Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Pangandikané Gusti Allah iku gesang”

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Apa maksudé ”pangandikané Gusti Allah iku gesang lan santosa” sing disebutké ing Ibrani 4:12?

Saka ayat-ayat sakdurungé lan sakwisé awaké dhéwé isa ngerti nèk Paulus lagi ngrembug bab sabdané Gusti Allah sing ana hubungané karo kersané, kaya sing wis awaké dhéwé waca ing Alkitab.

Wacan-wacané awaké dhéwé kerep nyuplik Ibrani 4:12 kanggo nduduhké nèk Alkitab nduwé kuwasa kanggo ngowahi urip, lan kuwi pancèn bener. Ning, ana paédahé nèk ngerti tujuané Paulus nulis Ibrani 4:12. Paulus péngin nggedhèkké ati wong-wong Kristen ing Ibrani bèn ndhukung kersané Gusti Allah, sing wis kerep disebutké ing Alkitab. Paulus nggunakké conto bangsa Israèl sing dibébaské saka Mesir. Bangsa Israèl nduwé pangarep-arep mlebu ing ”nagara kang lubèr puwan [susu] lan madu”, panggonan sing isa nggawé ayem tentrem.​—Pa. 3:8; PT. 12:9, 10.

Kuwi kersané Gusti Allah. Ning, bangsa Israèl nolak tuntunané Yéhuwah lan ora nduduhké iman, mula akèh-akèhé saka wong-wong Israèl ora mlebu ing panggonan mau. (Wi. 14:30; Ys. 14:6-10) Ning, Paulus nerangké nèk isih ana ”janji, yèn kita padha kepareng mlebu ing paleremané [Gusti Allah]” (Ib. 3:16-19; 4:1, Basa Jawi Padintenan) ”Janji” kuwi mesthi bagéan saka apa sing Yéhuwah duduhké bab kersané. Kaya wong-wong Kristen Ibrani, awaké dhéwé isa nyinaoni kersané Yéhuwah lan mèlu ndhukung. Kanggo nduduhké nèk janji kuwi dhasaré saka Alkitab, Paulus nyuplik bagéan saka Purwaning Dumadi 2:2 lan Jabur 95:11.

Janji kuwi nggedhèkké ati, merga awaké dhéwé isih tetep isa mlebu ing paleremané Gusti Allah. Awaké dhéwé percaya nèk janji kuwi bakal kelakon, mula saiki awaké dhéwé wis ngupaya bèn isa mlebu ing paleremané Gusti Allah. Awaké dhéwé nindakké kuwi ora mung merga manut Hukum Musa utawa mung bèn isa ditampa Yéhuwah. Ning, merga nduwé iman marang Yéhuwah, awaké dhéwé seneng ndhukung kersané Yéhuwah lan terus nindakké kuwi. Éwonan wong ing donya uga wis sinau Alkitab lan ngerti bab kersané Yéhuwah. Kuwi nggawé wong-wong mau gelem ngowahi uripé, nduduhké iman, lan dibaptis. Kuwi dadi bukti nèk ”pangandikané Gusti Allah iku gesang lan santosa”. Sing dicritakké ing Alkitab bab kersané Gusti Allah kuwi, wis ngowahi uripé awaké dhéwé lan kuwi bakal terus ana pengaruhé ing uripé awaké dhéwé.