Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 44

Apa Anaké Njenengan Gelem Nglayani Yéhuwah?

Apa Anaké Njenengan Gelem Nglayani Yéhuwah?

”Yésus terus mundhak gedhé lan saya wicaksana, lan saya ditresnani Gusti Allah lan manungsa.”​—LUK. 2:52.

LAGU 134 Anak-Anak Pusaka Suci saka Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Keputusan paling penting apa sing kudu digawé karo kabèh wong?

KABÈH keputusan sing digawé wong tuwa ana pengaruhé kanggo anak-anaké, apa manèh nèk wong tuwa nggawé keputusan sing salah. Ning, nèk keputusané bener, anak-anaké isa urip bahagia. Sakliyané wong tuwa, anak-anak ya kudu nggawé keputusan sing bener. Ana keputusan sing paling penting sing kudu digawé saben wong, yaiku nglayani Yéhuwah.​—Ms. 73:28.

2. Keputusan apik apa sing digawé karo Yésus lan wong tuwané?

2 Yusuf lan Maria péngin anak-anaké isa nglayani Yéhuwah. Mula, keputusan-keputusan sing digawé karo Yusuf lan Maria kuwi nduduhké nèk nglayani Yéhuwah dadi perkara sing paling penting. (Luk. 2:40, 41, 52) Yésus ya nggawé keputusan sing bener bèn isa nindakké kepénginané Yéhuwah. (Mat. 4:1-10) Hasilé, Yésus dadi wong sing apikan, setya, lan kendel. Kabèh wong tuwa mesthi bangga nduwé anak kaya Yésus.

3. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan iki: Yéhuwah nggawé keputusan apa kanggo Yésus? Apa sing isa disinaoni karo wong tuwa saka keputusan sing digawé karo Yusuf lan Maria? Apa sing isa disinaoni karo cah enom saka keputusan sing digawé karo Yésus?

SINAU SAKA YÉHUWAH

4. Yéhuwah nggawé keputusan penting apa kanggo Yésus?

4 Yéhuwah milih wong tuwa sing paling apik kanggo Yésus. (Mat. 1:18-23; Luk. 1:26-38) Saka kata-katané Maria sing dicathet ing Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Maria kuwi sayang karo Yéhuwah lan seneng nyinaoni Kitab Suci. (Luk. 1:46-55) Yusuf ya sayang lan péngin nggawé Yéhuwah seneng. Buktiné, dhèwèké gelem manut karo préntahé Yéhuwah.​—Mat. 1:24.

5-6. Apa sing Yésus alami wektu ing bumi?

5 Yéhuwah ora milih wong tuwa sing sugih kanggo Yésus. Awaké dhéwé isa ngerti soal kuwi saka korban persembahan sing diwènèhké Yusuf lan Maria sakwisé Yésus lair. (Luk. 2:24) Pas manggon ing Nazarèt, kétoké Yusuf nyambut gawé ing kios cilik ing sebelah omahé. Yusuf lan Maria mungkin ya ora nduwé akèh dhuwit lan bandha, apa manèh Yusuf lan Maria nduwé anak akèh.​—Mat. 13:55, 56.

6 Pancèn, Yéhuwah nglindhungi Yésus saka bahaya-bahaya tertentu. Ning, Yésus tetep ngadhepi akèh tantangan. (Mat. 2:13-15) Misalé, ana sedulur-seduluré sing ora nduwé iman marang Yésus. Dhèwèké mesthi sedhih banget merga awalé sedulur-seduluré padha ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias. (Mrk. 3:21; Yoh. 7:5) Terus, Yésus kudu ngopèni ibu lan adhi-adhiné sakwisé Yusuf mati. Kuwi mesthi ora gampang kanggo Yésus. (Mrk. 6:3) Wektu Yésus tambah déwasa, dhèwèké kudu kerja keras kanggo nyukupi kebutuhan keluargané. Dadi, Yésus ngerti rasané kesel sakwisé nyambut gawé.

Para wong tuwa, wulangen anak-anak kanggo manut karo pathokané Alkitab bèn isa siap wektu ngadhepi tantangan (Deloken paragraf 7) *

7. (a) Pitakonan apa waé sing isa dipikirké karo suami istri sing nduwé anak? (b) Piyé naséhat ing Wulang Bebasan 2:1-6 isa mbantu wong tuwa mulang anak-anaké?

7 Nèk njenengan wis nikah lan péngin nduwé anak, njenengan isa mikirké pitakonan iki, ’Apa aku lan bojoku kuwi wong sing rendah hati, sayang karo Yéhuwah, lan seneng sinau Alkitab? Apa Yéhuwah nganggep nèk aku lan bojoku cocog dadi wong tuwa?’ (Ms. 127:3, 4) Nèk njenengan wis nduwé anak, njenengan isa mikirké pitakonan iki, ’Apa aku ndhidhik anakku bèn gelem kerja keras?’ (Ko. 3:12, 13) ’Apa aku ngupaya tenanan kanggo nglindhungi anakku saka pengaruh donya iki?’ (WB. 22:3) Pancèn, njenengan ora isa nglindhungi anak-anaké njenengan saka kabèh bahaya. Ning, njenengan isa mulang anak-anak kanggo manut karo pathokané Alkitab bèn isa siap wektu ngadhepi tantangan. (Wacanen Wulang Bebasan 2:1-6.) Misalé, wektu ana anggota keluarga sing ditokké saka jemaat, njenengan isa nggunakké Alkitab kanggo mbantu anak-anak ngerti nèk tetep setya marang Yéhuwah kuwi penting. (Ms. 31:24) Utawa, wektu ditinggal mati karo wong sing ditresnani, njenengan isa nggunakké Alkitab kanggo mènèhi penghiburan marang anak-anak.​—2 Kor. 1:3, 4; 2 Tim. 3:16.

SINAU SAKA YUSUF LAN MARIA

8. Nurut Pangandharing Torèt 6:6, 7, préntah apa sing ditindakké karo Yusuf lan Maria?

8 Yusuf lan Maria nindakké tugasé dadi wong tuwa, kaya sing Yéhuwah préntahké. Hasilé, Yésus isa dadi anak sing nyenengké Yéhuwah. (Wacanen Pangandharing Torèt 6:6, 7.) Yusuf lan Maria bener-bener sayang karo Yéhuwah. Wong loro kuwi péngin bèn anak-anaké ya sayang karo Yéhuwah.

9. Yusuf lan Maria nggawé keputusan penting apa?

9 Yusuf lan Maria nggawé keputusan kanggo ngejak anak-anaké rutin ngibadah. Misalé, saben minggu teka ing sinagogé sing ana ing Nazarèt lan saben taun teka ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah. (Luk. 2:41; 4:16) Pas ing perjalanan menyang Yérusalèm, Yusuf lan Maria mungkin crita marang anak-anaké soal umaté Yéhuwah ing jaman mbiyèn. Yusuf lan keluargané mungkin ya ngunjungi panggonan-panggonan sing disebutké ing Kitab Suci. Wektu Yusuf lan Maria nduwé anak manèh, wong loro kuwi kudu ngupaya tenanan bèn isa tetep rutin ngejak anak-anaké ngibadah. Merga terus ngutamakké Yéhuwah, Yusuf lan keluargané dadi nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah.

10. Apa sing isa disinaoni karo para wong tuwa saka pengalamané Yusuf lan Maria?

10 Apa sing isa disinaoni karo para wong tuwa saka pengalamané Yusuf lan Maria? Liwat omongan lan tumindak, wong tuwa isa nduduhké marang anak-anaké nèk dhèwèké sayang karo Yéhuwah. Wong tuwa ya isa nduduhké marang anak-anaké nèk kesempatan kanggo kenal karo Yéhuwah kuwi dadi perkara sing paling berharga. Terus, wong tuwa ya isa ngandhani pelajaran sing penting kanggo anak-anaké yaiku soal piyé carané bèn isa teratur sinau Alkitab, ndonga, teka ing perhimpunan, lan nginjil. (1 Tim. 6:6) Pancèn, wong tuwa kudu nyukupi kebutuhan anak-anaké. (1 Tim. 5:8) Ning, wong tuwa kudu éling nèk bandha kuwi ora isa nylametké anak-anaké wektu pungkasané donya iki teka. Anak-anaké isa urip saklawasé nèk nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. *Yk. 7:19; 1 Tim. 4:8.

Awaké dhéwé mesthi seneng merga ana akèh wong tuwa sing nggawé keputusan sing bener bèn anak-anaké isa cedhak karo Yéhuwah (Deloken paragraf 11) *

11. (a) Piyé naséhat ing 1 Timotius 6:17-19 isa mbantu wong tuwa nggawé keputusan sing bener soal anak-anaké? (b) Keluargané njenengan nduwé cita-cita apa, lan apa berkahé? (Deloken kothak ” Keluargané Njenengan Nduwé Cita-Cita Apa?”)

11 Awaké dhéwé mesthi seneng merga ana akèh wong tuwa sing nggawé keputusan sing bener bèn anak-anaké isa cedhak karo Yéhuwah. Para wong tuwa kuwi teratur ngejak keluargané ngibadah bareng. Misalé, teka ing perhimpunan, kebaktian, lan nginjil bareng. Malah, ana keluarga sing nginjil ing dhaérah sing jarang dikerjakké. Sing liyané, ana sing ngunjungi Bètel utawa mèlu proyèk pembangunan. Pancèn, kuwi mbutuhké akèh biaya lan mungkin ana tantangané. Ning, Yéhuwah mesthi bakal mberkahi. (Wacanen 1 Timotius 6:17-19.) Nèk wong tuwa nindakké kuwi kabèh, anak-anaké mesthi ya bakal nindakké sing padha wektu tambah déwasa. Anak-anaké mesthi ya seneng merga didhidhik karo wong tuwa sing ngutamakké kepénginané Yéhuwah. *WB. 10:22.

SINAU SAKA YÉSUS

12. Apa sebabé Yésus kudu nggawé keputusan dhéwé?

12 Yéhuwah ora tau nggawé keputusan sing salah kanggo Yésus. Yusuf lan Maria ya nggawé keputusan sing bener kanggo anaké. Ning, sakwisé déwasa, Yésus kudu nggawé keputusan dhéwé. (Gal. 6:5) Apa sebabé? Yésus nduwé kebébasan kanggo milih, kaya sing awaké dhéwé duwèni. Yésus sakjané isa waé milih kanggo ngutamakké kepentingané dhèwèké dhéwé. Ning, dhèwèké milih kanggo tetep akrab karo Yéhuwah. (Yoh. 8:29) Piyé carané cah-cah enom isa niru Yésus?

Cah-cah enom, terusa manut karo préntahé wong tuwa (Deloken paragraf 13) *

13. Keputusan penting apa sing digawé Yésus wektu isih enom?

13 Wektu isih enom, Yésus milih manut karo wong tuwané. Yésus ora nganggep nèk dhèwèké ngerti luwih akèh ketimbang wong tuwané utawa nglawan préntahé Yusuf lan Maria. Alkitab kandha nèk Yésus ”terus manut marang wong tuwané”. (Luk. 2:51) Yésus nganggep serius tanggung jawabé dadi anak mbarep. Yésus mesthi kerja keras kanggo sinau ketrampilan saka bapaké bèn isa mbantu nyukupi kebutuhan keluargané.

14. Apa buktiné nèk Yésus seneng sinau Kitab Suci?

14 Yusuf lan Maria mungkin crita karo Yésus soal kelahirané lan apa sing diomongké malaékat soal dhèwèké. (Luk. 2:8-19, 25-38) Ning, Yésus ora mung ngrungokké critané wong tuwané. Yésus dhéwé ya seneng sinau Kitab Suci. Apa buktiné? Senajan Yésus isih enom, para pemimpin agama ing Yérusalèm nganti ”nggumun banget karo pangertèn lan jawaban-jawabané”. (Luk. 2:46, 47) Terus, wektu umuré 12 taun, Yésus isa bener-bener yakin nèk Yéhuwah kuwi Bapaké merga dhèwèké nduwé akèh pengetahuan saka Kitab Suci.​—Luk. 2:42, 43, 49.

15. Piyé carané Yésus nduduhké nèk dhèwèké milih kanggo nindakké kepénginané Yéhuwah?

15 Yésus nggawé keputusan sing bener wektu dhèwèké ngerti apa kepénginané Yéhuwah. (Yoh. 6:38) Contoné, Yésus ngerti nèk akèh wong bakal sengit karo dhèwèké. Senajan Yésus ora péngin kuwi kelakon, ning dhèwèké tetep milih manut karo Yéhuwah. Sakwisé dibaptis taun 29 M, Yésus ya terus nindakké kepénginané Yéhuwah. (Ibr. 10:5-7) Malah, Yésus terus manut karo Yéhuwah nganti dhèwèké mati.​—Yoh. 19:30.

16. Apa sing isa disinaoni karo anak-anak saka contoné Yésus?

16 Manuta karo wong tuwamu. Kaya Yusuf lan Maria, bapak lan ibumu ya ora sampurna. Ning, Yéhuwah mènèhi tanggung jawab marang wong tuwa kanggo nglindhungi lan ndhidhik anak-anak. Nèk manut karo préntahé wong tuwa lan ngajèni wewenangé, uripmu bakal ”kepénak”.—Éf. 6:1-4.

17. Nurut Yusak 24:15, keputusan apa sing kudu digawé karo cah-cah enom?

17 Miliha ngabdi marang Yéhuwah. Cah-cah enom kudu bener-bener ngerti sipat-sipaté Yéhuwah, apa kepénginané, lan piyé carané nindakké kepénginané. (Rm. 12:2) Nèk ngerti soal kuwi, kowé isa nggawé keputusan kanggo nglayani Yéhuwah. (Wacanen Yusak 24:15; Ko. 12:1) Nèk kowé maca Alkitab saben dina lan ngrenungké isiné, kowé bakal tambah sayang lan nduwé iman sing luwih kuwat marang Yéhuwah.

18. Keputusan apa sing kudu digawé karo cah-cah enom, lan apa hasilé?

18 Utamakna kepénginané Yéhuwah. Donya iki péngin nduduhké nèk kowé nggunakké kemampuan kanggo kepentinganmu dhéwé, kowé bakal bahagia. Ning, Alkitab kandha nèk wong-wong sing fokus mburu bandha sakjané nglarani awaké ”nganggo akèh kasangsaran”. (1 Tim. 6:9, 10) Nèk kowé manut karo Yéhuwah lan ngutamakké kepénginané, kowé bakal bahagia lan isa ”olèh kabegjan [”tumindak wicaksana”, Terjemahan Dunia Baru]”.​—Ys. 1:8.

NJENENGAN AREP NGGAWÉ KEPUTUSAN APA?

19. Para wong tuwa kudu éling soal apa?

19 Para wong tuwa, ngupayaa sak isa-isané kanggo mbantu anak-anak bèn isa nglayani Yéhuwah. Percayaa marang Yéhuwah, lan Dhèwèké bakal mbantu njenengan bèn isa nggawé keputusan sing bener. (WB. 3:5, 6) Élinga nèk tumindaké wong tuwa kuwi luwih gedhé pengaruhé kanggo anak-anak. Mula, wong tuwa kudu nggawé keputusan sing bener bèn anak-anaké isa nyenengké Yéhuwah.

20. Apa berkahé nèk cah-cah enom milih nglayani Yéhuwah?

20 Cah-cah enom, pancèn wong tuwamu isa mbantu kowé kanggo nggawé keputusan sing bener. Ning, akhiré kowé dhéwé sing kudu mutuské arep tumindak apa bèn isa nyenengké Yéhuwah. Mula, tirunen Yésus lan ngabdia marang Yéhuwah. Nèk nindakké kuwi, kowé isa ngrasa bahagia saiki lan ing masa depan.​—1 Tim. 4:16.

LAGU 133 Éling marang Yéhuwah Wektu Isih Enom

^ par. 5 Kabèh wong tuwa Kristen mesthi péngin anak-anaké urip bahagia lan akhiré nglayani Yéhuwah. Keputusan apa waé sing kudu digawé wong tuwa kanggo mbantu anak-anaké bèn isa nglayani Yéhuwah? Keputusan apa waé sing kudu ditindakké cah-cah enom bèn isa bahagia? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

^ par. 11 Deloken kothak ”Mereka Orang Tua yang Terbaik Bagiku” ing Sedarlah! Oktober 2011 halaman 20, lan artikel ”Sepucuk Surat Istimewa kepada Orang-Tua Mereka” ing Sedarlah! 8 Maret 1999 halaman 25.

^ par. 66 GAMBAR: Maria mesthi mulang Yésus bèn isa sayang karo Yéhuwah. Kaya Maria, para ibu saiki ya kudu mulang anak-anaké bèn isa sayang karo Yéhuwah.

^ par. 68 GAMBAR: Yusuf nganggep nèk ngibadah ing sinagogé bareng karo keluargané kuwi sesuatu sing berharga. Para kepala keluarga ya kudu nduwé pandangan sing padha wektu berhimpun bareng karo keluargané.

^ par. 70 GAMBAR: Kaya Yésus sing sinau ketrampilan saka Yusuf, cah-cah enom saiki ya isa sinau ketrampilan saka bapaké.