Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

C. Joseph F. Rutherford lan sedulur liyané wektu ngunjungi para sedulur ing Eropa

1920—Satus Taun Kepungkur

1920—Satus Taun Kepungkur

ING awal taun 1920, umaté Yéhuwah terus semangat kanggo nindakké gawéan nginjil. Wektu kuwi, ayat taunan sing dipilih yaiku, ”Gusti Allah dadi kekuwatan lan nyanyianku”.​—Ms. 118:14, King James Version.

Yéhuwah nguwatké para penginjil sing semangat kuwi. Wektu kuwi, jumlahé kolportir utawa perintis dadi tambah akèh saka 225 dadi 350 wong. Kuwi pertama kaliné ana luwih saka 8.000 golongan pekerja utawa penginjil sing mènèhi laporan jam dinas menyang kantor pusat. Yéhuwah bener-bener mberkahi para penginjil sing semangat kuwi.

NDUDUHKÉ SEMANGAT SING LUAR BIASA

Ing tanggal 21 Maret 1920, Sedulur Joseph F. Rutherford sing dadi pemimpiné Siswa-Siswa Alkitab wektu kuwi nyampèkké ceramah sing judhulé ”Jutaan Wong sing Saiki Urip Ora Bakal Mati”. Siswa-Siswa Alkitab ngupaya tenanan kanggo ngundang sak akèh-akèhé wong teka ing acara kuwi. Siswa-Siswa Alkitab nyéwa gedhung pertemuan sing paling gedhé ing New York lan mbagèkké kira-kira 320.000 undangan.

Iklan ing koran soal ceramah sing judhulé ”Jutaan Wong sing Saiki Urip Ora Bakal Mati”

Jebulé jumlahé wong sing teka luwih saka sing dibayangké Siswa-Siswa Alkitab. Gedhung kuwi mung isa nampung kira-kira 5.000 wong lan isih ana kira-kira 7.000 wong sing ora isa mlebu. Majalah The Watch Tower kandha nèk kuwi dadi ”salah siji acara sing paling suksès sing tau dianakké Siswa-Siswa Alkitab Internasional”.

Siswa-Siswa Alkitab dadi dikenal luwih akèh wong merga martakké nèk ”jutaan wong sing saiki urip ora bakal mati”. Pancèn, wektu kuwi Siswa-Siswa Alkitab ora paham nèk kabar apik kudu terus diwartakké marang luwih akèh wong. Senajan ngono, wong-wong kuwi nduduhké semangat sing luar biasa. Sedulur Ida Olmstead, sing mulai teka ing pertemuan ibadah kèt taun 1902, kandha, ”Aku lan para sedulur ngerti nèk Yéhuwah wis nyedhiakké akèh berkah kanggo kabèh wong. Mula, aku lan para sedulur terus semangat martakké kabar apik kuwi marang kabèh wong sing ditemoni.”

NYÉTAK WACAN-WACAN ALKITAB

Para sedulur ing Bètel nyétak dhéwé wacan-wacan bèn isa tetep nyedhiakké katrangan-katrangan sing dhasaré saka Alkitab kanggo para sedulur liyané. Mula, para sedulur kuwi tuku peralatan sing dibutuhké, terus dipasang ing bangunan sing wis diséwa sing ana ing 35 Myrtle Avenue, Brooklyn, New York. Bangunan kuwi jaraké cedhak saka Bètel.

Sedulur Leo Pelle lan Walter Kessler nyritakké pengalamané wektu nglayani ing Bètel ing sasi Januari 1920. Sedulur Walter kandha, ”Wektu aku tekan kana, pengawas percétakan kandha nèk maem awané isih siji setengah jam manèh. Terus, pengawas kuwi ngongkon aku karo Leo kanggo mindhahké kardus-kardus sing isiné buku saka lantai ngisor menyang lantai ndhuwur.”

Sedulur Leo nyritakké soal tugas liya sing dhèwèké tampa. Dhèwèké kandha, ”Sésuké, aku karo Sedulur Walter ditugasi kanggo ngresiki témbok ing lantai siji ing gedhung kuwi. Pancèn, témboké reged banget. Ning, aku semangat banget nindakké gawéan kuwi merga kuwi gawéan saka Gusti Allah.”

Mesin cétak flatbed press sing digunakké kanggo nyétak majalah The Watch Tower

Saksuwéné pirang-pirang minggu, para sedulur sing semangat kuwi berhasil nyétak 60.000 majalah The Watch Tower terbitan 1 Februari 1920. Majalah-majalah kuwi dicétak nganggo mesin flatbed press sing ana ing lantai loro. Wektu kuwi, para sedulur ya masang mesin rotary press sing disebut Battleship sing ana ing lantai ngisor. Hasilé, mulai 14 April 1920 majalah The Golden Age isa dicétak. Kuwi kabèh dadi bukti nèk Yéhuwah bener-bener mberkahi upayané para sedulur.

”Aku semangat banget nindakké gawéan kuwi merga kuwi gawéan saka Gusti Allah.”

”AYO URIP RUKUN”

Umaté Yéhuwah sing setya terus semangat martakké kabar apik lan tetep rukun karo para sedulur. Ning, ing taun 1917 nganti 1919, ana Siswa-Siswa Alkitab sing akhiré ninggalké organisasi. Piyé carané mbantu para sedulur kuwi?

Ing majalah The Watch Tower 1 April 1920 ana artikel sing judhulé ”Ayo Urip Rukun”. Artikel kuwi kandha, ”Awaké dhéwé yakin nèk kabèh wong sing gelem manut karo arahané roh suci, ora bakal ngéling-éling kesalahan sing tau ditindakké lan isa tetep rukun karo para sedulur kanggo nindakké kepénginané Yéhuwah.”

Merga kata-kata ing artikel kuwi, ana akèh sedulur sing akhiré nglayani Yéhuwah manèh. Misalé, ana suami istri sing kandha, ”Saksuwéné pirang-pirang taun, aku lan bojoku ora nginjil. Terus, artikel kuwi mbantu aku lan bojoku ngerti nèk kuwi salah. . . . Mula, mulai saiki aku nduwé tékad kanggo luwih semangat nginjil.” Para sedulur kuwi nduwé akèh tugas sing kudu ditindakké.

MBAGÈKKÉ ”ZG”

Ing tanggal 21 Juni 1920, Siswa-Siswa Alkitab mulai mbagèkké wacan sing jenengé ”ZG”. ”ZG” kuwi édisi khusus saka buku The Finished Mystery. * Ana akèh buku The Finished Mystery sing akhiré disimpen merga pamréntah nglarang Siswa-Siswa Alkitab mbagèkké buku kuwi ing taun 1918.

Kabèh penginjil termasuk para perintis diundang kanggo mèlu mbagèkké ZG. The Bulletin * sasi Juni 1920 kandha, ”Kabèh penginjil ing jemaat sing péngin mèlu mbagèkké wacan kuwi kudu sukaréla wektu nindakké tugasé. Terus, organisasi mènèhi semangat kanggo para sedulur, ’Iki sing kudu tak tindakké, yaiku mbagèkké ZG’.” Kegiatan kuwi ditindakké nganggo cara nginjil ing omah-omah. Sedulur Edmund Hooper nyebutké nèk ana sedulur-sedulur sing lagi pertama nindakké kuwi. Dhèwèké kandha, ”Aku lan para sedulur dadi bener-bener yakin nèk kabar apik bakal diwartakké marang luwih akèh wong manèh, luwih akèh saka sing tak bayangké.”

NGATUR MANÈH GAWÉAN NGINJIL ING EROPA

Saksuwéné Perang Donya I, ora gampang kanggo komunikasi karo Siswa-Siswa Alkitab ing negara-negara liya. Mula, Sedulur Rutherford péngin nguwatké para sedulur kuwi lan ngatur manèh gawéan nginjil ing kono. Ing tanggal 12 Agustus 1920, dhèwèké lan patang sedulur lanang liyané ngunjungi para sedulur sing ana ing Inggris lan negara-negara liyané.

Wektu Sedulur Rutherford ana ing Inggris, Siswa-Siswa Alkitab nganakké telung kebaktian lan 12 pertemuan ibadah. Sing teka ana kira-kira 50.000 wong. Majalah The Watch Tower kandha, ”Para sedulur ing kono bener-bener ngrasa dikuwatké. Para sedulur kuwi isa bergaul lan isa nginjil bareng, lan kuwi nggawé para sedulur bahagia.” Wektu ing Paris, Sedulur Rutherford nyampèkké manèh ceramah sing judhulé ”Jutaan Wong sing Saiki Urip Ora Bakal Mati”. Ana akèh wong sing teka ing acara kuwi lan ana 300 wong sing njaluk katrangan luwih akèh.

Sedulur Rutherford wektu ing Mesir

Pirang-pirang minggu sakwisé kuwi, Sedulur Rutherford lan sedulur liyané lunga ing Athéna, Kairo, lan Yérusalèm. Merga ing kono ana akèh wong sing péngin ngrungokké kabar apik, Sedulur Rutherford mbangun kantor cabang ing kutha Ramallah cedhak Yérusalèm. Akhiré, Sedulur Rutherford bali manèh ing Eropa. Dhèwèké mbangun Kantor Cabang Eropa Tengah lan ngatur bèn wacan-wacan isa dicétak ing kono.

Poster sing ngiklanké ceramah sing dianakké ing Royal Albert Hall, London

NYINGKAPKÉ TUMINDAK ORA ADIL

Ing September 1920, Siswa-Siswa Alkitab nerbitké majalah The Golden Age No. 27. Kuwi dadi édisi khusus sing nyritakké soal penganiayaan sing dialami karo Siswa-Siswa Alkitab ing taun 1918. Mesin cétak Battleship, sing disebutké sakdurungé, terus digunakké kanggo nyétak luwih saka patang juta majalah iki.

Fotoné Sedulur Emma Martin

Wong-wong sing maca majalah kuwi dadi ngerti kasusé Sedulur Emma Martin. Sedulur Martin kuwi perintis ing San Bernardino, Kalifornia. Ing tanggal 17 Maret 1918, Sedulur Emma karo Sedulur E. Hamm, E. J. Sonnenburg, lan E. A. Stevens teka ing pertemuan ibadahé Siswa-Siswa Alkitab sing dianakké ing kelompok cilik..

Ana wong lanang sing teka ing pertemuan kuwi, ning dudu kanggo sinau Alkitab. Dhèwèké kandha, ”Aku teka mréné merga éntuk préntah saka kantor kejaksaan kanggo nggolèk bukti.” Akhiré dhèwèké nemokké bukti kuwi yaiku buku The Finished Mystery. Pirang-pirang dina sakwisé kuwi, Sedulur Martin lan telung sedulur lanang liyané ditangkap. Wong-wong kuwi ditudhuh wis nglanggar hukum merga mbagèkké buku sing dilarang.

Sedulur Emma lan telung sedulur liyané divonis hukuman telung taun penjara. Ing tanggal 17 Mei 1920, para sedulur kuwi akhiré dipenjara senajan wis ping bola-bali ngejokké naik banding. Ning, keadaané bakal berubah.

Tanggal 20 Juni 1920, ing kebaktian sing dianakké ing San Francisco, Sedulur Rutherford nyritakké pengalamané Sedulur Emma lan sedulur liyané. Wong-wong sing teka ing kono kagèt wektu ngrungokké pengalaman kuwi. Terus, wong-wong kuwi setuju kanggo ngirim telegram marang présidèné Amerika Serikat. Para sedulur kuwi yakin nèk pamréntah wis nggunakké kuwasané nganggo cara sing salah kanggo njebak Sedulur Emma bèn dhèwèké dipenjara.

Sésuké, Présidèn Woodrow Wilson langsung mbatalké vonisé Sedulur Martin, Sedulur Hamm, Sonnenburg, lan Stevens. Akhiré, para sedulur kuwi dibébaské.

Ing akhir taun 1920, Siswa-Siswa Alkitab ngrasakké akèh berkah. Gawéan ing kantor pusat dadi saya gedhé lan Siswa-Siswa Alkitab dadi luwih semangat martakké Kratoné Allah sing bakal nyingkirké kabèh masalahé manungsa. (Mat. 24:14) Ing taun 1921, Siswa-Siswa Alkitab bakal nindakké gawéan nginjil sing luwih gedhé manèh.

^ par. 18 Buku The Finished Mystery kuwi jilid kepitu saka Studies in the Scriptures. ”ZG” diterbitké dadi The Watch Tower 1 Maret 1918. ”Z” kuwi artiné Zion’s Watch Tower, lan ”G”, huruf kepitu saka abjad, kuwi berarti jilid kepitu.

^ par. 19 Saiki disebut Jadwal KagiyatanUrip lan Nginjilé Wong Kristen.