Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Modhèl Klambi Panjenengan Ngluhurké Yéhuwah?

Apa Modhèl Klambi Panjenengan Ngluhurké Yéhuwah?

”Kabèh iku mau lakonana kagem kaluhurané Gusti Allah.”​—1 KR. 10:31.

LAGU: 34, 29

1, 2. Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah nganggo pathokan-pathokan sing pantes bab klambi? (Deloken gambar ndhuwur.)

SALAH sijiné koran saka Belanda nyritakké bab klambi sing dinggo para pendhéta ing salah sijiné gréja wektu acara ibadah. Koran kuwi kandha, ”Wong-wong kuwi nganggo klambi santai, kususé wektu hawané panas.” Ning, koran mau kandha nèk klambi sing digunakké Seksi-Seksi Yéhuwah ing kebaktiané ora kaya ngono. Wong-wong lanang nganggo jas lan dasi sarta wong-wong wédok nganggo rok sing dawané pas, ning ora kuna. Klambiné Seksi-Seksi Yéhuwah kerep dialem wong liya. Rasul Paulus kandha nèk klambi sing dinggo wong Kristen kudu ”susila lan prasaja” sing pantes kanggo abdiné Gusti Allah. (1 Tm. 2:9, 10) Senajan Paulus lagi ngrembug bab klambiné wong wédok, ning pathokan mau uga isa ditrapké kanggo wong lanang.

2 Pathokan sing bener bab klambi kuwi penting kanggo abdiné Yéhuwah lan kanggo Gusti Allah. (Pd. 3:21) Alkitab nerangké nèk Yéhuwah, sing nguwasani jagat sak isiné, nduwé pathokan kanggo abdiné bab klambi sing dinggo. Mula, klambi sing dipilih aja mung nyenengké awaké dhéwé, ning sing paling penting, nyenengké Yéhuwah.

3. Terangna pathokan bab klambi ing Hukum Musa.

3 Ing Hukum Musa, ana aturan-aturan sing isa njaga bangsa Israèl saka tumindak bejat bangsa-bangsa ing sak kiwa tengené. Hukum Musa nduduhké nèk Yéhuwah ora seneng karo modhèl klambi sing marahi angèl mbédakké wong lanang karo wong wédok. Saiki, modhèl klambi kaya ngono disebut unisex fashion. (Wacanen Pangandharing Torèt 22:5.) Saka Hukum kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah ora seneng karo klambi sing nggawé wong lanang kétok kaya wong wédok, wong wédok kaya wong lanang, utawa angèl mbédakké wong lanang karo wédok.

4. Apa sing isa mbantu wong Kristen nggawé keputusan sing bener bab klambi sing arep dinggo?

4 Pathokan-pathokané Alkitab isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener bab klambi sing arep dinggo. Kuwi isa ditrapké ora masalah piyé budaya, negara, utawa hawané. Awaké dhéwé ora perlu dikandhani kudu nganggo klambi apa. Awaké dhéwé isih isa nganggo klambi sing disenengi, ning kudu manut pathokan-pathokané Alkitab. Gatèkna pathokan-pathokané Alkitab sing isa mbantu ngerti kersané Yéhuwah sing apik ”kang ndadèkaké keparengé Gusti Allah lan kang sampurna” wektu nggawé keputusan bab klambi sing arep dinggo.​—Rm. 12:1, 2.

”AKU NELAKAKÉ MANAWA AKU IKI PADHA ABDINING ALLAH”

5, 6. Apa pengaruhé klambiné awaké dhéwé marang wong liya?

5 Rasul Paulus nerangké pathokan penting ing 2 Korinta 6:4. (Wacanen.) Tanggepané wong liya bab awaké dhéwé dipengaruhi karo dandanan lan klambi sing dinggo. (1 Sa. 16:7) Merga dadi abdiné Yéhuwah, awaké dhéwé aja nganggo klambi sing mung pénak dinggo utawa disenengi. Nèk ngetrapké pathokan-pathokané Alkitab, aja nganggo klambi ketat, utawa sèksi sing marahi wong nduwé pikiran ngeres. Aja nganti wong liya dadi risi wektu ndelok klambi sing dinggo awaké dhéwé.

Nèk awaké dhéwé rapi, resik, lan nganggo klambi sing pantes, mbokmenawa wong-wong dadi luwih ngajèni awaké dhéwé

6 Nèk awaké dhéwé rapi, resik, lan nganggo klambi sing pantes, mbokmenawa wong-wong dadi luwih ngajèni awaké dhéwé, Gusti Allah sing awaké dhéwé sembah, pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah, lan gelem ngrungokké kabar apik sing diwartakké.

7, 8. Kapan kususé awaké dhéwé kudu nganggo klambi sing pantes?

7 Klambiné awaké dhéwé ana pengaruhé kanggo Yéhuwah, para sedulur ing jemaat, lan wong-wong ing dhaérah nginjilé awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu nganggo klambi sing ngluhurké Yéhuwah lan kabar sing diwartakké. (Rm. 13:8-10) Awaké dhéwé kudu nganggo klambi sing pantes, kususé wektu teka ing pakumpulan ibadah utawa nginjil. (1 Tm. 2:10) Ana klambi sing durung mesthi cocog kanggo saben dhaérah. Mula, ora masalah manggon ing endi, awaké dhéwé aja nganti nganggo klambi sing nggawé wong liya ora seneng.

Apa klambi panjenengan nggawé wong liya ngajèni Gusti Allah sing panjenengan sembah? (Deloken paragraf 7, 8)

8 Wacanen 1 Korinta 10:31. Wektu teka ing pakumpulan ibadah lan kebaktian, klambiné awaké dhéwé kudu sing pantes. Aja niru modhèl klambi sing wis umum ing donya. Klambiné awaké dhéwé kudu rapi lan aja terlalu santai sakdurungé lan sakwisé kebaktian, sarta wektu nginep ing hotèl. Nèk kuwi ditindakké, awaké dhéwé isa siap nginjil kapan waé lan bakal seneng wektu kandha marang wong liya nèk awaké dhéwé Seksi-Seksi Yéhuwah.

9, 10. Apa pengaruhé Filipi 2:4 kanggo awaké dhéwé ing bab klambi sing arep dinggo?

9 Wacanen Filipi 2:4. Apa sebabé kudu mikirké pengaruhé klambiné awaké dhéwé marang para sedulur liya? Salah sijiné alesan yaiku umaté Yéhuwah ngupaya tenanan ngetrapké tuntunan iki, ”Mulané kowé padha matènana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu.” (Kl. 3:2, 5) Ana sedulur sing mbiyèn laku jina, lan mbokmenawa saiki isih ngupaya mbuwang pikiran sing salah. Nèk ora ati-ati, klambiné awaké dhéwé isa nggawé sedulur mau dadi luwih angèl ngetrapké tuntunané Alkitab lan mbuwang pikiran sing salah. (1 Kr. 6:9, 10) Awaké dhéwé mesthi ora péngin nindakké kaya ngono.

10 Ing jemaat, awaké dhéwé aman saka wong-wong sing seneng nindakké laku jina. Ning aja nganti klambiné awaké dhéwé ing pakumpulan ibadah utawa wektu santai, nggawé para sedulur liyané mikirké utawa nindakké laku jina. Senajan bébas milih klambi sing arep dinggo, ning kuduné awaké dhéwé nganggo klambi sing nggawé sedulur liya isa njaga pikiran, omongan, lan tumindaké tetep resik nurut Gusti Allah. (1 Pt. 1:15, 16) Tresna sing sejati kuwi ”ora saru polahé lan ora golèk kepénaké awaké dhéwé”.​—1 Kr. 13:4, 5.

KLAMBI SING COCOG KARO WEKTU LAN PANGGONANÉ

11, 12. Piyé Kohèlèt 3:1, 17 mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener?

11 Wektu mutuské klambi apa sing arep dinggo, para abdiné Gusti Allah ngerti nèk ”tumrap sakèhing pagawéan, iku ana wayahé dhéwé-dhéwé”. (Ko. 3:1, 17) Senajan mbokmenawa awaké dhéwé nganggo klambi sing béda-béda merga hawa, musim, lan kahanan urip sing ora padha, ning pathokan-pathokané Yéhuwah tetep padha.​—Ml. 3:6.

Pathokan-pathokané Yéhuwah tetep padha

12 Wektu hawané panas, ora gampang milih klambi sing pantes. Para sedulur ing jemaat seneng nèk awaké dhéwé ora nganggo klambi sing ketat banget utawa malah kegedhèn sing marahi wong dadi mikir ngeres. (Ay. 31:1) Ing pantai utawa kolam renang, awaké dhéwé kudu nganggo klambi renang sing pantes. (WB. 11:2, 20) Senajan wong-wong ing donya iki akèh sing nganggo klambi renang sing ora pantes, aja nganti awaké dhéwé mèlu-mèlu tumindak kaya ngono merga kuwi ana pengaruhé karo jenengé Yéhuwah.

13. Apa sebabé 1 Korinta 10:32, 33 isa mbantu wektu milih modhèl klambi?

13 Ana pathokan penting liyané sing kudu ditrapké wektu nggawé keputusan bab klambi sing arep dinggo. Kudu ati-ati aja nganti nggawé hati nuraniné sedulur liya dadi ora pénak. (Wacanen 1 Korinta 10:32, 33.) Aja nganti nganggo modhèl klambi sing mbokmenawa isa nggawé sedulur liya, utawa wong sing dudu abdiné Yéhuwah dadi ora seneng. Rasul Paulus kandha, ”Malah kita dhéwé-dhéwé kudu padha ngarah gawé senengé atiné sedulur-sedulur kita, amrih beciké sedulur-sedulur mau, supaya precayané dadia sentosa. Sebab Sang Kristus uga ora ngupaya kasenengané piyambak.” (Rm. 15:2, 3, Basa Jawi Padintenan) Awaké dhéwé kudu niru Yésus sing ngutamakké kersané Yéhuwah lan mbantu liyané timbang pilihané dhéwé. Mula, aja milih modhèl klambi sing mung awaké dhéwé senengi, ning isa waé nggawé wong liya ora gelem nampa wektu awaké dhéwé nginjil.

14. Piyé wong tuwa isa mulang anaké bèn ngluhurké Yéhuwah wektu milih klambi?

14 Para wong tuwa Kristen nduwé tanggung jawab mulang anak-anaké bèn isa ngetrapké pathokan-pathokané Alkitab. Kuwi klebu milih modhèl klambi lan dandanan sing nyenengké Yéhuwah. (WB. 22:6; 27:11) Piyé carané wong tuwa mulang anaké bèn ngajèni Yéhuwah lan pathokané? Wong tuwa kudu mènèhi conto sing apik lan mulang anaké milih klambi sing pantes. Anak-anak kuduné ora milih klambi mung merga seneng, ning sing luwih penting, kudu milih klambi sing isa ngluhurké Yéhuwah.

GAWÉA PILIHAN SING BENER

15. Apa sing mbantu awaké dhéwé nggawé pilihan sing bener?

15 Alkitab mènèhi tuntunan bèn isa nggawé pilihan sing bakal ngajèni Yéhuwah. Senajan ngono, klambi sing dinggo nduduhké apa sing awaké dhéwé senengi. Modhèl klambi sing disenengi lan sing isa dituku mbokmenawa béda karo wong liya. Ning, sing paling penting kuwi kudu rapi, resik, pantes, sarta cocog karo wektu lan panggonané.

16. Apa sebabé upaya kanggo milih klambi sing pantes kuwi penting banget?

16 Ora gampang milih klambi sing pantes lan cocog. Akèh toko mung dodol klambi sing modhèlé disenengi wong akèh. Mula, mbokmenawa butuh luwih akèh wektu lan upaya kanggo milih rok, klambi, lan blus sing pantes, utawa milih jas lan clana dawa sing ora ketat banget. Para sedulur bakal nggatèkké lan ngajèni upayané awaké dhéwé kanggo milih klambi sing apik lan pantes. Awaké dhéwé seneng banget merga isa nyenengké Yéhuwah wektu milih klambi sing cocog.

17. Bab apa waé sing mbokmenawa isa dipikirké sedulur lanang wektu mutuské nduwé bréwok apa ora?

17 Apa wong lanang pantes nèk nduwé bréwok? Nurut Hukum Musa wong lanang kudu nduwé bréwok. Ning, wong Kristen ora dikon nindakké Hukum kuwi manèh. (Km. 19:27; 21:5; Gl. 3:24, 25) Ana budaya sing ngéntukké wong nduwé bréwok sing rapi, lan mbokmenawa kuwi ora marahi wong nolak wektu awaké dhéwé nginjil. Senajan ana sedulur lanang sing nduwé wewenang ing jemaat sing nduwé bréwok, ning ana sing mutuské ora nduwé bréwok. (1 Kr. 8:9, 13; 10:32) Ing budaya utawa panggonan liya, bréwok ora lumrah lan dianggep ora cocog kanggo wong Kristen. Ing kahanan kaya ngono kuwi, nduwé bréwok mbokmenawa marahi sedulur lanang ora isa ngluhurké Yéhuwah lan ora isa tumindak ”tanpa cacad”.​—1 Tm. 3:2, 7; Rm. 15:1-3.

18, 19. Piyé Mikha 6:8 mbantu awaké dhéwé?

18 Awaké dhéwé seneng banget merga Yéhuwah ora ngandhani klambi apa waé sing éntuk dinggo lan piyé dandanan sing pantes. Yéhuwah ngéntukké awaké dhéwé nggawé keputusan dhéwé sing dhasaré pathokané Alkitab. Mula, wektu nggawé keputusan sing cocog bab klambi lan dandanan, kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé andhap asor wektu ngabdi marang Yéhuwah.​—Mi. 6:8.

19 Awaké dhéwé ngakoni nèk Yéhuwah kuwi suci, lan pathokan-pathokané kuwi tuntunan sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Nèk andhap asor, awaké dhéwé bakal ngetrapké pathokan-pathokané Yéhuwah. Kuwi uga mbantu awaké dhéwé ngajèni perasaan lan pandhangané wong liya.

20. Apa pengaruhé klambi lan dandanané awaké dhéwé kanggo wong liya?

20 Klambiné awaké dhéwé kuduné nduduhké nèk awaké dhéwé abdiné Yéhuwah. Awaké dhéwé seneng ngetrapké pathokan-pathokané Yéhuwah sing luhur. Seksi-Seksi Yéhuwah biasané dialem merga klambi, dandanan, lan tumindaké apik. Kuwi nggawé wong-wong sing tulus ati péngin sinau Alkitab lan ngluhurké Yéhuwah. Nèk nggawé keputusan sing bener bab klambi sing arep dinggo, awaké dhéwé bakal terus ngluhurké Yéhuwah sing ”ngagem busana keprabon gumebyar”.​—Ms. 104:1, 2.