Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Terusa Ngupaya Tenanan Bèn Éntuk Berkahé Yéhuwah

Terusa Ngupaya Tenanan Bèn Éntuk Berkahé Yéhuwah

”Sira wus gelut nglawan Allah lan manungsa, mangka sira menang.”​—PD. 32:28.

LAGU: 23, 38

1, 2. Para abdiné Yéhuwah kudu ngupaya apa?

KABÈH abdiné Yéhuwah sing setya, saka jamané Abèl nganti saiki, kudu ngupaya tenanan bèn isa tetep setya. Rasul Paulus kandha marang wong-wong Kristen Ibrani nèk wong-wong kuwi ”nandhang sangsara akèh amarga . . . betah nglakoni perjuangan kang abot”, merga ngupaya nyenengké Yéhuwah lan éntuk berkahé. (Ib. 10:32-34) Paulus mbandhingké perjuangané wong-wong Kristen karo atlét Yunani sing mèlu lomba mlayu, gulat, lan tinju. (Ib. 12:1, 4) Saiki, awaké dhéwé lagi lomba kanggo éntuk urip saklawasé, ning, ana mungsuh sing ngalangi bèn uripé awaké dhéwé saiki ora ayem tentrem lan ora isa urip ing Pirdus.

2 Perjuangan paling abot kuwi nglawan Iblis lan donyané. (Éf. 6:12) Awaké dhéwé aja nganti gelem dipengaruhi ajarané wong-wong ing donya iki lan tumindaké sing bejat, kaya laku jina, ngrokok, mabuk-mabukan, lan nganggo narkoba. Awaké dhéwé uga kudu terus nglawan rasa cilik ati sarta pikiran lan tumindak sing salah.​—2 Kr. 10:3-6; Kl. 3:5-9.

3. Yéhuwah mbantu lan ngajari carané nglawan mungsuh liwat apa waé?

3 Apa awaké dhéwé isa menang nglawan mungsuh sing kuwat banget? Isa, ning kuwi ora gampang. Paulus mbandhingké dhèwèké kaya petinju wektu kandha, ”Aku dudu jago jotos kang mung waton njotos baé.” (1 Kr. 9:26) Awaké dhéwé kaya petinju sing lagi nglawan mungsuh. Yéhuwah mbantu lan ngajari carané nglawan mungsuh liwat Alkitab, wacan Alkitab, pakumpulan ibadah, lan kebaktian. Apa panjenengan wis ngetrapké kabèh tuntunan sing ditampa? Nèk durung, mbokmenawa panjenengan durung tenanan nglawan mungsuh, kaya petinju sing mung asal njotos.

4. Piyé carané bèn aja nganti dikuwasani sing jahat?

4 Awaké dhéwé kudu terus waspada merga mungsuh isa nyerang wektu awaké dhéwé ora siap utawa lagi nglokro. Alkitab ngélingké lan nggedhèkké atiné awaké dhéwé, ”Kowé aja nganti dikalahaké déning piala, malah piala iku kalahna sarana kabecikan.” (Rm. 12:21) Awaké dhéwé isa menang nèk terus nglawan kabèh sing jahat. Nèk ora gelem nglawan banjur nglokro, awaké dhéwé isa dikuwasani Iblis, donyané, sarta pikiran lan tumindak sing salah. Mula, aja nganti nyerah, cilik ati, lan nglokro.​—1 Pt. 5:9.

5. (a) Bèn isa nyenengké Yéhuwah lan éntuk berkahé, awaké dhéwé kudu ngerti apa? (b) Sapa waé conto ing Alkitab sing bakal dirembug?

5 Bèn menang, awaké dhéwé kudu ngerti alesané terus ngupaya setya yaiku merga péngin nyenengké Yéhuwah lan éntuk berkahé. Ibrani 11:6 kandha, ”Sing sapa sowan marang ngarsané Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengané.” Temen-temen ngupaya marang Yéhuwah tegesé ngupaya tenanan péngin nyenengké Yéhuwah. (PR. 15:17) Ing Alkitab, ana akèh conto wong sing tumindak kaya ngono. Senajan ngadhepi masalah abot, Yakub, Rakhèl, Yusuf, lan Paulus isa tetep setya. Semono uga, nèk ngupaya tenanan, awaké dhéwé isa éntuk berkahé Yéhuwah. Wulangan iki bakal ngrembug contoné wong-wong mau.

NÈK NGUPAYA TENANAN, PANJENENGAN BAKAL DIBERKAHI

6. Apa sebabé Yakub ngupaya bèn éntuk berkahé Yéhuwah, lan apa hasilé? (Deloken gambar ing kaca 9.)

6 Yakub sing setya tetep kuwat ngadhepi masalah merga nresnani lan péngin terus kekancan akrab karo Yéhuwah. Dhèwèké percaya tenan karo janji nèk Yéhuwah bakal mberkahi keturunané. (Pd. 28:3, 4) Wektu umuré mèh 100 taun, dhèwèké gelut karo malaékat bèn nampa berkahé Gusti Allah. (Wacanen Purwaning Dumadi 32:24-28.) Apa Yakub isa nglawan malaékat nggunakké kekuwatané dhéwé? Ora. Senajan ngono, Yakub ngupaya tenan lan mbuktèkké nèk péngin éntuk berkah. Yéhuwah mberkahi Yakub merga terus ngupaya, lan Yéhuwah ngekèki Yakub jeneng Israèl sing tegesé ”Wong sing gelut nglawan Allah”. Awaké dhéwé ya péngin kaya Yakub sing isa nyenengké Yéhuwah lan diberkahi.

7. (a) Masalah apa sing diadhepi Rakhèl? (b) Apa sing ditindakké Rakhèl, lan akhiré dhèwèké éntuk berkah apa?

7 Bojoné Yakub sing ditresnani, yaiku Rakhèl, uga péngin banget ndelok janjiné Yéhuwah marang bojoné kelakon. Ning masalahé, Rakhèl ora isa nduwé anak, lan wektu kuwi wong wédok sedhih banget atiné nèk ngalami masalah kaya ngono. Piyé carané Rakhèl tetep ngupaya éntuk berkahé Yéhuwah senajan susah? Dhèwèké ora tau nyerah lan terus ndonga marang Yéhuwah. Yéhuwah ngrungokké dongané sing tulus lan akhiré Rakhèl seneng isa nduwé anak. Mula, dhèwèké kandha, ”Dak temeni banget anggonku gelut . . . lan aku kelakon menang.”​—Pd. 30:8, 20-24.

8. Yusuf ngadhepi masalah apa, lan apa sing isa ditiru?

8 Tuladhané Yakub lan Rakhèl mbokmenawa ana pengaruhé kanggo anaké lanang sing jenengé Yusuf. Mula, Yusuf isa ngadhepi masalahé. Wektu umuré 17 taun, Yusuf ngadhepi masalah abot banget. Kakang-kakangé sing mèri marang dhèwèké ngedol dhèwèké dadi budhak. Bar kuwi, dhèwèké dipenjara pirang-pirang taun ing Mesir senajan ora salah. (Pd. 37:23-28; 39:7-9, 20, 21) Ning, Yusuf ora cilik ati lan ora balas dendam. Apa sebabé? Merga Yusuf ngajèni hubungané karo Yéhuwah lan kuwi sing paling penting kanggo dhèwèké. (Km. 19:18; Rm. 12:17-21) Awaké dhéwé isa niru Yusuf. Senajan susah wektu isih bocah utawa saiki rumangsa putus asa, awaké dhéwé kudu terus ngupaya tenanan bèn tetep setya. Nèk kuwi ditindakké, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi.​—Wacanen Purwaning Dumadi 39:21-23.

9. Piyé carané niru Yakub, Rakhèl, lan Yusuf?

9 Jaman saiki, awaké dhéwé uga ngadhepi masalah abot. Mbokmenawa panjenengan susah merga ana sing ngrèmèhké, mèri, ngarani sing ora bener, utawa ora adil marang panjenengan. Ning, aja cilik ati. Aja lali nèk Yakub, Rakhèl, lan Yusuf tetep bungah ngabdi marang Yéhuwah. Wong-wong kuwi dikuwatké lan diberkahi Gusti Allah merga tenanan ngajèni hubungané karo Yéhuwah, sarta terus ngupaya tenanan nindakké bab-bab sing cocog karo dongané. Merga urip ing dina-dina pungkasan, awaké dhéwé kudu terus nduwé pengarep-arep urip ing Pirdus. Apa panjenengan péngin terus ngupaya tenanan nyenengké Yéhuwah?

TERUSA NGUPAYA BÈN ÉNTUK BERKAH

10, 11. (a) Apa sebabé kudu ngupaya bèn éntuk berkahé Gusti Allah? (b) Apa sing isa mbantu nggawé keputusan sing bener?

10 Apa sebabé kudu terus ngupaya bèn éntuk berkah? Merga ora sampurna, mbokmenawa awaké dhéwé kudu nglawan pikiran lan perasaan sing salah. Ana sing ngupaya nduwé pandhangan sing bener bab nginjil, lan ana sing tetep setya senajan kerep lara utawa rumangsa kesepian. Ana uga sing angèl ngapurani wong liya sing wis tau nglarani ati. Ora masalah sepira suwéné ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nglawan kabèh sing isa ngganggu ngabdi marang Gusti Allah.

Apa panjenengan terus ngupaya bèn éntuk berkahé Yéhuwah? (Deloken paragraf 10, 11)

11 Ora gampang dadi wong Kristen lan nggawé keputusan sing bener, utamané nèk awaké dhéwé kudu nglawan pikiran lan perasaan sing salah. (Ym. 17:9) Nèk krasa ngono, ndongaa marang Yéhuwah lan njaluka roh suciné. Donga lan roh suci isa mbantu panjenengan terus nindakké sing bener lan nampa berkahé Gusti Allah. Tindakna bab-bab sing cocog karo donga panjenengan. Wacanen Alkitab saben dina, lan gunakna wektu kanggo sinau Alkitab dhéwé sarta ibadah sak keluarga.​—Wacanen Jabur 119:32.

12, 13. Critakna pengalamané sedulur-sedulur sing kudu nglawan pikiran lan perasaan sing salah.

12 Ana akèh sedulur sing isa nglawan pikiran lan perasaan sing salah merga bantuané Alkitab, wacan Alkitab, lan roh suciné Yéhuwah. Ana sedulur enom sing maca artikel ”Bagaimana Anda Dapat Melawan Hasrat yang Salah?” sing ana ing Sedarlah! 8 Desember 2003. Piyé tanggepané? Sedulur enom kuwi kandha, ”Aku kudu terus nglawan pikiran sing salah. Wektu maca nèk ’akèh sing kudu terus ngupaya tenanan nglawan sing salah’, aku rumangsa ora dhèwèkan merga ana sedulur liya sing ngadhepi masalah sing padha.” Dhèwèké uga maca artikel ”Gaya Hidup Alternatif—Apakah Diperkenan Allah?” sing ana ing Sedarlah! 8 Oktober 2003. Ing artikel kuwi, dhèwèké maca nèk perjuangan kanggo nglawan sing salah kudu terus ditindakké merga kuwi kaya ’eri ing daging’. (2 Kr. 12:7) Wong-wong kuwi tetep nduwé pengarep-arep urip ing Pirdus senajan isih terus ngupaya nindakké sing bener. Dhèwèké kandha, ”Mula, aku péngin terus setya saben dina. Aku maturnuwun marang Yéhuwah merga wis mbantu aku liwat pakumpulané, bèn aku isa tetep setya ing donya sing jahat iki.”

13 Gatèkna pengalamané sedulur wédok ing Amerika Serikat. Dhèwèké nulis, ”Maturnuwun merga terus ngekèki tuntunan sing dibutuhké ing wektu sing pas. Aku kerep rumangsa nèk artikel-artikel kuwi pancèn kanggo aku. Pirang-pirang taun aku kudu ngupaya tenanan nglawan pikiran lan perasaan sing salah, sing disengiti Yéhuwah. Kadhang kala, aku péngin nyerah. Aku ngerti nèk Yéhuwah welas asih lan seneng ngapura, ning aku tetep rumangsa ora pantes dibantu merga nduwé pikiran lan perasaan sing salah ning ora tak lawan. Kabèh upaya kuwi ana pengaruhé kanggo uripku. . . . Sakwisé maca artikel ’Apakah Saudara Memiliki ”Hati untuk Mengenal” Yehuwa?’ sing ana ing Menara Pengawal 15 Maret 2013, aku krasa nèk Yéhuwah péngin mbantu aku.”

14. (a) Wektu ngupaya nglawan sing salah, Paulus percaya apa? (b) Piyé carané bèn isa menang nglawan pikiran lan tumindak sing salah?

14 Wacanen Rum 7:21-25. Paulus ngerti tenan nèk upaya kanggo nglawan pikiran, perasaan, lan tumindak sing salah kuwi angèl tenan. Ning, dhèwèké percaya bakal isa menang nèk ndonga, njaluk bantuané Yéhuwah, lan nduwé iman marang tebusan Yésus. Nèk awaké dhéwé piyé? Apa ya isa menang? Isa, nèk niru Paulus lan tenanan ngendelké Yéhuwah, dudu kekuwatané awaké dhéwé, sarta nduwé iman marang tebusan Yésus.

15. Piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé tetep setya lan kuwat ngadhepi masalah?

15 Kadhang kala, Gusti Allah isa waé péngin ngerti tanggepané awaké dhéwé nèk ana masalah. Contoné, wektu awaké dhéwé utawa keluarga lara parah, utawa ana sing tumindak ora adil, piyé tanggepané awaké dhéwé? Nèk percaya tenan marang Yéhuwah, awaké dhéwé bakal njaluk kekuwatan bèn tetep setya, bungah, lan akrab karo Yéhuwah. (Fp. 4:13) Pengalamané wong-wong Kristen mbiyèn lan saiki nduduhké nèk ndonga isa mbantu awaké dhéwé tetep setya sarta kuwat lan wani ngadhepi masalah.

TERUSA NGUPAYA TENANAN BÈN DIBERKAHI YÉHUWAH

16, 17. Panjenengan kudu ngupaya apa?

16 Iblis péngin banget panjenengan cilik ati, nyerah lan nglokro. Mula, tindakna ”kang becik”. (1 Ts. 5:21) Panjenengan isa menang nglawan Iblis, donyané sing jahat, lan pikiran sing salah. Panjenengan isa menang nèk tenanan percaya nèk Gusti Allah bakal nguwatké lan mbantu panjenengan.​—2 Kr. 4:7-9; Gl. 6:9.

17 Terusa ngupaya tenanan bèn tetep setya wektu ngadhepi masalah. Panjenengan isa percaya tenan nèk Yéhuwah bakal ”ngesoki berkah marang sira nganti lubèr”.​—Ml. 3:10.