Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 43

Terus Ngabdi Mung marang Yéhuwah

Terus Ngabdi Mung marang Yéhuwah

”Mung Yéhuwah, Gusti Allahmu sing kudu kok sembah, lan mung marang Panjenengané kowé kudu ngabekti.”​—MAT. 4:10.

LAGU 51 Marang Gusti Aku Ngabekti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngabdi mung marang Yéhuwah?

AWAKÉ DHÉWÉ pancèn kudu ngabdi mung marang Yéhuwah merga Yéhuwah kuwi sing nyiptakké awaké dhéwé. (Why. 4:11) Awaké dhéwé mesthi sayang karo Yéhuwah lan ngajèni Dhèwèké. Ning, nèk ora ngati-ati awaké dhéwé isa kegodha lan akhiré ora mung ngabdi marang Yéhuwah thok. Kenapa isa kaya ngono? Sakjané, ngabdi mung marang Yéhuwah kuwi maksudé apa?

2. Nurut Pangentasan 34:14, apa sing bakal awaké dhéwé tindakké nèk awaké dhéwé ngabdi mung marang Yéhuwah?

2 Alkitab kandha nèk Yéhuwah kuwi ”Allah kang sujanan [”cemburu”, Terjemahan Dunia Baru]”, yaiku Allah sing péngin umaté ngabdi mung marang Dhèwèké. Dadi, Yéhuwah péngin awaké dhéwé nyembah mung marang Dhèwèkè. Wektu Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ngabdi marang Yéhuwah, kuwi artiné awaké dhéwé bener-bener nresnani Yéhuwah. Dadi, nèk awaké dhéwé nyembah mung marang Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ngutamakké Yéhuwah ing urip lan atiné awaké dhéwé.​—Wacanen Pangentasan 34:14.

3. Apa sing nggawé awaké dhéwé dadi gelem ngabdi marang Yéhuwah?

3 Awaké dhéwé gelem ngabdi marang Yéhuwah merga wis sinau akèh soal Yéhuwah. Awaké dhéwé dadi ngerti soal sipat-sipaté Yéhuwah, apa sing Yéhuwah senengi, lan apa sing ora disenengi. Awaké dhéwé ya ngerti nèk pathokané Yéhuwah kuwi pancèn bener lan Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut bèn isa urip bahagia saklawasé. Mula, awaké dhéwé ya seneng nindakké apa sing dipéngini Yéhuwah. Awaké dhéwé ya nganggep nèk dadi kancané Yéhuwah kuwi kehormatan sing luar biasa. (Ms. 25:14) Kuwi kabèh nggawé awaké dhéwé dadi saya cedhak karo Yéhuwah lan gelem ngabdi marang Yéhuwah.​—Yak. 4:8.

4. (a) Apa sing Sétan tindakké bèn awaké dhéwé ora ngutamakké Yéhuwah manèh? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Sétan ora seneng nèk awaké dhéwé ngabdi mung marang Yéhuwah. Sétan kuwi sing nguwasani donya iki. Mula, Sétan isa nggunakké kabèh sing ana ing donya iki kanggo mengaruhi awaké dhéwé bèn luwih ngutamakké kepentingané dhéwé lan nindakké kepénginan sing salah. (Éf. 2:1-3; 1 Yoh. 5:19) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug rong cara sing digunakké karo Sétan. Sing pertama, Sétan mengaruhi awaké dhéwé bèn luwih ngutamakké bandha. Sing keloro, Sétan nggodha awaké dhéwé bèn milih hiburan sing salah.

AJA NGUTAMAKKÉ BANDHA

5. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora ngutamakké bandha?

5 Awaké dhéwé pancèn butuh mangan, nganggo pakaian sing apik, lan manggon ing panggonan sing nyaman. Ning, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora dadi kaya wong-wong ing donya iki, sing padha ”ngutamakké mburu bandha”. (2 Tim. 3:2) Yésus ngerti nèk para muridé isa waé kegodha kanggo ngutamakké bandha. Mula, Yésus ngandhani, ”Ora ana sing isa dadi budhak kanggo majikan loro. Merga dhèwèké bakal gething marang sing siji lan nresnani sijiné, utawa dhèwèké bakal setya marang sing siji lan ngrèmèhké sijiné. Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ing wektu sing padha dadi budhaké Bandha.” (Mat. 6:24) Nèk awaké dhéwé ngabdi marang Yéhuwah, ning ya ngentèkké akèh wektu kanggo mburu bandha, kuwi padha karo awaké dhéwé dadi budhak kanggo majikan loro. Kuwi artiné awaké dhéwé ora mung ngabdi marang Yéhuwah thok.

Wong-wong Laodikia rumangsa ”sugih”, ning Yéhuwah lan Yésus nganggep wong-wong kuwi ”miskin” (Deloken paragraf 6)

6. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka naséhaté Yésus marang wong-wong Kristen ing Laodikia?

6 Mbiyèn, wong-wong Kristen ing Laodikia tau kandha, ”Aku sugih lan nduwé akèh bandha. Aku ora kekurangan apa-apa.” Ning, kanggoné Yéhuwah lan Yésus, wong-wong kuwi sakjané ”sengsara, mesakké, miskin, wuta, lan wuda”. Yésus ngekèki naséhat dudu merga wong-wong kuwi nduwé akèh bandha, ning merga wong-wong kuwi luwih ngutamakké bandha ketimbang hubungané karo Yéhuwah. (Why. 3:14-17) Nèk awaké dhéwé mulai nduwé kepénginan kanggo mburu bandha, awaké dhéwé kudu cepet-cepet nyingkirké kepénginan kuwi. (1 Tim. 6:7, 8) Nèk ora, awaké dhéwé dadi luwih ngutamakké bandha lan Yéhuwah ora seneng karo ibadahé awaké dhéwé, merga Yéhuwah péngin awaké dhéwé ’tresna marang Yéhuwah sakwutuhé ati’. (Mrk. 12:30) Apa sing isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih ngutamakké bandha?

7-9. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané David?

7 Gatèkna pengalamané David, salah siji pinituwa ing Amerika Serikat. Dhèwèké nyambut gawé ing salah siji perusahaan. Merga sregep nyambut gawé, dhèwèké dikèki jabatan sing luwih dhuwur lan gaji sing luwih akèh. Malah, dhèwèké nganti éntuk penghargaan dadi karyawan terbaik. Dhèwèké nganggep nèk kuwi kabèh berkah saka Yéhuwah. Apa kuwi pancèn bener?

8 Suwé-suwé David ngrasa nèk gawéané kuwi nggawé dhèwèké dadi ora cedhak manèh karo Yéhuwah. David kandha, ”Aku dadi kerep mikirké soal gawéan pas berhimpun lan nginjil. Aku nduwé dhuwit akèh, ning aku dadi strès lan kerep nduwé masalah karo bojoku.”

9 David sadhar nèk dhèwèké kudu nggawé perubahan. Dadi, David mutuské kanggo ngomong karo bosé bèn jam kerjané isa dikurangi. Ning, David akhiré malah ditokké saka gawéané. Apa sing ditindakké David? Sedina sakwisé ditokké saka gawéan, David ngisi formulir kanggo dadi perintis èkstra tetap. Ora suwé sakwisé dadi perintis èkstra, David akhiré dadi perintis biasa lan bojoné ya mèlu merintis. Wong loro kuwi saiki nyambut gawé dadi tukang resik-resik. Gawéan kuwi mungkin disepèlèkké karo wong liya. Ning, David lan bojoné gelem nindakké gawéan kuwi merga péngin ngutamakké Yéhuwah. Gajiné wong loro kuwi ya ora akèh kaya mbiyèn, ning kuwi cukup kanggo kebutuhan saben sasi. David lan bojoné isa ngrasakké nèk Yéhuwah bener-bener ngopèni wong-wong sing ngutamakké Kratoné Allah.​—Mat. 6:31-33.

10. Awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora nganti nindakké apa?

10 Ora soal sepira akèhé bandha sing diduwèni, awaké dhéwé tetep kudu ngati-ati. Aja nganti awaké dhéwé nganggep nèk bandha lan gawéan kuwi luwih penting ketimbang ngabdi marang Yéhuwah. Awaké dhéwé isa mikirké pitakonan-pitakonan iki: ’Apa aku kerep mikirké gawéan pas lagi berhimpun utawa pas nginjil? Apa aku kerep kuwatir soal dhuwit? Apa bandha lan dhuwit kerep dadi masalah kanggo aku lan bojoku? Apa aku gelem nindakké gawéan sing mungkin disepèlèkké karo wong liya bèn isa nduwé wektu sing luwih akèh kanggo ngabdi marang Yéhuwah?’ (1 Tim. 6:9-12) Awaké dhéwé kudu kèlingan nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé lan wis janji marang wong-wong sing dadi abdiné, ”Aku babar blas ora bakal ninggalké kowé, lan Aku babar blas ora bakal ngejarké kowé.” Mula, awaké dhéwé péngin manut karo omongané Rasul Paulus, sing tau kandha, ”Aja nresnani dhuwit.”​—Ibr. 13:5, 6.

NGATI-ATI WEKTU MILIH HIBURAN

11. Apa pengaruhé hiburan kanggo awaké dhéwé?

11 Yéhuwah péngin awaké dhéwé isa seneng. Alkitab kandha, ”Ora ana kang tumrap manungsa beciké ngluwihi mangan lan ngombé sarta seneng-seneng ing sajroning kangèlané.” (Ko. 2:24) Hiburan pancèn isa nggawé awaké dhéwé seneng. Ning, akèh hiburan ing donya iki sing nggawé wong-wong dadi nyepèlèkké pathokané Yéhuwah, utawa malah nyenengi lan nindakké apa sing disengiti Yéhuwah.

Saka endi asalé hiburan sing awaké dhéwé pilih? (Deloken paragraf 11-14) *

12. Nurut 1 Korintus 10:21, 22, apa sebabé awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih hiburan?

12 Awaké dhéwé mesthi péngin ngabdi mung marang Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé ora isa mangan ing ”méjané Yéhuwah” lan ing ”méjané roh-roh jahat”. (Wacanen 1 Korintus 10:21, 22.) Apa maksudé kuwi? Nèk awaké dhéwé seneng karo hiburan sing isiné kekerasan, spiritisme, utawa tumindak lan kepénginan sing bejat, kuwi isa dipadhakké karo mangan panganan sing disedhiakké karo mungsuhé Yéhuwah. Kuwi ya isa dipadhakké karo mangan sak méja bareng karo mungsuhé Yéhuwah. Kuwi bahaya kanggo awaké dhéwé lan isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah.

13-14. (a) Apa sebabé hiburan isa dipadhakké kaya panganan? (b) Nurut Yakobus 1:14, 15, apa sebabé hiburan sing ora cocog karo pathokané Alkitab kuwi isa nggawé awaké dhéwé cilaka?

13 Apa sebabé hiburan isa dipadhakké kaya panganan? Awaké dhéwé isa waé milih-milih panganan sing disenengi. Ning, nèk wis dipangan, otomatis kuwi ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé. Nèk sing dipangan kuwi panganan sing séhat, ya awaké dhéwé bakal dadi séhat. Ning, nèk sing dipangan kuwi panganan sing ora séhat, suwé-suwé awaké dhéwé ya bakal dadi lara.

14 Dadi, awaké dhéwé ya isa milih-milih hiburan sing disenengi. Ning, hiburan sing wis awaké dhéwé pilih otomatis ana pengaruhé kanggo pikiran lan perasaané awaké dhéwé. Hiburan sing apik kuwi pancèn isa nggawé awaké dhéwé seneng. Ning, hiburan sing ora cocog karo pathokané Alkitab isa nggawé awaké dhéwé cilaka. (Wacanen Yakobus 1:14, 15.) Pengaruhé mungkin ora langsung kétok. Ning, Alkitab ngandhani awaké dhéwé, ”Aja kapusan. Gusti Allah ora isa dirèmèhké. Merga apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn. Wong sing nyebar miturut pepénginan badan sing dosa bakal manèn karusakan saka badané.” (Gal. 6:7, 8) Mula, awaké dhéwé kudu ngedohi kabèh hiburan sing ora cocog karo pathokané Yéhuwah.​—Ms. 97:10.

15. Apa sing disedhiakké Yéhuwah kanggo nggawé awaké dhéwé seneng?

15 Akèh umaté Yéhuwah sing seneng nonton acara-acara sing ana ing stasiun TV online JW Broadcasting®. Sedulur wédok sing jenengé Marilyn kandha, ”Kabèh acara ing JW Broadcasting kuwi apik-apik lan ana manfaaté. Pas lagi sedhih utawa cilik ati, aku isa ngrasa dikuwatké sakwisé nonton acara Ibadah Ésuk utawa kotbah-kotbah liyané. Hasilé, aku dadi ngrasa cedhak karo Yéhuwah lan organisasiné. Acara-acara ing JW Broadcasting bener-bener ngowahi uripku.” Apa njenengan ya seneng nonton acara-acara sing ana ing JW Broadcasting? Sakliyané acara saben sasi, ing JW Broadcasting ya ana akèh vidéo, rekaman swara, lan lagu-lagu sing isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih semangat.

16. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngatur wektu sing digunakké kanggo hiburan?

16 Awaké dhéwé ora mung kudu ngati-ati soal jenis hiburan sing awaké dhéwé pilih. Ning, awaké dhéwé ya kudu ngatur wektu sing digunakké kanggo hiburan. Nèk ora ngati-ati, isa waé awaké dhéwé ngentèkké luwih akèh wektu kanggo hiburan lan akhiré dadi ora ngutamakké Yéhuwah. Akèh wong sing ngrasa nèk ngatur wektu kuwi ora gampang. Abigail, sedulur wédok sing umuré 18 taun, kandha, ”Nèk wis kesel sedina, paling pénak kuwi nonton TV. Ning, kadhang kala aku ora sadhar nèk wis nonton TV nganti pirang-pirang jam.” Sedulur lanang sing isih enom sing jenengé Samuel kandha, ”Aku seneng nonton vidéo-vidéo cendhak ing Internèt. Ning, ngerti-ngerti aku wis nonton vidéo nganti telu utawa patang jam.”

17. Piyé carané ngatur wektu sing digunakké kanggo hiburan?

17 Piyé carané ngatur wektu sing digunakké kanggo hiburan? Pertama, awaké dhéwé kudu ngerti sepira akèhé wektu sing awaké dhéwé gunakké kanggo hiburan. Misalé, awaké dhéwé isa nyatheti pirang jam sing awaké dhéwé gunakké kanggo nonton TV, mbukak Internèt, lan dolanan game ing HP utawa tablèt saben minggu. Nèk jebulé awaké dhéwé wis kakèhan nggunakké wektu kanggo hiburan, awaké dhéwé isa nggawé jadwal. Awaké dhéwé isa ngutamakké sing luwih penting dhisik, bar kuwi lagi nyisihké wektu kanggo hiburan. Dadi, awaké dhéwé nduwé wektu lan tenaga sing cukup kanggo sinau Alkitab, ibadah keluarga, perhimpunan, lan nginjil. Awaké dhéwé ya isih isa nduwé wektu kanggo hiburan merga wis ngutamakké Yéhuwah.

TERUS NGABDI MUNG MARANG YÉHUWAH

18-19. Apa buktiné nèk awaké dhéwé bener-bener ngabdi mung marang Yéhuwah?

18 Rasul Pétrus tau njelaské nèk donya sing dikuwasani Sétan iki wis arep disirnakké lan diganti nganggo donya sing anyar. Bar njelaské kuwi, Rasul Pétrus kandha, ”Sedulur-sedulur sing ditresnani, merga kowé kabèh ngentèni perkara-perkara iki, ngupayaa sak isa-isané supaya akiré Gusti Allah mirsani nèk kowé kuwi resik, tanpa cacad, lan nduwé hubungan sing apik karo Panjenengané.” (2 Ptr. 3:14) Dadi, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn tumindak lan ibadahé awaké dhéwé tetep nyenengké Yéhuwah. Kuwi dadi bukti nèk awaké dhéwé bener-bener ngabdi mung marang Yéhuwah.

19 Sétan lan wong-wong ing donya iki terus ngupaya kanggo mengaruhi awaké dhéwé bèn luwih ngutamakké kepentingané dhéwé ketimbang ngutamakké Yéhuwah. (Luk. 4:13) Ning, awaké dhéwé mesthi péngin terus ngutamakké Yéhuwah senajan kuwi ora gampang. Awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo terus ngabdi mung marang Yéhuwah.

LAGU 30 Bapakku, Allahku, lan Kancaku

^ par. 5 Awaké dhéwé pancèn seneng ngabdi marang Yéhuwah. Ning, apa awaké dhéwé bener-bener ngabdi mung marang Yéhuwah? Nèk awaké dhéwé bener-bener ngabdi mung marang Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi bakal nggawé keputusan-keputusan sing nyenengké Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé arep ngrembug piyé carané nggawé keputusan sing bener soal bandha lan hiburan.

^ par. 54 GAMBAR: Awaké dhéwé mesthi ora gelem mangan panganan sing ora séhat lan dimasak ing dapur sing reged. Dadi, awaké dhéwé kuduné ya ora gelem milih hiburan sing isiné kekerasan, spiritisme, utawa tumindak lan kepénginan sing bejat.