Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 39

”Aku Ndelok Ana Kumpulan Gedhé Wong Akèh”

”Aku Ndelok Ana Kumpulan Gedhé Wong Akèh”

”Aku ndelok ana kumpulan gedhé wong akèh sing cacahé ora isa diétung . . . ngadeg ing ngarepé tahta lan ing ngarepé Cempé kuwi.”​—WHY. 7:9.

LAGU 60 Urip Langgeng kanggo Kabèh sing Nampa

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing dirasakké karo Rasul Yohanes lan apa sebabé?

RASUL YOHANES tau ngalami keadaan sing nggawé sedhih banget. Wektu kuwi, kira-kira taun 95 M, dhèwèké lagi ditahan ing Pulau Patmos. Para rasul liyané kétoké wis mati lan Yohanes dhéwé ya wis tuwa. (Why. 1:9) Terus, ana wong-wong murtad sing nyebarké ajaran palsu lan nggawé para sedulur ing jemaat dadi ora rukun manèh. Isa waé Yohanes mikir nèk wong Kristen sing sejati ora bakal ana manèh.​—Yud. 4; Why. 2:15, 20; 3:1, 17.

Rasul Yohanes ndelok ana ”kumpulan gedhé” wong sing nganggo jubah putih lan nggawa godhong palem (Deloken paragraf 2)

2. Kaya sing disebutké ing Wahyu 7:9-14, Yohanes isa ndelok apa? (Deloken gambar ing halaman 1.)

2 Wektu ngadhepi situasi kuwi, Yohanes nampa wahyu saka Yéhuwah sing ngramalké soal apa sing bakal kelakon sukmbèn. Yohanes ndelok ana malaékat-malaékat sing dikongkon nahan sengsara gedhé, sing digambarké kaya angin, nganti kabèh wong sing dadi budhaké Gusti Allah diwènèhi meterai. (Why. 7:1-3) Sing dadi bagéan saka kelompok budhak kuwi yaiku wong-wong sing dipilih kanggo mréntah ing swarga bareng karo Yésus, sing jumlahé 144.000. (Luk. 12:32; Why. 7:4) Terus, Yohanes ya nyebutké kelompok liya. Yohanes kandha, ”Sakwisé kuwi, aku ndelok ana kumpulan gedhé wong akèh sing cacahé ora isa diétung. Wong-wong kuwi asalé saka kabèh bangsa, suku, golongan, lan basa. Wong-wong kuwi nganggo jubah putih lan ngadeg ing ngarepé tahta lan ing ngarepé Cempé kuwi.” (Wacanen Wahyu 7:9-14.) Yohanes mesthi seneng banget merga ngerti nèk sukmbèn bakal tetep ana akèh wong sing nyembah Yéhuwah.

3. (a) Apa sebabé awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké nèk sinau soal wahyu sing ditampa Yohanes? (b) Apa sing bakal awaké dhéwé sinaoni ing artikel iki?

3 Yohanes mesthi ngrasa dikuwatké sakwisé ndelok wahyu kuwi. Awaké dhéwé ya isa ngrasa dikuwatké merga ramalan kuwi kelakon ing jaman saiki. Awaké dhéwé ndelok ana jutaan wong sing saiki nyembah Yéhuwah. Wong-wong kuwi nduwé harapan kanggo dislametké saka sengsara gedhé lan isa urip saklawasé ing bumi. Ing artikel iki bakal dicritakké nèk luwih saka 80 taun kepungkur umaté Yéhuwah wis ngerti sapa sing dimaksud kumpulan gedhé kuwi. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug nèk wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé kuwi jumlahé akèh banget lan asalé saka akèh bangsa. Artikel iki isa nguwatké imané wong-wong sing isa dadi bagéan saka kumpulan gedhé kuwi.

KUMPULAN GEDHÉ MANGGON ING ENDI?

4. Apa sing diajarké karo Gréja-Gréja Kristen, lan apa bédané gréja-gréja kuwi karo Siswa-Siswa Alkitab?

4 Alkitab ngandhani nèk wong-wong sing manut karo Yéhuwah bakal urip saklawasé ing bumi. Ning, Gréja-Gréja Kristen ora ngajarké sing padha kaya Alkitab. (2 Kor. 4:3, 4) Akèh gréja sing mulang nèk wong sing apik bakal munggah swarga wektu mati. Ning, ana wong-wong sing nggawé kelompok, sing disebut Siswa-Siswa Alkitab, * sing nerbitké majalah Watch Tower ing taun 1879. Wong-wong kuwi ngerti nèk Gusti Allah bakal nggawé bumi dadi Firdaus manèh lan jutaan wong sing manut bakal urip saklawasé ing bumi, dudu ing swarga. Ning, wektu kuwi Siswa-Siswa Alkitab durung langsung ngerti soal sapa waé sing isa urip saklawasé ing bumi.​—Mat. 6:10.

5. Apa sing dingertèni Siswa-Siswa Alkitab soal wong-wong sing jumlahé 144.000?

5 Siswa-Siswa Alkitab ya wis ngerti saka Alkitab nèk ana wong-wong sing ”dituku saka bumi” sing bakal mréntah bareng karo Yésus ing swarga. (Why. 14:3) Wektu isih urip ing bumi, wong-wong sing jumlahé 144.000 kuwi bener-bener manut lan setya ngabdi marang Yéhuwah. Terus, apa sing dingertèni karo Siswa-Siswa Alkitab wektu kuwi soal kumpulan gedhé?

6. Apa sing wektu kuwi dingertèni Siswa-Siswa Alkitab soal kumpulan gedhé?

6 Wektu nampa wahyu saka Yéhuwah, Yohanes isa ndelok nèk kumpulan gedhé kuwi ”ngadeg ing ngarepé tahta lan ing ngarepé Cempé”. (Why. 7:9) Wektu maca kuwi, Siswa-Siswa Alkitab nggawé kesimpulan nèk kumpulan gedhé ya bakal manggon ing swarga kaya 144.000. Nèk ngono, apa bédané kumpulan gedhé karo 144.000? Siswa-Siswa Alkitab mikir nèk kumpulan gedhé kuwi isiné wong-wong Kristen sing ora bener-bener manut karo Yéhuwah wektu ing bumi. Wong-wong kuwi mungkin ngupaya kanggo manut karo pathokané Alkitab, ning isih dadi bagéan saka Gréja-Gréja Kristen. Dadi, nurut Siswa-Siswa Alkitab, wong-wong kuwi ya nresnani Gusti Allah, ning ora cocog kanggo dadi raja bareng karo Yésus ing swarga. Mula, kumpulan gedhé kuwi mung isa ngadeg ing ngarepé tahta ing swarga, ora isa lungguh ing tahta kuwi.

7. Nurut Siswa-Siswa Alkitab, sapa sing bakal manggon ing bumi pas Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, lan apa sing dingertèni soal para abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn?

7 Lha terus, sapa sing bakal manggon ing bumi? Siswa-Siswa Alkitab mauné percaya nèk sakwisé 144.000 lan kumpulan gedhé diklumpukké ing swarga, ana jutaan wong liyané sing bakal manggon ing bumi lan éntuk berkah saka Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus. Siswa-Siswa Alkitab nganggep nèk jutaan wong kuwi bakal diwulang karo Yéhuwah pas Pamréntahan Sèwu Taun. Dadi, wong-wong kuwi durung dadi umaté Yéhuwah sakdurungé Pamréntahan Sèwu Taun. Bar kuwi, wong-wong sing manut karo Yéhuwah bakal dikèki urip langgeng, ning wong-wong sing tetep ora gelem manut bakal disirnakké. Siswa-Siswa Alkitab mauné ya percaya nèk ana wong-wong sing bakal dadi para ”pangageng” ing bumi. Terus, ana manèh para abdiné Yéhuwah sing wis mati sakdurungé jamané Yésus. Wong-wong kuwi bakal diuripké manèh ing bumi lan ya ana sing bakal dadi para ”pangageng”. Para ”pangageng” kuwi bakal urip ing swarga sakwisé Pamréntahan Sèwu Taun rampung.​—Ms. 45:17.

8. Ana telung kelompok apa waé sing dingertèni karo Siswa-Siswa Alkitab wektu kuwi?

8 Dadi, wektu kuwi Siswa-Siswa Alkitab nganggep nèk ana telung kelompok, yaiku: (1) wong-wong sing bakal mréntah ing swarga bareng karo Yésus, sing jumlahé 144.000; (2) kumpulan gedhé wong-wong Kristen sing bakal ngadeg ing ngarepé tahtané Yésus ing swarga; lan (3) jutaan wong sing bakal diwulang karo Yéhuwah ing bumi pas Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus. * Ning, Yéhuwah terus mbantu Siswa-Siswa Alkitab nganti akhiré éntuk katrangan sing luwih jelas.​—WB. 4:18.

KATRANGAN SING SAYA JELAS

Akèh wong sing nduwé harapan urip ing bumi dibaptis ing kebaktian taun 1935 (Deloken paragraf 9)

9. (a) Piyé carané kumpulan gedhé isa ngadeg ”ing ngarepé tahta lan ing ngarepé Cempé”? (b) Apa sebabé katrangan iki masuk akal?

9 Ing taun 1935, Seksi-Seksi Yéhuwah mulai ngerti nèk kumpulan gedhé kuwi ora manggon ing swarga. Yohanes pancèn nyebutké nèk wong-wong kuwi ngadeg ”ing ngarepé tahta lan ing ngarepé Cempé”. Ning, istilah ”ing ngarepé” kuwi ora berarti bener-bener ana ing swarga. Kumpulan gedhé kuwi isa ngadeg ”ing ngarepé tahta” nèk ngakoni wewenangé Yéhuwah lan manut karo pamréntahané. (Yé. 66:1) Terus, kumpulan gedhé ya isa ngadeg ”ing ngarepé Cempé” nèk nduduhké imané marang korban tebusané Yésus. Katrangan sing saya jelas iki masuk akal. Kuwi mèh padha kaya Matius 25:31, 32 sing nyebutké nèk ”kabèh bangsa”, termasuk wong-wong sing jahat, padha ”diklumpukké ing ngarepé” Yésus sing wis dadi Raja. Kabèh bangsa kuwi mesthiné diklumpukké ing bumi, dudu ing swarga. Dadi, saiki awaké dhéwé isa ngerti kenapa Alkitab ora tau nyebutké nèk kumpulan gedhé bakal munggah swarga. Sing bakal munggah swarga mung 144.000 wong sing bakal ”mréntah dadi raja tumrap bumi” bareng karo Yésus.​—Why. 5:10.

10. Apa sebabé kumpulan gedhé kudu diajari pathokan-pathokané Yéhuwah sakdurungé Pamréntahan Sèwu Taun dimulai?

10 Dadi, kèt taun 1935 Seksi-Seksi Yéhuwah wis ngerti nèk sing dimaksud kumpulan gedhé yaiku wong-wong Kristen sing setya lan nduwé harapan urip saklawasé ing bumi. Bèn isa slamet ngliwati sengsara gedhé, wong-wong kuwi kudu diajari pathokan-pathokané Yéhuwah lan dadi umaté sakdurungé Pamréntahan Sèwu Taun dimulai. Wong-wong kuwi kudu mbuktèkké imané bèn isa ”slamet saka kabèh sing kudu kelakon kuwi”.​—Luk. 21:34-36.

11. Apa sebabé ana sing mikir nèk ora kabèh wong sing setya ing jaman mbiyèn bakal diangkat munggah swarga sakwisé Pamréntahan Sèwu Taun rampung?

11 Ning, mau ya disebutké nèk ora kabèh wong sing setya ing jaman mbiyèn bakal diangkat munggah swarga sakwisé Pamréntahan Sèwu Taun rampung. Katrangan kuwi ana ing majalah The Watch Tower 15 Februari 1913. Wektu kuwi, mungkin ana sing mikir, ’Kenapa ana abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn sing mung éntuk harapan urip ing bumi, padahal wong-wong Kristen sing ora bener-bener manut malah urip ing swarga.’ Wong-wong isa mikir kaya ngono merga nduwé pemahaman sing salah. Sing pertama, wong-wong kuwi mikir nèk kumpulan gedhé bakal manggon ing swarga. Sing keloro, wong-wong kuwi mikir nèk sing dimaksud kumpulan gedhé kuwi yaiku wong-wong Kristen sing ora bener-bener manut karo Yéhuwah.

12-13. Apa sing dingertèni karo wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé lan 144.000 soal harapan urip saklawasé?

12 Dadi, kèt taun 1935 Seksi-Seksi Yéhuwah wis ngerti nèk kumpulan gedhé sing didelok Yohanes kuwi yaiku wong-wong sing slamet ngliwati Armagédon. Wong-wong kuwi bakal ”slamet ngliwati sengsara gedhé” sing kelakon ing bumi. Alkitab kandha, ”Wong-wong kuwi terus mbengok nganggo swara seru, ’Aku kabèh nampa keslametan saka Gusti Allahku sing lungguh ing tahta, lan saka Sang Cempé.’” (Why. 7:10, 14) Alkitab ya kandha nèk wong-wong sing diuripké manèh ing swarga nampa ”perkara sing luwih apik” ketimbang para abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn. (Ibr. 11:40) Ing taun 1935 kuwi, para sedulur mulai semangat nginjil kanggo ngundang wong-wong bèn padha nyembah Yéhuwah lan isa éntuk harapan urip saklawasé ing bumi.

13 Kumpulan gedhé wong-wong kuwi mesthi seneng banget merga nduwé harapan urip saklawasé ing bumi. Sing nduwé hak kanggo nemtokké sapa sing bakal manggon ing swarga lan ing bumi kuwi mung Yéhuwah. Wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé lan 144.000 ngerti nèk harapan urip ing swarga lan ing bumi kuwi isa ana merga welas asihé Yéhuwah sing nyata wektu ngorbanké Yésus kanggo dadi tebusan.​—Rm. 3:24.

JUMLAHÉ AKÈH BANGET

14. Apa sebabé ana sing ora yakin nèk jumlahé wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé kuwi bakal akèh banget?

14 Sakwisé éntuk katrangan sing luwih jelas ing taun 1935, ana sing isih ora yakin nèk jumlahé wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé kuwi bakal akèh banget. Contoné, Ronald Parkin, sing umuré 12 taun pas katrangan soal kumpulan gedhé kuwi diumumké, crita, ”Wektu kuwi, mung ana 56.000 penginjil ing sakdonya lan akèh-akèhé dadi bagéan saka wong-wong sing dipilih munggah swarga. Dadi, kétoké sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé ora pati akèh.”

15. Critakna apa waé sing kelakon nganti jumlahé kumpulan gedhé isa dadi saya akèh.

15 Ning, sakwisé taun 1935, ana akèh utusan injil sing ditugaské menyang akèh negara. Hasilé, jumlahé Seksi Yéhuwah dadi saya akèh. Terus, ing taun 1968, buku Kebenaran yang Membimbing kepada Hidup yang Kekal mulai digunakké kanggo sinau Alkitab. Wong-wong isa dibantu kanggo ngerti wulangan sing bener saka Alkitab merga katrangan ing buku kuwi gampang dingertèni. Patang taun sakwisé kuwi, ana luwih saka 500.000 wong sing dibaptis. Sakliyané kuwi, Gréja Katolik ing Amerika Latin lan negara-negara liyané wis ora pati kuwat pengaruhé kanggo wong-wong. Terus, gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah ing Eropa Timur lan pirang-pirang negara ing Afrika ya wis ora dilarang manèh. Hasilé, jumlahé wong-wong sing dibaptis dadi saya akèh. (Yé. 60:22) Nganti saiki, organisasiné Yéhuwah ya terus nyedhiakké akèh publikasi kanggo mulang wong-wong bèn padha ngerti soal isiné Alkitab. Hasilé, wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé dadi saya akèh lan saiki jumlahé wis luwih saka wolung juta.

ASALÉ SAKA AKÈH BANGSA

16. Kumpulan gedhé kuwi asalé saka ngendi?

16 Sakwisé nampa wahyu, Yohanes nulis nèk kumpulan gedhé kuwi asalé ”saka kabèh bangsa, suku, golongan, lan basa”. Mbiyèn, Nabi Zakharia ya tau ngramalké, ”Ing wektu iku ana wong sapuluh panunggalané para bangsa lan basa warna-warna, padha nggondhèli pojoking jubahé wong Yahudi siji kalawan kenceng sarta ngucap: Kula sami badhé tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil déning Gusti Allah!”​—Za. 8:23.

17. Apa sing ditindakké Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo mbantu wong-wong saka kabèh bangsa lan basa?

17 Seksi-Seksi Yéhuwah ngerti nèk kabar apik kudu diwartakké ing akèh basa bèn wong-wong saka kabèh bangsa isa diklumpukké. Awaké dhéwé wis nerjemahké bahan-bahan kanggo sinau Alkitab nganti 130 taun luwih. Malah, saiki publikasi-publikasi kuwi wis diterjemahké nganti luwih saka 900 basa. Hasilé, ana akèh banget wong saka kabèh bangsa sing isa diklumpukké. Kuwi kabèh kaya mukjijat saka Yéhuwah. Merga bahan sinauné diterjemahké ing akèh basa, kabèh umaté Yéhuwah isa ngibadah nganggo cara sing padha senajan manggon ing dhaérah sing béda-béda. Umaté Yéhuwah ya dikenal merga nduwé katresnan lan sregep nginjil. Kuwi kabèh mesthi bener-bener nguwatké imané awaké dhéwé.​—Mat. 24:14; Yoh. 13:35.

APA HUBUNGANÉ KARO AWAKÉ DHÉWÉ?

18. (a) Nurut Yésaya 46:10, 11, apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk ramalan Yéhuwah soal kumpulan gedhé kuwi mesthi bakal kelakon? (b) Apa sebabé wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi ora perlu rumangsa disepèlèkké?

18 Ramalané Yéhuwah soal kumpulan gedhé kuwi pancèn bener-bener nguwatké. Awaké dhéwé isa yakin nèk ramalan kuwi mesthi bakal kelakon nganggo cara sing luar biasa. (Wacanen Yésaya 46:10, 11.) Wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé mesthi bersyukur merga éntuk harapan sing nyenengké saka Yéhuwah. Wong-wong kuwi ora rumangsa disepèlèkké senajan ora dipilih kanggo mréntah ing swarga bareng karo Yésus. Ing Alkitab ya dicritakké ana akèh wong ing jaman mbiyèn sing imané kuwat lan urip manut tuntunané roh suci, ning ora dadi bagéan saka 144.000. Misalé, Yohanes Pembaptis lan Daud. (Mat. 11:11; Kis. 2:34) Wong-wong kuwi sukmbèn bakal diuripké manèh bareng karo akèh wong liyané ing bumi firdaus. Wong-wong sing diuripké manèh kuwi lan kumpulan gedhé bakal nduwé kesempatan kanggo mbuktèkké nèk wong-wong kuwi setya marang Yéhuwah lan ndhukung pamréntahané.

19. Nèk wis ngerti soal kumpulan gedhé sing didelok Yohanes, apa sing kuduné awaké dhéwé tindakké saiki?

19 Sakdurungé, Yéhuwah durung tau nglumpukké jutaan wong saka kabèh bangsa kaya saiki. Kabèh umaté Yéhuwah, sing nduwé harapan ing swarga utawa ing bumi, nduwé tugas kanggo mbantu sak akèh-akèhé wong bèn padha dadi bagéan saka kumpulan gedhé ”wedhus-wedhus liya”. (Yoh. 10:16) Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal nyirnakké pamréntahané manungsa lan agama palsu sing wis nggawé manungsa sengsara. Awaké dhéwé mesthi seneng banget nèk isa dadi bagéan saka kumpulan gedhé wong-wong sing bakal nyembah Yéhuwah nganti saklawasé.​—Why. 7:14.

LAGU 139 Bayangna Kabèh Dadi Anyar

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug wahyu sing ditampa Yohanes, sing ngramalké soal ”kumpulan gedhé”. Artikel iki bakal nguwatké wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé.

^ par. 4 Saiki disebut Seksi-Seksi Yéhuwah.

^ par. 8 Deloken buku Saksi-Saksi Yehuwa—Pemberita Kerajaan Allah ing halaman 159-163.