Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 42

Digunakké Yéhuwah kanggo Nindakké Kepénginané

Digunakké Yéhuwah kanggo Nindakké Kepénginané

”Gusti Allah sing nguwatké kowé, lan maringi kowé pepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké kabèh sing Panjenengané senengi.”​—FLP. 2:13.

LAGU 104 Roh Suci Peparingé Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing isa ditindakké karo Yéhuwah bèn kepénginané kelakon?

YÉHUWAH isa dadi apa waé sing dibutuhké bèn kepénginané kelakon. Misalé, Yéhuwah isa dadi Guru, Bapak sing ngekèki penghiburan, lan Penginjil. (Yé. 48:17; 2 Kor. 7:6; Gal. 3:8) Senajan ngono, Yéhuwah ya kerep nggunakké manungsa kanggo nindakké kepénginané. (Mat. 24:14; 28:19, 20; 2 Kor. 1:3, 4) Yéhuwah ya isa mbantu bèn awaké dhéwé dadi luwih trampil lan nduwé kekuwatan kanggo nindakké kepénginané. Kuwi kabèh cocog karo arti jenengé Yéhuwah. Ana akèh pakar Alkitab sing setuju karo arti jenengé Yéhuwah kuwi.

2. (a) Apa sebabé ana sing rumangsa wis ora isa digunakké karo Yéhuwah manèh? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Awaké dhéwé mesthi péngin nindakké apa sing Yéhuwah senengi. Ning, ana sing rumangsa wis ora isa digunakké karo Yéhuwah manèh merga keadaané ora cocog, wis ora enom manèh, utawa ora nduwé ketrampilan. Sing liyané mungkin malah rumangsa nèk apa sing dhèwèké tindakké kanggo Yéhuwah kuwi wis cukup. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: (1) piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn isa nindakké apa sing Yéhuwah senengi; (2) apa sing isa disinaoni saka pengalamané wong-wong sing digunakké karo Yéhuwah ing jaman mbiyèn; lan (3) apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa digunakké karo Yéhuwah.

CARANÉ YÉHUWAH MBANTU AWAKÉ DHÉWÉ

3. Bèn Yéhuwah isa ngekèki awaké dhéwé kepénginan kanggo tumindak kaya janjiné ing Filipi 2:13, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké?

3 Wacanen Filipi 2:13. * Yéhuwah isa ngekèki awaké dhéwé kepénginan kanggo nindakké apa sing Yéhuwah senengi. Piyé carané? Mungkin awaké dhéwé ngerti nèk ana sedulur sing perlu dibantu utawa ana tugas sing kudu ditindakké ing jemaat. Para pinituwa mungkin macakké surat sing nyebutké nèk ana sing mbutuhké bantuan ing dhaérah liya. Mungkin awaké dhéwé dadi mikir, ’Aku isa mbantu apa ya?’ Utawa, mungkin awaké dhéwé ditawani kanggo nindakké tugas sing angèl. Terus, awaké dhéwé dadi mikir, ’Piyé ya carané nindakké tugas kuwi?’ Sakliyané kuwi, sakwisé maca Alkitab awaké dhéwé mungkin mikir, ’Piyé ya carané ngetrapké ayat iki?’ Yéhuwah ora bakal meksa awaké dhéwé kanggo tumindak. Ning, nèk awaké dhéwé wis mikirké soal apa sing isa awaké dhéwé tindakké, Yéhuwah isa ngekèki awaké dhéwé kepénginan kanggo tumindak.

4. Piyé carané Yéhuwah ngekèki awaké dhéwé kekuwatan kanggo tumindak?

4 Yéhuwah ya isa ngekèki awaké dhéwé kekuwatan kanggo tumindak. (Yé. 40:29) Piyé carané? Yéhuwah bakal ngekèki roh suci bèn awaké dhéwé isa dadi luwih trampil. (Pa. 35:30-35) Liwat organisasiné, Yéhuwah ya nglatih awaké dhéwé bèn isa nindakké tugas-tugas. Nèk tugasé angèl, awaké dhéwé ya aja ragu-ragu kanggo njaluk bantuan. Awaké dhéwé ya isa ndonga bèn Yéhuwah ngekèki ”kesanggupan sing nggumunké” kanggo nindakké tugas kuwi. (2 Kor. 4:7; Luk. 11:13) Ana akèh conto ing Alkitab sing nduduhké nèk Yéhuwah ngekèki kepénginan lan kekuwatan marang umaté kanggo tumindak. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka conto-conto kuwi?

WONG-WONG LANANG SING NINDAKKÉ KEPÉNGINANÉ YÉHUWAH

5. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka pengalamané Musa wektu diutus Yéhuwah kanggo mbébaské bangsa Israèl?

5 Yéhuwah ngutus Musa kanggo mbébaské bangsa Israèl. Ning, Yéhuwah ora ngekèki tugas kuwi sakwisé Musa ”nampa pendidikan sing paling apik ing Mesir”. (Kis. 7:22-25) Yéhuwah ngekèki tugas kuwi sakwisé Musa dilatih karo Yéhuwah bèn dadi wong sing rendah hati. (Kis. 7:30, 34-36) Yéhuwah ya mbantu Musa bèn isa kendel wektu ngadhepi raja Mesir. (Pa. 9:13-19) Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Nèk awaké dhéwé ngupaya kanggo niru sipat-sipaté Yéhuwah lan ngendelké Dhèwèké, Yéhuwah bakal nggunakké awaké dhéwé kanggo nindakké kepénginané.​—Flp. 4:13.

6. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka contoné Barzilai sing digunakké Yéhuwah kanggo mbantu Raja Daud?

6 Mbiyèn, Yéhuwah ya tau nggunakké Barzilai kanggo mbantu Raja Daud. Wektu kuwi, Raja Daud lan para prajurité lagi mlayu saka Absalom. Barzilai lan wong-wong liyané gelem nyedhiakké apa sing dibutuhké Raja Daud lan para prajurité, sing lagi padha ngelih, ngelak, lan kesel. Barzilai tetep gelem nindakké kuwi, senajan dhèwèké isa waé dipatèni merga wis mbantu Raja Daud. Barzilai ya ora mikir nèk dhèwèké wis ora isa nindakké apa-apa manèh kanggo Yéhuwah merga dhèwèké wis tuwa. (2 Sa. 17:27-29) Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Ora soal awaké dhéwé wis tuwa utawa isih enom, Yéhuwah isa nggunakké awaké dhéwé kanggo mbantu para sedulur sing mbutuhké bantuan, ing dhaérahé awaké dhéwé utawa ing dhaérah liya. (WB. 3:27, 28; 19:17) Nèk ora isa lunga menyang dhaérah liya kanggo mbantu, awaké dhéwé ya isa nyumbang dhuwit kanggo mbantu para sedulur kuwi.​—2 Kor. 8:14, 15; 9:11.

7. Yéhuwah nggunakké Siméon kanggo nindakké apa, lan apa sebabé kuwi isa nguwatké awaké dhéwé?

7 Ing Yérusalèm, ana abdiné Yéhuwah sing jenengé Siméon. Dhèwèké wis tuwa lan wis suwé ngentèni tekané Mésias. Yéhuwah wis janji nèk Siméon bakal ndelok Mésias sakdurungé Siméon mati. Janji kuwi mesthi bener-bener nguwatké Siméon. Merga nduwé iman sing kuwat, Siméon éntuk berkah apa? Alkitab nyritakké nèk ”[Siméon] dituntun roh suci”, mlebu ing bait, lan ketemu karo Yésus sing isih cilik. Siméon ya digunakké Yéhuwah kanggo ngramalké soal apa sing bakal ditindakké karo Mésias. (Luk. 2:25-35) Senajan kétoké Siméon ora isa ndelok ramalan kuwi kelakon, ning dhèwèké mesthi seneng merga wis isa ketemu karo Yésus, sing bakalé dadi Mésias. Sakliyané kuwi, sukmbèn Siméon ya isa ngrasakké manfaaté wektu Yésus dadi Raja lan mberkahi kabèh wong ing donya anyar. (Pd. 22:18) Kaya Siméon, mungkin ana sing ora isa awaké dhéwé tindakké. Ning, awaké dhéwé ora perlu cilik ati merga Yéhuwah tetep isa nggunakké awaké dhéwé kanggo nindakké kepénginané.

8. Apa sing isa disinaoni saka contoné Barnabas?

8 Salah siji wong sing gelem digunakké karo Yéhuwah ing jamané para rasul yaiku Yusuf. Dhèwèké mesthi seneng nguwatké wong liya, merga dhèwèké ya disebut Barnabas, sing artiné ”Putra Panglipuran”. (Kis. 4:36, 37) Contoné, wektu Saul wis dadi wong Kristen, para sedulur isih wedi nemoni Saul merga dhèwèké tau nganiaya murid-muridé Yésus. Ning, Barnabas gelem mbantu lan nguwatké Saul. (Kis. 9:21, 26-28) Sakwisé kuwi, para tuwa-tuwa ngutus Barnabas kanggo nguwatké para sedulur ing Antiokhia Siria. Apa hasilé? Alkitab kandha nèk Barnabas ”nguwatké kabèh sedulur supaya nduwé tékad kanggo terus setya saktulusé ati marang Gusti”. (Kis. 11:22-24) Kaya Barnabas, awaké dhéwé mesthi seneng nèk isa digunakké Yéhuwah kanggo nguwatké para sedulur. Misalé, awaké dhéwé isa nguwatké para sedulur sing ditinggal mati karo wong sing disayangi. Awaké dhéwé ya isa ngunjungi utawa nélpon sedulur-sedulur sing lagi lara utawa nduwé masalah.​—1 Tés. 5:14.

9. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Vasily?

9 Salah siji sedulur sing jenengé Vasily dilantik dadi pinituwa wektu umuré 26 taun. Vasily rumangsa nèk dhèwèké ora bakal isa mbantu para sedulur, khususé sing lagi ngadhepi masalah sing abot. Ning, liwat Sekolah Pelayanan Kerajaan lan pinituwa-pinituwa liyané, Yéhuwah nglatih Vasily bèn isa dadi pinituwa sing apik. Vasily dhéwé ya ngupaya bèn dadi luwih trampil. Misalé, Vasily nggawé cathetan soal apa waé sing péngin dhèwèké tindakké bèn isa dadi pinituwa sing luwih apik. Nèk dhèwèké wis berhasil nindakké apa sing ditulis kuwi, dhèwèké dadi tambah percaya diri. Vasily kandha, ”Ndhisik aku mikir nèk aku ora bakal isa mbantu para sedulur. Ning, Yéhuwah mbantu aku bèn isa nemokké ayat sing isa tak gunakké kanggo nguwatké para sedulur. Aku seneng banget merga isa mbantu para sedulur kuwi.” Para sedulur lanang, nèk njenengan niru Vasily lan gelem nampa tugas apa waé, Yéhuwah bakal mbantu njenengan bèn luwih trampil kanggo nindakké tugas-tugas sing luwih akèh ing jemaat.

WONG-WONG WÉDOK SING NINDAKKÉ KEPÉNGINANÉ YÉHUWAH

10. Apa sing ditindakké Abigail, lan apa sing isa disinaoni saka conto kuwi?

10 Wektu mlayu saka Raja Saul, Daud lan kanca-kancané njaluk bantuan karo Nabal. Daud mikir nèk Nabal bakal gelem ngekèki panganan merga Daud lan kanca-kancané wis njaga ternaké Nabal sing ana ing padang belantara. Senajan sugih, Nabal ora gelem mbantu Daud. Akibaté, Daud dadi nesu lan péngin matèni Nabal lan kabèh wong lanang ing keluargané Nabal. (1 Sa. 25:3-13, 22) Ning, bojoné Nabal, yaiku Abigail, tumindak kanggo nylametké keluargané. Dhèwèké marani Daud lan sujud ing ngarepé. Abigail kandha nèk Daud matèni Nabal, Daud bakal utang getih. Abigail ya kandha nèk Daud luwih apik masrahké masalahé marang Yéhuwah. Daud ngerti nèk Abigail diutus karo Yéhuwah. Akhiré, Daud ora sida matèni Nabal. (1 Sa. 25:23-28, 32-34) Abigail nduwé sipat-sipat sing apik. Mula, Yéhuwah gelem nggunakké dhèwèké. Kaya Abigail, Yéhuwah ya isa nggunakké para sedulur wédok sing nduwé sipat-sipat sing apik kanggo nguwatké anggota keluarga lan sedulur liya ing jemaat.​—WB. 24:3; Tit. 2:3-5.

11. Apa sing ditindakké anak-anaké wédok Syalum, lan sapa sing saiki niru contoné wong-wong kuwi?

11 Mbiyèn, Yéhuwah ya tau nggunakké anak-anaké wédok Syalum kanggo mbangun manèh témbok Yérusalèm. (Ny. 2:20; 3:12) Senajan Syalum nduwé kedudukan sing penting, ning anak-anaké wédok gelem mèlu nindakké gawéan sing abot lan résikoné gedhé. (Ny. 4:15-18) Kuwi béda banget karo wong-wong Tékoa sing ora gelem mbantu merga wong-wong kuwi rumangsa nduwé kedudukan sing penting. (Ny. 3:5) Anak-anaké wédok Syalum mesthi seneng wektu témbok Yérusalèm isa rampung sakwisé 52 dina. (Ny. 6:15) Saiki, akèh sedulur wédok sing mèlu mbangun lan ngrawat panggonan sing digunakké kanggo ndhukung ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Sedulur-sedulur wédok sing trampil, semangat, lan manut kuwi bener-bener dibutuhké kanggo ndhukung gawéan iki.

12. Kaya Tabita, awaké dhéwé isa digunakké Yéhuwah kanggo nindakké apa?

12 Tabita kuwi seneng ”tumindak apik lan mènèhi sedhekah”, khususé kanggo para sedulur sing wis dadi randha. (Kis. 9:36) Mula, akèh sing sedhih wektu Tabita mati. Ning, para sedulur kuwi seneng banget wektu Rasul Pétrus nguripké Tabita manèh. (Kis. 9:39-41) Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka Tabita? Ora soal isih enom utawa wis tuwa, lanang utawa wédok, awaké dhéwé isa digunakké Yéhuwah kanggo mbantu para sedulur.​—Ibr. 13:16.

13. Piyé carané Yéhuwah mbantu Ruth, lan apa pengaruhé kanggo Ruth?

13 Ana sedulur wédok sing jenengé Ruth. Senajan isinan, dhèwèké péngin dadi utusan injil. Pas isih enom, Ruth bener-bener semangat wektu nginjil lan mbagèkké selebaran. Ruth pancèn seneng nginjil. Ning, Ruth ya ngakoni nèk nyritakké soal Kratoné Allah marang wong liya kuwi ora gampang. Senajan ngono, Ruth dadi perintis biasa wektu umuré 18 taun. Sakwisé mèlu Sekolah Giléad ing taun 1946, Ruth ditugaské ing Hawaii lan Jepang. Yéhuwah mbantu dhèwèké bèn isa nginjil ing dhaérah-dhaérah kuwi. Sakwisé nindakké gawéan nginjil nganti kira-kira 80 taun, Ruth kandha, ”Aku ngrasa nèk Yéhuwah bener-bener mbantu aku bèn aku isa luwih percaya diri. Aku yakin nèk Yéhuwah gelem mbantu kabèh umaté sing ngendelké Dhèwèké.”

SING KUDU DITINDAKKÉ BÈN ISA DIGUNAKKÉ YÉHUWAH

14. Nurut Kolose 1:29, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa digunakké karo Yéhuwah?

14 Yéhuwah isa nggawé umaté bèn isa dadi apa waé sing dibutuhké kanggo nindakké kepénginané. Yéhuwah ya isa nggunakké awaké dhéwé nèk awaké dhéwé gelem ngupaya. (Wacanen Kolose 1:29.) Yéhuwah isa mbantu bèn awaké dhéwé isa dadi penginjil sing semangat, guru sing trampil, sedulur sing isa nguwatké, wong sing trampil nindakké tugasé, kanca sing sejati, lan apa waé sing dibutuhké kanggo nindakké apa sing Yéhuwah senengi.

15. Kaya sing disebutké ing 1 Timotius 4:12, 15, cah-cah enom isa njaluk bantuané Yéhuwah kanggo apa?

15 Ing akèh jemaat, ana luwih akèh pinituwa ketimbang abdiné jemaat. Mula, dibutuhké luwih akèh abdiné jemaat sing semangat. Cah-cah enom, apa kowé nduwé kepénginan kanggo tumindak luwih akèh ing jemaat? Ana sedulur-sedulur lanang sing ngrasa nèk dadi penginjil waé kuwi wis cukup. Nèk kowé ya ngrasa ngono, njaluka bantuané Yéhuwah bèn kowé nduwé kepénginan kanggo dadi abdiné jemaat. Yéhuwah ya isa mbantu kowé bèn berhasil wektu nindakké kabèh tugas saka Dhèwèké. (Ko. 12:1) Cah-cah enom, organisasiné Yéhuwah mbutuhké bantuanmu.​—Wacanen 1 Timotius 4:12, 15.

16. Awaké dhéwé isa njaluk apa karo Yéhuwah, lan apa sebabé?

16 Yéhuwah isa mbantu bèn awaké dhéwé isa dadi apa waé sing dibutuhké kanggo nindakké kepénginané Yéhuwah. Awaké dhéwé isa njaluk bèn Yéhuwah ngekèki kepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké apa sing Yéhuwah senengi. Awaké dhéwé kudu nggunakké wektu, tenaga, ketrampilan, lan bandha sing diduwèni kanggo ngluhurké jenengé Yéhuwah. (Ko. 9:10) Aja nganti awaké dhéwé ora gelem nampa tugas saka Yéhuwah merga wedi, utawa merga rumangsa nèk ora bakal isa nindakké tugas kuwi. Nèk awaké dhéwé isa nindakké apa waé kanggo ngluhurké jenengé Yéhuwah, kuwi bener-bener kehormatan sing gedhé.

LAGU 127 Kudu Dadi Wong sing Kaya Apa

^ par. 5 Apa njenengan ngrasa cilik ati merga ora isa nindakké luwih akèh kanggo Yéhuwah lan ora yakin nèk Yéhuwah isih gelem ngekèki tugas kanggo njenengan? Apa njenengan malah rumangsa nèk apa sing njenengan tindakké kanggo Yéhuwah kuwi wis cukup? Awaké dhéwé bakal ngrembug carané Yéhuwah mbantu bèn awaké dhéwé isa nduwé kepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké apa sing Yéhuwah senengi.

^ par. 3 Janji sing ditulis Paulus ing ayat iki ora mung kanggo wong-wong Kristen ing jaman mbiyèn, ning ya kanggo kabèh umaté Yéhuwah.