Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 37

Kudu Manut karo Yéhuwah

Kudu Manut karo Yéhuwah

’Kuduné kita kan luwih manut marang Bapak, ta?’​—IBR. 12:9.

LAGU 9 Yéhuwah Kuwi Rajaku

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sebabé awaké dhéwé kudu manut karo Yéhuwah?

YÉHUWAH nduwé hak kanggo nggawé aturan, merga Yéhuwah kuwi sing nyiptakké awaké dhéwé. Dadi, awaké dhéwé kudu manut karo Yéhuwah. (Why. 4:11) Awaké dhéwé ya kudu manut merga carané Yéhuwah mréntah kuwi sing paling apik, béda karo carané manungsa. Yéhuwah kuwi Pemimpin sing paling sabar, perduli, lan nresnani manungsa.​—Pa. 34:6; Rm. 16:27; 1 Yoh. 4:8.

2. Nurut Ibrani 12:9-11, apa sebabé awaké dhéwé kudu manut karo Yéhuwah?

2 Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut, ora mung merga ngajèni Dhèwèké, ning ya merga awaké dhéwé nresnani Dhèwèké lan nganggep Dhèwèké dadi Bapak sing nresnani awaké dhéwé. Paulus njelaské ing suraté kanggo wong-wong Ibrani nèk awaké dhéwé kudu ”manut marang Bapak” merga aturané Yéhuwah kuwi ”demi paédahé” awaké dhéwé.​—Wacanen Ibrani 12:9-11.

3. (a) Apa buktiné nèk awaké dhéwé manut karo Yéhuwah? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Manut karo Yéhuwah kuwi berarti awaké dhéwé ngupaya kanggo nindakké kabèh préntahé lan ora tumindak manut pikirané dhéwé. (WB. 3:5) Awaké dhéwé bakal dadi luwih gampang kanggo manut nèk wis ngerti sipat-sipaté Yéhuwah sing kétok saka kabèh tumindaké. (Ms. 145:9) Nèk wis kenal karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal saya nresnani Dhèwèké. Nèk wis tresna karo Yéhuwah, awaké dhéwé ora butuh daftar aturan soal apa sing éntuk lan ora éntuk ditindakké. Awaké dhéwé bakal nindakké apa sing bener merga nduwé pikiran lan perasaan sing padha karo Yéhuwah. (Ms. 97:10) Ning, kadhang kala manut kuwi ora gampang. Apa sebabé? Apa sing isa disinaoni karo para pinituwa, para bapak, lan para ibu saka contoné Gubernur Néhémia, Raja Daud, lan Maria ibuké Yésus? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

APA SEBABÉ MANUT KARO YÉHUWAH KUWI KADHANG KALA ORA GAMPANG?

4-5. Nurut Roma 7:21-23, apa sebabé manut karo Yéhuwah kuwi kadhang kala ora gampang?

4 Manut karo Yéhuwah kuwi kadhang kala ora gampang merga awaké dhéwé ora sampurna lan éntuk warisan dosa. Mbiyèn, Adam lan Hawa nglanggar préntahé Yéhuwah lan mangan buah sing dilarang. Kuwi artiné Adam lan Hawa péngin nggawé aturan dhéwé soal apa sing apik lan sing èlèk. (Pd. 3:22) Akèh wong saiki ya ora gelem manut karo Yéhuwah lan akhiré dadi tumindak sak karepé dhéwé.

5 Wong-wong sing wis cedhak karo Yéhuwah waé kadhang kala ya ngrasa nèk manut karo Yéhuwah kuwi ora gampang. Kuwi sing dialami karo Rasul Paulus. (Wacanen Roma 7:21-23.) Kaya Paulus, awaké dhéwé mesthi péngin nindakké apa sing bener. Ning, awaké dhéwé ya kudu terus ngupaya tenanan bèn ora nindakké apa sing salah.

6-7. Apa manèh sing isa nggawé awaké dhéwé dadi ngrasa nèk manut karo Yéhuwah kuwi ora gampang? Wènèhana conto.

6 Kadhang kala manut karo Yéhuwah kuwi ya ora gampang merga awaké dhéwé isa kena pengaruhé wong-wong sing ana ing sekitaré awaké dhéwé. Apa sing diomongké wong-wong biasané béda karo apa sing dipéngini Yéhuwah. Akhiré, awaké dhéwé dadi ngrasa nèk nindakké sing dipéngini Yéhuwah kuwi angèl. Gatèkna conto iki.

7 Cah-cah enom isa waé dipengaruhi karo wong-wong ing sekitaré kanggo nggolèk dhuwit sak akèh-akèhé. Contoné, ana sedulur sing jenengé Mary. * Sakdurungé sinau Alkitab, Mary sekolah ing salah siji universitas sing paling apik ing negarané. Keluargané péngin Mary nggolèk gawéan sing gajiné gedhé bèn diajèni karo wong liya. Mary dhéwé mauné ya péngin éntuk gawéan sing kaya ngono. Ning, sakwisé sinau Alkitab, Mary mulai nresnani Yéhuwah lan cita-citané dadi berubah. Senajan ngono, Mary crita, ”Kadhang kala ana kesempatan kanggo nggolèk dhuwit sing akèh, ning aku kudu ngorbanké kegiatan ibadahku. Aku ngerti nèk aku kudu nolak, ning kuwi ora gampang. Aku kudu njaluk bantuané Yéhuwah bèn aku isa nolak gawéan sing isa nggawé aku dadi adoh saka Yéhuwah.”​—Mat. 6:24.

8. Apa sing bakal dirembug ing paragraf-paragraf sakbanjuré?

8 Awaké dhéwé isa éntuk akèh manfaat nèk manut karo Yéhuwah. Wong-wong sing nduwé wewenang, contoné para pinituwa, para bapak, lan para ibu, ya kudu manut karo Yéhuwah. Nèk wong-wong kuwi manut karo Yéhuwah, kuwi ya ana manfaaté kanggo wong liya. Ing paragraf-paragraf sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné wong-wong ing Alkitab sing nggunakké wewenangé nganggo cara sing nyenengké Yéhuwah.

SINAU SAKA CONTONÉ NÉHÉMIA

Para pinituwa mèlu nyambut gawé ing Balé Ibadah, kaya Néhémia mbiyèn ya mèlu mbantu pembangunan témbok Yérusalèm (Deloken paragraf 9-11) *

9. Néhémia ngadhepi tantangan apa waé?

9 Para pinituwa dikèki tanggung jawab kanggo njaga lan nggatèkké kebutuhané umaté Yéhuwah. (1 Ptr. 5:2) Para pinituwa isa sinau saka contoné Néhémia, sing nduwé wewenang dadi gubernur Yéhuda. (Ny. 1:11; 2:7, 8; 5:14) Ana tantangan-tantangan sing diadhepi karo Néhémia. Misalé, dhèwèké ndelok nèk wong-wong Yahudi padha ora ngajèni baité Yéhuwah lan ora mènèhi sumbangan kanggo wong-wong Lèwi kaya sing wis diatur ing Hukum Taurat. Terus, wong-wong Yahudi ya ora manut karo hukumé Yéhuwah soal Sabat lan ana wong-wong lanang sing nikah karo wong wédok sing dudu umaté Yéhuwah. Gubernur Néhémia kudu nangani masalah-masalah kuwi.​—Ny. 13:4-30.

10. Apa sing ditindakké Néhémia kanggo ngatasi tantangan sing diadhepi pas dadi gubernur?

10 Senajan nduwé wewenang, ning Néhémia ora meksa wong-wong bèn padha nurut karo dhèwèké. Néhémia nggolèk petunjuk saka Yéhuwah liwat donga lan ngejak wong-wong bèn padha manut karo hukumé Yéhuwah. (Ny. 1:4-10; 13:1-3) Néhémia ya rendah hati merga gelem nyambut gawé bareng karo wong-wong Yahudi, misalé wektu mbangun témbok Yérusalèm manèh.​—Ny. 4:15.

11. Nurut 1 Tésalonika 2:7, 8, piyé kuduné tumindaké para pinituwa marang para sedulur?

11 Para pinituwa isa niru contoné Néhémia, senajan mungkin ora ngadhepi situasi sing padha kaya Néhémia. Piyé carané? Para pinituwa perlu ngupaya kanggo mbantu para sedulur. Senajan nduwé wewenang, para pinituwa aja nganti ngrasa luwih unggul ketimbang sing liyané. Para pinituwa kudu apikan karo para sedulur. (Wacanen 1 Tésalonika 2:7, 8.) Para pinituwa ya perlu rendah hati lan sayang karo para sedulur, bèn isa tetep apikan wektu omongan karo para sedulur. Andrew, salah siji pinituwa sing nduwé akèh pengalaman, kandha, ”Para sedulur mesthi seneng nèk pinituwané apikan lan ramah. Nèk pinituwané kaya ngono, para sedulur bakal luwih gampang manut karo arahané para pinituwa.” Sedulur liyané sing wis suwé dadi pinituwa, sing jenengé Tony, kandha, ”Aku ngupaya kanggo ngetrapké Filipi 2:3 lan nganggep nèk wong liya kuwi luwih unggul ketimbang aku. Dadi, aku ora meksa para sedulur bèn padha manut karo aku.”

12. Apa sebabé para pinituwa kudu rendah hati?

12 Para pinituwa kudu rendah hati kaya Yéhuwah. Senajan Yéhuwah kuwi Mahakuwasa, ning Yéhuwah gelem ”ngesorake sarira [utawa, mbungkuk]” kanggo ngangkat ’wong asor saka lebu’. (Ms. 18:36; 113:6, 7) Alkitab ya ngandhani nèk Yéhuwah sengit karo wong-wong sing ora rendah hati.​—WB. 16:5.

13. Apa sebabé para pinituwa kudu ”ngendhalèni ilaté”?

13 Para pinituwa sing manut karo Yéhuwah ya kudu ”ngendhalèni ilaté”. Nèk ora, dhèwèké isa waé dadi ora ramah wektu omongan karo wong-wong sing ora ngajèni dhèwèké. (Yak. 1:26; Gal. 5:14, 15) Andrew, sing dicritakké mau, kandha, ”Kadhang kala, aku rumangsa ora diajèni. Terus, aku dadi ora ramah wektu omongan karo wong kuwi. Ning, aku ngrenungké contoné wong-wong sing setya sing dicritakké ing Alkitab. Aku dadi ngerti nèk aku kudu dadi wong sing rendah hati lan apikan.” Para pinituwa kudu ramah lan apikan wektu omong-omongan karo sedulur-sedulur liyané, termasuk karo para pinituwa liyané. Kuwi bukti nèk para pinituwa manut karo Yéhuwah.​—Kol. 4:6.

SINAU SAKA CONTONÉ RAJA DAUD

14. Wong-wong lanang sing dadi bapak dikèki tanggung jawab apa saka Yéhuwah lan Yéhuwah péngin wong-wong kuwi tumindak piyé?

14 Wong-wong lanang sing dadi bapak dikèki tanggung jawab kanggo dadi kepala keluarga. Yéhuwah ya péngin para bapak mulang lan ndhidhik anak-anaké. (1 Kor. 11:3; Éf. 6:4) Tanggung jawab kuwi asalé saka Yéhuwah, Sang Pencipta keluarga. Mula, para bapak ora éntuk sak pénaké dhéwé. (Éf. 3:14, 15) Para bapak kudu nggunakké wewenangé nganggo cara sing nyenengké Yéhuwah. Kuwi bukti nèk para bapak manut karo Yéhuwah. Para bapak isa sinau saka pengalamané Raja Daud.

Wektu ndonga, para bapak perlu nduduhké nèk dhèwèké bener-bener ngendelké Yéhuwah (Deloken paragraf 15-16) *

15. Apa sebabé Raja Daud isa dadi conto sing apik kanggo para kepala keluarga?

15 Raja Daud dikèki wewenang karo Yéhuwah, ora mung kanggo mimpin keluargané ning ya kanggo mimpin bangsa Israèl. Daud ya tau nggawé kesalahan lan nyalahgunakké wewenangé. (2 Sa. 11:14, 15) Ning, Daud manut karo Yéhuwah. Buktiné, dhèwèké gelem dikandhani lan dinaséhati. Wektu ndonga, Daud nyritakké perasaané marang Yéhuwah. (Ms. 51:3-6) Daud ya gelem ngrungokké naséhat saka wong wédok. Kuwi bukti nèk Daud rendah hati. (1 Sa. 19:11, 12; 25:32, 33) Daud ora mbalèni kesalahané lan terus nganggep nèk ngabdi marang Yéhuwah kuwi sing paling penting ing uripé.

16. Apa sing isa disinaoni para bapak saka contoné Daud?

16 Apa sing isa disinaoni para bapak saka contoné Raja Daud? Para bapak kudu nggunakké wewenangé nganggo cara sing bener. Nèk nindakké kesalahan, para bapak ya kudu ngakoni lan nampa naséhaté Alkitab saka wong liya. Wektu ndonga bareng karo keluarga, para bapak isa nyritakké perasaané marang Yéhuwah. Dadi, keluargané isa ngerti nèk dhèwèké bener-bener cedhak karo Yéhuwah. Sakliyané kuwi, kepala keluarga kudu nganggep nèk ngabdi marang Yéhuwah kuwi sing paling penting ing uripé. (PT. 6:6-9) Para bapak isa dadi conto sing apik kanggo keluargané.

SINAU SAKA CONTONÉ MARIA

17. Wong-wong wédok sing dadi ibu dikèki wewenang apa karo Yéhuwah?

17 Wong-wong wédok sing dadi ibu ya dikèki wewenang karo Yéhuwah kanggo ndhidhik anak-anaké. (WB. 6:20) Omongan lan tumindaké ibu biasané gedhé pengaruhé kanggo anak-anaké. (WB. 22:6) Para ibu isa sinau saka pengalamané Maria, ibuké Yésus.

18-19. Apa sing isa ditiru karo para ibu saka contoné Maria?

18 Maria bener-bener ngerti isiné Kitab Suci lan ngajèni Yéhuwah. Dhèwèké ya cedhak banget karo Yéhuwah. Maria gelem manut karo arahané Yéhuwah, senajan dhèwèké kudu ngalami perubahan ing uripé.​—Luk. 1:35-38, 46-55.

Para ibu perlu ngupaya kanggo nduduhké rasa sayangé, senajan lagi kesel utawa jèngkèl (Deloken paragraf 19) *

19 Apa sing isa ditiru karo para ibu saka contoné Maria? Sing pertama, para ibu perlu terus ndonga lan sinau Alkitab pribadi bèn dadi saya cedhak karo Yéhuwah. Sing keloro, para ibu ya kudu gelem nggawé perubahan bèn isa nyenengké Yéhuwah. Contoné, mungkin ndhisik wong tuwané njenengan gampang nesu lan omongané kasar. Mula, saiki njenengan mungkin ya ndhidhik anak-anak nganggo cara sing padha. Senajan wis ngerti pathokané Alkitab soal ndhidhik anak, njenengan mungkin isih gampang nesu wektu anaké njenengan ora manut, apa manèh nèk njenengan lagi kesel. (Éf. 4:31) Pas situasiné kaya ngono, njenengan kudu ndonga. Ana ibu sing jenengé Lydia kandha, ”Aku kudu ndonga tenanan bèn ora nesu-nesu pas anakku lanang ora manut karo aku. Nèk lagi nesu, kadhang kala aku langsung meneng sedhéla lan ndonga ing njero ati kanggo njaluk tulung karo Yéhuwah. Hasilé, aku isa tetep tenang.”​—Ms. 37:5.

20. Apa sing isa waé dirasakké karo para ibu, lan piyé carané ngatasi kuwi?

20 Ana ibu-ibu sing isa waé ngrasa ora gampang kanggo nduduhké rasa sayangé marang anak-anaké. (Tit. 2:3, 4) Njenengan mungkin ya ngrasa kaya ngono merga wong tuwané njenengan mbiyèn ora cedhak karo anak-anaké. Ning, njenengan aja dadi wong tuwa sing kaya ngono. Njenengan kudu ngupaya bèn anak-anaké njenengan ngrasa disayangi. Kuwi dadi bukti nèk njenengan manut karo Yéhuwah. Senajan ora gampang, ning kuwi isa ditindakké. Hasilé, njenengan lan keluarga mesthi bakal luwih bahagia.

TERUS MANUT KARO YÉHUWAH

21-22. Nurut Yésaya 65:13, 14, apa waé manfaaté nèk awaké dhéwé manut karo Yéhuwah?

21 Raja Daud ngerti nèk manut karo Yéhuwah kuwi ana akèh manfaaté. Mula, dhèwèké nulis, ”Pangandikané Sang Yéhuwah iku patitis, mbungahaké ati; préntahé Sang Yéhuwah iku murni, gawé sumoroting mripat. Lan malih abdi Paduka dipun èngetaken déning punika wau sadaya, sarta tiyang ingkang netepi tampi ganjaran ageng.” (Ms. 19:9, 12) Wong-wong sing ora gelem nampa naséhaté Yéhuwah kétok béda banget karo wong-wong sing manut. Wong-wong sing manut karo Yéhuwah ”bakal surak-surak marga saka senenging atiné”.​—Wacanen Yésaya 65:13, 14.

22 Ana akèh manfaaté nèk para pinituwa, para bapak, lan para ibu gelem manut karo Yéhuwah. Misalé, uripé dhéwé lan keluargané bakal dadi luwih bahagia. Terus, kabèh sing ana ing jemaat ya bakal dadi luwih rukun. Sing paling penting, kuwi isa nyenengké atiné Yéhuwah. (WB. 27:11) Kuwi kabèh bener-bener isa nggawé awaké dhéwé puas lan bahagia.

LAGU 123 Setya Manut marang Gusti

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sebabé awaké dhéwé kudu manut karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug contoné Gubernur Néhémia, Raja Daud, lan Maria ibuké Yésus. Contoné wong-wong kuwi isa ditiru karo wong-wong sing nduwé wewenang, yaiku para pinituwa, para bapak, lan para ibu.

^ par. 7 Ana jeneng-jenenng artikelng dudu jeneng asliné.

^ par. 61 GAMBAR: Salah siji pinituwa lagi nyambut gawé bareng karo anaké lanang ing Balé Ibadah, kaya mbiyèn Néhémia ya mbantu pembangunan témbok Yérusalèm.

^ par. 63 GAMBAR: Bapak iki lagi ndonga bareng karo keluargané.

^ par. 65 GAMBAR: Bocah lanang iki dolanan game terus lan ora nggarap tugasé. Ibuké ngandhani bocah kuwi nganggo cara sing apik lan ora karo nesu-nesu, senajan lagi kesel awaké.