Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wong-wong kudu dikèki peringatan merga ”badai” penghakimané Gusti Allah wis arep kelakon

Penghakiman saka Gusti Allah—Apa Gusti Allah Ngekèki Peringatan Sakdurungé?

Penghakiman saka Gusti Allah—Apa Gusti Allah Ngekèki Peringatan Sakdurungé?

ING jaman saiki, nèk misalé ana bencana ing salah siji dhaérah, awaké dhéwé isa waé ngerti sakdurungé kuwi kelakon, merga tandha-tandhané isa kétok saka alat-alat sing canggih. Nèk awaké dhéwé perduli karo wong liya, awaké dhéwé mesthi bakal bola-bali ngekèki peringatan bèn wong-wong nduwé kesempatan kanggo ngungsi lan ora kena bencana.

Saiki, Yéhuwah ya ngekèki peringatan soal bencana sing sedhéla manèh bakal kelakon. Bencana kuwi luwih berbahaya ketimbang bencana-bencana liya sing wis tau kelakon. Piyé carané Yéhuwah ngekèki peringatan marang wong-wong? Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal ngekèki kesempatan bèn wong-wong isa tumindak? Bèn isa ngerti jawabané, awaké dhéwé perlu ngerti dhisik piyé Yéhuwah ngekèki peringatan ing jaman mbiyèn.

YÉHUWAH NGEKÈKI PERINGATAN

Ing jaman Alkitab, Yéhuwah bola-bali ngekèki peringatan soal ”badai”, utawa hukuman kanggo wong-wong sing sengaja mbrontak nglawan Yéhuwah. (WB. 10:25, Terjemahan Dunia Baru; Ym. 30:23) Sakdurungé Yéhuwah ngekèki hukuman, wong-wong kuwi mesthi wis dikandhani dhisik lan dikongkon mertobat. (2 Ra. 17:12-15; Ny. 9:29, 30) Biasané, Yéhuwah ngekèki peringatan liwat para abdiné bèn wong-wong padha sadhar lan cepet-cepet tumindak.​—As. 3:7.

Contoné, Yéhuwah tau nggunakké Nuh kanggo ngélikké wong-wong sing bejat lan kejem ing jamané. Nuh ngandhani wong-wong kuwi nèk bakal ana Banjir Gedhé. (Pd. 6:9-13, 17) Nganti pirang-pirang taun, Nuh ya semangat ngandhani wong-wong supaya padha ngerti piyé carané bèn isa dislametké. Mula, dhèwèké disebut ”wong sing martakké apa sing bener”.​—2 Ptr. 2:5.

Ning, wong-wong kuwi ora percaya karo omongané Nuh lan ora gelem ngrungokké peringatan saka Gusti Allah. Akhiré, Banjir Gedhé ”teka lan nyirnakké wong-wong kuwi kabèh”. (Mat. 24:39; Ibr. 11:7) Wong-wong kuwi ora isa protès merga Gusti Allah wis ngekèki peringatan sakdurungé.

Kadhang kala, hukuman saka Yéhuwah kelakon ora suwé sakwisé Yéhuwah ngekèki peringatan. Senajan ngono, Yéhuwah tetep ngekèki kesempatan bèn wong-wong kuwi nduwé wektu kanggo tumindak. Kuwi sing mbiyèn kelakon pas ana Sepuluh Tulah ing Mesir. Misalé, sedina sakdurungé tulah kepitu, Yéhuwah ngutus Musa lan Harun kanggo ngandhani Firaun lan para pelayané soal tulah udan ès kuwi. Dadi, wong-wong kuwi isih nduwé kesempatan kanggo tumindak. Alkitab nyritakké, ”Para abdiné Sang Prabu Pringon [utawa, Firaun] kang rumangsa wedi marang pangandikaning Sang Yéhuwah, iku nuli padha akon batur-baturé lan kéwané mlebu ngomah. Balik kang ora maèlu marang dhawuhé Pangéran Yéhuwah, padha ngetogaké baé batur-baturé lan kéwané ana ing ara-ara.” (Pa. 9:18-21) Dadi, nèk wong-wong kuwi nggatèkké peringatan lan langsung mlebu omah, wong-wong kuwi ora bakal kena udan ès.

Sakdurungé tulah kesepuluh, Firaun lan para pelayané ya wis dikèki peringatan. Ning, wong-wong kuwi ora gelem nggatèkké. (Pa. 4:22, 23) Akibaté, anak-anak mbarepé padha mati. (Pa. 11:4-10; 12:29) Sakjané wong-wong isih nduwé wektu sakdurungé Yéhuwah ngekèki hukuman. Wong-wong Israèl ya dikandhani piyé carané bèn ora kena tulah kuwi. (Pa. 12:21-28) Wektu kuwi, ana kira-kira luwih saka telung juta wong sing nggatèkké peringatan saka Yéhuwah. Ing antarané wong-wong kuwi, ana wong-wong Israèl lan wong-wong saka bangsa liya, termasuk wong-wong Mesir. Wong-wong kuwi isa metu saka Mesir lan ora kena hukuman saka Yéhuwah.​—Pa. 12:38.

Conto-conto kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah mesthi ngekèki peringatan lan kesempatan bèn wong-wong isa tumindak sakdurungé penghakimané kelakon. (PT. 32:4) Apa sebabé Yéhuwah nindakké kuwi? Rasul Pétrus kandha, ”[Yéhuwah] ora péngin ana siji-sijia wong disirnakké. Panjenengané péngin kabèh wong mertobat.” (2 Ptr. 3:9) Yéhuwah perduli karo wong-wong. Mula, Yéhuwah péngin wong-wong mertobat sakdurungé penghakimané kelakon.​—Yé. 48:17, 18; Rm. 2:4.

NGGATÈKKÉ PERINGATAN SAKA YÉHUWAH

Kabèh wong saiki ya kudu nggatèkké peringatan saka Yéhuwah sing lagi diumumké ing sakdonya. Sukmbèn, wong-wong sing ora manut bakal disirnakké karo Yéhuwah. Wektu ing bumi, Yésus ngandhani nèk kuwi bakal kelakon pas ”sengsara gedhé”. (Mat. 24:21) Yésus ya ngandhani murid-muridé soal peristiwa apa waé sing dadi tandha sakdurungé penghakimané Gusti Allah kelakon. Peristiwa-peristiwa sing diramalké karo Yésus kuwi saiki lagi kelakon.​—Mat. 24:3-12; Luk. 21:10-13.

Mula, Yéhuwah saiki ngandhani wong-wong bèn padha manut lan ngabdi marang Dhèwèké. Yéhuwah péngin bèn wong-wong sing manut isa bahagia saiki lan isa éntuk akèh berkah ing donya anyar sukmbèn. (2 Ptr. 3:13) Bèn isa percaya karo janji-janjiné Yéhuwah kuwi, wong-wong kudu krungu kabar apik bab Kratoné Allah. Yésus wis ngramalké nèk ”kabar apik bab Kraton” kuwi bakal ”diwartakké ing saklumahing bumi, dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa”. (Mat. 24:14) Saiki, Gusti Allah wis ngatur bèn kabar apik kuwi isa dadi ”kesaksian” sing diwartakké karo umaté ing kira-kira 240 negara. Yéhuwah péngin bèn sak akèh-akèhé wong isa ngrungokké peringatan lan tumindak bèn ora kena penghakimané Gusti Allah.​—Zf. 1:14, 15; 2:2, 3.

Bukti-bukti iki nduduhké nèk Yéhuwah mesthi ngekèki peringatan lan kesempatan marang wong-wong. Ning, apa wong-wong gelem nggatèkké peringatan saka Yéhuwah? Wong-wong kudu nggawé keputusan dhéwé-dhéwé sakdurungé penghakimané Yéhuwah kelakon. Bèn isa mbantu wong-wong nggawé keputusan sing bener, awaké dhéwé perlu terus ngupaya kanggo nyampèkké peringatan saka Gusti Allah marang sak akèh-akèhé wong.