Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 41

Tetep Setya Bèn Isa Slamet saka ”Sengsara Gedhé”

Tetep Setya Bèn Isa Slamet saka ”Sengsara Gedhé”

”Sang Yéhuwah ngreksa [utawa, nglindhungi] para wong kang setya.”​—MS. 31:24.

LAGU 129 Kudu Tekun lan Setya

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Ora suwé manèh, pengumuman apa sing bakal disampèkké karo bangsa-bangsa? (b) Pitakonan-pitakonan penting apa waé sing kudu dijawab?

ORA suwé manèh, bakal ana pengumuman ”tentrem lan aman” sing disampèkké karo bangsa-bangsa. Wektu kuwi, wong-wong mungkin rumangsa nèk donya iki wis bener-bener aman merga kaya-kayané para pemimpin wis berhasil ngatasi kabèh masalah. Ning, wong-wong kuwi bakal kagèt merga nurut Alkitab bakal ana ”cilaka [sing] teka dadakan ngenani wong-wong kuwi, . . . lan wong-wong kuwi mesthi ora bakal isa luput”.​—1 Tés. 5:3.

2 Ana pitakonan-pitakonan penting sing kudu dijawab: Apa sing bakal kelakon pas ”sengsara gedhé”? Yéhuwah péngin awaké dhéwé nindakké apa wektu ”sengsara gedhé” kelakon? Sipat-sipat apa sing awaké dhéwé butuhké bèn isa tetep setya wektu kuwi?​—Mat. 24:21.

APA SING BAKAL KELAKON PAS ”SENGSARA GEDHÉ”?

3. Nurut Wahyu 17:5, 15-18, piyé carané Yéhuwah nyirnakké ”Babilon Gedhé”?

3 Wacanen Wahyu 17:5, 15-18. Ora suwé manèh ”Babilon Gedhé” bakal disirnakké. Piyé carané? Alkitab kandha, ”Gusti Allah [bakal] ndèlèhké ing atiné sepuluh raja kuwi pepénginan kanggo nindakké kersané Panjenengané.” Apa sing dadi ”kersané Panjenengané”? Yéhuwah péngin nyirnakké kabèh agama palsu ing sakdonya, termasuk agama-agama sing ngaku Kristen. * Yéhuwah bakal nggunakké ”sepuluh sungu” saka ”kéwan buas sing wernané abang mbranang” kanggo nindakké kepénginané. ”Sepuluh sungu” kuwi nggambarké kabèh bangsa sing ndhukung Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB), sing digambarké kaya ”kéwan buas”. (Why. 17:3, 11-13; 18:8) Wektu para pemimpin politik kuwi nyerang agama palsu, kuwi artiné sengsara gedhé wis dimulai. Peristiwa kuwi bakal teka dadakan lan medèni banget.

4. (a) Apa sing mungkin dipikirké karo para pemimpin politik nganti padha péngin nyerang Babilon Gedhé? (b) Apa sing mungkin bakal ditindakké karo wong-wong sing mauné dadi anggotané agama palsu?

4 Awaké dhéwé ora ngerti apa sing mungkin dipikirké karo para pemimpin politik nganti padha péngin nyerang Babilon Gedhé. Isa waé para pemimpin politik mikir nèk agama kuwi sing marahi donya dadi ora rukun lan senengané mèlu-mèlu ngatur urusan politik. Para pemimpin kuwi mungkin ya ora seneng merga organisasi-organisasi agama nduwé bandha sing akèh banget. (Why. 18:3, 7) Mesthiné, wektu para pemimpin politik nyerang agama palsu, ora kabèh anggotané mèlu disirnakké. Sing bakal disirnakké karo bangsa-bangsa yaiku organisasiné. Wektu organisasi-organisasi agama wis disirnakké, wong-wong sing mauné dadi anggotané bakal sadhar nèk saksuwéné iki wong-wong kuwi mung diapusi karo para pemimpin agama. Isa waé wong-wong kuwi bakal ngaku nèk ora nduwé agama.

5. Apa janjiné Yéhuwah soal peristiwa sengsara gedhé, lan apa sebabé?

5 Alkitab ora ngandhani sepira akèhé wektu sing dibutuhké kanggo ngancurké Babilon Gedhé. Ning, Alkitab ngandhani nèk peristiwa kuwi kelakoné bakal cepet banget. (Why. 18:10, 21) Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal ”nggawé singkat dina-dina” sengsara gedhé bèn ”wong-wong pilihan” lan ibadah sing sejati ora mèlu disirnakké. (Mrk. 13:19, 20) Dadi, Yéhuwah péngin awaké dhéwé nindakké apa sakwisé sengsara gedhé dimulai?

TERUS NINDAKKÉ IBADAH SING SEJATI MARANG YÉHUWAH

6. Apa manèh sing kudu ditindakké sakliyané misah saka Babilon Gedhé?

6 Kaya sing dirembug ing artikel sakdurungé, Yéhuwah péngin umaté bener-bener misah saka Babilon Gedhé, yaiku ibadah sing palsu. Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé terus nindakké ibadah sing bener. Ana rong cara kanggo nindakké kuwi.

Awaké dhéwé kudu terus ngibadah bareng karo sedulur-sedulur seiman senajan ana tantangan (Deloken paragraf 7) *

7. (a) Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa terus ngetrapké pathokané Yéhuwah? (b) Nurut Ibrani 10:24, 25, apa sebabé awaké dhéwé saiki kudu terus ngibadah bareng karo sedulur seiman?

7 Pertama, awaké dhéwé kudu terus ngetrapké pathokan-pathokané Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé ora bakal setuju karo tumindak bejat sing ditindakké wong-wong ing donya iki, termasuk pernikahan sesama jenis utawa gaya hidup homosèksual. (Mat. 19:4, 5; Rm. 1:26, 27) Keloro, awaké dhéwé kudu terus ngibadah bareng karo sedulur-sedulur seiman. Nèk ora isa nggunakké Balé Ibadah, awaké dhéwé isa ngibadah ing omah-omah utawa panggonan liya bèn ora konangan. Ora soal apa sing bakal kelakon sukmbèn, awaké dhéwé kudu terus ngibadah bareng karo sedulur-sedulur seiman. Malah, kuduné awaké dhéwé ”nindakké kabèh kuwi luwih tenanan manèh, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak”.​—Wacanen Ibrani 10:24, 25.

8. Kabar apa sing mungkin kudu awaké dhéwé wartakké pas sengsara gedhé?

8 Saiki, awaké dhéwé nduwé tugas kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Allah lan mbantu wong-wong bèn dadi muridé Yésus. Pas sengsara gedhé sukmbèn ya bakal ana kabar sing kudu diwartakké. Wektu kuwi, mungkin awaké dhéwé kudu martakké kabar penghukuman saka Yéhuwah, sing digambarké kaya udan ès sing nibani wong-wong. (Why. 16:21) Awaké dhéwé mungkin bakal ngandhani wong-wong nèk donya sing dikuwasani Sétan iki wis mèh disirnakké. Sukmbèn, awaké dhéwé mesthi bakal dikandhani soal kabar apa sing kudu diwartakké. Awaké dhéwé mesthi ya bakal dikandhani soal piyé carané martakké, apa bakal nggunakké cara sing padha kaya saiki utawa nganggo cara sing liyané. Ora soal apa sing kelakon sukmbèn, iki bakal dadi tugas sing istiméwa kanggo awaké dhéwé.​—Yk. 2:3-5.

9. Piyé tanggepané bangsa-bangsa wektu krungu kabar sing awaké dhéwé wartakké, ning awaké dhéwé isa yakin soal apa?

9 Kabar sing awaké dhéwé wartakké sukmbèn isa waé nggawé bangsa-bangsa dadi nesu. Para pemimpin politik isa waé ngupaya kanggo ngendhegké gawéané awaké dhéwé. Kaya saiki, awaké dhéwé sukmbèn ya kudu terus ngendelké bantuané Yéhuwah. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal mbantu bèn awaké dhéwé isa nindakké kepénginané Yéhuwah.​—Mi. 3:8.

UMATÉ ALLAH BAKAL DISERANG

10. Kaya sing diramalké ing Lukas 21:25-28, apa sing dialami karo wong-wong wektu sengsara gedhé kelakon?

10 Wacanen Lukas 21:25-28. Sukmbèn, wong-wong mesthi bakal kagèt wektu ndelok sistem politik, perdagangan, lan bagéan liya saka donyané Sétan mulai bubrah. Kuwi bener-bener medèni banget. Wong-wong bakal ngrasa ”sengsara banget” merga wedi mati. (Zf. 1:14, 15) Wektu kuwi, kabèh wong bakal ngalami kesusahan, termasuk umaté Yéhuwah. Apa manèh umaté Yéhuwah ora dadi bagéan saka donya iki. Mula, umaté Yéhuwah mesthi bakal ngadhepi tantangan sing luwih akèh. Isa waé awaké dhéwé ya ngrasa kangèlan kanggo nyukupi kebutuhan saben dina.

11. (a) Apa sebabé wong-wong lan para pemimpin politik bakal sengit karo Seksi-Seksi Yéhuwah? (b) Apa sebabé awaké dhéwé ora perlu wedi pas sengsara gedhé kelakon?

11 Wektu kuwi, wong-wong sing agamané disirnakké mungkin bakal ora seneng merga Seksi-Seksi Yéhuwah tetep ngibadah. Misalé, wong-wong kuwi mungkin bakal ngèlèk-èlèk Seksi-Seksi Yéhuwah ing média sosial. Sétan lan para pemimpin politik ya bakal sengit karo awaké dhéwé merga ora berhasil nyirnakké kabèh agama. Mula, para pemimpin politik kuwi bakal bersatu lan ngupaya tenanan kanggo nyerang umaté Yéhuwah. Serangan kuwi disebut serangané Gog saka Magog. * (Yk. 38:2, 14-16) Mungkin, awaké dhéwé dadi kuwatir merga ora bener-bener ngerti soal apa sing bakal kelakon wektu sengsara gedhé. Ning, Yéhuwah bakal ngandhani carané bèn awaké dhéwé isa slamet. Mula, awaké dhéwé ora perlu wedi pas sengsara gedhé kelakon. (Ms. 34:20) Awaké dhéwé bakal ’ngadeg kanthi jejeg lan ndhangak’ merga ngerti nèk ”ora suwé manèh [awaké dhéwé] bakal dibébaské”. *

12. Piyé carané ”budhak sing setya lan wicaksana” mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep setya wektu sengsara gedhé?

12 ”Budhak sing setya lan wicaksana” wis ngekèki akèh katrangan kanggo mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep setya wektu sengsara gedhé. (Mat. 24:45) Misalé, saka acara-acara ing kebaktian gabungan wilayah taun 2016-2018, awaké dhéwé dikandhani soal telung sipat sing kudu awaké dhéwé duwèni. Ayo ngéling-éling manèh telung sipat kuwi.

TETEP SETYA, TEKUN, LAN KENDEL

Awaké dhéwé kudu tetep setya, tekun, lan kendel bèn isa slamet saka ”sengsara gedhé” (Deloken paragraf 13-16) *

13. Piyé carané bèn isa tetep setya marang Yéhuwah, lan apa sebabé awaké dhéwé kudu ngupaya tetep setya mulai saka saiki?

13 Setya: Judhul kebaktian gabungan wilayah taun 2016 yaiku ”Tetepa Setya marang Yéhuwah”. Ing kebaktian kuwi disebutké nèk awaké dhéwé kudu terus cedhak karo Yéhuwah. Bèn isa cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ndonga tenanan lan sinau Alkitab. Hasilé, awaké dhéwé bakal isa tetep setya senajan ngadhepi akèh tantangan. Apa manèh sengsara gedhé saiki wis arep kelakon. Awaké dhéwé mesthi bakal ngadhepi tantangan sing luwih akèh. Wong-wong ya bakal terus ngécé awaké dhéwé. (2 Ptr. 3:3, 4) Wong-wong isa waé nindakké kuwi merga awaké dhéwé ora gelem dadi bagéan saka donya iki. Awaké dhéwé kudu ngupaya tetep setya mulai saka saiki, bèn sukmbèn pas sengsara gedhé awaké dhéwé ya isa tetep setya.

14. (a) Wektu sengsara gedhé kelakon, sapa sing bakal mimpin umaté Yéhuwah ing bumi? (b) Apa sebabé awaké dhéwé kudu tetep setya wektu kuwi?

14 Wektu sengsara gedhé kelakon, wong-wong sing diurapi roh suci sing isih ana ing bumi bakal diangkat munggah swarga bèn isa mèlu perang Armagédon. (Mat. 24:31; Why. 2:26, 27) Kuwi artiné Pengurus Pusat ya bakal diangkat munggah swarga. Mula, ing antarané wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi bakal ana para sedulur lanang sing dipilih kanggo mimpin lan ngatur wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé. Yéhuwah bakal ngekèki petunjuk liwat para sedulur kuwi. Mula, awaké dhéwé perlu ndhukung lan manut karo para sedulur kuwi bèn isa dislametké. Kuwi ya dadi bukti nèk awaké dhéwé setya marang Yéhuwah.

15. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa tetep tekun, lan apa sebabé awaké dhéwé kudu tetep tekun mulai saka saiki?

15 Tekun: Judhul kebaktian gabungan wilayah taun 2017 yaiku ”Jangan Menyerah!” Ing kebaktian kuwi, awaké dhéwé dibantu bèn isa tetep tekun wektu ngadhepi tantangan. Bèn isa tetep tekun, awaké dhéwé kudu terus ngendelké Yéhuwah. (Rm. 12:12) Yésus kandha, ”Wong sing tekun nganti pungkasan bakal dislametké.” (Mat. 24:13) Kata-katané Yésus kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé kudu ngupaya bèn tetep setya ora soal tantangan apa waé sing lagi diadhepi. Nèk mulai saka saiki awaké dhéwé ngupaya bèn tetep tekun, imané awaké dhéwé bakal dadi saya kuwat kanggo ngadhepi sengsara gedhé.

16. Apa sing isa nggawé awaké dhéwé dadi kendel, lan apa sing kudu awaké dhéwé tindakké?

16 Kendel: Judhul kebaktian gabungan wilayah taun 2018 yaiku ”Dadia Kendel!”. Ing kebaktian kuwi, awaké dhéwé dikandhani nèk awaké dhéwé isa dadi kendel dudu merga kemampuané awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa dadi kendel nèk terus ngendelké Yéhuwah. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa luwih ngendelké Yéhuwah? Awaké dhéwé kudu maca Alkitab saben dina lan ngrenungké carané Yéhuwah nylametké umaté ing jaman mbiyèn. (Ms. 68:21; 2 Ptr. 2:9) Bangsa-bangsa bakal nyerang awaké dhéwé pas sengsara gedhé. Wektu kuwi, awaké dhéwé kudu luwih kendel lan luwih ngendelké Yéhuwah. (Ms. 112:7, 8; Ibr. 13:6) Nèk mulai saka saiki awaké dhéwé wis ngendelké Yéhuwah, sukmbèn awaké dhéwé isa tetep kendel wektu diserang Gog saka Magog. *

YÉHUWAH MESTHI BAKAL NYLAMETKÉ

Ora suwé manèh, Yésus lan pasukané bakal nyingkirké kabèh mungsuhé Yéhuwah ing perang Armagédon (Deloken artikel pelajaran 41, paragraf 17)

17. Apa sebabé awaké dhéwé ora perlu wedi wektu Armagédon kelakon? (Deloken gambar ing halaman 1.)

17 Kaya sing disebutké ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis urip ing dina-dina pungkasan. Awaké dhéwé ya nduwé harapan kanggo dislametké pas sengsara gedhé kelakon. Donyané Sétan bakal dihancurké wektu perang Armagédon. Ning, awaké dhéwé ora perlu wedi merga iki perangé Yéhuwah, dudu perangé awaké dhéwé. (WB. 1:33; Yk. 38:18-20; Za. 14:3) Wektu kuwi, Yéhuwah bakal mréntahké Yésus kanggo nglawan Sétan, para malaékat sing jahat, lan wong-wong sing ora manut. Yésus bakal dibantu karo pasukané, yaiku para malaékat lan wong-wong Kristen sing wis diangkat munggah swarga.​—Dn. 12:1; Why. 6:2; 17:14.

18. (a) Yéhuwah janji apa marang umaté? (b) Nurut Wahyu 7:9, 13-17, apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal nylametké awaké dhéwé?

18 Yéhuwah wis janji, ”Saben gegaman [utawa, senjata] kang digemblèng arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama [utawa, mempan].” (Yé. 54:17) Alkitab kandha nèk ”kumpulan gedhé wong akèh” saka umaté Yéhuwah bakal ”slamet ngliwati sengsara gedhé” lan bakal terus ngabdi marang Yéhuwah. (Wacanen Wahyu 7:9, 13-17.) Mula, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal nylametké awaké dhéwé. Alkitab ya kandha nèk ”Yéhuwah ngreksa [utawa, nglindhungi] para wong kang setya”. (Ms. 31:24) Kabèh umaté Yéhuwah mesthi seneng merga jenengé Yéhuwah bakal diluhurké.​—Yk. 38:23.

19. Berkah apa sing bakal awaké dhéwé rasakké ing donya anyar?

19 Bayangna keadaan ing donya anyar sukmbèn, wektu wong-wong wis bébas saka pengaruhé Sétan. Sipaté wong-wong mesthi ora kaya sing disebutké ing 2 Timotius 3:2-5. (Deloken kothak ” Sipaté Wong-Wong Sukmbèn”.) Sedulur George Gangas, * sing tau dadi anggota Pengurus Pusat kandha, ”Donya iki bakal dadi panggonan sing nyenengké nèk kabèh wong nyembah Yéhuwah. Ora suwé manèh, awaké dhéwé bakal urip ing donya anyar. Kaya Yéhuwah, awaké dhéwé ya bakal urip saklawasé.” Kuwi bener-bener harapan sing nyenengké banget.

LAGU 122 Kuwat lan Setya Ngabdi

^ par. 5 Ora suwé manèh ”sengsara gedhé” bakal kelakon. Apa sing bakal dialami umaté Yéhuwah wektu kuwi? Yéhuwah péngin awaké dhéwé nindakké apa wektu ”sengsara gedhé” kelakon? Sipat-sipat apa sing awaké dhéwé butuhké bèn isa tetep setya wektu kuwi? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

^ par. 3 KATRANGAN: Agama-agama sing ngaku Kristen yaiku agama-agama sing ngakuné dadi muridé Yésus, ning ajarané ora cocog karo Alkitab lan ora nyembah Yéhuwah.

^ par. 11 KATRANGAN: Sing dimaksud Gog saka Magog yaiku gabungan saka bangsa-bangsa sing bersatu kanggo nyerang umaté Yéhuwah pas sengsara gedhé mèh rampung.

^ par. 11 Bèn ngerti luwih akèh soal peristiwa-peristiwa sing bakal kelakon sakdurungé Armagédon, deloken bab 21 saka buku Kratoné Allah Wis Mréntah! Bèn ngerti luwih akèh soal serangané Gog saka Magog lan carané Yéhuwah nglindhungi umaté wektu Armagédon, deloken bab 17 lan 18 saka buku Ibadah yang Murni kepada Yehuwa—Akhirnya Dipulihkan!

^ par. 16 Judhul kebaktian gabungan wilayah taun 2019 yaiku ”Katresnan Bakal Ana Sakterusé!” Acara kebaktian iki bakal nggawé awaké dhéwé dadi saya yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé lan bakal nglindhungi umaté.​—1 Kor. 13:8.

^ par. 19 Deloken artikel ”Perbuatannya Akan Mengikutinya” ing Menara Pengawal 1 Desember 1994.

^ par. 65 GAMBAR: Sedulur-sedulur iki mbentuk kelompok cilik lan ngibadah ing hutan pas sengsara gedhé.

^ par. 67 GAMBAR: Kumpulan gedhé umaté Yéhuwah sing slamet ngliwati sengsara gedhé.