Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 41

Carané Mbantu Wong sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Siji

Carané Mbantu Wong sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Siji

”Kowé kabèh kuwi suraté Kristus, sing ditulis karo aku kabèh yaiku para abdiné Gusti Allah.”​—2 KOR. 3:3.

LAGU 78 ”Mulangké Pangandikané Gusti”

ISINÉ ARTIKEL IKI *

Kabèh umaté Yéhuwah mesthi seneng banget wektu ndelok sing sinau Alkitab akhiré dibaptis (Deloken paragraf 1)

1. Nurut 2 Korintus 3:1-3, piyé pandangané awaké dhéwé marang wong-wong sing dibaptis? (Deloken gambar ing halaman 1.)

NJENENGAN mesthi seneng wektu ana salah siji wong sing sinau Alkitab dibaptis. (Mat. 28:19) Apa manèh nèk njenengan sing mbantu dhèwèké sinau Alkitab. Njenengan mesthi seneng banget. (1 Tés. 2:19, 20) Wong-wong sing lagi waé dibaptis kuwi kaya ”surat-surat” sing nguwatké kanggo sing mbantu sinau Alkitab lan kanggo kabèh sedulur ing jemaat.​—Wacanen 2 Korintus 3:1-3.

2. (a) Pitakonan apa sing perlu awaké dhéwé pikirké, lan apa sebabé? (b) Sinau Alkitab kuwi apa? (Deloken cathetan ngisor.)

2 Kèt taun 2016, ana kira-kira sepuluh juta wong ing sakdonya sing sinau Alkitab * saben sasi lan ana kira-kira 280.000 wong sing dibaptis saben taun. Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu wong-wong sing sinau Alkitab bèn isa dibaptis? Yéhuwah isih mènèhi kesempatan marang wong-wong kanggo dadi umaté. Pungkasané donya iki ya wis mèh teka. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu wong-wong kuwi bèn isa dibaptis.​—1 Kor. 7:29a; 1 Ptr. 4:7.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Merga tugas ndadèkké murid kuwi tugas sing penting banget, Pengurus Pusat njaluk saran saka kantor-kantor cabang soal carané mbantu wong-wong sing sinau Alkitab bèn isa dibaptis. Mula, ing artikel iki lan artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal sinau saran-saran saka para perintis, utusan injil, lan pinituwa wilayah ing negara liya. * (WB. 11:14; 15:22) Para sedulur kuwi mènèhi saran soal apa sing kudu ditindakké karo sing mbantu sinau Alkitab lan sing dibantu bèn sinau Alkitabé luwih bermanfaat. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug limang cara sing kudu ditindakké sing sinau bèn isa nggawé kemajuan lan akhiré dibaptis. Para sedulur sing mandhu sinau Alkitab isa mbantu sing sinau kanggo ngetrapké cara-cara kuwi.

SINAU SABEN MINGGU

Takon karo sing sinau Alkitab soal panggonan sing cocog kanggo neruské sinauné (Deloken paragraf 4-6)

4. Apa sing isa awaké dhéwé ngertèni soal mandhu sinau Alkitab ing ngarep omah?

4 Ana akèh sedulur sing mandhu sinau Alkitab mung ing ngarep omah. Kuwi salah siji cara kanggo mbantu wong-wong bèn ngerti luwih akèh soal Alkitab. Ning, biasané rembugané mung sedhéla lan mungkin ora saben minggu. Mula, sakliyané ngunjungi wong kuwi, ana para sedulur sing njaluk nomer télépon bèn isa ngirim pesan utawa nélpon kanggo ngrembug salah siji topik saka Alkitab bèn wong kuwi gelem terus dijak rembugan. Mungkin kuwi isa ditindakké nganti pirang-pirang sasi. Ning, nèk sing sinau ora nyisihké wektu lan ora ngupaya tenanan kanggo sinau Alkitab, dhèwèké ora bakal isa dibaptis.

5. Nurut Lukas 14:27-33, perumpamaan apa sing isa awaké dhéwé gunakké kanggo mbantu wong sing sinau Alkitab?

5 Yésus mènèhi perumpamaan soal apa sing kudu ditindakké bèn isa dadi muridé. Dhèwèké nyebutké soal wong sing arep mbangun menara lan raja sing arep perang. Yésus kandha nèk wong kuwi kudu ”lungguh dhisik lan ngétung ragadé” kanggo ngrampungké menarané lan raja kuwi kudu ”lungguh dhisik lan njaluk naséhat” bèn tentara-tentarané isa menang perang. (Wacanen Lukas 14:27-33.) Yésus ngerti nèk wong sing péngin dadi muridé ya kudu mikirké tenanan apa sing kudu dhèwèké tindakké bèn isa dadi muridé Yésus. Mula, awaké dhéwé kudu ngejak wong sing sinau bèn isa sinau Alkitab saben minggu. Piyé carané?

6. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké bèn sing sinau Alkitab nggawé kemajuan?

6 Senajan sinauné mung ing ngarep omah, awaké dhéwé isa ngupaya bèn sinau Alkitabé isa luwih suwé saka biasané. Mungkin, awaké dhéwé isa ngrembug luwih saka siji ayat Alkitab saben ngunjungi wong kuwi. Nèk sing sinau Alkitab gelem dijak rembugan luwih suwé, awaké dhéwé isa takon soal panggonan sing cocog kanggo neruské sinauné. Saka tanggepané, awaké dhéwé bakal ngerti apa dhèwèké nganggep nèk sinau Alkitab kuwi penting utawa ora. Terus, bèn sing sinau Alkitab luwih cepet nggawé kemajuan, awaké dhéwé mungkin isa takon apa dhèwèké gelem sinau seminggu ping pindho. Sakliyané sinau saben minggu, ana manèh sing kudu ditindakké karo sing sinau Alkitab.

NGGAWÉ PERSIAPAN

Nggawé persiapan lan nduduhké carané nindakké kuwi (Deloken paragraf 7-9)

7. Piyé carané wong sing mbantu sinau Alkitab nggawé persiapan sakdurungé mandhu sinau?

7 Wong sing mbantu sinau kudu persiapan dhisik sakdurungé mandhu sinau Alkitab. Piyé carané? Pertama-tama, wacanen bahan sing arep dienggo sinau lan ayat-ayaté bèn bener-bener paham soal topik sing dirembug. Gatèkna judhul artikelé, subjudhulé, pitakonan-pitakonané, ayat-ayat sing kudu diwaca, gambar-gambaré, lan vidéo-vidéo sing cocog kanggo topik kuwi. Terus, pikirna kebutuhané wong sing sinau Alkitab lan piyé carané njelaské topik kuwi nganggo cara sing sederhana lan jelas bèn sing sinau Alkitab isa paham lan ngetrapké apa sing disinaoni.​—Ny. 8:9; WB. 15:28a.

8. Saka kata-katané Paulus ing Kolose 1:9, 10, awaké dhéwé isa sinau apa soal ndongakké sing sinau Alkitab?

8 Sakdurungé persiapan, awaké dhéwé ya perlu ndonga. Awaké dhéwé isa ndongakké sing sinau Alkitab, apa waé sing dhèwèké butuhké, lan njaluk Yéhuwah mbantu awaké dhéwé wektu mandhu sinau Alkitab. (Wacanen Kolose 1:9, 10.) Awaké dhéwé isa mikirké apa waé sing mungkin ora dipahami karo sing sinau Alkitab lan sing mungkin nggawé dhèwèké ora setuju karo wulangan kuwi. Awaké dhéwé kudu terus éling, nèk tujuan utamané awaké dhéwé yaiku mbantu wong sing sinau Alkitab bèn isa dibaptis.

9. Piyé carané awaké dhéwé mbantu sing sinau Alkitab nggawé persiapan? Jelasna.

9 Awaké dhéwé mesthi péngin bèn sing sinau Alkitab isa ngajèni apa sing wis ditindakké Yéhuwah lan Yésus. Awaké dhéwé ya péngin bèn dhèwèké nduwé kepénginan kanggo sinau luwih akèh soal Yéhuwah lan Yésus. Nèk dhèwèké teratur sinau Alkitab, mungkin kuwi kabèh isa kelakon. (Mat. 5:3, 6) Bèn isa éntuk manfaat saka sinau Alkitab, wong sing sinau kudu fokus karo apa sing disinaoni. Bèn dhèwèké isa fokus, awaké dhéwé kudu njelaské nèk persiapan sakdurungé sinau Alkitab kuwi penting. Dhèwèké kudu maca dhisik topik sing arep dirembug lan mikirké carané ngetrapké kuwi. Piyé carané awaké dhéwé mbantu dhèwèké? Awaké dhéwé isa persiapan bareng karo sing sinau Alkitab bèn dhèwèké ngerti carané nggawé persiapan. * Awaké dhéwé ya isa njelaské carané nemokké jawaban saka pitakonan-pitakonan terus nggarisi kata kunci sing isa mbantu dhèwèké ngéling-éling jawabané. Terus, awaké dhéwé isa ngandhani dhèwèké kanggo nggunakké kata-katané dhèwèké dhéwé wektu mènèhi jawaban. Nèk dhèwèké gelem nindakké kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa dhèwèké bener-bener paham soal topik sing dirembug utawa ora. Ning, ana manèh sing kudu ditindakké karo sing sinau Alkitab.

KOMUNIKASI KARO YÉHUWAH SABEN DINA

Mbantu sing sinau Alkitab bèn nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah (Deloken paragraf 10-11)

10. Apa sebabé maca Alkitab saben dina kuwi penting, lan piyé carané bèn sing sinau isa éntuk luwih akèh manfaat saka maca Alkitab?

10 Sakliyané sinau Alkitab saben minggu, wong sing sinau isa éntuk manfaat nèk komunikasi karo Yéhuwah saben dina. Piyé carané? Dhèwèké kudu ngrungokké lan omong-omongan karo Yéhuwah. Dhèwèké isa ngrungokké Yéhuwah liwat maca Alkitab saben dina. (Ys. 1:8; Ms. 1:1-3) Duduhna carané nggunakké ”Jadwal Maca Alkitab” sing ana ing jw.org. * Bèn sing sinau Alkitab isa éntuk akèh manfaat, awaké dhéwé isa mbantu dhèwèké kanggo ngrenungké wulangané Alkitab soal Yéhuwah lan piyé carané dhèwèké isa ngetrapké apa sing disinaoni.​—Kis. 17:11; Yak. 1:25.

11. Piyé carané bèn sing sinau isa ngerti carané ndonga sing tulus marang Yéhuwah, lan apa sebabé ndonga saben dina kuwi penting?

11 Awaké dhéwé ya isa ngandhani sing sinau kanggo ndonga saben dina bèn isa omong-omongan karo Yéhuwah. Sakdurungé lan sakwisé sinau, awaké dhéwé isa ndonga bareng karo sing sinau. Wektu ndonga awaké dhéwé isa nyebutké jenengé dhèwèké. Wektu ngrungokké dongané awaké dhéwé, sing sinau isa ngerti carané ndonga sing tulus marang Yéhuwah lan dongané kudu disampèkké liwat Yésus. (Mat. 6:9; Yoh. 15:16) Nèk kerep ngrungokké lan omong-omongan karo Yéhuwah liwat maca Alkitab saben dina lan donga, wong sing sinau isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Dhèwèké ya isa dibantu kanggo nggawé janji ngabdi lan akhiré dibaptis. Apa manèh sing isa mbantu dhèwèké bèn isa dibaptis?

NDUWÉ HUBUNGAN SING AKRAB KARO YÉHUWAH

12. Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu sing sinau bèn isa akrab karo Yéhuwah?

12 Awaké dhéwé péngin supaya wong sing sinau isa kenal karo Yéhuwah. Ning, awaké dhéwé ya perlu ngupaya bèn apa sing dhèwèké sinaoni kuwi isa ana ing atiné lan nggawé dhèwèké dadi péngin ngetrapké apa sing disinaoni. Yésus kerep mulang wong-wong lan wong-wong kuwi ya seneng sinau saka Yésus. Ning, wong-wong kuwi gelem dadi muridé merga Yésus ya mbantu wong-wong kuwi bèn nduwé kepénginan kanggo ngetrapké apa sing disinaoni. (Luk. 24:15, 27, 32) Sing sinau kudu ngerti nèk Yéhuwah kuwi bener-bener ana lan dhèwèké isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Sing sinau ya kudu ngerti nèk Yéhuwah kuwi isa dadi Bapaké, Gusti Allahé, lan Kancané. (Ms. 25:4, 5) Wektu sinau Alkitab, awaké dhéwé isa mbantu sing sinau bèn ngerti sipat-sipaté Yéhuwah. (Pa. 34:5, 6; 1 Ptr. 5:6, 7) Ora soal topik apa sing dirembug, awaké dhéwé isa nduduhké nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing perduli, apikan, lan sayang karo manungsa. Yésus kandha nèk ”préntah sing paling penting lan paling utama” yaiku ”tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu”. (Mat. 22:37, 38) Awaké dhéwé perlu ngupaya kanggo mbantu sing sinau bèn sayang karo Yéhuwah.

13. Wènèhana conto piyé carané mbantu sing sinau ngerti soal sipaté Yéhuwah.

13 Wektu sinau, awaké dhéwé isa nyritakké apa sebabé awaké dhéwé sayang marang Yéhuwah. Kuwi mungkin isa mbantu sing sinau ngerti nèk dhèwèké ya perlu dadi sahabaté Yéhuwah lan nresnani Dhèwèké. (Ms. 73:28) Misalé, awaké dhéwé isa nduduhké kata-kata saka wacan-wacan utawa saka Alkitab sing nyebutké soal katresnan, kawicaksanan, keadilan, utawa kuwasané Yéhuwah sing nggawé awaké dhéwé dadi sayang karo Yéhuwah. Ning, ana manèh sing kudu ditindakké karo wong sing sinau bèn dhèwèké isa dibaptis.

TEKA ING PERHIMPUNAN

Nyemangati sing sinau kanggo teka berhimpun (Deloken paragraf 14-15)

14. Nurut Ibrani 10:24, 25, apa sebabé teka ing perhimpunan kuwi ana manfaaté kanggo sing sinau Alkitab?

14 Awaké dhéwé mesthi péngin bèn wong sing sinau isa nggawé kemajuan lan akhiré dibaptis. Salah siji carané, awaké dhéwé isa ngejak dhèwèké teka ing perhimpunan. Para penginjil sing nduwé akèh pengalaman kandha nèk wong sing sinau isa luwih cepet nggawé kemajuan nèk dhèwèké teka ing perhimpunan. (Ms. 111:1) Para penginjil liyané kandha nèk pancèn wong sing sinau isa ngerti wulangan sing bener wektu dhèwèké sinau Alkitab. Ning, dhèwèké isa nampa luwih akèh pengetahuan Alkitab nèk dhèwèké teka ing perhimpunan. Wacanen Ibrani 10:24, 25 bareng karo dhèwèké lan jelasna manfaat apa sing bakal ditampa nèk dhèwèké teka ing perhimpunan. Awaké dhéwé ya isa nyetèlké vidéo Ana Acara Apa Waé ing Balé Ibadah? * Awaké dhéwé perlu ngupaya kanggo mbantu sing sinau bèn teka ing saben perhimpunan.

15. Piyé carané nyemangati sing sinau bèn isa teratur berhimpun?

15 Apa sing kudu ditindakké nèk sing sinau durung tau berhimpun utawa ora teratur berhimpun? Awaké dhéwé isa nyritakké soal apa sing isa disinaoni saka acara perhimpunan. Cara kuwi mungkin isa nyemangati dhèwèké kanggo teka berhimpun. Awaké dhéwé isa mènèhi dhèwèké Warta Penting utawa Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil sing dirembug minggu kuwi. Awaké dhéwé ya isa nyritakké apa sing bakal dirembug ing perhimpunan sakbanjuré. Terus, awaké dhéwé isa takon karo dhèwèké soal bagéan perhimpunan endi sing dhèwèké senengi. Wektu dhèwèké teka ing perhimpunan pertama kaliné, dhèwèké bakal ngrasakké nèk apa sing dirembug lan tumindaké para sedulur kuwi béda banget karo apa sing dhèwèké rasakké wektu teka ing pertemuan ibadah liyané. (1 Kor. 14:24, 25) Dhèwèké ya isa ketemu karo para sedulur sing setya lan isa mbantu dhèwèké kanggo nggawé kemajuan lan akhiré dibaptis.

16. Piyé carané mbantu wong sing sinau Alkitab bèn isa dibaptis, lan apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

16 Piyé carané mbantu wong sing sinau Alkitab bèn isa dibaptis? Awaké dhéwé perlu mbantu sing sinau ngerti nèk sinau Alkitab kuwi penting. Carané, awaké dhéwé isa ngejak dhèwèké kanggo sinau Alkitab saben minggu lan nggawé persiapan. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé perlu ngandhani sing sinau bèn isa komunikasi karo Yéhuwah saben dina lan dadi sahabaté. Awaké dhéwé ya perlu nyemangati dhèwèké kanggo teka berhimpun. (Deloken kothak ing halaman 12, ” Sing Kudu Ditindakké karo Wong sing Sinau Bèn Isa Dibaptis.”) Kaya sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré, ana limang cara liyané sing kudu awaké dhéwé tindakké kanggo mbantu sing sinau bèn isa dibaptis.

LAGU 76 Kepriyé Rasané?

^ par. 5 Mulang wong liya soal sesuatu berarti awaké dhéwé mbantu dhèwèké ”mikir, ngrasakké, utawa tumindak nganggo cara sing béda”. Saka Matius 28:19 sing dadi ayat taunan 2020, awaké dhéwé nduwé tugas penting kanggo mbantu wong-wong sinau Alkitab lan akhiré dibaptis. Ing artikel iki lan artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug carané bèn isa luwih trampil nindakké tugas penting kuwi.

^ par. 2 KATRANGAN: Nèk njenengan teratur ngrembug wulangané Alkitab karo wong liya kuwi artiné njenengan lagi mandhu sinau Alkitab. Nèk njenengan wis nduduhké carané sinau Alkitab, terus njenengan mandhu sinau Alkitab karo dhèwèké nganti ping pindho, lan kétoké wong kuwi bakal isa teratur sinau Alkitab, njenengan isa nulis kuwi ing laporan jam dinas.

^ par. 3 Ing artikel iki, ya ana saran-saran saka séri artikel ”Memimpin Pengajaran Alkitab yang Progresif” sing disebutké ing Pelayanan Kerajaan Kita sasi Juli 2004 nganti April 2005 lan artikel ”Memimpin Pelajaran Alkitab yang Progresif” ing Pelayanan Kerajaan Kita sasi Mei 2005.

^ par. 9 Deloken vidéo singkat Ngajari Sing Sinau Alkitab Carané Persiapan ing jw.org®. Ana ing bagéan PERPUSTAKAAN > VIDÉO > PAKUMPULAN IBADAH LAN GAWÉAN NGINJIL > TAMBAH TRAMPIL NGINJIL.

^ par. 10 Deloken ing bagéan PERPUSTAKAAN > BUKU & BROSUR.

^ par. 14 Deloken ing jw.org®, ing bagéan PERPUSTAKAAN > VIDÉO > PAKUMPULAN IBADAH LAN GAWÉAN NGINJIL > BANTUAN KANGGO NGINJIL.