wong-Wong sing Susah”) ing Los Angeles, Kalifornia, taun 1919

Senajan lagi lara parah, Sedulur Rutherford nyampèkké kotbah sing judhulé ”The Hope for Distressed Humanity” (”Harapan kanggo Wong-Wong sing Susah”), ing Los Angeles, Kalifornia, dina Minggu, 4 Mei 1919. Ing dina kuwi, ana kira-kira 3.500 wong sing teka kanggo ngrungokké kotbah lan ana atusan wong liyané manèh sing ora isa ngrungokké kotbah merga panggonané wis kebak. Sésuké, ana 1.500 wong manèh sing teka. Kuwi artiné ana wong-wong sing isih gelem ngrungokké kabar apik.

Sakwisé kuwi, para sedulur nggawé perubahan sing ana pengaruhé kanggo gawéan nginjil sing ditindakké Seksi-Seksi Yéhuwah nganti saiki.

SIAP KANGGO NINDAKKÉ GAWÉAN SING LUWIH AKÈH

Ing majalah The Watch Tower 1 Agustus 1919 diumumké nèk ing awal September bakal ana kebaktian ing Cedar Point, Ohio. Clarence B. Beaty, salah siji cah enom sing dadi Siswa Alkitab saka Missouri, kandha, ”Kabèh wong rumangsa kudu teka ing kebaktian kuwi.” Para sedulur ora nyangka nèk ana luwih saka 6.000 wong sing teka. Sing luwih nyenengké manèh, ana luwih saka 200 wong sing dibaptis ing Danau Erie.

Majalah The Golden Age sing pertama ing 1 Oktober 1919

Ing dina kelima kebaktian kuwi, yaiku tanggal 5 September 1919, Sedulur Rutherford nyampèkké kotbah sing judhulé ”Address to Co-laborers” (”Préntah kanggo Para Abdi”). Ing kotbah kuwi, Sedulur Rutherford ngumumké majalah anyar sing judhulé The Golden Age. * Isiné majalah kuwi bakal ”nyritakké soal peristiwa-peristiwa penting sing lagi kelakon lan njelaské saka Alkitab apa sebabé peristiwa-peristiwa kuwi kelakon”.

Kabèh Siswa Alkitab disemangati bèn padha nginjil nggunakké majalah sing anyar iki. Ana surat sing njelaské soal carané nginjil nggunakké majalah kuwi. Ing surat kuwi dijelaské, ”Kabèh sing wis ngabdi [dibaptis] kudu kèlingan nèk tugas pelayanan iki dadi kehormatan sing gedhé. Kabèh kudu nggunakké kesempatan iki lan ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil marang kabèh wong.” Hasilé, para sedulur padha semangat nindakké gawéan kuwi. Ing sasi Desember waé, ana luwih saka 50.000 wong sing gelem langganan majalah kuwi.

Para sedulur ing Brooklyn, New York, ing ngarepé truk sing isiné majalah The Golden Age

Ing akhir taun 1919, umaté Yéhuwah wis diorganisasi manèh nganggo cara sing luwih apik lan dadi luwih semangat. Sakliyané kuwi, ana ramalan-ramalan penting ing Alkitab soal dina-dina pungkasan sing kelakon. Misalé, ing Maléakhi 3:1-4 ana ramalan sing njelaské nèk umaté Yéhuwah bakal diuji lan digawé murni. Ramalan kuwi wis kelakon merga umaté Yéhuwah wis dibébaské saka ”Babilon Gedhé” lan Yésus wis nglantik ”budhak sing setya lan wicaksana”. * (Why. 18:2, 4; Mat. 24:45) Saiki, Siswa-Siswa Alkitab wis siap kanggo nindakké gawéan sing luwih akèh saka Yéhuwah.

^ par. 13 Sedulur Rutherford kuwi ya dadi pengacara lan hakim, lan biasané disebut ”Hakim Rutherford”.

^ par. 22 Majalah The Golden Age diganti jenengé dadi Consolation ing taun 1937 lan diganti manèh dadi Awake! utawa Sadarlah! ing taun 1946.

^ par. 24 Deloken Menara Pengawal 15 Juli 2013 halaman 10-12, 21-23 lan sasi Maret 2016 halaman 29-31.