Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 42

Carané Mbantu Wong sing Sinau Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Loro

Carané Mbantu Wong sing Sinau Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Loro

”Terus gatèkna cara uripmu lan wulanganmu.”​—1 TIM. 4:​16.

LAGU 77 Sumber Padhang Sejati

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sebabé gawéan nginjil kuwi isa nylametké wong-wong?

GAWÉAN nginjil kuwi isa nylametké wong-wong. Ing Matius 28:19, 20 Yésus kandha, ’Padha lungaa, dadèkna wong-wong muridku, baptisen wong-wong kuwi.’ Apa sebabé dibaptis kuwi penting? Merga dibaptis kuwi dadi syarat utama bèn isa dislametké. Wong sing kepéngin dibaptis kudu percaya nèk dhèwèké isa urip saklawasé mung merga tebusané Yésus. Kuwi cocog karo omongané Rasul Pétrus marang wong-wong Kristen, ”Baptisan sing saiki nylametké kowé liwat Yésus Kristus sing diuripké manèh.” (1 Ptr. 3:​21) Dadi, wektu wong sing sinau kuwi dibaptis berarti dhèwèké nduwé harapan kanggo urip saklawasé.

2. Nurut 2 Timotius 4:​1, 2 apa sing kudu ditindakké wektu mulang wong liya?

2 Bèn isa mbantu wong-wong dibaptis, awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo nggunakké ”cara mulang sing trampil”. (Wacanen 2 Timotius 4:​1, 2.) Apa sebabé? Yésus kandha, ’Padha lungaa, dadèkna wong-wong muridku, wulangen wong-wong kuwi.’ Rasul Paulus kandha nèk gawéan kuwi kudu ’terus’ ditindakké ”merga nganggo cara kuwi, kowé bakal nylametké nyawamu lan wong-wong sing ngrungokké kowé”. Terus, Paulus kandha, ’Terus gatèkna wulanganmu.’ (1 Tim. 4:​16) Mula, awaké dhéwé mesthi péngin isa trampil mulang bèn isa mbantu wong liya dadi muridé Yésus.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ing sakdonya, umaté Yéhuwah mbantu jutaan wong kanggo sinau Alkitab. Ning, kaya sing wis disebutké ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé péngin ngerti luwih akèh carané mbantu wong-wong kuwi bèn isa dibaptis. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug limang cara liyané sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo mbantu wong sing sinau bèn isa nggawé kemajuan lan akhiré dibaptis.

NGGUNAKKÉ ALKITAB WEKTU MULANG

Awaké dhéwé isa njaluk bantuané sedulur sing berpengalaman bèn awaké dhéwé isa luwih trampil nggunakké Alkitab wektu mulang (Deloken paragraf 4-6) *

4. Apa sebabé sing mandhu sinau kudu ngendhalèni dhiri wektu mulang Alkitab? (Deloken cathetan ngisor.)

4 Awaké dhéwé mesthi seneng nyritakké wulangané Alkitab marang wong liya. Ning, kuwi mungkin nggawé awaké dhéwé dadi kakèhan njelaské wulangané Alkitab. Padahal, wektu mandhu Sinau Warta Penting, Sinau Alkitab Jemaat, utawa sinau Alkitab ing omah, wong sing mandhu kuduné ora kakèhan mènèhi penjelasan. Bèn isa bener-bener nggunakké Alkitab wektu mulang, dhèwèké kudu ngendhalèni dhiri supaya ora kakèhan mènèhi penjelasan. * (Yoh. 16:12) Awaké dhéwé isa mbandhingké pengetahuan Alkitab sing awaké dhéwé ngertèni sakwisé dibaptis karo pengetahuan Alkitab sing awaké dhéwé ngertèni saiki. Sakwisé dibaptis, awaké dhéwé mungkin mung ngerti ajaran dhasar Alkitab. (Ibr. 6:1) Awaké dhéwé ya butuh pirang-pirang taun nganti akhiré isa nduwé akèh pengetahuan Alkitab. Mula, wektu mulang wong liya, awaké dhéwé kuduné ora kakèhan njelaské wulangané Alkitab.

5. (a) Nurut 1 Tésalonika 2:​13, awaké dhéwé péngin mbantu wong sing sinau ngerti soal apa? (b) Piyé carané awaké dhéwé mbantu wong sing sinau bèn isa nyritakké apa sing wis dhèwèké sinaoni?

5 Awaké dhéwé péngin mbantu wong sing sinau ngerti nèk apa sing disinaoni kuwi asalé saka Alkitab. (Wacanen 1 Tésalonika 2:​13.) Piyé carané? Awaké dhéwé isa mbantu dhèwèké bèn isa njelaské marang awaké dhéwé soal apa sing wis dhèwèké sinaoni. Ketimbang awaké dhéwé sing mènèhi akèh penjelasan soal ayat-ayat sing dirembug, mungkin awaké dhéwé isa njaluk dhèwèké kanggo nyritakké pendapaté soal ayat kuwi marang awaké dhéwé. Bantunen sing sinau bèn ngerti carané ngetrapké pathokané Alkitab. Gunakna pitakonan sing nggawé dhèwèké isa nyritakké perasaan lan pendapaté soal ayat-ayat sing dhèwèké waca. (Luk. 10:25-​28) Misalé, awaké dhéwé isa takon, ”Piyé ayat iki mbantu njenengan isa ngerti salah siji sipat-sipaté Yéhuwah?” ”Apa manfaaté wulangan saka Alkitab iki kanggo njenengan?” ”Piyé perasaané njenengan soal apa sing njenengan sinaoni?” (WB. 20:5) Sing paling penting kuwi dhèwèké ngajèni lan ngetrapké apa sing dhèwèké sinaoni, dudu sepira akèhé pengetahuan sing diduwèni.

6. Apa sebabé awaké dhéwé perlu ngejak sedulur sing berpengalaman wektu mandhu sinau Alkitab?

6 Awaké dhéwé mungkin tau ngejak sedulur sing berpengalaman wektu mandhu sinau Alkitab. Nèk ngono, awaké dhéwé isa takon pendapaté dhèwèké soal carané awaké dhéwé mandhu sinau Alkitab lan apa awaké dhéwé wis trampil nggunakké Alkitab wektu mulang. Awaké dhéwé kudu rendah hati nèk péngin dadi luwih trampil wektu mulang. (Bandhingna Kisah Para Rasul 18:24-​26.) Terus, awaké dhéwé isa takon karo sedulur kuwi apa sing sinau Alkitab wis paham karo sing disinaoni. Awaké dhéwé ya isa njaluk tulung sedulur kuwi kanggo nggantèni awaké dhéwé mandhu sinau Alkitab nèk awaké dhéwé ora isa teka. Dadi, sinau Alkitabé isa tetep teratur. Wong sing sinau ya dadi ngerti nèk sinau Alkitab kuwi penting kanggo dhèwèké. Aja nganggep nèk mung awaké dhéwé sing isa mulang dhèwèké. Awaké dhéwé péngin ngupaya sak isa-isané bèn sing sinau Alkitab isa terus nggawé kemajuan.

NGAJÈNI LAN PERCAYA KARO WULANGANÉ ALKITAB

Awaké dhéwé isa nyritakké pengalaman-pengalaman sing isa mbantu sing sinau ngerti carané ngetrapké pathokané Alkitab (Deloken paragraf 7-9) *

7. Apa sing isa nggawé sing sinau dadi péngin ngerti luwih akèh soal sing dhèwèké sinaoni?

7 Wong sing sinau kudu ngerti nèk awaké dhéwé ngajèni lan percaya karo wulangané Alkitab. (1 Tés. 1:5) Kuwi isa nggawé dhèwèké péngin ngerti luwih akèh soal apa sing dhèwèké sinaoni. Awaké dhéwé mesthi ya wis tau ngrasakké dhéwé manfaaté ngetrapké pathokané Alkitab. Mungkin, awaké dhéwé isa nyritakké soal kuwi marang sing sinau. Dadi, dhèwèké bakal ngerti nèk pathokané Alkitab kuwi ya ana manfaaté kanggo dhèwèké.

8. Apa manèh sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo mbantu sing sinau Alkitab, lan apa sebabé kuwi penting?

8 Wektu mandhu sinau Alkitab, awaké dhéwé isa nyritakké pengalamané para sedulur sing wis berhasil ngatasi masalah sing padha kaya sing dialami wong sing sinau Alkitab. Awaké dhéwé isa ngejak salah siji sedulur ing jemaat sing pengalamané isa nguwatké wong sing sinau. Utawa, awaké dhéwé isa nggolèk pengalaman-pengalaman sing nguwatké saka jw.org ing sèri ”Kuwasané Alkitab”. * Pengalaman-pengalaman sing ana ing kono isa mbantu sing sinau yakin nèk ngetrapké pathokané Alkitab kuwi bener-bener bermanfaat.

9. Piyé carané awaké dhéwé isa nyemangati sing sinau kanggo mènèhi kesaksian marang keluarga lan kanca-kancané?

9 Nèk sing sinau wis nikah, awaké dhéwé ya isa ngundang bojoné kanggo mèlu sinau Alkitab. Awaké dhéwé isa nyemangati sing sinau kanggo mènèhi kesaksian marang keluarga lan kanca-kancané. (Yoh. 1:​40-​45) Carané, awaké dhéwé isa takon, ”Piyé carané njelaské wulangan Alkitab iki marang keluargané njenengan?” utawa ”Ayat Alkitab endi sing isa digunakké wektu mènèhi kesaksian marang kancané njenengan?” Nèk nindakké kuwi, artiné awaké dhéwé nglatih sing sinau bèn isa mulang wong liya. Terus, nèk wis disetujui karo para pinituwa, dhèwèké isa dadi penginjil sing durung dibaptis. Awaké dhéwé isa nakoni sing sinau apa ana wong sing dhèwèké kenal sing péngin sinau Alkitab. Nèk ana, awaké dhéwé isa mbantu sing sinau kanggo ngubungi wong kuwi lan nawani sinau Alkitab. Awaké dhéwé ya isa nyetèlké vidéo Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah Iku Kaya Apa? *

MBANTU SING SINAU BÈN ISA NDUWÉ KANCA ING JEMAAT

Awaké dhéwé isa mbantu sing sinau bèn isa nduwé kanca ing jemaat (Deloken paragraf 10-​11) *

10. Nurut 1 Tésalonika 2:​7, 8, piyé carané awaké dhéwé niru Paulus?

10 Awaké dhéwé kudu bener-bener perduli marang wong-wong sing awaké dhéwé bantu sinau Alkitab. Wong-wong kuwi isa waé bakal dadi seduluré awaké dhéwé. (Wacanen 1 Tésalonika 2:​7, 8.) Bèn isa nglayani Yéhuwah, wong-wong kuwi kudu nggawé perubahan lan ora bergaul manèh karo kanca-kancané sing ora kenal Yéhuwah. Ning, nindakké kuwi mesthi ora gampang. Mula, awaké dhéwé kudu mbantu wong-wong kuwi bèn isa nduwé kanca ing jemaat. Sakliyané pas sinau, awaké dhéwé isa nggunakké kesempatan liya kanggo bergaul karo sing sinau, misalé nélpon, ngirimi pesan, utawa ngunjungi dhèwèké. Kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé bener-bener perduli marang dhèwèké.

11. Awaké dhéwé péngin bèn sing sinau isa nemokké apa ing organisasiné Yéhuwah, lan apa sebabé?

11 Ana peribahasa saka Afrika sing kandha, ”Butuh wong sak désa kanggo mbantu bocah cilik bèn isa dadi wong sing apik.” Nèk dihubungké karo apa sing dirembug ing artikel iki berarti kabèh wong ing jemaat nduwé tugas kanggo mbantu wong sing sinau bèn isa dibaptis. Mula, awaké dhéwé kudu ngenalké sing sinau karo para sedulur ing jemaat. Hasilé, dhèwèké bakal ngrasa seneng wektu bergaul karo para sedulur. Para sedulur kuwi isa mbantu dhèwèké dadi sahabaté Yéhuwah lan isa nguwatké dhèwèké wektu ngadhepi masalah. Awaké dhéwé péngin bèn wong sing sinau kuwi isa ngrasa berharga ing jemaat lan ngrasa nyaman wektu bergaul karo para sedulur ing jemaat. Kuwi isa mbantu dhèwèké bèn ora bergaul manèh karo kanca-kancané sing dudu umaté Yéhuwah. (WB. 13:20) Senajan kanca-kancané sing mbiyèn ora gelem dadi kancané manèh, dhèwèké isa yakin nèk bakal nemokké kanca sing anyar ing organisasiné Yéhuwah.​—Mrk. 10:29, 30; 1 Ptr. 4:4.

NGREMBUG SOAL JANJI NGABDI LAN BAPTISAN

Sakwisé nggawé kemajuan, wong sing sinau akhiré isa dibaptis (Deloken paragraf 12-​13)

12. Apa sebabé awaké dhéwé perlu ngrembug soal janji ngabdi lan baptisan karo sing sinau?

12 Awaké dhéwé kudu kerep ngrembug karo sing sinau nèk nggawé janji ngabdi lan dibaptis kuwi penting. Tujuané awaké dhéwé mbantu wong liya sinau Alkitab yaiku bèn dhèwèké isa nglayani Yéhuwah lan dibaptis. Nèk sing sinau wis teratur sinau Alkitab lan wis teka berhimpun, dhèwèké kudu ngerti nèk tujuané sinau Alkitab kuwi bèn dhèwèké isa dadi Seksi Yéhuwah.

13. Langkah apa waé sing kudu ditindakké karo sing sinau bèn dhèwèké isa dibaptis?

13 Ana langkah-langkah sing kudu ditindakké karo sing sinau bèn dhèwèké isa dibaptis. Pertama-tama, dhèwèké kudu kenal lan sayang karo Yéhuwah. Dhèwèké ya kudu nduwé iman marang Yéhuwah. (Yoh. 3:​16; 17:3) Terus, dhèwèké kudu nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah lan bergaul karo para sedulur ing jemaat. (Ibr. 10:24, 25; Yak. 4:8) Dhèwèké ya kudu mertobat lan ora nindakké manèh kebiasaan-kebiasaan sing èlèk. (Kis. 3:​19) Sakliyané kuwi, dhèwèké ya gelem mènèhi kesaksian marang wong liya. (2 Kor. 4:​13) Akhiré, dhèwèké nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. (1 Ptr. 3:​21; 4:2) Awaké dhéwé lan para sedulur ing jemaat mesthi seneng banget wektu dhèwèké dibaptis. Nèk sing sinau wis mulai nindakké langkah-langkah kuwi, awaké dhéwé isa muji dhèwèké. Awaké dhéwé ya isa nyemangati dhèwèké bèn terus nindakké langkah-langkah kuwi nganti dibaptis.

TERUS MASTÈKKÉ KEMAJUANÉ WONG SING SINAU

14. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngerti nèk sing sinau wis nggawé kemajuan utawa durung?

14 Awaké dhéwé kudu sabar wektu mbantu sing sinau nggawé kemajuan nganti akhiré dibaptis. Ning, awaké dhéwé ya kudu ngerti apa sing sinau nduwé kepénginan kanggo nglayani Yéhuwah utawa ora. Misalé, apa sing sinau nduduhké nèk dhèwèké bener-bener ngupaya kanggo manut karo préntahé Yésus? Utawa, apa dhèwèké mung péngin ngerti soal wulangané Alkitab thok?

15. Apa buktiné nèk sing sinau wis nggawé kemajuan?

15 Awaké dhéwé perlu terus mastèkké kemajuan apa waé sing wis digawé karo sing sinau Alkitab. Misalé, apa sing sinau nduduhké nèk dhèwèké sayang karo Yéhuwah? Apa dhèwèké ndonga marang Yéhuwah? (Ms. 116:​1, 2) Apa dhèwèké seneng maca Alkitab? (Ms. 119:97) Apa dhèwèké rutin teka berhimpun? (Ms. 22:23) Apa dhèwèké wis nggawé perubahan sing dibutuhké? (Ms. 119:112) Apa dhèwèké tau mènèhi kesaksian marang keluarga lan kanca-kancané? (Ms. 9:2) Sing paling penting, apa dhèwèké péngin dadi Seksi Yéhuwah? (Ms. 40:9) Nèk sing sinau durung nindakké kuwi kabèh, awaké dhéwé mungkin isa nakoni dhèwèké apa sing dadi masalahé, terus ngrembug soal kuwi nganggo cara sing ramah. *

16. Kapan sinau Alkitab kudu diendhegké?

16 Awaké dhéwé isa terus mikirké apa sinau Alkitabé isa diteruské utawa diendhegké. Awaké dhéwé isa mikirké pitakonan-pitakonan iki, ’Apa sing sinau ora tau persiapan sakdurungé sinau? Apa dhèwèké ora gelem teka berhimpun? Apa dhèwèké isih nindakké kebiasaan sing èlèk? Apa dhèwèké isih dadi anggota saka agama palsu?’ Nèk jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi iya, kuwi nduduhké nèk sing sinau ora bener-bener ngajèni wulangané Alkitab lan ora gelem ngetrapké apa sing disinaoni. Nèk awaké dhéwé tetep neruské sinau Alkitab karo dhèwèké, kuwi isa dipadhakké kaya ngajari wong liya renang, padahal wong kuwi ora gelem teles. Kuwi berarti awaké dhéwé ora perlu neruské sinauné.

17. Piyé carané awaké dhéwé ngetrapké kata-kata ing 1 Timotius 4:​16?

17 Mbantu wong liya dadi muridé Yésus kuwi bener-bener tugas sing penting banget. Awaké dhéwé mesthi ya péngin mbantu sing sinau Alkitab bèn isa nggawé kemajuan lan akhiré dibaptis. Mula, awaké dhéwé kudu nggunakké Alkitab wektu mulang. Awaké dhéwé ya kudu nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni lan percaya karo wulangané Alkitab. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé kudu mbantu sing sinau bèn isa nduwé kanca ing jemaat. Terus, awaké dhéwé kudu ngrembug soal janji ngabdi lan baptisan. Awaké dhéwé ya perlu terus mastèkké kemajuané sing sinau. (Deloken kothak ing halaman 13, ” Sing Kudu Awaké Dhéwé Tindakké kanggo Mbantu Wong sing Sinau Bèn Isa Dibaptis.”) Awaké dhéwé mesthi seneng banget isa mèlu ndhukung gawéan sing isa nylametké wong-wong iki. Awaké dhéwé mesthi ya péngin ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu sing sinau bèn isa dibaptis.

LAGU 79 Tulungana sing Sinau Bèn Isa Setya

^ par. 5 Mandhu sinau Alkitab kuwi dadi tugas istiméwa kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa mbantu wong sing sinau bèn isa nduwé cara mikir lan tumindak sing cocog karo kepénginané Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn awaké dhéwé isa luwih trampil mulang.

^ par. 4 Deloken artikel ”Sing Aja Ditindakké Wektu Mulang Alkitab” ing Jadwal KagiyatanUrip lan Nginjilé Wong Kristen September 2016.

^ par. 8 Deloken ing bagéan BAB SEKSI YÉHUWAH > PENGALAMAN.

^ par. 9 Deloken ing jw.org®, ing bagéan PERPUSTAKAAN > VIDÉO > PAKUMPULAN IBADAH LAN GAWÉAN NGINJIL > BANTUAN KANGGO NGINJIL.

^ par. 15 Deloken artikel ”Dibaptis Merga Sayang karo Yéhuwah” lan ”Apa Aku Wis Siap kanggo Dibaptis?” ing Warta Penting sasi Maret 2020.

^ par. 77 GAMBAR: Sakwisé sinau Alkitab, sedulur wédok sing berpengalaman mbantu sing mandhu sinau Alkitab bèn dhèwèké ora kakèhan mènèhi penjelasan wektu mandhu sinau.

^ par. 79 GAMBAR: Wektu sinau Alkitab, sing sinau diwulang carané dadi istri sing apik. Terus, dhèwèké nyritakké soal kuwi marang bojoné.

^ par. 81 GAMBAR: Sing sinau Alkitab lan bojoné teka ing acara ramah tamah ing omahé salah siji sedulur.