Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wong Tuwa, Ngupayaa Bèn Anak Panjenengan Nduwé Iman

Wong Tuwa, Ngupayaa Bèn Anak Panjenengan Nduwé Iman

”Para jaka lan para prawan . . . Kabèh iku karebèn padha memuji marang asmaning Yéhuwah.”​—MS. 148:12, 13.

LAGU: 41, 48

1, 2. (a) Apa sebabé mulang anak bèn nduwé iman marang Yéhuwah kuwi ora gampang, lan apa sing kudu ditindakké wong tuwa? (b) Bab apa waé sing bakal dirembug?

WONG wédok lan bojoné sing asalé saka Prancis kandha, ”Aku lan bojoku nduwé iman marang Yéhuwah, ning anak-anakku durung mesthi. Kuwi kudu diupayakké anak-anakku merga iman ora isa diwariské.” Sedulur lanang saka Australia kandha, ”Mbokmenawa ora gampang mbantu bocah-bocah bèn nduwé iman sing tulus saka atiné. Senajan pitakonané bocah wektu isih cilik isa dijawab, isa waé kuwi ditakokké manèh wektu dhèwèké wis gedhé merga butuh katrangan sing luwih akèh.” Wektu anak saya gedhé, akèh wong tuwa perlu ngekèki katrangan sing luwih akèh kanggo nerangké bab sing padha, lan kudu nggolèk cara werna-werna kanggo mulang anak-anaké bèn nresnani Yéhuwah.

2 Nèk panjenengan wong tuwa, apa panjenengan kadhang kala bingung mulang anak panjenengan bèn nresnani Yéhuwah lan isa terus ngabdi nganti gedhé? Pancèn, ora ana wong sing isa nindakké kuwi tanpa bantuané Yéhuwah. (Ym. 10:23) Mula, awaké dhéwé kudu ngendelké Yéhuwah lan njaluk bantuané. Yéhuwah mènèhi tuntunan kanggo wong tuwa bèn isa mbantu anak-anaké. Piyé carané? (1) Kudu ngerti pikiran lan perasaané anak. (2) Ajarana bab nresnani Yéhuwah kaya sing wis panjenengan tindakké. (3) Gunakna conto. (4) Ndongaa njaluk roh suci, lan kudu sabar marang anak.

KUDU NGERTI PIKIRAN LAN PERASAANÉ ANAK

3. Piyé wong tuwa isa niru carané Yésus mulang para muridé?

3 Yésus kerep takon apa sing dipercaya para muridé. (Mt. 16:13-15) Panjenengan isa niru Yésus. Wektu omong-omongan lan bareng-bareng karo anak panjenengan, takonana apa sing dipikirké lan rungokna apa sing dirasakké. Apa anak panjenengan durung mantep percaya marang Yéhuwah? Sedulur lanang sing umuré 15 taun saka Australia kandha, ”Bapakku kerep mbantu aku mikirké bab apa sing tak percaya. Bapakku takon, ’Apa kandhané Alkitab?’ ’Apa kowé percaya kandhané Alkitab?’ ’Apa sebabé kowé percaya?’ Bapakku péngin aku njawab saka atiku lan ora mung niru jawabané wong tuwaku. Saya gedhé, jawabanku kudu luwih apik manèh.”

4. Apa sebabé kudu sabar njawab pitakonan anak panjenengan? Wènèhana conto.

4 Nèk anak panjenengan ora langsung percaya sing diwulangké Alkitab, panjenengan kudu sabar. Anak panjenengan isa dibantu nggolèki jawaban saka pitakonané. Ana bapak sing kandha, ”Gatèkna pitakonané anak panjenengan lan aja disepèlèkké. Jawaben pitakonané senajan kuwi mbokmenawa nggawé panjenengan risi.” Nèk anak panjenengan gelem takon, kuwi apik banget. Kuwi mbuktèkké nèk dhèwèké péngin ngerti, kaya Yésus wektu isih cilik. (Wacanen Lukas 2:46.) Cah enom saka Denmark kandha, ”Wektu aku bingung apa agamaku bener, wong tuwaku tetep sabar nerangké senajan mbokmenawa kuwatir bab aku. Wong tuwaku njawab kabèh pitakonanku nggunakké Alkitab.”

Saben dina critakna bab Yéhuwah wektu lagi bebarengan karo anaké panjenengan

5. Senajan anak panjenengan kétoké nduwé iman marang Yéhuwah, apa sing kudu ditindakké wong tuwa?

5 Kudu ngerti pikiran lan perasaané anak panjenengan. Aja mikir nèk dhèwèké mesthi nduwé iman marang Yéhuwah mung merga wis mèlu nginjil lan teka ing pakumpulan ibadah. Apa sing dirasakké anak panjenengan bab Yéhuwah, lan apa tanggepané bab Alkitab? Panjenengan kudu ngupaya nggolèki bab-bab sing nggawé dhèwèké angèl tetep setya marang Yéhuwah. Saben dina critakna bab Yéhuwah wektu lagi bebarengan karo dhèwèké. Ndongaa kanggo anak panjenengan, wektu bareng karo dhèwèké lan wektu panjenengan dhèwèkan.

AJARANA BAB NRESNANI YÉHUWAH KAYA SING WIS PANJENENGAN TINDAKKÉ

6. Nèk wong tuwa terus sinau bab Yéhuwah lan Alkitab, piyé kuwi isa mbantu mulang anaké?

6 Wong-wong seneng lan tenanan ngrungokké Yésus merga Yésus nresnani Yéhuwah, ngerti banget isiné Alkitab, lan nresnani wong-wong kuwi. (Lk. 24:32; Yo. 7:46) Semono uga, wektu anak panjenengan ngerti nèk panjenengan nresnani Yéhuwah, dhèwèké isa niru. (Wacanen Pangandharing Torèt 6:5-8; Lukas 6:45.) Mula, terusa sinau Alkitab, lan ajeg maca wacan-wacan Alkitab. Panjenengan isa sinau luwih akèh bab-bab sing digawé Yéhuwah. (Mt. 6:26, 28) Saya akèh ngerti bab Yéhuwah, panjenengan isa mulang saya akèh bab Yéhuwah marang anak panjenengan.​—Lk. 6:40.

Critakna sing panjenengan sinaoni bab Yéhuwah marang anak panjenengan

7, 8. Wektu sinau bab Yéhuwah, apa sing isa ditindakké? Piyé wong tuwa isa nindakké kuwi?

7 Wektu panjenengan sinau bab Yéhuwah, critakna uga marang anak panjenengan. Tindakna kuwi kapan waé, ora mung wektu persiapan kanggo pakumpulan ibadah utawa ibadah sak keluarga. Wong tuwa saka Amerika Serikat nyritakké bab Yéhuwah marang anak-anaké wektu ndelok pemandhangan sing apik utawa ngrasakké panganan sing énak. Wong tuwa kuwi kandha, ”Aku lan bojoku ngélingké anak-anakku bèn nresnani lan ngutamakké Yéhuwah, lan Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané keluargaku.” Wong bebojoan saka Afrika Selatan seneng nyritakké marang anaké wédok loro bab sing digawé Yéhuwah wektu bebarengan ana ing kebon. Contoné, nyritakké wiji sing akhiré dadi wit. Aku lan bojoku terus ngupaya mbantu anakku ngajèni urip lan rancangané sing nggumunké.”

8 Ana bapak saka Australia ngajak anaké lanang sing umuré kira-kira sepuluh taun lunga menyang muséum. Bapak kuwi nggunakké wektu kanggo mbantu nguwatké imané anaké, lan mbuktèkké nèk Yéhuwah sing nggawé jagat sak isiné. Bapak kuwi kandha, ”Aku lan anakku ndelok kéwan kuna sing ana ing laut sing jenengé ammonit lan trilobit. Kéwan sing wis punah kuwi apik banget lan nggumunké. Rancangané kéwan mau rumit kaya kéwan saiki. Mula, nèk urip kuwi ana merga évolusi saka makhluk sedherhana dadi makhluk sing luwih rumit, apa sebabé kok rancangané kéwan kuna mau wis rumit? Kuwi nggumunké banget lan tak critakké karo anakku.”

GUNAKNA CONTO

9. Apa sebabé perlu nggunakké crita utawa conto? Conto apa sing digunakké salah sijiné ibu?

9 Yésus kerep nggunakké crita utawa conto kanggo mulang bab sing penting. (Mt. 13:34, 35) Wektu nggunakké crita utawa conto, anak panjenengan dadi isa mbayangké. Kuwi isa mbantu dhèwèké mikirké bab sing diwulangké, ngerti luwih cetha, isa terus éling, lan seneng sinau. Contoné, ana ibu saka Jepang péngin anaké lanang loro sinau nèk carané Yéhuwah nggawé udara nduduhké nèk Yéhuwah perduli karo manungsa. Ibuké nggunakké conto sing isa dingertèni anak-anaké sing umuré wolu lan sepuluh taun. Ibuké mènèhi bocah-bocah kuwi susu, gula, lan kopi, banjur, anaké dikon nggawé kopi susu sak gelas. Ibuké kandha, ”Kopi susu sing digawé anak-anakku rasané énak. Wektu tak takoni kok isa pas campurané, anak-anakku njawab nèk péngin nggawé kopi susu kaya sing tak senengi. Aku nerangké nèk Gusti Allah nyampur gas-gas sing ana ing udara uga nganggo campuran sing pas bèn cocog kanggo awaké dhéwé.” Bocah-bocah kuwi seneng lan terus éling katrangan kuwi.

Panjenengan isa nggunakké conto sing gampang kanggo nduduhké nèk ana sing nggawé jagat sak isiné (Deloken paragraf 10)

10, 11. (a) Conto apa sing isa digunakké kanggo nduduhké nèk ana sing nggawé jagat sak isiné? (Deloken gambar ing kaca 26.) (b) Crita utawa conto apa sing wis panjenengan gunakké?

10 Conto apa sing isa digunakké kanggo nduduhké marang bocah-bocah nèk ana sing nggawé jagat sak isiné? Panjenengan isa nggawé roti karo dhèwèké nggunakké resèp. Terangna alesané nggawé roti kuwi kudu manut resèpé. Banjur, wènèhana apel utawa buah liyané marang dhèwèké, lan takonana, ”Apa kowé ngerti nèk apel iki ana resèpé?” Terus sigaren apel kuwi dadi loro, lan wènèhna wijiné. Terangna nèk wiji kuwi kaya resèp sing isiné cara-cara kanggo nggawé apel. Ning, nggawé apel luwih angèl timbang nggawé roti. Panjenengan isa takon, ”Ana wong sing nggawé resèpé roti. Ning, sapa sing nggawé resèpé apel?” Nèk bocah kuwi wis gedhé, panjenengan uga isa nerangké nèk wiji kuwi nduwé DNA sing isiné resèp kanggo nggawé apel lan wit apel. Uga, mbokmenawa panjenengan isa nduduhké gambar lan conto sing ana ing buku Asal Mula Kehidupan—Lima Pertanyaan yang Patut Direnungkan kaca 10 tekan 20.

11 Akèh keluarga maca artikel ing Sadarlah! sing judhulé, ”Apakah Ini Dirancang?” bareng karo anak-anaké. Nèk anaké isih cilik, wong tuwa isa nerangké nganggo cara sing gampang dingertèni. Contoné, wong bebojoan saka Denmark mbandhingké pesawat karo manuk. Wong bebojoan mau kandha, ”Pesawat mèh padha kaya manuk. Ning, apa pesawat isa ngendhog lan neteské pesawat cilik? Apa manuk perlu panggonan kusus kanggo ménclok? Lan, apik sing endi, swarané pesawat apa swarané manuk sing lagi nyanyi? Dadi, sapa sing luwih pinter, sing nggawé pesawat utawa sing nggawé manuk?” Nèk nerangké nggunakké pitakonan, panjenengan mbantu bocah-bocah nggunakké ”kawicaksanan” lan nguwatké imané marang Yéhuwah.​—WB. 2:10-12.

12. Conto apa sing isa digunakké wektu mulang nèk isiné Alkitab bener?

12 Panjenengan isa nggunakké conto wektu mulang nèk isiné Alkitab bener. Contoné, panjenengan isa maca Ayub 26:7. (Wacanen.) Aja mung ngomong nèk ayat kuwi saka Yéhuwah, ning, panjenengan isa mbantu dhèwèké mbayangké. Panjenengan isa ngomong nèk wong-wong ing jamané Ayub mbokmenawa ora percaya nèk bumi digantung tanpa canthèlan. Wong-wong kuwi percaya nèk bal utawa watu kudu ana sing nyangga. Wektu kuwi, ora ana sing isa mbuktèkké nèk bumi kuwi ora disangga apa-apa, merga durung ana téléskop utawa pesawat luar angkasa. Dadi, senajan Alkitab wis suwé ditulis, ning kuwi mesthi bener merga asalé saka Yéhuwah.​—Ny. 9:6.

WULANGEN PAÉDAHÉ MANUT TUNTUNANÉ ALKITAB

13, 14. Piyé carané wong tuwa mulang anaké bèn manut tuntunané Alkitab?

13 Wulangen anak panjenengan nèk manut tuntunané Alkitab kuwi isa nggawé uripé ayem tentrem. (Wacanen Jabur 1:1-3.) Contoné, anak panjenengan kon mbayangké nèk dhèwèké bakal manggon ing pulau. Dhèwèké isa milih wong-wong sing bakal manggon karo dhèwèké. Banjur takonana, ”Wong sing kaya apa sing bakal mbok pilih bèn isa terus rukun lan tentrem ing kono?” Banjur wacanen Galati 5:19-23 bèn ngerti wong-wong kaya apa sing dipilih Yéhuwah kanggo urip ing donya anyar.

14 Nèk kuwi ditindakké, panjenengan isa mulang rong bab sing penting. Sepisanan, Yéhuwah mulang carané bèn saiki isa urip ayem tentrem lan rukun karo wong liya. Loro, Yéhuwah mulang sipat-sipat sing dibutuhké wektu urip ing donya anyar. (Yé. 54:13; Yo. 17:3) Panjenengan uga isa nduduhké nèk Alkitab wis mbantu para sedulur liyané. Contoné, golèkana pengalamané sedulur liya sing ana ing wacan Alkitab, mbokmenawa artikel ”Kwasané Alkitab” sing ana ing Warta Penting. Utawa, njaluka tulung salah sijiné sedulur ing jemaat nyritakké carané Alkitab wis mbantu ngowahi uripé kanggo nyenengké Yéhuwah.​—Ib. 4:12.

15. Apa sing kudu ditindakké bèn anak panjenengan seneng karo sing diwulangké?

15 Wulangen anak panjenengan nganggo cara sing nyenengké. Golèka cara-cara liya kanggo mbantu dhèwèké bèn seneng sinau bab Yéhuwah lan luwih cedhak karo Yéhuwah. Terus tindakna kuwi wektu dhèwèké saya gedhé. Ana bapak sing kandha, ”Terusa ngupaya nggunakké cara-cara liya kanggo nerangké bab sing wis tau dirembug.”

NDONGAA NJALUK ROH SUCI, LAN KUDU SABAR MARANG ANAK

16. Apa sebabé kudu sabar wektu mulang anak? Critakna pengalamané para wong tuwa sing wis sabar mulang anaké.

16 Merga bantuan roh suciné Yéhuwah, anak panjenengan isa nduwé iman sing kuwat. (Gl. 5:22, 23) Ning, butuh wektu bèn imané saya kuwat. Mula, panjenengan kudu sabar mulang anak panjenengan. Ana bapak saka Jepang sing nduwé anak lanang lan wédok kandha, ”Aku lan bojoku nduwé akèh wektu kanggo nggatèkké anakku. Kèt anak-anakku isih cilik, bocah-bocah kuwi tak wulang 15 menit saben dina, sakliyané dina kanggo pakumpulan ibadah. Limalas menit ora abot kanggo aku lan bojoku utawa anak-anakku.” Ana pinituwa wilayah sing kandha, ”Wektu isih enom, aku nduwé akèh pitakonan. Saya suwé, akèh saka pitakonan-pitakonan mau ana jawabané ing pakumpulan ibadah, ibadah sak keluarga, lan wektu sinau Alkitab dhéwé. Kuwi alesané wong tuwa kudu terus mulang.”

Bèn isa dadi guru sing apik, panjenengan kudu seneng sinau Alkitab (Deloken Paragraf 17)

17. Apa sebabé wong tuwa kudu nguwatké imané dhéwé? Critakna pengalamané wong bebojoan saka Bermuda sing mbantu anak-anaké wédok bèn nduwé iman marang Yéhuwah?

17 Anaké panjenengan isa sinau akèh nèk panjenengan nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah. Dhèwèké bakal nggatèkké apa sing panjenengan tindakké. Mula, terus kuwatna imané panjenengan bèn anaké panjenengan ngerti nèk Yéhuwah nyata kanggo panjenengan. Contoné, wektu wong bebojoan saka Bermuda nduwé rasa kuwatir, wong-wong kuwi ndonga bareng karo anak-anaké wédok lan njaluk tuntunané Yéhuwah. Uga, ngandhani anak-anaké bèn ndonga dhéwé. ”Aku lan bojoku ngandhani anakku wédok sing luwih gedhé, ’percayaa tenan marang Yéhuwah, terusa nginjil, lan aja terus kuwatir.’ Wektu ndelok hasilé, dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah mbantu keluargaku. Kuwi nguwatké imané dhèwèké marang Gusti Allah lan Alkitab.”

18. Para wong tuwa kudu éling bab apa?

18 Wong tuwa, élinga nèk panjenengan ora isa meksa anak panjenengan bèn nduwé iman. Panjenengan isa nandur lan nyirami, ning mung Yéhuwah sing isa nukulké. (1 Kr. 3:6, Basa Jawa Suriname) Mula, terusa ngupaya mulang bab Yéhuwah marang anak panjenengan, lan njaluka bantuané roh suci. Percayaa nèk Yéhuwah bakal mberkahi kabèh upaya panjenengan.—Éf. 6:4.