Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Tanganmu Aja Nganti Kendho”

”Tanganmu Aja Nganti Kendho”

”Tanganmu aja nganti kendho.”​—ZF. 3:16.

LAGU: 54, 32

1, 2. (a) Masalah apa waé sing diadhepi wong-wong, lan apa akibaté? (b) Yésaya 41:10, 13 ngekèki pengarep-arep apa?

PERINTIS wédok sing nduwé bojo pinituwa kandha, ”Senajan ajeg sinau Alkitab lan ngibadah marang Yéhuwah, ning, pirang-pirang taun aku isih nduwé rasa kuwatir sing gedhé banget, sing marahi ora isa turu lan lara-laranen. Kuwi uga ana pengaruhé karo tumindakku marang sedulur liya. Kadhang kala, aku rumangsa ora kuwat manèh.”

2 Apa panjenengan isa ngerti perasaané sedulur mau? Pancèn, awaké dhéwé ngadhepi akèh masalah merga isih ana ing donyané Iblis sing jahat. Kaya jangkar sing marahi prau ora isa mlaku manèh, rasa kuwatir isa marahi awaké dhéwé nglokro lan cilik ati. (WB. 12:25) Apa sing mbokmenawa marahi panjenengan kuwatir? Mbokmenawa panjenengan sedhih merga ditinggal mati sing ditresnani, lara parah, dianiaya, utawa kudu ngopèni keluarga senajan ana masalah ékonomi. Saya suwé, masalah-masalah kuwi isa nggawé panjenengan ora nduwé daya lan rumangsa uripé panjenengan nelangsa terus. Ning, panjenengan isa percaya nèk Gusti Allah péngin mbantu panjenengan.​—Wacanen Yésaya 41:10, 13.

3, 4. (a) Piyé Alkitab nggunakké tembung ”tangan”? (b) Apa sing mbokmenawa marahi tangan dadi kendho?

3 Alkitab kerep nggunakké bagéan-bagéan awaké manungsa wektu nerangké sipat-sipat utawa tumindaké wong. Contoné, Alkitab nyebutké tangan ping atusan. Wektu Alkitab kandha bab wong sing tangané dikuwatké, iki maksudé disemangati, dikuwatké, lan siap tumindak. (1 Sa. 23:16; Ez. 1:6, New World Translation [NW]) Sakliyané kuwi, maksudé uga wong kuwi nduwé pikiran sing apik lan nduwé pengarep-arep urip ing donya anyar.

4 Alkitab uga wis tau nggambarké nèk ana wong sing tangané kendho. Kuwi maksudé nglokro utawa putus asa. (2 Bb. 15:7, Ib. 12:12) Wektu strès, nglokro, utawa rumangsa adoh karo Yéhuwah, mbokmenawa panjenengan péngin nyerah. Piyé carané bèn semangat manèh? Piyé carané bèn isa tetep kuwat ngadhepi masalah lan tetep seneng?

”TANGANÉ YÉHUWAH ORA KURANG DAWA KANGGO NYLAMETKÉ”

5. (a) Mbokmenawa piyé perasaané awaké dhéwé nèk ana masalah, ning apa sing kudu diéling-éling? (b) Wulangan iki bakal ngrembug apa?

5 Wacanen Zéfanya 3:16, 17. Wektu ana masalah, aja wedi lan cilik ati, utawa aja nganti tangan dadi kendho. Yéhuwah péngin awaké dhéwé masrahké kabèh rasa kuwatir. (1 Pt. 5:7) Yéhuwah ngopèni awaké dhéwé kaya ngopèni bangsa Israèl. Yéhuwah kandha marang bangsa kuwi nèk tangané ”ora kurang dawa kanggo nylametké.” Yéhuwah mesthi siap nylametké para abdiné sing setya. (Yé. 59:1, NW) Wulangan iki bakal ngrembug telung conto sing nduduhké nèk Yéhuwah isa lan péngin nguwatké umaté bèn isa nindakké kersané, senajan ngadhepi masalah abot. Conto-conto kuwi isa nguwatké panjenengan.

6, 7. Apa sing isa disinaoni saka kedadéan bangsa Israèl menang nglawan bangsa Amalèk?

6 Ora let suwé bar bangsa Israèl bébas saka Mesir, bangsa kuwi diserang bangsa Amalèk. Musa ngongkon Yusak, wong lanang sing kendel, mimpin bangsa Israèl perang. Banjur, Musa ngajak Harun lan Hur munggah gunung cedhak kono. Perang mau isa didelok saka gunung kuwi. Apa Musa, Harun, lan Hur ora mèlu perang merga wedi? Ora.

7 Musa manut tuntunané Yéhuwah bèn bangsa Israèl menang perang nglawan bangsa Amalèk. Musa nyekel tongkaté Yéhuwah banjur diangkat. Nèk tongkat kuwi diangkat, Yéhuwah ngekèki bangsa Israèl kekuwatan kanggo nglawan bangsa Amalèk. Ning, wektu tangané Musa kesel lan mudhun, bangsa Amalèk mèh menang. Harun lan Hur langsung nulungi Musa. Wong loro kuwi njupuk ”watu didokok ana ing sangisoré, kagawé lenggah, sarta Rama Harun lan Hur padha nyangga astané sasisih édhing, mulané astané ora obah nganti tumeka ing surupé srengéngé.” Bangsa Israèl akhiré menang perang merga kuwasané Yéhuwah.​—Pa. 17:8-13.

8. (a) Apa sing ditindakké Asa wektu bangsa Yéhuda arep diserang wong Étiopia? (b) Piyé carané niru Asa?

8 Yéhuwah uga nggunakké kuwasané kanggo mbantu umaté ing jamané Raja Asa. Alkitab ping bola-bali nyebutké jumlah prajurit sing mèlu perang, ning sing paling akèh kuwi prajurité Zérakh saka Étiopia yaiku 1.000.000 prajurit sing wis pengalaman perang. Jumlah kuwi mèh ping pindhoné prajurité Asa. Apa Asa kuwatir, wedi, utawa cilik ati? Apa tangané dadi kendho? Ora. Asa langsung njaluk bantuané Yéhuwah. Nèk nurut wong sing pengalaman perang, ora mungkin Asa isa menang nglawan wong Étiopia. ”Nanging mungguhing Allah samubarang kabèh bisa kalakon.” (Mt. 19:26) Yéhuwah nggunakké kuwasané lan ngalahké ”para wong Étiopia iku ana ing ngarsané Sang Prabu Asa” sing ”madhep marang Sang Yéhuwah kanthi gumolonging panggalih ing sajegé sugengé”.​—2 Bb. 14:8-13; 1 Ra. 15:14.

9. (a) Apa sebabé Néhémya ora mandheg mbangun manèh témbok Yérusalèm? (b) Apa buktiné Yéhuwah njawab dongané Néhémya?

9 Wektu teka ing Yérusalèm, Néhémya ndelok kahanan apa? Dhèwèké ndelok mungsuh saka negara-negara liya ngancam wong Yahudi bèn mandheg mbangun témbok Yérusalèm. Kutha kuwi ora dijaga lan wong Yahudi dadi cilik ati. Terus piyé perasaané Néhémya? Apa dadi cilik ati lan kendho tangané? Ora. Kaya Musa, Asa, lan para abdiné Yéhuwah sing setya liyané, Néhémya mesthi ngendelké Yéhuwah. Wektu kuwi, dhèwèké ndonga lan dongané dijawab Yéhuwah. Gusti Allah nggunakké kuwasané sing nggumunké lan tangané sing ”rosa” kanggo nguwatké wong Yahudi. (Wacanen Néhémya 1:10; 2:17-20; 6:9.) Apa panjenengan percaya nèk Yéhuwah nggunakké kuwasané lan tangané sing ”rosa” kanggo nguwatké para abdiné jaman saiki?

YÉHUWAH BAKAL NGUWATKÉ TANGAN PANJENENGAN

10, 11. (a) Piyé carané Iblis nggawé tangané awaké dhéwé kendho? (b) Yéhuwah nguwatké awaké dhéwé liwat apa? (c) Panjenengan éntuk paédah apa saka tuntunané Yéhuwah?

10 Awaké dhéwé percaya nèk tangané Iblis ora bakal kendho. Dhèwèké bakal terus nyerang lan ngupaya bèn awaké dhéwé ora ngabdi manèh marang Yéhuwah. Iblis nggunakké kabar sing ora bener lan ancaman saka pamréntah, pemimpin agama, lan wong murtad. Apa tujuané? Bèn awaké dhéwé mandheg nginjil. Ning, Yéhuwah isa lan péngin mbantu uga ngekèki roh suci kanggo nguwatké awaké dhéwé. (1 Bb. 29:12) Penting banget kanggo njaluk bantuan roh suciné Yéhuwah bèn isa nglawan Iblis lan donyané sing jahat. (Ms. 18:40; 1 Kr. 10:13) Awaké dhéwé uga ngucap sokur kanggo bantuan saka Alkitab lan wacan Alkitab sing metu saben sasi. Sabdané Yéhuwah ing Zakharia 8:9, 13 (wacanen) disebutké wektu panggonan ibadah ing Yérusalèm dibangun manèh. Ayat-ayat kuwi uga ana gunané kanggo awaké dhéwé saiki.

Penting banget kanggo njaluk bantuan roh suciné Yéhuwah bèn isa nglawan Iblis lan donyané sing jahat

11 Yéhuwah uga nguwatké awaké dhéwé liwat pakumpulan ibadah, kebaktian, lan sekolah-sekolah saka pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah. Kuwi isa mbantu awaké dhéwé ngabdi marang Yéhuwah merga alesan sing bener, nduwé tujuan ngabdi, lan nindakké akèh tanggung jawab kanggo abdiné Yéhuwah. (Ms. 119:32) Apa panjenengan péngin banget éntuk kekuwatan saka tuntunané Yéhuwah?

12. Apa sing kudu ditindakké bèn tetep kuwat?

12 Yéhuwah mbantu umaté ngalahké bangsa Amalèk lan Étiopia. Uga, ngekèki kekuwatan Néhémya lan bangsa Yahudi kanggo ngrampungké témbok-témbok ing Yérusalèm. Semono uga, Gusti Allah bakal ngekèki kekuwatan bèn awaké dhéwé isa terus nginjil senajan nduwé rasa kuwatir, dimungsuhi, lan sing dikabari ora gelem nampa. (1 Pt. 5:10) Yéhuwah ora nggawé mukjijat kanggo nyingkirké masalahé awaké dhéwé. Mula, apa sing kudu ditindakké? Awaké dhéwé kudu maca Alkitab saben dina, persiapan lan teka ing pakumpulan ibadah saben minggu, ajeg sinau Alkitab dhéwé lan ibadah sak keluarga, uga ngendelké Yéhuwah liwat donga. Aja nganti ana bab sing marahi awaké dhéwé ora isa nampa bantuané Yéhuwah kanggo nguwatké lan nggedhèkké atiné awaké dhéwé. Nèk panjenengan rumangsa ora semangat manèh nindakké bab-bab sing disebutké mau, njaluka bantuané Gusti Allah. Buktèkna nèk roh suciné Gusti Allah ”makarya ana ing kowé, supaya kowé duwéa kekarepan lan kabisan mbangun-turut marang apa sing dikersakaké”. (Fp. 2:13, Basa Jawi Padintenan [BJP]) Ning, apa panjenengan isa nguwatké liyané?

KUWATNA TANGAN SING KENDHO

13, 14. (a) Piyé salah sijiné sedulur lanang isa dikuwatké sakwisé bojoné mati? (b) Piyé carané nguwatké liyané?

13 Yéhuwah ngekèki paseduluran sakdonya kanggo nguwatké awaké dhéwé. Rasul Paulus kandha, ”Kencengna tangan kang lemes sarta dhengkul kang kéklok; sarta jejegna lakuné sikilmu.” (Ib. 12:12, 13) Akèh wong Kristen ing abad kapisan dibantu para sedulur liyané. Semono uga ing jaman saiki. Contoné, sedulur lanang sing ditinggal mati bojoné lan ngadhepi masalah abot kandha, ”Aku ngerti nèk ora isa milih arep ngadhepi masalah apa, kapan masalahé bakal teka, lan sepira kerepé masalah kuwi ana. Aku ndonga lan sinau Alkitab dhéwé. Kuwi kaya pelampung sing njaga bèn sirahku ora kleleb. Aku éntuk panglipur saka para sedulur ing jemaat. Aku ngerti nèk ngupaya saya akrab karo Yéhuwah kuwi penting banget ditindakké sakdurungé ngadhepi masalah abot.”

Para sedulur ing jemaat isa nggedhèkké ati siji lan sijiné (Deloken paragraf 14)

14 Harun lan Hur nguwatké tangané Musa nganggo cara nyangga tangané Musa wektu bangsa Israèl perang nglawan bangsa Amalèk. Jaman saiki, awaké dhéwé uga isa ngupaya mbantu lan ndhukung para sedulur liyané sing susah merga wis tuwa, lara-laranen, dimungsuhi keluarga, kesepian, utawa ditinggal mati. Awaké dhéwé uga isa nguwatké cah-cah enom sing kerep dipengaruhi bèn dadi wong suksès ing donya iki utawa nindakké sing salah. (1 Ts. 3:1-3; 5:11, 14) Golèka cara-cara kanggo nggatèkké wong liya wektu ing Balé Ibadah, nginjil, mangan bareng, utawa wektu omong-omongan ing tilpun.

15. Apa pengaruhé omongan panjenengan marang sedulur liyané?

15 Sakwisé Asa menang nglawan prajurit Étiopia, nabi Azarya nggedhèkké atiné Asa lan rakyaté wektu kandha, ”Nanging paduka sadaya punika, sami kawula aturi santosa ing panggalih, sampun ngantos sami kendho, amargi paduka sami kacawisan pituwas!” (2 Bb. 15:7) Kuwi sing marahi Asa ngupaya bèn ibadah sing bener ditindakké manèh. Semono uga, omongané panjenengan sing apik isa mbantu lan nggedhèkké atiné wong liya bèn isa terus ngabdi marang Yéhuwah. (WB. 15:23) Élinga nèk para sedulur isa dikuwatké wektu panjenengan mènèhi urun rembug sing nggedhèkké ati ing pakumpulan ibadah.

Néhémya ora mung ndelok thok, ning uga mèlu mbangun témbok-témbok Yérusalèm

16. Piyé carané para pinituwa niru Néhémya? Critakna pengalaman panjenengan wektu dibantu para sedulur.

16 Merga bantuané Yéhuwah, Néhémya lan wong Yahudi isa nguwatké tangané. Mung 52 dina témbok-témbok Yérusalèm isa dirampungké. (Ny. 2:18; 6:15, 16) Néhémya ora mung ndelok thok, ning uga mèlu mbangun. (Ny. 5:16) Semono uga, akèh pinituwa niru Néhémya wektu mèlu mbangun utawa ngresiki lan ngopèni Balé Ibadah. Para pinituwa mau uga isa nguwatké para sedulur sing lagi ”kuwatir atiné” nganggo cara marani wong-wong kuwi lan ngajak nginjil bareng.​—Wacanen Yésaya 35:3, 4.

”TANGANMU AJA NGANTI KENDHO”

17, 18. Nèk ngadhepi masalah lan dadi kuwatir, awaké dhéwé isa percaya apa?

17 Wektu bebarengan karo para sedulur nindakké kersané Yéhuwah, awaké dhéwé isa tambah rukun, isa kekancan sakterusé, lan nggawé luwih percaya karo berkahé Kratoné Gusti Allah sing wis dijanjèkké. Nèk nguwatké tangané wong liya, kuwi tegesé awaké dhéwé mbantu bèn wong-wong kuwi tetep kuwat ngadhepi masalah lan terus nduwé pengarep-arep urip ing Pirdus. Kuwi uga isa nguwatké tangané awaké dhéwé lan mbantu awaké dhéwé terus mikirké urip ing Pirdus.

18 Imané awaké dhéwé isa saya kuwat nèk mikirké carané Yéhuwah mbantu lan njaga para abdiné sing setya jaman mbiyèn. Mula, nèk panjenengan ngadhepi masalah lan dadi kuwatir, ”tanganmu aja nganti kendho”. Panjenengan isa ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Nèk kuwi ditindakké, panjenengan isa percaya nèk kuwasa tangané Yéhuwah bakal nguwatké lan mènèhi berkah urip ing Pirdus ora suwé manèh.​—Ms. 73:23, 24.